(04)
-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Saminah karo Giyem bareng ngerti juragane rada kaca-kaca mripate, dadi padha thukul rasa welase. Ya ora maido, jenenge wong omah-omah, sanadyan ketunggon bandha, tegal sawah sing jembar lan amba, omah gedhe jejer- jejer endah lan katon sentosa, Kebo Sapi lan rajakaya liyane sing pirang-pirang kandhang, pengin opor, bebek kari nyekel, kepengin panggang, ayam wis cumawis, gurameh lan mujaer neng blumbange ngrembaka pirang-pirang. Nanging, nek durung duwe turun, tetep isih krasa kurang. Ya ngono kuwi isen-isene donya, ana sing saben dina sambat ngaruara bingung olehe arep nyukupi butuhe anak, nanging ya ana sing saben bengi netesne luh, nangisi olehe durung duwe momongan.
Lagi wae, Giyem karo Saminah krungu, yen juragane kepengin mupu Hajir, anake Marti tinggalane Taslim sing arep disewoni suk Kemis Legi. Pawadane arep kanggo srana dadia pancingan supaya Sihmirah enggal bisa ngandheg lan kaparingan momongan. Kuwi jan aran lumrah, malah lumrah banget.Upama ora kanggo srana lantaran, upama wong kecukupan kuwi mupu Hajir ngono akeh senenge, bocahe bagus, resik, thipluk-thipluk nggemesake. Nanging mau, Sihmirahuga kandha nek arep nembung marang Marti, Sihmirah maju mundur, gek wani gek ora, merga Hajir kuwi ora duwe tunggal, anake Marti ya mung Hajir kuwi thok.
"Nggih ngeten mawon Gan" alon Saminah aweh rerigen marang juragane "tiyang niku damel sarat mawon kok, betahe Si Hajir dipundhut dados anak pupon, niku pocapane, nek dalu kersane tilem teng griya mriki, nek siang nggih kersane dolan, rak nggih boten tebih kalih emake, sing baku Hajir niku nek ngaturi panjenengan Ibu, nama Simbok lha nek ngaturi Juragan Kakung nggih Bapak, ngoten mawon. Lajeng kabetahane Hajir sedaya dados tanggel jawabe Juragan. Pripun nek ngoten? Nek Juragane mathuk, mengke sing nembung teng Marti tak kula dhewe".
Polatane Sihmirah dadi katon bingar krungu rerigen sing dikandhakne Saminah ngono kuwi. Bener kandhane wong biyen, Saminah neng omah kono kuwi kalebu Batur, sing jarene saka tembung embat-embataning tutur. Pranyata bener, Saminah kuwi kajaba saben dina tansah aweh bebantu nyangga bot-repoting gaweyan ing omahe Sihmirah, uga iki mau lagi aweh tutur sing becik marang juragane.
"Mathuk Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "coba mengko utawa sesuk Marti kandhanana perkara iki, nek Marti oleh mesthine aku ya seneng, nanging upama ora oleh, aku ya ora arep meksa".
Olehe padha rembugan antarane Juragan karo rewange kuwi meneng, Marti wis mlebu omah pawon maneh, olehe nggawa mulih beras wis rampung. Marti ya banjur nyandhak gaweyan sing mau ditinggal, nresiki ngresiki lan nguntili Brambang sing arep ditarang, ben ora gampang bosok. Pancen Kadirin kuwi kajaba nandur pari, uga seneng nandur palawija, klebu seneng nenandur tunggalane Brambang. Mangsa iki olehe nandur Brambang Kadirin ana setengah bahu, dadi kajaba disimpen dienggo cadhangan bumbu, uga akeh sing didol menyang bakul-bakul pracangan neng pasar. Karo nandangi gaweyan, Sihmirah sing uga melu nandangi gaweyan sing dicandhak rewang-rewange, ora leren-leren nggone ngandhani Marti olehe arep repot nyewu bojone suk kemis kuwi. Jalaran najan umur-umurane Marti kuwi luwih tuwa, nanging ing babagan ngadhepi gaweyan tunggalane slametan nyewu ngono kuwi, Sihmirah luwih menang ing pengalaman. Sakecap rong kecap, Saminah sing uga wis kulina nindakne gaweyan nylameti wong sing wis ora ana ngono kuwi, melu udhu urun rembug marang Marti. Kabeh pitutur ditampa dening Marti kanthi seneng, merga kabeh padha nuduhne rasa tresnane marang dheweke. Luwih-luwih Sihmirah sing uga juragane kuwi, ora mung urun rerigen nanging uga urun meh kabeh uba rampe sing arep kanggo selametan.
Lagi enak-enak ketungkul nandangi gaweyan sinambi rembugan, Hajir anake lanang Marti mara nyedhaki emake. Gageyan, Marti nakoni anake lanang sing lagi teka kuwi :
"Lho sekolahe apa wis bali ta Le? Kok wis nusul Mak-e mrene ki?".
"Uwis Mak" wangsulane Hajir "mau klambi karo kanthoke tak canthelne nang cagak sedhak amben, njur aku salin iki".
"Ya wis, kana gek ndang dolan kana nanging aja adoh-adoh" kandhane Marti sabanjure.
"Anu, aku arep nang tegal mburi" kandhane Hajir mangsuli pakone Make.
"Tegal mburi ngendi? Arep ngapa?" Marti takon, ora kulinane Hajir dolanan menyang tegalan.
"Anu, arep nusul Juragan Dirin" Hajir wangsulan "wingi aku dikandhani, jare arep diwarahi carane nandur Gembili neng pinggir pager satru mburi omah".
"Hajir Cah pinter......" dumadakan Sihmirah ngundang Hajir banter kanthi suwara alus.
"Nun, nggih Gan?" Hajir wangsulan karo nyawang Sihmirah.
"Tak kandhani ya? saiki Juragan Dirin isih endhang-endhang sawah, olehe arep nandur Gembili mengko sore".
"eeeeng......." Hajir nyengir, lucu.
"Wis, kene nyedhak kene, tak kandhani!" Sihmkirah kandha maneh. Hajir nyedhak banjur mapan lungguh neng ngarepe Sihmirah, nyadhong prentah.
"Hajir ki rak ngerti ta? Nek Pak Kadirin karo Bu Sihmirah ki sayang banget nek karo Hajir?" pitakone Sihmirah sawise Hajir lungguh neng sandhinge.
"Eng.... enggih, ngertos Gan" wangsulane Hajir.
"Naah, saiki hajir sayang pa gak nek karo Pak Kadirin lan Bu Sihmirah?" Sihmirah takon maneh.
"Eng, enggih, sayang, sayang banget"
"Tenan?"
"Enggih, tenan" Hajir wangsulan serius.
"Nah, nek sayang tenan, Hajir kudu nurut karo Bu Sihmirah, gelem apa ora?" Sihmirah nakoni maneh.
"nggih, purun" wangsulane Hajir.
"Nek wis nurut, saiki coba Hajir ngrungokne Bi Sihmirah arep ndhawuhi Hajir".
"nggih".
"Wiwit saiki, Hajir nek ngaturi Pak Kadirin ora pareng nganggo sebutan Juragan Dirin maneh, ngerti?"
"Boten" wangsulane Hajir polos "kula boten ngertos nek ngaturi pripun?".
"Hajir nek ngaturi saiki malih dadi Bapak, sepisan maneh Bapak. Ngerti?".
"nGgih ngertos, Bapak Kadirin" wangsulane Hajir.
"Ora perlu nganggo Kadirin, cukup Bapak ngono wae, piye?".
"Nggih, Bapak"
"Pinter" kandhane Sihmirah karo mesem, tangane dielus-elusne neng sirahe Hajir, kebak rasa asih "saiki genti, nek ngaturi Bu Sihmirah, malih Ibu, piye?".
"nGGih, Ibu"
"Pinter tenan" kandhane Sihmirah sabanjure "suk Minggu sekolahe rak prei ta?".
"nggih"
"Lha nek prei, suk Minggu Hajir ndherek Bapak karo Ibu tindak menyang Pasar Kedunggalar, mengko Hajir dipundhutne Kathok karo Klambi anyar, Hajir purun napa boten ?" kandhane Sihmirah nari Hajir.
"nGgih purun" wangsulane Hajir ketok seneng.
"Wis kana, saiki dolan dhisik kana, nanging aja adoh-adoh lho ya?"
"Nggih Ibu" wangsulane Hajir banjur mlaku metu menyang latar.
"Ngene lho Make Hajir" kandhane Sihmirah marang Marti sawuse Hajir ngalih "pas awakmu mulih sedhela mau, aku rak rembugan karo yu Saminah nek kepengin njaluk tulung awakmu".
"Ajeng nedhi tulung napa ta Gan? kok kepireng ngedheg-edhegi niku?" Marti takon karo mesem.
"Tulungana aku ben enggal bisa duwe momongan" wangsulane Sihmirah suwrane wis lancar " dene sranane lilanana aku melu momong lan ndhaku anakmu si Hajir kaya dene anakku dhewe, cara jawane bisaa Hajir kuwi dadi lantaran aku oleh nugrahaning Gusti kaparingan momongan. Mau aku arep nembung dhewe jane ora wani, banjur arep ditembungne karo Yu Saminah, nanging bareng aku kepethuk hajir dhewe, aku dadi wani nembung. Piye Mar?".
"Inggih, juragane" Marti wangsulan kanthi senenging ati "mangga, menawi punika ingkang dipun kersakaken kula namung ndherek mawon".
ANA CANDHAKE.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar