5.
-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Dina slametan sewu dinane Taslim wis teka, kajaba direwangi Saminah karo Giyem, jebul isih akeh sing padha teka melu rewang. Merga ora sida karo sing direncanakne Marti sing mung arep climen, nanging dadi rada gedhen kaya lumrahe wong kono nek ngenekne slametan sewu dinanan. Wedhus berok gedhe, ingon-ingone Apan sida dituku Kadirin tenan, disembeleh kanggo lawuh selametan. Isih ditambah daging tukon neng nggone jagal Bu Siti olehe pesen Sihmirah. Blanja kanggo sing diolah kabeh sing mblanjakne ya Sihmirah lan sing nyukupi ya Sihmirah dhewe. Uba rampe kanggo santri-santri sing padha dijaluki tulung ngaji karo tahlil sing kanggo wasilah nyuwunake pangapura dosa-dosane Taslim, kabeh dicukupi dening Kadirin. Marti kena diarani mung kanggonan thok, wong klasa-klasa lan piranti liyane sing nyepak-nyepakne ya Apan, awit prentahe Kadirin. Cekake, bengi malem sewwunan kuwi, kabeh rumangsa seneng lan marem, sing ngundang ya marem sing diundang ya seneng.
Let rong dina sawuse slametan sewu dinane Taslim neng nggone Marti, genti Juragan Kadirin sing ngenekne slametan sukuran. Nyukuri olehe wis oleh palilah saka Marti, Juragan Kadirin lan Sihmirah oleh melu ndhaku lan momong Hajir dadi anake. Dina Sabtu awan, bubar luhur bocah-bocah cilik, wiwit sing lagi bisa mlaku nganti bocah kelas papat SD diklumpukne neng omahe Kadirin. Diajak slametan lan mangan-mangan, neng kono dicawisi jajanan, panganan lan omben neka-neka, bocah-bocah sing ana kono dikon njupuk sasenenge. Sawise rampung, baline bocah-bocah kuwi padha disangoni dhuwit sing cukup dienggo sangu sekolah telung dina. Bengine, dianakne slametan maneh, sing diundang wong - wong sing wis diwasa, kaya lumrahe wong slametan. Bubar ngisak banjur digelar seni Kentrung Jedhor, nganti tekan meh esuk. Kadirin, Sihmirah, Marti padha ketok seneng atine. Hajir uga seneng-seneng wae, saiki wong tuwane dadi telu, Make, Ibune karo Bapake.
Sedina rong dina ditinggal Hajir turu neng omahe Juragane, atine Marti krasa sepi. Nanging bareng wis oleh sepasar, iya banjur wis dadi biasa. Hajir ya ngono, wiwitane urip awor saomah karo Juragan Kadirin rasane ora pati kepenak, nanging bareng wis sansaya suwe iya dadi sansaya mapan. Luwih-luwih dening Kadirin lan Sihmirah, Hajir kaya diuja, apa sing dipengini ajeg bisa kasembadan. Meruhi sing ngono kuwi, batine Marti dadi ora kepenak, Marti ngerti bocah kuwi yen sarwa diuja, sok dadi lan ora becike. Mula nek wayah awan pas bisa ketemu karo Hajir, Marti ora tau bosen tansah ngelingake anake, murih ora dadi bocah sing ugungan. Sajake, Hajir ya ngerti karo apa sing dadi pituture Make. Mulane nadyan sarwa diugung nanging Hajir tetep ora dadi bocah sing lumuh, malah kepara kerep wae njaluk marang Bapak-e angkat supaya diwarahi carane nyambut gawe, kaya carane nenandur apa ta apa ing pategalan lan carane nyambut gawe neng sawah, mesthi wae kabeh dijumbuhne karo kekuwatane Hajir sing isih bocah, bakune bocah kuwi ora dadi bocah sing ora doyan gawe. Kanthi seneng Kadirin ya nuruti apa sing dijalukne warah anake angkat kuwi. Kadirin duwe gagasan bocah kuwi mbesuk bisaa nutugne panggaweyane ing ulah tetanen, kaya dheweke biyen sing uga nutugne pagaweyane wong tuwane.
"Lha tanduranmu gembili neng pager satru mburi omah kae isih sok mbok delok apa ora Le?" pitakone Kadirin marang Hajir ing sawijining dina.
"Ben dina kula delok Pak" wangsulane Hajir mongkog "nek enten sukete nggih kula buwangi kok".
"Pinter kowe Le" kandhane Kadirin karo mesem seneng "Gembili kae, jinise Gembili tahun, nek ngundhuh owohe ora perlu dijabut, cukup dikupuk wohe wae, kakine ben wae urip dadi ora perlu golek winih anyar".
Sanajan ora pati mudheng karepe, Hajir ya mung manthuk karo ngenggihi apa sing dikandhakne Bapake Angkat kuwi.
Mundhak dina, katresnane Sihmirah marang Hajir sansaya mundhak gedhe, luwih-luwih bareng panyuwune Sihmirah dikabulne dening sing kuwasa. Sihmirah klakon bisa ngandheg. Kabeh wong padha ngarani nek olehe ngandheg Sihmirah kuwi merga anggone wis mupu anak Hajir lan olehe ngrengkuh ya kanthi becik. Ora mung marang Hajir wae Sihmirah lan Kadirin rumangsa ditulung, nanging uga marang Marti sing uga wis nglilakne anake dipupu. Sesambungan antarane Sihmirah lan Marti, sing tata gelare sesambungan antarane Juragan karo rewang, malih dadi ngungkuli sesambungane sedulur tunggal bapa biyung. Uripe Marti uga dadi malih luwih tumata, wong ora ngopeni sapa-sapa kajaba mung ngopenei awake dhewe. Asil olehe dadi rewang neng nggone Juragane prasasat utuh, wong kabeh kebutuhan saben dinane wis nunut dadi tanggungane juragane. Marti ya wiwit bisa nyandhang patut, kober pupuran lan macak kaya lumrahe wong wedok. Mula mundhak dina, Marti ora mundhak katon tuwa, nanging mundhak katon pamore. Marti saiki mbalik dadi kaya biyen, wong ayu sing bisa gawe getering atine wong lanang sing kabeneran nyawang. Akeh sing padha ngrasani lan ngrembug Marti sing saiki dadi sansaya ayu lan mencutake.
"Randhane Taslim ki bareng Taslim wis entek slametane, rumangsaku kok malih dadi sansaya ayu ya Din?" kandhane Sugik marang Lamidin pas wong loro kuwi lungguhan neng cakruk parondhan.
"Lha lehmu weruh dhek apan lho Kang?" Lamidin mangsuli karo genti nakoni Sugik.
"Mau, pas aku nyang nggone Juragan Kadirin arep nempil gabah winih ngge suk walikan, mau kepethuk Marti neng kana" wangsulane Sugik "jan rumangsaku ketok nek ayu tenan ngana kae".
"Pancen ya bener kok Kang" kandhane Lamidin numpangi rembuge Sugik "Marti kae, rumangsaku nek karo prawan-prawan lumrah ngono , ora bakal kalah kok".
"Sing gak kalah ki apane?" Sugik takon.
"Ora kalah olehe mencutake" wangsulane Lamidin karo ngguyu "upama mbokne ndhewor ki gelem diwayuh ngono aku ya gelem kok nek kon ngepek Marti dadi mBok nom".
"Wandamu kuwi Din" wangsulane Sugik anyel "mbok sapa wae ya mesthi gelem".
Rembugan omongan mbako ngono kuwi, kerep wae dadi bahan jagongan wong lanang neng ngendi-endi, ya sing isih Jaka, wis dhudha uga wong sing wis duwe anak bojo. Nanging najan sruwing-sruwing ana sing wadul marang Marti, Marti babar pisan ora nggatekne. Sanajan sok-sok ing atine ana rasa kepengin omah-omah maneh, nanging Marti ngrumangsani, uripe jinejer dadi wong wadon ndelalah ya wis lola pisan, tanpa sanak tanpa sedulur, dadi sanajan kepengin omah-omah maneh, nanging bisane ya mung nunggu. mBok menawa ana wong sing teka lan nakokne dheweke. Lan ndelalah, nalika Marti nyoba ngeling-eling wong lanang sing kabeneran wis dhudha sing ana Dhukuh Sendangreja kono, Marti durung bisa meruhi nek ana dhudha sing nocogi atine.
Nalika kuwi, olehe ngandheg Sihmirah wis meh nyedhaki tekan leke. Ketang seneng lan bektine Marti marang Juragane, meh saben wektu Marti ora tau pisah karo Sihmirah. nJagani sawayah-wayah yen tenagane dibutuhake. Hajir sing uga ngerti nek ora suwe maneh Ibune arep nglahirne, uga melu seneng, bocah cilik kuwi pancen ya wis rada suwe kepengin duwe adhik kaya kanca-kancane ing padolanan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar