Total Tayangan Halaman

Jumat, 19 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (06)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kabar Sihmirah nglahirne neng Rumah Sakit kanthi cara operasi wis sumebar. Wong sa Sendhangrejo wis padha krungu kabeh (wektu kuwi, jenenge operasi isih dianggep sawijining perkara sing nggegirisi tumraping masyarakat, malah ora arang sing duwe pangira nek wis operasi ngono kuwi padha karo pangarep-arep bisa urip mung kari sethithik banget). Kadirin sing banget trisnanane marang bojo, wiwit Sihmirah mlebu Rumah Sakit, babar pisan ora kober ngurusi apa-apa kajaba ngurusi bojone sing satemene wis diurus dening dokter, bidan lan para perawat. Kabeh gaweyan omah dipasrahne marang para rewang lan sedulure sing cedhak. Apan, adhine Kadirin kajaba kudu ngurusi tanduran lan sawah, saben dina uga wira-wiri menyang Rumah Sakit, ngeterne apa sing di butuhne Kadirin sasawune nunggoni bojone. Kajaba saka iku Apan uga dadi juru warta tumrap sing ana omah, kepiye mungguh kahanane Sihmirah sajrone nglahirake iki.

 

"Piye kabar Juragane wedok Mah?" pitakone Marti marang Timah, bojone Apan, nalika Apan lan Timah lagi teka saka Rumah Sakit.

 

"Alhamdulillah wis sansaya apik Yu" wangsulane pripeane Sihmirah kuwi ngabarne kahanane sing lagi bubar operasi "bayine ketok ayu, kaya ibune, saiki isih diseleh neng openan, paling sepasar maneh Yu Sih karo bayine wis oleh balik".

 

"Ya sokur ta Mah nek ngono" Marti nanggapi wangsulane Timah "dadi sing neng omah kuwi ora tansah dheg-dhegan wae".

 

"Iya, jarene Yu Sih mau olehe nyepasari ora dipasne dinane Yu" kandhane Timah maneh "arep dislameti nek Yu Sih wis akas pisan, ning Kang Apan mau ya wis diprentah Kang Dirin kon golek wedhus sing gedhe-gedhe telu kok, arep disembeleh nek kanggo slametan sukurane si Jabang Bayi.  Karo nek kahanane terus apik, Kang Dirin sesuk ya arep tilik omah, sesuk esuk aku kon nggenteni ngancani Yu Sih".

 

"Iya" wangsulane Marti "kabeneran banget nek Juragan Dirin tilik omah, wong aku kon tunggu omah dhewe ngene iki sak jane ya rada kuwatir lho Mah".

 

"Kuwatir piye Yu? Nek bengi rak wong-wong Magersari padha jagongan neng emper ta? Mosok kowe neng jero wedi?" Timah nakoni Marti.

 

"Maune aku ya ora wedi Mah, nanging sakbubare kedadeyan awan mau, aku dadi ora tatag neng omah dhewe" Marti kandha karo praupan sing sajak isih nyimpen rasa kuwatir.

 

"Dhek awan? dhek awan ana apa Yu?" Timah takon, semu ora mudheng karo sing dikarepne Marti.

 

"St..aja banter-banter, iki wadi banget" Marti wangsulan karo bisik-bisik.

 

"Iya, ana apa ta? aku melu dheg-dhegan iki  lho" Timah takon maneh karo suwarane digawe klesak-klesik.

 

"Mau awan ki, bar awakmu karo Mas Apan budhal nyang Rumah Sakit mau, Mas Kamdi teka" Marti wangsulan, suwarane alon nanging cukup bisa dirungokne Timah.

 

"Mas Kamdi, Mase Yu Sih sing omahe Pudak kae ta?" Timah nyelani takon.

 

"He eh" wangsulane Marti, mripate wiwit ngetokne luh "maune ki ya ora ngapa-apa, nanging bareng ngerti nek neng omah ora ana wong liya, lha kok wonge arep ngajak aku tumindak sing ora bener ta Mah?. Bareng tak sauri nek ngono kuwi ora becik, lha kok aku malah digujer arep dipeksa nuruti karepe sing wis klebon setan kuwi ta Mah?. Mesthi wae aku ya polah, nanging aku rak ya kalah rosa ta?".

 

"Banjur piye Yu?" Timah takon selak kepengin ngerti wusanane.

 

"Meh wae, aku dirodhapeksa neng amben pawon" Wangsulane Marti "aku diweden-wedeni arep ditekak nek nganti aku mbengok, ndelalah kersaning Allah, pas aku wis mung bisa pasrah, Hajir teka saka mburi omah ngendhangi tandurane Gembili, karo celuk-celuk, jebul tekane Hajir kuwi karo kanca-kancane bocah papat mbuh bocah lima mau,  Mas Kamdi kaget, aku diculne saka gujerane, terus ethok-ethok takon korek arep dienggo nyumet udut, banjur Hajir tak kongkon ngancani aku, kanthi pawadan tak kon milihi gabah sing campur beras sing tak ler neng tampah".

 

"Lha Kamdi banjur piye?" Timah takon maneh.

 

"Bar nyumet udute, terus klithih-klithih ngalih, nyandhak sepedhane terus bablas lunga, embuh menyang ngendi parane".

 

"Kamdi kae jarene Kang Apan pancen wong mrusal kok, senengane ngabotohan dhadhu, kertu, adu jago ngono kuwi, ya wis kondhang seneng saba nggone wong-wong wedok nakal" Timah kandha alon-alon "nanging ya kuwi, wong tuwa lan sedulure klebu Yu Sih, padha ora percaya, ngertine Kamdi kuwi jare wong apik, wong nek pas tukaran karo bojone ngana kae, ajeg wong tuwa lan sedulure padha nyalahne sing wedok kok".

 

"Mula kuwi ta Mah, crita iki kanggo aku karo kowe wae, nek krungu juragane wedok, tan wurunga sing disalahne mengko rak ya aku ta?" 

 

"Iya Yu" wangsulane Timah "ya muga-muga wae, Kamdi ora mara mrene maneh".

 

Timah banjur pamitan arep bali, wektune pancen wis sore, wos nyedhaki surup srengenge. Hajir wis metu saka omah, bebetan sarung komplit sak kupluke. Hajir nyedhaki Make, ngajak salaman arep budhal menyang masjid, sembahyang maghrib diterusne karo sinau ngaji, nganti tekan ngisak. Marti ya banjur mlebu omah, cendhela-cendhela lan lawang-lawang butulan wiwit padha ditutup lan dikancing saka njero. Lampu-lampu panjeran uga wiwit diuripne . Sawuse keprungu adzan magfhrib Marti ya banjur sembahyang, dhewekan neng pasalatan nggone Juragane. Bubar sembahyang, banjur menyang pawon, nggodhog tela lan gawe wedang, kanggo wong-wong Magersari sing sasuwene Juragan Dirin nunggoni bojone neng Rumah Sakit padha dikongkon rondha lan melekan neng emper omahe.

 

Sawise mateng, tela diselehne neng wadhah tompo gedhe, banjur gawe wedang kopi dicong neng ceret gedhe, kira-kira isi lima las gelas luwih. Banjur dicawisne neng meja emper, karo gelas-gelas kosong. Mengko sing padha rondha wis padha ngerti dhewe yen tela karo kopi kuwi dicepakne kanggo dheweke.  mBarengi karo mulihe Hajir saka ngaji, sing padha rondha wis padha teka, ora akeh mung Apan, Jono, Blendhus karo Sukiban. Wong papat kuwi banjur padha jagongan rame. Marti nutup lawang lan dikunci saka njero, lampune dipateni. Nanging suwarane wong sing lagi padha jagongan neng emper bisa dirungokne kanthi cetha saka njero omah. Lan sing padha jagongan bisa diinguk saka jero omah liwat kaca omah sing manggon neng kiwa tengene lawang sing ditutup karo gordin.

 

Watara jam wolunan, saka kamar turone Marti krungu nek ana wong teka, ketitik wong-wong padha gupuh mbagekne. Alon-alon, Marti metu saka kamar, nginceng sapa wong sing lagi teka kuwi.

 

"Mangga Mas, pinarak mriki" Apan ngacarani sing lagi teka lungguh "kalih niki kopine, panjenengan ngiling piyambak".

 

"Enggih" sing dibagekne wangsulan, Marti ora pangling kuwi genah suwarane Kamdi sing mau awan teka lan arep ngajak Marti tumindak sing ora bener, dhadhane Marti dadi dheg-dhegan.

 

"Lha jagongan kok teng njawi, gek lampune ngomah peteng dhedhet, napa griya niki suwung?" karo nyilakne gordin sethithik Marti weruh nek karo mapan lungguh Kamdi takon marang sing padha rondha.

 

"Lha Juragane rak teng Rumah Sakit ta Mas?" sing wangsulan Blendhus "lha sing teng jero bojone Taslim kalih anake, wiwit sonten wau mpun sambat ngantuk lajeng kula ken ngancing lawange".

 

"Lha olehe jagongan neng kene iki biasane tekan jam pira?" Kamdi takon maneh.

 

"Jenenge wong dikongkon rondha, ya nganti sesuk nek wis padhang ta Mas" sing mangsuli ngono kuwi Apan.

 

Marti bali mlebu menyang kamar maneh, banjur ethok-ethok wis turu.

 

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...