Total Tayangan Halaman

Senin, 01 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 16

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

16.

Vero lan Tiok wingi kae pas dolan nyang omahe Karmini, wong loro kuwi isih krungu nek anggone Karmini nyebut maratuwane isih nganggo sebutan "ndara putri" lan ora krungu nganggo sebutan "Ibu", lha kok iki mau nganggo sebutan Ibu, kamangka malah ana sacedhake Ibune. Tiok nggagas, apa kira-kira mau Ibune wis ngandhani Karmini kaya olehe ngandhani wingi supaya ora nyeluk dheweke nganggo sebutan Den, nanging dikongkon ngganti nganggo sebutan Mas, merga Karmini kuwi sisihane Bagus, adhine. Tiok, bali nyawang marang Ibune maneh, merga Bu Asper ngendika, nakokne bojone Bagus.

 

"Lha bojone Bagus mau wis bali ta Yok?" sanajan pitakonan kuwi ditujokne marang Tiok, nanging wong sakamar krungu kabeh merga pancen ya suwarane Bu Asper keprungu cetha.

 

"Wonten dhawuh punapa Ibu? kula wonten mriki?" durung nganti Tiok wangsulan Karmini wis ngadeg nyedhaki maratuwane karo guneman.

 

"Tak kira nek wis bali, wong mau awakmu omong nek arep gentenan karo Bagus" wangsulane Bu Asper "gek Bagus ya wis teka".

 

"Dereng kok Ibu" Karmini nyauti gunem, banjur nari maratuwane "niki wau mBak Vero ngasta buwahh-buwahan, Ibu ngersakaken dhahar Apel punapa Jeram ?"

 

"Iya aku ya wis ngerti, anu aku oncekna apel wae tak nggene nambani paite ilat" Bu Asper kandha kepengin dhahar apel, banjur ditutugne ngendika kaya ditujokne marang awake dhewe "sak jane aku kepengin mengko bengi kuwi dikancani Bagus karo Karmini.......".

 

"Inggih Buk" Bagus sing uga krungu olehe grenengan ibune gage nyaut karo ngadeg nyedhak "mengke Ibune Arka kersane boten wangsul, tiyang kala wau mBahe nggih empun ngandhani kula murih Ibune Arka boten wangsul rumiyin".

 

"Lha jaremu Ibune Arka kuwi nek esuk ngiderne dagangan tempe neng pasar? lha nek dikon nunggoni aku, sing ngiderne tempene banjur sapa?" Bu Asper takon.

 

"Mangga Ibu, kula aturi dhahar apelipun" Karmini sing wis rampung ngonceki apel lan diiris cilik-cilik diwadhahi lepek, disandhingi garpu cilik, dicedhakne menyang Bu Asper .

 

"Ibu dulangen ta nDhuk" wangsulane Bu Asper mundhut supaya didulang "gajege sak jege dadi mantuku, awakmu ki rak durung nate ndulang Ibu ta?"

 

"Injih Ibu" wangsulane Karmini alus, karo mbatin "aja maneh kok ndulang, dilorohi wae lagi dhek esuk kuwi kok".

 

Tiok karo bojone sing weruh lan ngerti owah-owahan slagane Bu Asper marang Bagus lan Karmini padha manthuk-manthuk. Ana rasa aneh nggremeti dhadhane. Wong loro kuwi ora kendhat nggone ngingeti Bu Asper sing katon seger olehe dhahar apel sing didulangne Karmini nganggo garpu.

 

"Lha ya, nek awakmu nunggoni aku neng kene, banjur sing ngiderne tempene sapa nDhuk?" ing sela-selane mamah apel, Bu Asper ndangu maneh marang Karmini.

 

"Kala wau Mak-e sampun criyos dhateng Bapakipun Arka, bilih badhe kengkenan Lik Mitun supados ngideraken tempe ingkang kangge benjing enjing kok Bu" wangsulane Karmini.

 

Lawang Kamar dibukak saka njaba, petugas Rumah Sakit ngladekne jatah mangan sore marang pasien. Ditampani Vero banjur diselehne neng meja cedhak ambene Bu Asper. Wektune wis nyedhaki Maghrib, ketitik saka Masjid sacedhake Rumah Sakit wis keprungu suwarane wong maca Kitab Suci Al-Qur'an. Tiok nyawang Bagus karo takon :

 

"Dadi mengko awakmu karo Ibune Arka ora mulih?"

 

"Iya Mas" wangsulane Bagus cekak.

 

"Ya wis nek ngono aku karo mBakyumu tak bali dhsisik, nek ana apa-apa ndang telpon omah, neng ngarepan kono kuwi ana telepon umum koin" kandhane Tiok maneh karo noleh bojone.

 

"Ya" sepisan maneh Bagus mung wangsulan cekak.

 

"Sik Pa, aku tak metu sedhela nyang Kantin ngarepan kono kuwi, golek ngge dhahar Dhik Bagus mengko" Vero ngadeg karo pamit menyang Tiok.

 

"Ora sah mBak" Bagus nyaut kandhane Vero "aku mau wis digawani bontot kok karo mBahe, ngge mangan aku karo Ibune Arka mengko, kae ta tak selehne neng rak lemari makan ngisor dhewe".

 

Vero ora sida metu, Tiok banjur ngadeg, ngajak Vero nyedhaki Bu Asper arep pamitan bali dhisik, merga neng omah anak-anake ora ana kancane. Dipamiti Tiok karo Vero, Bu Asper ora akeh olehe wangsulan, mung meling supaya wong loro kuwi neng dalan supaya ngati-ati. Sawuse padha sungkem klawan salim cium tangan, Tiok karo Vero banjur padha metu saka kamar arep bali. Bagus nguntabne nganti tekan njaba .

 

"Sesuk askese Ibu tak urusane" kandhane Tiok marang Bagus karo mlaku.

 

Bagus bali menyang kamar maneh, Karmini isih lungguh neng kursi cedhake Ibune, olehe dhahar apel Bu Asper lagi wae rampung. Suwara adzan Maghrib saka masjid keprungu cetha.

 

"Aku tak nyang Mushalla dhisik" Bagus pamitan marang Karmini "olehe sembahyang gentenan wae".

 

"Inggih Mas" wangsulane Karmini "mengke dijamak takdim kalih dikosor pisan, kersane gampil".

 

"Ya" wangsulane Bagus cekak, karo mlaku metu arep menyang mushalla Rumah Sakit.

 

Bu Asper mirsani putra ragile sing arep menyang mushalla kuwi karo panyawang sing katon seneng.

 

"Bagus ki saiki wis bisa tertib ya nDhuk olehe sembahyang?" Bu Asper ndangu Karmini.

 

"Inggih awit pangestunipun Ibu, Bapak-e Arka sembahyangipun sampun boten nate gothang, sembahyang tahajud inggih radi asring" wangsulane Karmini.

 

"Ya sokur ta nDhuk nek pancen mangkono, sak jege duwe sisihan awakmu Bagus malih dadi sansaya cedhak karo Gusti Allahe" Bu Asper nutugne olehe ngendika "nek wis bali saka Rumah Sakit, Ibu ya arep wiwit sembahyang maneh, wong biyen jaman isih cilik Ibu iki ya tau sinau sembahyang neng Langgare mBah Yahmin. Nek sawargi Bapakmu biyen, sak wise pensiun sembahyange ya rada tertib lho".

 

"Inggih Ibu" wangsulane Karmini sing banjur matur nari maratuwane "Ibu ngersakaken dhahar sak niki terus ngunjuk obatipun ?" .

 

"Mengko sedhela engkas wae, wong lagi wae bubar mangan apel ngono lho?" wangsulane Bu Asper.

 

"Inggih sampun" wangsulane Karmini karo mbenerake kemule Bu Asper sisih ngisor.

 

Sanajan lagi sedina neng Rumah Sakit, nanging kesehatane Bu Asper wis ketok akeh kemajuane. Ora kaya lagi teka dhek esuk mau sing ketok nglumruk tanpa daya, saiki wis wiwit katon seger. Ya kira-kira kagawa saka penggalihe sing ing dina kuwi bisa nemokne rasa bungah, rasa karenan. Putra wuragile sing sasuwene iki dianggep wis mrucut saka gendhongan, luput saka kudangan, jebul anggepane sing ora pati bener. Bagus nyata anak sing bekti marang wong tuwa, Karmini sing sasuwene iki dianggep menungsa sing tanpa guna, sing wis nglorot drajate Bagus, jebul bisa nglungguhake dhirine dadi putra mantu sing bekti lan ngajeni marang maratuwane.

 

Bagus wis bali saka mushalla, ditutne Pak Marsudi karo garwane sing mau kepethuk Karmini neng Mushalla utawa masjid Rumah Sakit, pas Karmini rampung sembahyang ngasar. Sawise nyalami Bu Marsudi lan Pak Marsudi, Karmini pamitan arep sembahyang :

 

"Nyuwun pangapunten, dipun sekecakaken rumiyin lenggahipun, kula badhe dhateng Mushalla rumiyin" .

 

"Iya  Mbak, mangga, aku karo Pake lagi wae saka kana" wangsulane Bu Marsudi .

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...