cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
17.
Pas Karmini mlaku menyang Mushalla neng lorong Rumahsakit dheweke weruh, tangga-tanggane Bu Asper. Ketoke arep padha bezuk, Karmini api-api ora weruh terus bablas olehe arep menyang Mushalla. Pikire, mengko wae nek bar sembahyang melu nemoni. Tujune wong-wong mau ya ora ngingeti Karmini, dadi ya ora ana sing aruh-aruh. Ora mung butuh arep sembahyang thok, Karmini ya nunut adus pisan neng kamar mandhi Mushalla kono, dadi bar sembahyang awake isih krasa seger. Bubar sembahyang Karmini enggal-enggal mbalik maneh menyang kamar panggonane Bu Asper dirawat. Olehe mlaku ora ngingeti ngendi-endi, karo ndhingkluk ngener tumuju papan sing dituju. Lagi ndengengek nalika wis meh tekan ngarep lawang kamare Bu Asper. Sepira kagete atine Karmini, nalika dheweke pas ndengngek nyawang mengarep dumadakan panyawange tatapan karo mripat loro sing uga nyawang dheweke, kanthi panyawang murup ngandhut kanepson lan rasa gething semu gila marang Karmini. Karmini mandheg, ora nerusne lakune, sawuse genah sapa sing nguwasi marang dheweke, banjur ndhingkluk ora kumecap apa-apa.
"Arep ngapa kowe mrene?" Hartini, wong sing mau nguwasi Karmini karo sorot mripat sing murup nakoni Karmini.
"Nyuwun pangapunten Den Ayu....." Karmini wangsulan alon nanging cetha dirungokne "kula nembe saking Mushalla....".
"Aku gak takon kowe saka ngendi" wangsulane Hartini galak, najan suwarane ora banter "isih kurang lega rasaning atimu? Iya, isih arep kok sengkakne ben niyatmu enggal bisa kasembadan? Dahasar anak lonthe".
Krungu tembung sing kasar lan ngarani nek simboke lonthe, Karmini kaya dadi krasa panas kupinge. Sirahe diangkat, Sri Hartini disawang wani, karo lambe sing kedher ngampet ubaling geni sing ngobong pangrasane Karmini wangsulan :
"Nuwun sewu, Den Ayu kenging ngina lan nyepelene kula, Karmini boten badhe napa-napa, nanging Den Ayu sampun nyenggol-nyenggol tiyang sepuh kula sing boten ngerti napa-napa.......".
"Kowe ora trima ya? Ora trima merga tak arani anak lonthe? Pancen simbokmu kuwi Lonthe, nek ora trima arep ngapa kowe?. Aku mung omong sing sabenere wae, kowe wis nesu arep wani karo aku? Apa rumangsamu atiku ora lara? Merga klakowanmu Ibuku dadi gerah nganti mlebu Rumah Sakit iki? Nek kupingmu ora budheg, matamu ora picek, kowe ngerti sing ndadekne Ibu nganti tensine munggah dhuwur, malah jarene Mas Heru mau ana tandha-tandha gejala stroke barang, kuwi merga Ibu ngempet rasaning penggalihe nggone menggalih Bagus sing merga kena plengket pengasihane Simbokmu sing tandhak tayub kae, Bagus dadi bubrah pikirane ngeboti kowe tinimbang sedulur lan wong tuwane.......".
"Mangke rumiyin Den Ayu......" Karmini nggeget untune, driji-driji tangane wiwit dikepelne. Arepa kaya ngapa, Karmini kuwi biyen jaman sekolah iya tau melu pelajaran ekstra kurikuler, Pencak Silat sing diwulangake ing sekolahane, Karmini wis kasil katut disahne dadi Warga Persaudaraan Setia Hati Terate, sing salah sijine mulangake ora niyat golek musuh, nanging yen kepethuk tan bakal mingkuh (musuh tidak dicari bila bertemu tak akan lari). Sore kuwi, ora kedhisikan ngimpi apa-apa, dumadakan ana wong teka ing ngarepe, nguman-uman tanpa pawadan, ngundamana golek perkara. Karmini eling jati dhirine, nadyan tinitah wadon ora ateges kudu mung dadi Kembang Mlathi sing arum gandane, nanging kudu bisa dadi mawar sing bisa migunakake eri sing tuwuh ing ragane, kanggo mbela kahurmatane.
"Gak sah kakehan gunem sing tanpa guna" dumadakan Sri Hartini nggetak "aku wis ngerti, tekamu mrene api-api arep nuduhne nek duwe rasa kawigaten marang wong tuwane Bagus ta? Ben wong-wong padha kapusan banjur ngarani kowe kuwi wong sing duwe budi luhur, sanajan ora diakoni dadi mantune, nanging bareng Ibu gerah kowe isih gelem tilik ? . Tujune konangan aku, upama kowe kebacut mlebu lan Ibu nganti pirsa rerupanmu sing njejemberi kuwi, tan wurunga bakal nambahi santer gerahe Ibuku. Saiki kowe milih minggat saka kene, apa ndadak ngenteni tak celukne Satpam supaya ngrangket kowe?".
Meh wae, tangane Karmini kumlawe arep napuk lambene Sri Hartini. Nanging dumadakan, wewayangane Harmana bojone Sri Hartini sing Perwira Polisi kuwi liwat ing angen-angene. Karmini dadi mikir, nek nganti kedadeyan dheweke nibakne tangane marang Sri Hartini lan kedaden tukaran, kira-kira ora nganti sapanginang Hartini mesthi wis rubuh njebabah ndhepani lemah, nanging buntute bakal dadi dawa. Arepa dheweke rumangsa bener, nanging bisa wae Harmana tetep luwih milih ngrewangi bojone, Karmini mesthi bakal dirangket, dikecrek tangane dadi tahanan. Lan ing alam maya, Karmini dumadakan weruh wewayangane Karmin Bengkring, Bapak-e, lagi lungguh karo drijine mipili kawat siter, disamb karo ura-ura :
Dedalane guna lawan sekti,
kudu andhap asor,
wani ngalah luhur wekasane,
tumungkula lamun den dukani,
bapang disingkiri,
ana catur mungkur.
Sanajan uran-uran kuwi jarene kanggo sangune sing arep suwita utawa ngabdi, nanging uga cocog yen ditujokne marang Karmini sing lagi berjuang mbangun Rumah Tangga karo Bagus. Supaya anggone urip karo Bagus bisa nurunake anak-anak sing becik, kudu andhap asor lan kudu wani ngalah murih ing tembe bisa antuk drajat sing luhur, yen ora dheweke ya tibaa marang anak-anake. Luwih becik tumungkul nalika nampa deduka, wektu kuwi dheweke kudu weruh arepa dikaya ngapa, Hartini kuwi sedulur tuwane Bagus, sisihane, guru sing dibekteni. Dadi kudu nyingkiri bapang, utawa pepalang sing bisa murungake gegayuhane lan luwih becik mungkur ora ngladeni caturane Hartini sing nek diladeni bakal nuwuhake brahala.
Alon-alon tangane sing ngepel lan wis arep digunakne kanggo napuk Hartini kuwi diudhunke. Karo ndhingkluk Karmini mbalikne adhepe, banjur ngalih ninggalne Hartini sing isih katon abang mangar-mangar praupane. Lakune Karmini nadyan alon nanging ora noleh ngiwa lan ora noleh nengen, bablas tumuju lawang metu saka Rumah Sakit.
"Lho kuwi rak mBak Karmini garwane Mas Bagus ta?" dumadakan nalika lakune Karmini wis teka plataran Rumah Sakit, ana wong aruh-aruh. Karmini ndengengek, nyawang wong sing nglorohi dheweke. Bu Ningrum karo Pak Yunus, mesem semanak karo nyawang Karmini. Bu Ningrum kuwi Guru ing SMA Negeri Ngawi, isih kapernah adhine Pak Dokter Heru, let siji.
"Oh, Bu Ningrum ta? kula wau boten ngertos" Karmini mbales wangsulan karo mesem.
"Kados pundi kabaripun Keng Ibu ?" Bu Ningrum takon "niki wau kula rak dikabari Mas Heru, nek Bu Asper dirawat teng VIP Nomer kalih sing nenggani mBak Karmini, ngoten".
"Inggih Bu Ningrum" Karmini wangsulan "alhamdulillah kawontenanipun sampun radi sae, ketingalipun kantun nengga akase mawon, sampun kersa dhahar, ngunjuk lan endikanipun ugi sampun kathah. Mangga menawi badhe tuwi, wau Mas Tiok kaliyan mBak Vero nembe mawon kundur, sak niki ingkang nembe rawuh Den Ayu Sri Hartini kaliyan garwanipun. Nyuwun pangapunten kula badhe pados kopi dhateng wande rumiyin, kadhung ketagihan ngeten niki, nek mboten enggal diombeni mumete boten mantun-mantun".
"Oh, inggih mBak" Bu Ningrum wangsulan karo ngguyu "mangga menawi makaten, kula kalih Pak-e tak mrika rumiyin".
"Inggih Bu, Nyuwun pangapunten" wangsulane Karmini sing banjur lungguh neng buk plawangan Rumah Sakit. Karmini bingung, mau dhompete dilebokne tas awor saline sing diseleh neng ngisor amben sing kanggo sare Bu Asper. Dadi upama arep bali Karmini ya ora bisa, merga kajaba Angkota jurusan Sidowayah ya wis ora ana, dheweke ya ora nggawa dhuwit babar pisan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar