cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
18.
Karmini lungguh ijen, gegere disendhekne neng cagak pager Rumah Sakit, karo pikirane nglambrang tekan ngendi-endi. Sok ngonowa, jroning ati Karmini isih rumangsa matur nuwun marang Gusti Allah dene isih kaparingan eling. Saupama mau nganti lali banjur tangane kumlawe, kira-kira pancen ya ana rasa marem nanging rasa marem kuwi mesthi kudu dituku klawan rasa getun sing ora ana enteke. Kajaba bakal urusan karo Polisi, Karmini uga ora bisa nggambarake sepira susah, sedhih, duka lan lara wirange Bu Asper, yen nganti pirsa putra putrine sing pambayun babak bundhas dipilara dening mantune sing lagi dina mau dilorohi. Lan bakal bener-bener kedadeyan karo apa sing dadi pandakwane Hartini marang dheweke, yaiku yen sing dadi jalaran gerahe Bu Asper kuwi merga kelakuwane Karmini.
Nanging Karmini dadi bingung, saiki kudu kepriye? Arep bali, genah dhuwite keri Tas sing ana jero kamar papan dirawate Bu Asper lan genah mokal yen dheweke bali mrana saprelu njupuk dhompete. Hartini genah nek bakal mawuk-mawuk ora karuwan, neng ngarepe Bu Asper lan wong-wong liyane. Lan kang mangkono mau genah nek ora ana apike babar pisan. Karmini mung duwe pangarep-arep muga-muga, Bagus ora bingung merga dheweke sing pamit nyang Mushalla kok ora bali-bali. Muga-muga Bu Asper ora nakokne dheweke menyang ngendi. Lan Muga-muga Hartini karo bojone ndang cepet bali, merga nek nganti kepethuk maneh dheweke neng Rumah Sakit kene, Karmini kuwatir ora bisa ngampet ubaling kanepsone.
Sauntara Karmini lungguh thenger-thenger nek Buk Rumah Sakit, sing ana kamare Bu Asper lagi padha jagongan gayeng. Wong-wong sing padha bezuk lagi ngobrol karo Bagus. Bareng wis padha weruh yen kahanane Bu Asper wis katon luwih apik, wong-wong ya padha seneng. Merga mau kondhange kabar sing sumebar, jare Bu Asper dhawah kantaka neng kamar mandhi, nganti digawa menyang Ngawi durung emut.
Luwih gayeng maneh bareng Hartini karo Harmana teka, putra mbarepe Bu Asper sak mantune kuwi banjur sungkem.Nyuwun pangapura, jalaran nadyan olehe ngabari Dokter Heru neng Kantor durung pati awan, nanging gandheng isih kudu ngrampungne gaweyan sing wigati, lagi bisa menyang Rumah Sakit bengi kuwi.
"Lha nek pancen repot ya ora apa-apa" wangsulane Bu Asper ngenaki rembug "wong Tiok karo Vero ya lagi wae bali saka kene, mau jam papatan olehe teka. Ketoke Ibu sesuk utawa sesuke wis dikeparengne kundur kok, dadi ora sah padha kuwatir".
"Inggih Bu" Hartini semaur alon "sokur ta nek Tiok napa mpun mriki siang wau, tujune perawat mriki niki sami apal kalih Mas Heru, dados mesthine nggih sami migatosaken dhateng Ibu".
"Iya, sing durung ketok ki kari Evie dhewe" Bu Asper ngendika maneh "ya ora apa-apa jeneh Evie ki omahe ya rada adoh, mbuh wis eneng sing ngabari mbuh durung".
Bareng Bu Asper nyebut jenenge Evie Hartini rada kaget, banjur nyawang bojone karo takon :
"Mau Evie piye Pah?"
"Iya?" Harmana melu kaget "Papah mau lali Mah, pas arep nelpon Dhik Sugeng mau ndelalah ana tamu, terus klendran, dadi Dhik Sugeng karo Dhik Evie durung padha ngerti yen Ibu ngamar neng kene".
"Dhuh, Papah ki jane piye ta? Kok bisa-bisane klendran lho?" Hartini guneman suwarane keprungu nek lagi cuwa atine.
"Ya uwis, ora sah padha udur" Bu Asper ngendika maneh "sing ora kekabaran ya ora apa-apa, wong Ibu ya wis ora apa-apa ngene lho?".
"Inggih Bu, Tien nyuwun pangapunten" wangsulane Hartini karo ndhingkluk ngrumangsani lupute.
"Ya ora apa-apa, sing baku kabeh sehat. Ibu wis seneng nek krungu putra-putrane padha sehat kabeh, padha rukun karo kulawargane dhewe-dhewe, uga ora padha tukaran karo padha-padha sedulure, kuwi wae wis cukup kanggone Ibu" ngendikane Bu Asper sabanjure.
"Inggih Bu, menawi para putranipun Ibu sedaya sami tansah ngugemi piwucalipun Ibu miwah sawargi Bapak, ketingalipun namung kantun Bagus piyambak ingkang dereng purun sadar. Nanging Ibu sampun sekel ing panggalih, ingkang dereng sadar kantun satunggal boten sisah dipun lebetaken manah, benjing-benjing menawi radi longgar kula kandhanane malih murih enggal kaparingan sadar" Hartini wangsulan sajak ngati-ati banget, najan suwarane alon nanging bisa dirungokne wong-wong sing ana kamar kono, klebu Bagus lan wong sing padha bezuk. Sajake Hartini karo bojone mau ora weruh yen Bagus lungguh neng klasa awor wong-wong sing lagi padha bezuk Ibune.
Krungu gunemane Hartini sing kaya ngono kuwi mau Bagus rada ora kepenak sajroning atine. Nanging Bagus milih ora nanggapi, jalaran dipikir nanggapi omongane Hartini ngono kuwi cetha yen akeh rugine dibandhing karo bathine.
"Tak jaluk kowe aja gething karo Bagus ya?" Bu Asper ngendika maneh marang Hartini "Kowe durung ngerti, Bagus kuwi putrane Ibu sing becik, ora kok durung sadar kaya sing kok kandhakne mau".
"Inggih Bu" Hartini wangsulan karo suwara sing rada dhuwur "kula nggih ngertos Bagus niku adhik kula, putranipun Ibu kaliyan Bapak, dhasaripun lare ingkang sae, namung kuciwanipun sakedhik gampil kenging godha. Nanging bakenipun Bagus punika sae, namung nembe kenging godhanipun lare estri ingkang boten gadhah isin, boten sumerep ing reh tata krami, boten ngrumaosi andhaping drajatipun. Nanging Ibu boten sisah menggalih awrat bab punika, kula janji dhateng Ibu Bagus badhe kula kandhani ngantos saged wangsul mlampah ing margi ingkang leres malih".
Bu Asper ketok ngencangne alise mireng ature putra pambarepe sing mangkono kuwi. Banjur kendel, penggalihe lagi arep nata ukara kanggo mangsuli tembunge Hartini sing kebak rasa sengit marang Karmini kuwi.
Wong sing padha bezuk melu kaget campur gumun krungu omongane Hartini sing keri dhewe kuwi. Kabeh padha mandeng marang Bagus karo sorot mripat sing kebak pitakonan. mBah Mantri Guru Mur sing yuswane wis rada sepuh nanging isih katon kiyeng , nyedhaki Bagus karo bisik-bisik supaya diaturne menyang Bu Asper yen sing padha bezuk arep pamitan. Kang mangkono mau ditindakne dening mBah Mantri, jalaran rumangsa ora kepenak melu ngrungokne rembugan sing kudune winates ora kena dingerteni dening wong liya.
"Inggih, inggih mBah Mantri" wangsulane Bagus grapyak semanak, banjur diterusne matur marang Ibune karo suwara sing rada seru "Ibu, punika mBah Mantri kalih sedherek-sedherek ngersakaken badhe kundur".
Bu Asper sing lagi nata ukara sajroning penggalih dadi buyar angen-angene, banjur ngendika paring wangsulan :
"Oh, Mas Mantri arep kundur? Inggih, inggih Matur nuwun lho Mas Mantri lan sedherek-sedherek kula sedaya, nyuwun pangapunten sampun damel repotipun Mas Mantri lan sedherek sedaya".
"Inggih mugi-mugi enggal dhangan, wangsul sehat kados wingi uni mBakyu" mBah Mantri Guru makili wong-wong liyane mangsuli pangandikane Bu Asper "sampun inggih mBakyu, Nak Har, Nak Tien lan Nak Bagus, kepareng kula sakanca nyuwun pamit wangsul".
"Inggih, mBah Mantri matur nuwun" Bagus sing wangsulan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar