cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
19.
Bagus nguntabne tamu-tamu sing padha bezuk kuwi karo melu metu saka kamar. Nganti tamu-tamu kuwi adoh olehe mlaku, Bagus durung bali mlebu maneh. Malah banjur mapan lungguh neng kursi Rumah Sakit sing ana teras. Bagus ngerti nek olehe pamitan wong-wong mau amarga rumangsa ora kepenak krungu olehe rembugan antarane Bu Asper karo Sri Hartini sing ngomongne dheweke karo sisihane. Bagus lagi nggagas, ya gene Karmini wiwit mau durung bali menyang kamar maneh? Kamangka mau pamite mung arep sembahyang neng Masjid Rumah Sakit, kok wiwit mau nganti bubar adzan ngisak durung bali? Ana apa iki?. Atake, mau Karmini wis kepethuk karo Harmana lan Hartini? Banjur Karmini diunek-unekne kaya padatan nek Hartini ketemu karo dheweke ngana kae?.
Sing dikuwatirake Bagus ngono kuwi, meh padha karo sing dipikir salah siji saka tamu sing lagi wae pamitan mau, ya iku Bu Ningrum karo kakunge, sing olehe teka ing kamare Bu Asper luwih keri tinimbang wong-wong liyane klebu karo Hartini lan bojone. Malah mau gandheng pas Bu Ningrum karo Pak Yunus mlebu, Bu Asper lagi asyik ngendikan karo Hartini, Pak Yunus karo Bu Ningrum ora wani nyedhaki Bu Asper dhisik lan milih nyalami Bagus, banjur melu lungguh awor tamu-tamu sing teka luwih dhisik. Mau Adhine Dokter Heru kuwi sadurunge mlebu menyang kamare Bu Asper kober kepethuk karo Karmini neng Plataran, lan miturut panyawange Bu Ningrum Karmini olehe mlaku ketok rada beda. Mau Karmini ngaku nek lagi mumet sirahe merga durung ngombe kopi, nanging bareng digathukne karo olehe rembugan Hartini karo Bu Asper sing dirungokne mau, sajake sadurunge mlebu menyang kamare Ibune Hartini luwih dhisik kepethuk karo Karmini lan ndadekne Karmini ora gelem balik menyang kamare maratuwane.
"Mandheg neng kene dhisik sedhela Mas, Aku arep matur sethithik ......" Bu Ningrum ngomong alon marang kakunge.
"Ana apa?" Pak Yunus takon karo ngendhegne lakune, sauntara wong liyane bablas olehe padha mlaku arep menyang parkiran marani mobile.
"Aku kok kepikiran karo mBak Karmini ta?" wangsulane Bu Ningrum .
"Uwis pora sah diomong, kuwi dudu urusane awake dhewe" Pak Yunus ngandhani sisihane.
"Dudu bab sing dadi rembugan antarane Bu Asper karo mBak Tien mau Mas" Bu Ningrum nggenahne karepe "mBak Karmini mau kandha nyang awake dhewe nek mung arep golek kopi, kok nganti suwe ora bali-bali? gek mau pas arep tak takoni, rumangsaku ana sing aneh karo mBak Karmini. Atake mau bar tukaran karo mBak Tien Mas? Terus mBak Karmini bablas mulih ora wani mbalik nyang kamar maneh?. Tukaran sing ora diweruhi dening Mas Bagus?".
"Tukaran ya ben neh" Pak Yunus wangsulan "kuwi rak urusane kana dhewe, awake dhewe ora sah melu-melu mundhak kleru".
"Sing tak pikir ngene lho Mas, atake Mas Bagus nggoleki sisihane? merga dienteni nganti suwi ora mbalik-mbalik?. Mengko nek Mas Bagus bingung rak ya mesakne ta Mas?" kandhane Bu Ningrum maneh.
"Lha banjur terus piye?" Pak Yunus takon .
"Panjenengan mbalik Mas, Mas Bagus panjenengan kandhani nek mau awake dhewe kepethuk mBak Karmini neng latar, jare arep golek kopi ngono" Bu Ningrum ngongkon kakunge supaya ngandhani Bagus "nig alon-alon wae, aja nganti mBak Tien krungu. Ngono wae, aku tak ngenteni neng ngarep kono".
Pak Yunus banjur mbalik arep nemoni Bagus kaya sing diprentahne garwane, sauntara Bu Ningrum nerusne olehe mlaku arep ngenteni Pak Yunus neng plawangan dalan metu saka Rumah Sakit. Nanging dumadakan Bu Ningrum weruh, Karmini lagi lungguh, neng cedhak plawangan dalan mlebu. Gageyan Bu Ningrum banjur nyedhaki .
"Sampun ngopi mBak?" Karmini sing lagi nglamun ora ngerti nek Bu Ningrum wis lungguh neng jejere karo takon. Karmini kaget banjur noleh, nyawang sing nakoni.
"Oh, Bu Ningrum ta? sampun kepanggih Ibu Bu?" Karmini wangsulan karo suwara gagap.
"Sampun, Lha mBak Karmini kok taksih teng mriki? nyegat sinten?" Bu Ningrum takon maneh.
"Boten nyegat sinten-sinten kok, anu mumpung ingkang ngancani Ibu kathah, kula medal riyin pados hawa njawi sing radi seger" wangsulane Karmini dora sembada.
"Oh, nggih nek ngoten kula tak tumut pados hawa seger teng mriki" Bu Ningrum mangsuli karo mesem.
Karmini ngrasa ana sing aneh karo tembung sing lagi wae dikandhakne Bu Ningrum kuwi. Nanging Karmini mung meneng, malah banjur thukul pikiran anyar ing uteke. Karmini arep njaluk tulung supaya ngandhani Bagus yen karmini arep bali menyang omah dhisik, lan mengko olehe bali Karmini arep nunut bareng karo Bu Ningrum karo Pak Yunus.
"Mangke Bu Ningrum kundur dhateng Kedunggalar napa taksih badhe wonten acara sanes?" Karmini miwiti takon.
"Nggih terus wangsul mBak, wonten punapa ta ?" Bu Ningrum wangsulan banjur ngenti takon.
"Anu, menawi pareng kula badhe ndherek nunut wangsul" kandhane Karmini "nanging badhe pamitan Bapake Arka rumiyin ajrih, teng mrika enten Den Ayu Tien. Pripun nggih ?".
"mBak Karmini badhe wangsul sareng kula? Nggih, kleresan malah kula wonten sing ngancani" wangsulane Bu Ningrum semanak "nek mbak Karmini badhe matur dhateng Mas Bagus pekeet mergi enten mBak Tien, mengke Mas Yunus kula criyosane ben mamitne mBak Karmini teng Mas Bagus".
Sauntara Bu Ningrum ngenteni Pak Yunus sing lagi nemoni Bagus, neng kamare Bu Asper sing ditunggoni Hartini karo Harmana sambat yen ngantuk banget lan ngendika nek kepengin enggal sare.
"Keneng pengaruhe obat, Ibu ngantuk banget" ngendikane Bu Asper marang hartini lan Harmana "saiki ibu kepengin enggal bisa sare".
"Inggih Bu" sing mangsuli Harmana "kagem sare kemawon, Ibu mbetahaken istirahat ingkang cekap".
"Ibu sare mawon sak niki, Tien kalih Mas Har tak wangsul riyin, mengke perawat-perawat kula criyosane supados sakedhap-sakedhap Ibu dipun tingali".
"Iya, nek mulih neng dalan sing ngati-ati" wangsulane Bu Asper karo ngeremne mripate.
Harmana karo Hartini banjur metu arep mangkat bali. Sawise tekan jaba, dumadakan Hartini kelingan, mau kayane dheweke weruh klebat lan krungu suwarane Bagus. Nanging wonge saiki ana ngendi?. Satemene sing kumlebat neng pikirane Hartini meh padha karo sing ana pikirane Harmana, kekarone lagi sadar yen mau wis weruh lan krungu suwarane Bagus. Nanging wong loro kuwi padha olehe meneng, ora ngandhakne sing lagi dipikir marang sisihane. Malah banjur padha daya-daya anggone mlaku menyang parkiran marani mobile.
Bareng karo Harmana lan Hartini mlaku menyang parkiran, Bagus lagi wae metu saka Mushalla Rumah Sakit nggoleki Karmini nanging ora ketemu. Saka kadohan Bagus ngingeti mBakyu lan Mase Ipe kuwi nanging ora suwe, merga dumadakan Pak Yunus mara nyedhaki, banjur karo bisik-bisik Pak Yunus ngandhani nek mau bubar kepethuk Karmini neng latar Rumah Sakit cedhak plawangan mlebu, jarene arep golek kopi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar