cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
20.
Sawuse Harmana karo Hartini pamitan lan ninggalne kamar, Bu Asper bali mbukak socane maneh. Olehe sambat ngantuk mau mung dienggo pawadan supaya Hartini ora mbacutne olehe ngrembug Karmini utawa Bagus. Satemene Bu Asper mau kepengin ngandhani putra pambarepe kuwi supaya aja mbacutake anggone duwe rasa sengit marang Bagus utawa Karmini, merga kanyatan sing ditemu dening Bu Asper wis mbuktekne yen biyen Bagus kuwi ora kleru nibakne pilihan marang Karmini minangka sisihane. Bu Asper wis pirsa dhewe yen Karmini bisa ndadekne Bagus luwih becik tinimbang sadurunge. Nanging Bu Asper mau kapeksa murungake olehe arep paring pitutur marang Hartini, merga Bu Asper ya wis apal karo watak wantu sarta sipate putra pembarepe, sing nek wis duwe panemu angel dieluk, ora seneng nampa panemune wong sing duwe panemu beda karo panemune. Upama sida dituturi neng kono, tan wurunga bakal nuwuhake eyel-eyelan sing bisa kurang becik akibate. Mula Bu Asper banjur api-api sambat ngantuk, pawadan kena pengaruh obat.
Jebul bareng Harmana lan Hartini lunga, kamar dadi sepi. Bagus luwih dhisik lunga bareng karo tamu-tamu sing padha bezuk mau, Bu Asper ya wis ngira nek lungane Bagus merga ora kepengin kepancing emosine krungu tembung-tembunge mBakyune. Nanging kok olehe lunga Bagus ora bali-bali? Apa durung ngerti nek mBakyu karo sedulure ipe wis lunga saka kono? Bu Asper unjal ambegan landhung. Karmini barang ya ora ana katon, wiwit sadurunge Hartini karo Harmana teka mau Karmini metu pamit arep sembahyang neng Mushalla Rumah Sakit, nanging nganti saiki kok ya durung bali mrono?. Bu Asper wiwit gelisah.
Bagus ora nggagas yen Ibune lagi gelisah mikirne dheweke lan sisihane, merga Bagus lagi wae nemokne Karmini sing mau dikira ilang. Lan bareng dikandhani dening Pak Yunus yen Karmini mau kober jagongan karo Bu Ningrum neng plataran Rumah Sakit lan jarene sambat sirahe ngelu merga ketagihan kopi, Bagus dadi kaget. Bagus ngerti nek Karmini kuwi selawase urip ora tau ngombe kopi, dadi mokal yen nganti sirahe ngelu, merga sedina durung ngopi.
"Panjenengan olehe pethuk Ibune Cah-cah neng ngendi Mas?" Bagus sepisan maneh takon marang Pak Yunus.
"Neng latar, cedhak plawangan mlebu kana kae lho" wangsulane Pak Yunus "wong ditakoni Dhik Ningrum mangsuli nek Bu Asper wis rada sehat, malah kandha nek sing neng kamar ana mBak Tien karo Mas Har barang, banjur mBak Karmini kandha nek sirahe ngelu ketagihan kopi ngono".
"Ya wis Mas Matur nuwun" Bagus nyauti rembug banjur ditutugne kandha "njajal tak golekane nyang warung ngarep Rumah Sakit kae, mbok menawa leren neng kana".
Muni ngono kuwi Bagus karo mangkat mlaku, Pak Yunus ya banjur ngetutne neng mburine. Karo mlaku Bagus oleh dudutan, yen mau sadurunge mlebu neng kamare ibune, mBak Tien mesthi wis luwih dhisik kepethuk Karmini, mbuh nyang ngendi. Kanthi dhasar ndelok watak lan pakulinane Hartini, Bagus wis wani mesthekne nek Hartini wis nguman-uman sisihane karo pandakwa sing nglarakne ati. Banjur Karmini milih ora mbalik menyang kamare Bu Asper merga neng kono ana mBak Tien karo Mas Har.
"Mas Bagus....." Bu Ningrum nyeluk Bagus sing mlaku sajak kesusu ditutne Pak Yunus kuwi. Bagus noleh nyawang sing nyeluk jenenge, lan atine dadi krasa padhang bareng weruh Karmini lagi lungguh awor karo Bu Ningrum neng plawangan dalan mlebu Rumah Sakit.
"Awakmu mau kepethuk mBak Tien karo Mas Har ta?" ora nganggo adangiyah Bagus langsung nakoni sisihane.
Karmini mung manthuk, ora bisa wangsulan. Bagus nggeget untune, atine panas ora nrimakne bojone disewiyah dening mBakyune dhewe.
"Pancen wong kae wis kebacut tenan kok" kandhane Bagus karo nggereng "ya wis, ayo mbalik neng kamare Ibu maneh, setan loro kae wis minggat kabeh kok".
"Nek ngendikan mbok sing sae ta Mas, boten sae nek kapireng tiyang sanes" Karmini nyauti kandhane Bagus "lha nek Den Ayu kalih Den Har mpun kundur, ingkang ngancani Ibu sinten? kok panjenengan malah mriki niku?".
"Ibu dhewekan" wangsulane Bagus "lha aku rak ya bingung, jare awakmu mung nyang mushalla kok gak mbalik-mbalik. Aku ya ora nggagas nek awakmu kepethuk buta cakil, tujune iki mau Mas Yunus ngandhani aku, jare awakmu ngelu ketagihan kopi?".
"Sampun, sak niki mangga wangsul dhateng kamar, mesakaken Ibu namung piyambakan, mengke nek ngersakaken napa ta napa rak boten wonten ingkang saged didhawuhi" kandhane Karmini ora nanggapi tembunge sing lanang malah ngajak bali menyang kamare Ibune.
"Aku tak ya melu menyang Kamar ya Mas Bagus?" Bu Ningrum nrambul gunem "wong mau durung kober salaman karo Budhe Asper, kesusu melu pamit mBah Mantri Guru".
"Iya mBak" wangsulane Bagus "mangga bareng-bareng mrana, mangga Mas Yunus".
Wong papat kuwi banjur bareng mlaku, balik menyang kamar papan dirawate Bu Asper. Sauntara kuwi, Bu Asper sing dhewekan neng kamar dadi sansaya gelisah. Penggalihe bingung, nguwatirake Bagus lan Karmini, sing dienteni nganti suwi ora bali-bali. Ana rasa anyel marang putrane sing mbarep, ya merga saka omongane Hartini sing wis gawe laraning atine Bagus, Bagus banjur nglungani. Nanging kok ya suwi temen? ketoke bocah kuwi durung ngerti nek mBakyune wis rada suwe olehe bali. Gek Karmini brang iki mau ya banjur menyang ngendi? apa banjur kepethuk Bagus terus dijak bali nyang omah?. Bu Asper sansaya gelisah, mustakane krasa ngelu maneh.
"Assalamu'alaikum" dumadakan lawang kamar dibukak saka njaba. Bu Asper ndengengek mirsani sing uluk salam. Penggalihe sakala dadi padhang maneh, sing mbukak lawang jebule Bagus ditutne Ningrum sak bojone, lan sing neng mburi dhewe Karmini.
"Alaikum salam" Bu Asper wangsulan.
"Kula ingkang sowan Budhe" Bu Ningrum karo Pak Yunus nyedhak banjur nyalami Bu Asper karo matur "Budhe Asper enggal dhangan inggih Budhe".
"O alaaah Ningrum ta?" Bu Asper wangsulan karo mesem seneng "iya, iki Budhe wis sehat kok, upama dhek esuk ki gak konangan Heru terus digawa mrene ya embuh".
"Inggih Budhe" Pak Yunus melu omong "ketingale Budhe niku sayah nanging boten diraosaken".
"Ketoke ya ngono Nak Yunus. Kono padha pinarak dhisik kono" Bu Asper ngendika ngacarani supaya Bu Ningrum karo Pak Yunus lenggah. Karmini banjur nyedhaki maratuwane karo matur :
"Ibu wau sampun dhahar punapa dereng? Obate sampun diunjuk?"
"Awakmu kuwi piye ta nDhuk?" Bu Asper genti ndangu Karmini "lha Ibu dhahar ki banjur sing ndulang sapa? wong awakmu ora eneng ngono kok?. Ayo Ibu didulang tak dhahar terus mengko ndang ngombe obat, ben bisa terus leren".
"Injih Ibu, nyuwun pangapunten wau kula nembe medal" wangsulane Karmini karo njupuk panganan jatah saka Rumah Sakit arep dienggo ndulang Bu Asper. Olehe dhahar Bu Asper katon krasa seger, jatah saka Rumah sakit kanggo makan malam kuwi bisa dientekne kabeh. Banjur Karmini njupuk obat sing arep diunjuk Bu Asper kanggo bengi kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar