cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang.
30.
Krungu nek jenenge disebut dening Tiok, Hartini apa dene Harmana padha nyawang praupane Tiok. Wong loro kuwi rada nratab bareng weruh praupane Tiok ketok mbrabak abang, mripate uga katon murup, mratandani nek Tiok pancen lagi muntab kanepsone. Hartini apa dene Harmana sing ora ngerti sing ndadekne Tiok nesu, ora enggal semaur. Malah wong loro kuwi genti padha pandeng-pandengan karo sunaring mripat nyorotne tandha pitakon.
"Saiki kudu tak akoni, upama sing dikarepne jeneng Arka ing pirembugan kuwi Arka anak lanange Bagus, tak akoni kuwi ponakanku, sing kudu tak bela harga dirine. Aku ora bakal rumangsa asor utawa disepelekne nek mung arep ditampik dening Mas Bandana priyayi sugih sing dadi wong penting kuwi. Merga, upama olehe mbiji antarane Arka ponakanku kuwi nek ditandhing karo Ester ponakane panjenengan kuwi, mung lelandhesan gelar wujud, lire sing katon neng mripat, lan ora nggunakne rasa tresna, Ester diarepi Arka kuwi jeneng kanugrahan sing gedhe. Nanging nek ditampik dening Mas Bandana, aku blas ora bakal rumangsa serik. Nanging, nek ana sing wani ngarani Arka kuwi sing ora-ora, kaya upamane olehe Ester gelem karo Arka kuwi merga Arka nggunakne ngelmu pelet lan sapanunggalane, aku ora nrimakake. Ping pindho, nek Arka diarani olehe rabi kuwi merga ngiler weruh bandhane aku sansaya ora trima. Aku ngerti dhewe, aja maneh bandhane wong liya nek Karmini utawa Bagus kuwi kepengin ngarah kanthi cara ora bener, lha wong sing genah bandhane dhewe wae Bagus ora duwe rasa kepengin njaluk bali marang menungsa sing rakus sing rumangsa dadi wong terhormat nanging kolu karo barang sing dudu duweke kuwi kok. Karmini sing ngerti nek Bagus jane ya arep nggugu omonge wong sing ngandhani supaya njaluk bali bandhane kuwi, malah ngandhani Bagus supaya murungne karepe. Merga Karmini percaya sanadyan ora nguwasani bandhane kuwi, Bagus ora bakal kangelan nyukupi kabutuhan uripe. Lan kuwi wis ana buktine, nyatane Bagus karo Karmini ya bisa cukup, bisa urip lumrah bisa nyekolahne anak-anake kanthi tutug. Cukup kuwi isining atiku, terserah marang panjenengan wong loro olehe arep ngarani".
"Mengko dhisik Dhik" Harmana nyoba wangsulan karo suwara sing disareh-sarehne "aku lan mBakyumu kuwi ora gawe fitnah marang sapa-sapa, nanging mung wewaton tata gelar sing jumbuh karo lakune nalar. Dhik Tiok aja banjur salah tampa ngono kuwi. Ana rembug rak bisa dirembug ta Dhik, ora banjur ditampa nganggo emosi ngono kuwi. Mengko rak malah dadi salah tampa, banjur munggahe dadi salah mungsuh, antarane aku lan mbakyumu karo Dhik Tiok".
Hartini sing oleh wangsulan dawa saka adhine ngono kuwi mau, satemene ya wis panas banget atine. Nanging, krungu nek bojone nyoba wangsulan karo suwara sareh, Hartini ya banjur nurut lekase Harmana.
"Kabeh sing tak kandhakne kuwi mau ora niyat nglarani kowe Yok" kandhane Hartini sabanjure "sing tak rembug kuwi anake Karmini, putune Jiyah Tandhak Tayub kae. Dadi awakmu aja banjur nesu ngono kuwi, kowe ora katut elek merga pokale putune Tandhak Tayub kae. Lan sing tak kandhakne kuwi pancen kanyatan dudu fitnah utawa aku wis wani gawe-gawe, kowe kudu ngerti kuwi.......".
"Cukup" Tiyok wangsulan medhot rembuge mBakyune "sing panjenengan kandhakne ora ana bukti lan nyatane, sing ana malah kosok baline. Sepisan maneh tak baleni kandhaku, nek Mas Bandana arep nampik Arka, kon nampik ngono wae bisa nganggo pawadan Arka kuwi anake wong mlarat, utawa Arka kuwi dudu trah priyayi, terserah. Aku ora arep nesu. Nanging nek nganti wani ngandhakne barang sing ora ana nyatane kaya sing panjenengan kandhakne mau, aku ora seduluran karo Mas Bandana selawase ya ora arep patheken".
"Dadi kowe butuh bukti?" Hartini wis ora kuwat ngempet nesune "arep nyekel maling sing mara neng omah kok ngenteni nek malinge wis nggawa mlayu barang sing arep dicolong ta Yok? Sing bener nek ana wong mencurigakan arep meksa mlebu omah kanthi cara sing ora bener, ya ndang dicekel wae. Nek perlu di ya dithuthukne kenthongan ben digebugi wong akeh. Omonganmu sing njaluk bukti ngono kuwi blas gak tinemu nalar Yok".
"Aku wis mbuktekne mBak" Tiok mangsuli omongane Hartini karo suwara padha serenge "petung utawa teori panjenengan kuwi luput lan ora ana buktine. Biyen Panjenengan ngarani nek olehe Karmini seneng karo Bagus kuwi merga Karmini dingge alat dening Mak Jiyah supaya bisa melu ngeret bandhane wong tuwane dhewe. Nyatane? Dudu bandhane Bapak lan Ibu sing dikeret Mak Jiyah, nanging malah putrane Bapak karo Ibu sing ragil banjur diopeni dening Mak Jiyah........"
"Mau aku rak wis omong ta Yok?" Hartini nigas gunem "Jiyah Tledhek kae ora kasil nggunakne carane olehe arep ngeret bandhane wong tuwane dhewe, kuwi merga ana aku!. Upama aku ora kukuh malah blendra-blendre kaya Evie utawa awakmu, bisa uga bandhane Bapak karo Ibu diowat-awut Bagus ngge nuruti senenge bojo karo mara tuwane......".
"Dadi Panjenengan rumangsa wis bisa nylametne bandhane Bapak lan Ibu?" Tiyok genti nugel rembuge Hartini, karo ngguyu ngece Tiok banjur guneman "kuwi kuwalik mBak, dudu Bagus sing ngorat-arit bandhane wong tuwane dhewe, nanging bageyane Bagus sing nganti saiki isih panjenengan dhekemi sakarep panjenengan dhewe, lan merga Bagus mesakne marang Panjenengan Bagus milih meneng wae. Sing seneng melik bandhane liyan nganggo cara ora bener kuwi kenek dibuktekne nek dudu Bagus, dudu Karmini lan uga dudu Mak Jiyah. Nanging panjenengan sing ora duwe isin, ndhekemi bandha sing kudune dadi duweke Bagus nanging malah panjenengan kuwasani".
"Omonganmu sansaya suwe kok sansaya ngabangne kuping ta Yok? Aku iki mBakyumu, gantine wong tuwamu? mBok anggep apa aku? He?" Hartini nggetak Tiok karo suwara banter.
"Ora tak anggep apa-apa" wangsulane Tiok atos "dianggep gantine wong tuwa kuwi nek kelakuwane bener, nek mung butuh menang dhewe ngono kuwi, sapa sing sudi ndhaku nek gantine wong tuwaku, wong tuwaku ora seneng nasar ngono kuwi kok".
"Wis, wis Dhik...." Harmana banjur nengahi suwarane digawe sareh "dicukupne semene wae olehe rembugan dina iki, nek dibacutne malah sansaya ora becik kedadeyane. Sesuk utawa kapan-kapan wae, nek wis padha adhem bisa ditutugne. Saiki aku karo mBakyumu tak bali dhisik, neng omah aku karo mbakyumu ben ngedhemne pikir, lha Dhik Tiok tak jaluk ya padha, penggalihe dileremne dhisik. Mengko nek wis padha lereme, rak banjur oleh solusi sing becik kanggo ngadhepi masalah iki".
Tiok ora semaur. Harmana banjur genti ngomong marang bojone :
"Wis Mah, ayo saiki bali nata lan nentremne ati sarta pikiran dhisik".
Harmana ngadeg, ngethungne tangane ngajak salaman Tiok. Tiok nampani, wong loro banjur salaman. Harmana banjur nggandheng tangane Hartini, diajak metu. Hartini ora semaur, lambene mecucu, nanging ya banjur manut, ngetutne bojone. Tiok isih lungguh neng kursine, tangane kumlawe nyandhak teh botol neng ngarepe, banjur disedhot nganti entek resik ora ana sisane. Karo nyelehne botol sing wis kothong, Tiok kober nyawang Teh Botol sing mau disuguhne dhayohe, kabeh isih wutuh ora ana sing ngombe.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar