cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang.
31.
Sore kuwi hawane seger, dhasare terang ora udan, langite resik ora ana mendhung sethithik-sethithika sing gumandhung neng langit, rembulan tanggal pat belas katon bunder ing cakrawala sisih wetan sumunar padhang, mimbuhi endahing kahanan sore kuwi. Neng omahe, Bagus lagi wae rampung nindakne sembahyang maghrib sing mau wis rada kasep olehe nindakne merga mau ngeterne Lindha anake Pakdhe Sakat, tanggane, menyang nggone Bu Bidan Parti, arep babaran. Lagi wae Bagus metu saka kamar pasalatan, Karmini wis ngenteni lungguh neng kursi sing padatan dilungguhi nek karo mangan. Neng ngarep kursi sing kulinane dienggo lungguh Bagus, wis cemawis wedang kopi sing isih panas.
"Wau pripun Mas? Langsung saged ditangani kalih Bu Bidan?" Karmini nakokne Lindha sing lagi wae diterne Bagus nganggo angkudese menyang Bidan "Wau kula nggagas, atake bayine lahir teng dalan lho.....".
"Ora kok" wangsulane Bagus karo mapan lungguh ngadhep kopine "bar munggah angkudes mau let sedhela, banjur ora sambat maneh, ndelalah nggon bidhanan lagi sepi pasien, dadi ya banjur ditangani ngono wae. Pas aku mangkat mulih mau, Karsana teka mesthine Lindha ya mundhak ayem wong wis ditunggoni sing lanang".
"Nggih sokur ta Mas nek Karsana nggih empun dugi, dados mBokdhe Sakat enten sing ngrencangi nyemangati anake, wong nggih Lindha niku babaran pisanan" kandhane Karmini nanggapi wangsulane Bagus.
"Kwalik, sing ngrewangi kuwi Yu Sakat, wong sing arep lahir ki anake Karsana kok"
"Nggih ndhe......." Karmini ngguyu karo ngadeg arep njupukne piring Bagus kanggo mangan.
"Aku ora mangan, wetengku isih wareg" kandhane Bagus menging bojone njupuk piring "wong olehku mangan sukun olehe nggoreng mBahe mau rada kakehan, mengko wae nek wis krasa luwe tak mangan".
"ngGih empun nek ngoten" Karmini nyauri "kula nggih taksih wareg kok".
"Lha Arka karo Indri mau apa jik neng Masjid?" Bagus genti nakokne anak-anake.
"Nggih, sajake kepanggih kanca-kancane, tiang dangu boten wangsul, mesthine nggih lajeng jagongan riyin" wangsulane Karmini.
Pancen anak-anake Bagus kuwi sanajan wis manggon neng kutha gedhe, nanging nek wayah bali utawa endhang omah isih ajeg olehe sembahyang neng Masjid. Ora ngetok-ngetokne dumeh wis dadi wong kutha, nek wayah ana omah ya mbalik kaya jaman isih cilik mbiyen, ngumpuli kanca-kancane jaman isih cilik.
Ora let suwe bocah loro kuwi wis bali, kaya padatan banjur nyalami lan ngambung tangane bapak-e.
"Benjing siyos lho Bapak" bubar ngambung tangane Bapake Indri kandha menyang Bagus.
"Sing sida apane?" Bagus takon.
"Criyose sowan Eyang Putri ?" wansulane Indri ngelingne Bapak-e "Indri thik ajrih neh Bapak, mengke gek didukani kalih Eyang?"
"Aku ya wedi kok Dhik" Arka sing ana sandhinge Indri numpangi rembug "aku jik njit-njiten nek weruh omah kae, biyen jaman isih SD aku tau dolan nganti tekan kana kae, pas aku mandheg merga arep mbenakne sandhal jepitku sing ucul klampene, dumadakan digetak banjur disrengeni wong wedok saka njero pager, dikira arep nyolong pelem sing wohe mangklung nyang ratan. Tekan saiki janji kelingan aku isih ndhredheg lho. Pripun Bapak?".
"Ya sesuk ben dikancani Ibumu" wangsulane Bagus karo mesem "wong wedok sing nggetak kowe kae asmane Budhe Tien, mBakyune Bapak, wis ora manggon neng kana, saiki daleme cedhak prapatan Sambireja. Sesuk kowe cah loro boncengan wae, lha Ibumu bareng Bapak kaya adate ngana kae".
"Nggih Bapak" wangsulane Indri karo Arka meh bareng.
"Jane wis suwe banget Eyangmu ngersakne ketemu karo kowe bocah loro, nanging Bapak kadhung janji karo atine Bapak dhewe, nek olehe arep nepungne putra-putrane Bapak menyang Eyange kuwi nek putra-putrane Bapak wis dadi wong pinter. Saiki janjine Bapak arep ditepati, merga Arka wis lulus S3 lan Indri wis lulus S1 lan isih arep nerusne maneh".
"Inggih Bapak" Arka sing wangsulan "nggih mugi-mugi kula boten nemen-nemen damel kuciwanipun Eyang".
Bareng anak-anake wis padha ngalih, Karmini banjur alon-alon kandha marang bojone :
"Kangge uba-rampe mbenjing-enjing niku nggih mpun kula cawisne kok Mas".
"Uba-rampe apa maneh kuwi?" Bagus takon semu gumun.
"Namine nggih wong jawa Mas" Karmini wangsulan "jenenge putu nembe pisanan badhe sowan eyange, nggih saene mbeta punjungan, Panggang Buceng jangkep. Ndelalah kala wau enjing, Ibu ngendika dhateng kula menawi kangen kepengin dhahar sekul gudhangan kaliyan ayam panggang".
"Lhah nek ngono ya kudu nyembeleh ayam dhisik no?" Bagus takon maneh.
"Inggih, punika sampun wonten, benjing subuh ajeng ditandangi Mak-e piyambak, Mak-e rak sampun kondhang nek pinter masak ayam panggang ?" Karmini wangsulan "Mak-e niku rumaos remen, lare-lare dipun timbali marak Eyange, mila wau meh sak siyang Arka lan Indri diwejang caranipun ngabekti dhateng Eyangipun ingkang taksih trahing kusuma rembesing madu, sampun ngantos damel lingseme Bapakipun. Gandheng Arka sak niki sampun gadhah pengasilan piyambak, kalih mBahe dikandhani boten ketang namung sakedhik Eyangipun murih dipun caosi bulu bekti woh anggenipun makarya, awit anggenipun Arka saged kasil dados Dosen niku, salah satunggalipun inggih jalaran saking donganipun para sepuh".
Bagus meneng sedhela gagasane rumangsa eram marang alusing rasa sing ana atine maratuwane, Mak Jiyah, wong ndesa sing prasaja jebul nduweni jiwa sing mulya. Tansah ngandhani marang anak putune murih bisa dadi wong sing becik.
"Lha Arka ki sasuwene iki tau nyaosi dhuwit apa liyane marang mbahe kene apa ora?" Bagus nakoni Karmini sawuse meneng sedhela.
"Putrane panjenengan niku rak wiwit alit mila langkung caket kalih mbahe ta Mas?. Saben-saben Arka wangsul tilik griya ngoten nika, boten ketang sakedhik Mak-e niku mesthi dicepengi arta. Lan ajeg, Arka niku nek angsale dugi griya sonten ngoten nika, enjinge mesthi dhateng peken, tumbas Suruh gambir piyambak kangge kinangan mBahe" wangsulane Karmini karo nyritakne pakulinane Arka marang simbahe.
"Ya sokur ta nek ngono" kandhane Bagus sabanjure "lha Arka omong awakmu apa ora, perkara olehe ngandhani simbahe kuwi?".
"Criyos Mas, waune Arka radi bingung pinten anggenipun ngisi amplop kagem Eyange, nanging siang wau larene medal, wangsule sampun mbeta sesupe mas kawan likuran gangsal gram, angsale tumbas teng nggene Semar, criyose badhe dipun aturaken Eyange" wangsulane Karmini.
Saka Masjide Kyai Anas wis keprungu swarane wong adzan, aweh tengara yen wektu kanggo sembahyang ngisak wis teka. Bagus mudhun saka kursi, mlaku menyang kamar pasalatan arep njupuk sajadah. Metu saka kamar pasalatan wis dienteni Arka sing uga wis kalungan sajadahe, arep budhal sembahyang ngisak neng Masjid.
"Indri ngisakan teng griya mawon Bapak" Indri metu saka kamare karo ngomongi bapak-e "mengke jama'ah kalih Ibuk lan mBahe".
"Iya, ngono ya luwih becik" wangsulane Bagus karo mesem, banjur mlaku metu ditutne Arka budhal menyang Masjid.
Karmini nguntabne nganggo panyawang, atine mongkog, Arka, anake lanang ketok gagah pideksa pawakane mirip karo pawakane Bapake.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar