cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang.
32.
Bu Asper sanadyan wis sansaya sepuh nanging isih sehat lan isih ethes, pasuryane ketok bingar mratandhani yen lagi karenan ing penggalih. Putune sing wiwit lahir nganti tekan saiki wis padha dadi diwasa kabeh, lagi iki sungkem lan ngabekti marang panjenengane. Luwih rena malih bareng Bu Asper pirsa yen Arka karo Indri sing mung anake Karmini, pranyata luwih duwe tata krama sing jangkep tinimbang putu-putu liyane. Dhasar putu loro kuwi sing siji bagus pideksa sing siji ayu merak ati, sing siji lungguh timpuh neng sisih tengen sing siji neng sisih kiwane kursi sing dilenggahi Bu Asper, ndadekne Bu Asper sansaya rumangsa mongkog sajroning penggalih. Andilalah, pas Arka karo Indri sowan neng daleme Eyange, Pantara anak ragile Evie, sing isih Kuliah neng Madiun uga ngepasi sanja tilik eyange, anake Sri Hartini sing siji, sing jenenge Eva, sing kuliahe uga neng Yogya, nanging ora neng UGM, ya lagi pas dolan mrono. Putu-putune Bu Asper sing dudu anake Bagus kuwi padha olehe durung tepung karo Arka lan Indri sing isih sedulur nak dulure kuwi. Kabeh lungguh neng kursi ruang tengah sing jembar, kajaba Arka lan Indri sing pilih lungguh timpuh nyedhaki eyange.
"Jane sing kebangeten kuwi ya Bapak karo Ibumu kok ngger" ngendikane Bu Asper marang Arka lan Indri sing lungguh timpuh neng ngisor sisihe kursine Eyange "Eyang iki wis suwe bola-bali dhawuh menyang Bapakmu supaya ngajak kowe bocah loro mrene, Eyang kepengin banget bisa kepethuk. Nanging lagi saiki pepenginane Eyang kuwi bisa kasembadan".
"Inggih Eyang" Arka matur caos wangsulan "kula piyambak estunipun inggih sampun dipun dhawuhi kaliyan Bapak, nanging gandheng kaliyan kawontenan dereng marengaken, nembe dinten punika kula kaliyan adhik saged sungkem dhateng Eyang. Inggih keng wayah nyuwun pangapunten Eyang".
"Iya, wis tak ngapura sadurunge kowe nyuwun pangapura" wangsulane Bu Asper karo ngelus sirahe Arka "sak jane repotmu kuwi rak ya merga sekolah kuwi ta?".
"Injih Eyang, saupami sekolah kula caket ngaten kemawon, mbok menawi saged dipun padosi sela-selanipun, lha murugaken sekolahipun Arka kaliyan Indri rak dhateng Yogya ta Eyang? sareng rampung saking Yogya, Arka inggih boten nunten saged wangsul dhateng Kedunggalar, awit lajeng sekolah dhateng Nagari Walandi lan nembe wangsul antawis setunggal tahun punika, lajeng nata padamelan. Meh sami kaliyan Indri Eyang, wulan ngajeng punika Dhik Indri, awit saking pangestu tuwin pandonganipun Eyang, badhe bidhal dhateng Nagari Walandi nglajengaken sekolahipun" wangsulane Arka rada dawa merga gawe pawadan marang Eyange.
"Dadi awakmu kuwi olehe sekolah neng negara Walanda kana? saiki wis rampung? banjur Suk sai ngarep genti adhimu sing nerusake sinaune ya negara Walanda kana?" Bu Asper ndangu Arka karo suwara keprungu rada kaget.
Tiok sing kabeneran lagi metu saka kamar, krungu pitakone Ibune marang Arka sing keprungu rada kaget kuwi, banjur nyaut :
"Leres Bu, Wayahipun Ibu ingkang sekolahaipun ngantos dumugi Leiden, punika nembe anakipun Bagus kemawon. Wayahipun Ibu, Arka niku sinau ing babagan Wet lan sampun pikantuk gelar Doktor, lha nek wayahipun Ibu si Indri niku, badhe sinau ing babagan Sastra Jawa ugi ing Leiden Walandi mrika".
"Alhamdulillah.........." Bu Asper nyebut asmane Gusti Allah, socane kembeng-kembeng "awit Adile Gusti Allah, papa cintraka sing ditampa dening Bagus lan Karmini kanthi lila lan legawa, wis oleh piwales saka Sing Maha Kuwasa. Pancen bener yen sepira gedhening sengsara yen tinampa kanthi lila legawa bakal nurunake nugraha".
"Kasinggihan Eyang" Arka alon-alon caos wangsulan.
"Sing ana kene kuwi kabeh sedulurmu tuwa, Arka karo awakmu Indri" Tiok ngandhani Arka lan Indri, banjur ditutugne nganggo pitakonan "Wis padha ngerti jenenge apa durung ?" .
"Dereng Pak Puh" Arka karo Indri wangsulan bareng.
"Karo sedulur-sedulure iki padha durung tepung?" Bu Asper ndangu semu rada gumun, banjur paring dhawuh "ayo saiki, kana Arka karo Indri, kana padha nepungake marang Mase karo mBakyune kana".
Arka karo Indri banjur ngambung jengkune Eyange, nuli padha ngadeg nyedhaki papan lungguhe Eva karo Pantara. Arka neng ngarep ditutne Indri.
"Dipun tepangaken Mbak, kula Arka" kandhane Arka karo ngethungne tangane ngajak salaman Eva.
"Karo sedulur sing tingkatane padha, ora sah ndadak nganggo basa-basanan, marahi kurang akrab" Tiyok sing isih ana kono kandha maneh "ayo dibaleni, gak sah nganggo basa, ngoko wae".
"Inggih Pak Puh" Arka wangsulan, banjur mbaleni tembunge marang Eva "Iya mBak, ditepungne wae aku sedulure sampean, jenengku Arka".
Eva nampani tangane Arka sing ngajak salaman, banjur takon menyang Tiok :
"Aku nek ngaturi piye Om? Mas apa, apa?".
"Kuwi adhimu Va" wangsulane Tiok karo mesem amba "Bapake Arka karo Indri kuwi adhine Ibumu sing ragil".
"Tapi aku luwih nom lho Om" wangsulane Eva " tak nyeluk Mas wae ya? Iya Mas, jenengku Eva"
"Tepungne mBak Eva" genti Indri sing nyalami "jenengku Indri, kayane aku sering weruh sampean neng Yogya ya?".
"Iya Dhik, aku ya kerep weruh sampean neng Yogya, ning ora ngerti nek sampean iku sedulurku, dadi aku ya ora nakoni" wangsulane Eva grapyak.
"Iya mBak, padha. Aku ya ngono, mBak Eva kuliahe Yogya neng Fakultas apa?" kandhane Indri marang Eva. Bocah loro kuwi wis ketok akrap, padha olehe ora ngerti nek wong tuwane padha satron ora gelem lorohan.
"Aku neng Agronomi Fakultas Pertanian UPN, Dhik sasi ngarep wisuda S1" wangsulane Eva "lha Dhik Indri dhek emben neng ngendi?"
"Aku njupuk Sastra Jawa neng UGM mBak, kuliahe kaum ekonomi lemah, he he he".
"Ya ora ngono Dhik, wong kuliah ki duwe pilihan dhewe-dhewe".
Arka banjur genti nyedhaki Pantara, ditutne Indri.
"Ditepungne aku masmu jenengku Pantara" Pantara ndhisiki ngomong karo nampani tangane Arka sing ngajak salaman "masiya ketoke umure akeh sampean, nanging awune isih luwih tuwa aku he he he".
"Bener Mas, aku adhik sampean, Arka" Arka wangsulan karo mesem.
"Aku ya adhik sampean Mas Pantara, jenengku Indri" Indri nrambul gunem.
"Arka karo Indri......" Bu Asper ndangu Arka lan Indri.
"Injih Eyang" bocah loro wangsulan bareng banjur nyedhak Eyange.
"Saiki kareben luwih akrab antarane padha sedulur, Arka, Indri, Eva karo Pantara padha lungguha sing kepenak banjur padha ngobrola neng kene........".
"Nyuwun pangapunten nDara Putri....." dumadakan rewange Bu Asper sing jeneng Rukiyem mara karo matur.
"Iya ana apa Yem?" Bu Asper mundhur pirsa.
"Kala wau kula rak kadhawuhan mbedhah punjunganipun Mas Arka kaliyan mBak Indri kunjuk Eyangipun, samangke sampun rampung lan sampun kula tata dhateng meja dhahar" Rukiyem ngaturake yen gaweyane wis rampung.
"Iya, iya nganti lali aku" wangsulane Bu Asper " Eva, Pantara, Arka lan Indri, ayo kabeh ndherekne Eyang nyang Meja Makan. Eyang ngersakne dhahar bareng karo putu-putune".
"Inggih Eyang, mangga kula dherekaken" sing mangsuli mung Arka dhewe, makili sedulur-sedulure.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar