cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang.
33.
Wong papat putune Bu Asper kuwi, sanajan lagi wae anggone padha tepungan, nanging wis ketok nek akrap. Eva anake Sri Hartini sing ragil kuwi ketok nek tansah kepengin cedhak karo Arka. Samono uga Pantara. Bocah loro kuwi gentenan olehe padha takon pengalamane Arka sing klebu durung suwe bali menyang Kedunggalar, sawuse rada suwe manggon neng negara Landa. Arka ya kanthi seneng, nyritakne lara lapane olehe kuliah sing wragad saka omah mung sarwa pas-pasan, malah kepara sok akeh kurange kuwi, nanging ya merga saking gedhene tekad lan ora kendhat anggone nyuwun pitulungan marang Pangeran, wekasan kasil ngrampungake kuliahe neng UGM lan sawuse oleh bea siswa banjur bisa nutugne kuliah menyang Leiden. Pantara lan Eva anggone nyemak critane Arka ketok nek serius banget.
"Dadi mBak Eva karo Mas Pantara ora perlu cilik ati" kandhane Arka ing sela-selaning critane "bisa sekolah menyang ngendi-endi kuwi nek miturut panemuku, ora bisa dipisahake karo sing jenenge nasib utawa kabegjan. Kancaku sing, maaf, pas kuliahe uga ora pati pinter, saka Perguruan Tinggi swasta pisan, merga nasib sing becik saiki isih nutugne sekolahe menyang Luar Negeri kanthi bea siswa. Lha nek Mas Pantara utawa mBak Eva kepengin sekolah menyang Luar Negeri, nek eneng kesempatan, melu wae. Sing penting wani dhisik".
"Iya Dhik" Pantara nanggapi kandhane Arka "sing uga angel kuwi klebu olehe bisa oleh nasib becik kuwi mau lho".
"Lha sing ngatur nasibe manungsa kuwi rak Gusti Allah ta Mas?" Arka wangsulan "mula ben oleh nasib sing apik, kudu tansah nyuwun supaya kaparingan nasib sing becik disranani pambudidaya sing sakuwasane".
"Intine rak kudu sregep sinau dibarengi sregep ngibadah ngono ta Mas?" Eva genti takon.
"Bener mBak" wangsulane Arka.
"Perkara loro kuwi lho sing sok angel ditindakne" kandhane Eva maneh karo ngguyu "merga akeh kalahe karo godha sing teka".
"Lha sing nggodha sapa mBak?" Indri urun rembug nakoni Eva.
"Sing nggodha ya awake dhewe Dhik" wangsulane Eva "wiwitane kanggo selingan kuliah, banjur dolan karo pacaran. Lha suwe-suwe dolan karo pacaran kuwi malih dadi kabutuhan, banjur sekolahe dadi keganggu, kaya aku iki semester rolas lagi bisa rampung S1, he he he".
"Kuwi lumrah mBak" Arka nyauri wangsulane Eva menyang adhine "ya merga saka anane godha kaya sing sampean kandhakne mau, aku banjur ngerti nek tinitah urip dadi anake wong ora duwe kuwi ora kudu digawe susah nemen-nemen, upama aku dudu anake wong ora duwe kira-kira mbuh bisa kasil tutug kuliahku mbuh ora".
"Kok ngono Dhik?" Pantara nyela takon.
"Iya Mas, merga aku iki anake wong ora duwe, sing kerep wae kentekan dhuwit sadurunge kiriman saka omah teka, tujune aku, uga adhimu Indri kuwi, gedhene bea siswa sing ditampa sok luwih gedhe tinimbang jatah saka omah. Merga kahanan sing sarwa cingkrang kuwi, meksa aku ora bisa dolan kaya kanca-kancaku merga ora duwe wragad kanggo saba Mall, blanja sandhangan, mlebu restoran.... lan ora tau pacaran, merga ora ana cewek sing gelem dadi pacare, he he he" Arka mangsuli pitakone Pantara "lha hiburane banjur sinau, ngaji lan mengadu kepada Tuhan".
Jagongan karo sedulur sing lagi sepisan ketemu pancen nyenengake. Ora krasa wektune wis sansaya awan. Arka karo Indri banjur matur Eyange, pamitan arep bali, merga awan kuwi Arka ana gaweyan, wingi dijaluki tulung Ketua Takmir Masjid supaya aweh Pembinaan marang Remaja lan Pemuda Masjid cedhak omahe kae.
"Ya nek pas bali ngana kae padha langna dolan mrene" ngendikane Bu Asper marang Arka lan Indri nalika bocah loro kuwi pamitan "Eyangmu iki wis sansaya sepuh, nek ora kerep padha diendhangi bisa-bisa kaselak Eyang kapundhut sing kuwasa, kowe durung kober sowan".
"Inggih Eyang" wangsulane Arka "dhawuhipun Eyang badhe kula estokaken, nanging keng wayah boten kendhat saben bakda sembahyang tansah ndedonga dhateng pangeran supados Eyang kaparingan panjang yuswa, lestantun momong lan anenggani wayah lan buyutipun, sokur ngantos dumugi canggah lan wareng".
Sadurunge bali Arka lan Indri ya isih kober pamit marang Pakpuh Tiok lan Budhe Vero sing lagi padha nunggu Tokone. Dipamiti ponakane, Tiok lan Vero rumangsa marem lan mongkog dene duwe ponakan sing pinter-pinter, sing tetep ngenggoni jiwa satria, bekti marang wong tuwa lan tresna asih marang sasama.
Sapungkure Arka lan Indri, Pantara karo Eva ya banjur padha bali. Pantara bali menyang Madiun, wong pancen omahe Evie kuwi Madiun. Nek omahe Eva rak ora pati adoh saka daleme Eyange. Karo mlaku nggelak sepedha motore, Pantara isih ngangen-angen karo apa sing dikandhakne Arka, yaiku urip neng ngalam donya iki kena diupamakne kaya wong neng ratan gedhe sing rame, ora kena mandheg nek ora kepengin ketabrak saka mburi, ora kena alon satitahe, nek ora kepengin ditinggal kancane, kudu cukat, trengginas lan cekat-ceket sarta ora tinggal kawaspadan lan kaprayitnaning batin.
Beda karo sing digagas Pantara karo mlaku ngono kuwi mau, sawuse tetepungan karo Arka lan Indri sing jebul isih sedulure, ana rasa seneng sing ngisi jero dhadhane Eva. Rasa seneng nalika mau omong-omongan karo Arka, krasa luwih marem maneh nalika Eva weruh nek lagi digatekne dening sedulur nak dulure kuwi. Ora ngerti sebabe, Eva rumangsa durung tutug lan isih kepengin luwih suwe maneh anggone sesandhingan, jagongan lan guyon karo Arka. Nanging, gandheng mau Arka luwih dhisik pamitan merga ana gaweyan sing kudu ditandangi, kapeksa kanthi rasa sing abot Eva ya banjur melu pamitan.
"Lhah, kleru sak sretan iki mau" dumadakan karo nyetir sepedha motore Eva grenengan dhewe "jathuka aku mau rak melu Mas Arka karo Dhik Indri wae? ben weruh omahe. Ah, wong kuwi nek pikirane dhedhel ya ngene iki......".
"Nanging ya ora dhing" olehe grenengan Eva disauri dhewe "dolan nyang omahe ki ya arep banjur ngapa? wong mau Mas Arka matur Eyang neng jare arep menehi pembinaan Remaja Masjid ngono kok? Upama wonge ora ana kegiatan ngono, dolan menyang omahe kira- kira ya nyenengake".
Batine Eva ora leren-leren olehe nggagas Arka. Tepungan karo Arka ing daleme Eyange mau, bener-bener wis nggeret kawigatene, ana rasa aneh sing nggremeti pangrasane. Rasa sing endah kaliwat endah. Ing atine Eva kaya tuwuh kembang mawar sing lagi mekar, warnane biru sing nyebarake ganda wangi mangambar-ambar. Nganti tekan omah lan markir sepedha motore, rasa seneng isih ngrenggani atine Eva, temah nuwuhake cahya bingar sing sumunar ing praupane.
"Lha kowe mau jare niliki eyangmu ta Va?" Hartini, Ibune Eva, takon, bareng weruh nek sing mlebu lan markir sepedha motor neng garasi kuwi anake wedok sing ragil.
"Iya Mah, lagi wae" wangsulane Eva cekak. Sri Hartini weruh ana ulat bingar sing sumunar ana praupane anake.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar