cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
34.
Bar markir sepedhane Eva ya banjur arep mlebu omah, Hartini sing weruh owah-owahan ing ulate anake wedok sing ragil kuwi banjur nututi mlebu. Hartini wis ngira mesthi ana bab-bab sing wis gawe seneng atine Eva ing daleme Eyange mau. Merga Hartini ya ngerti nek wis ana rong minggu iki anake wedok kuwi saben-saben mung nuduhne polatan sing suntrut. Lan nalika Hartini nyoba nakokne kabar kanca akrape Eva sing dhek emben kerep telepon, wangsulane Eva keprungu ora pati kepenak.
"Embuh Mah, gak sah takon perkara Fredi. Aku wis gak tau caturan karo bocah ora anteban kae kok" wangsulane Eva nalika iku.
"Ora anteban piye ta?" Hartini nguber pitakonan.
"Ya ngana kae neh" wangsulane Eva "wis ra sah ngrembug cah kae, marahi ngundang emosi wae".
Merga saka omongan kuwi Hartini banjur duwe dudutan nek anake wedok wektu iki lagi kapedhotan tresna karo pacare. Mula ya ora maido nek banjur duwe polatan suntrut, apa-apa sarwa ora kebeneran, kerep salah tampa karo sapa wae. Merga kepengin anake oleh panglipur, Hartini banjur kongkonan Eva supaya niliki Eyange, ngiras ngeterne Roti Kismis sing kulina dadi pakaremane Ibune. Maune Hartini arep ngajak sing lanang niliki Ibune, nanging merga isih pegel karo Tiok, akhire ora sida lan banjur kongkonan anake wedok sing cilik dhewe kuwi. Mau batine Hartini ya kober ndhengarekne anake, Eva kuwi nek niliki Eyange padatan ora suwe ya banjur bali, nanging iki mau wiwit esuk nganti awan kok durung tekan omah maneh, Hartini kober duwe pangira nek Eva mampir menyang papan liyane sawuse niliki Eyange.
"Lha kok nganti yahmene, mau kowe mampir nyang ngendi ta Va?" Hartini nakoni anake. Eva sing wis arep mlebu kamare, noleh menyang Mamahe banjur nyedhak, mapan lungguh neng kursi karo semaur :
"Ora mapir neng ngendi-endi ki Mah?. Mau karo Eyang didhawuhi maen neng kana barang, Eyang bar nampa punjungan sega kulup karo panggang ayam, terus kabeh didhawuhi maem bareng-bareng. Dhik Pantara mau ya neng kana kok".
"Pantara dhewe apa karo ibune?" Hartini takon maneh.
"Dhewe, jarene Tante Evie karo Om Bambang Sugeng lagi nekani kondangan neng Graha Maospati" wangsulane Eva.
"Lha Eyangmu rak ya sehat ta?" Hartini ngabarne kesehatane Ibune.
"Sehat banget kok" wangsulane Eva sing banjur takon perkara seje : eh, mah ? Nikah karo sedulur sepupu kuwi apa oleh ta ? kok kancaku mau ngabari nek arep menikah karo sedulur nak dulure?".
"Ya oleh wae, waton padha senenge" wangsulane Hartini "sapa sing arep nikah karo sedulur nak dulure?".
"Kancaku, Si Fredi sing dhek emben kober ditakokne Mamah kae neh, jarene arep rabi karo anake budhene, budhene ki mbakyune bapake" Eva wangsulan karo ngarang crita.
"Fredi arep nikah? Lha kowe thik malah ketok seneng ngono neh? rumangsaku Fredi kae rak akrap banget ta karo kowe?" Hartini nakoni anake sing isih katon gembira atine.
"Iya Mah" wangsulane Eva karo mesem "Fredi kae pancen akrap karo Eva, nanging dudu apa-apane Eva. Nanging Eva ya melu seneng nek Fredi wis ketemu karo jodhone, sing jebul nak dulure dhewe. Sapa ngerti Eva suk emben jodhone Eva ya sedulur nak dulure dhewe kaya si Fredi?".
"Hus!" Hartini nyentak anake wedok "omong kok angger wae, Nak dulurmu kuwi sing lanang mung Pantara kae, gek Pantara ki umure adoh sangisormu, ya ora mungkin. Lha anake Om Tiok ya mung sitok, Pramesthi kae thok. Arep Nak dulur sing endi maneh?".
"Lha adhike Mamah sing ragil sing jarene Om Bagus kuwi Mah? Om Bagus duwe anak lanang apa ora? Marahi Eva ki ya durung pati ngerti lho karo Om Bagus ki, apa maneh karo anak-anake" Eva mancing Mamahe.
Krungu anake wedok nyebut-nyebut jenenge Bagus, sakala Hartini kumat nesune. Kelingan karo olehe wis padu karo Tiok wingenane. Kelingan olehe wis digawe wirang dening Karmini merga diumbar mbranggang neng emper omah lan ditinggal Karmini mlebu banjur ngancing lawange. Lha kok iki malah Eva, anake wedok, nyela-nyela nakokne Bagus duwe anak lanang apa ora. Apa kira-kira Eva ya wis krungu nek Arka anake Bagus lagi "bermasalah" karo Bandana adhike Ipe? Nek nganti Eva bisa ngerti berarti kuwi mesthi saka Tiok. Hartini saya nemen nesune.
"Ngapa kowe ndadak nyebut jenenge Om mu sing ora keneng ditata kae?. Masiya Om Bagus kae putrane Eyangmu, nanging mungguhe Mama kae wis dudu adhine Mama maneh. Najanta jarene Ommu Tiok utawa Tantemu Evie, Om Bagus kae sedulure sing paling apik lan Eyangmu ngarani nek kae anak sing bekti marang wong tuwa, ning kanggone Mamah,Om Bagus kae tetep menungsa sing wis ngorek-orek asmane wong tuwane Mamah, wong sing wis ngreged-ngregedi kaluhurane kulawarga Surya Gutaman. Ngerti?" tembunge Hartini wis keprungu sereng neng ngarepe Eva, anake wedok sing ora ngerti masalah antarane wong tuwane karo Pakne cilik sing jeneng Bagus lan duwe anak lanang sawijining Doktor lulusan Luwar Negeri kuwi.
"Sik ta Mah" Eva sing rumangsa disenggrang karo tembunge Mamahe banjur guneman "Eva ki luput apa ta karo Mamah? Kok ujug-ujug Mamah ndukani Eva iki? Eva ki ora mudheng antarane Mamah karo Om Bagus kuwi enek masalah apa? Eva sing dingerteni ya mung Eyang kuwi sayang banget marang Om Bagus, Om Tiyok ya sayang karo Om Bagus, nek Tante Evie kepriye Eva ora ngerti. LHa nek jebul Mamah ora seneng karo Om Bagus, Eva rak ya ora weruh ta Mah? Eva mung matur Om Bagus kuwi kagungan putra lanang apa ora? ngono wae kok Mamah terus duka, iki rak ora lucu ta Mah?".
"Pancen dudu pelawak kok, kon lucu" wangsulane Hartini isih karo suwara sereng "kowe didubluki apa wae karo Ommu Tiok mau?".
"Mamah iki kok malah ngatut-ngatutne Om Tiok barang, lho? pitakone Eva iki mau ora ana sambung rapete karo Om Tiok, Mah?" Eva mbalik takon marang Mamahe.
"Kowe kuwi bisa nampa pitakone Mamah apa ora? Mamah iki takon, Om mu Tiok crita apa wae marang kowe sing ana gandhengane karo Om Bagus? Ditakoni wong tuwa kok ora enggal wangsulan malah mbulet tekan ngendi-endi!" Hartini sansaya sereng suwarane.
"Mamah dhewe sing mbulet!" Eva semaur karo suwara sing wiwit dhuwur "Om Tiok kuwi ora kandha apa-apa nyang Eva sing eneng gandheng cenenge karo Om Bagus".
"Eva?!?" Hartini nggetak "kowe wis wani ora jujur ya karo Mamah?".
"Ora jujur piye ta Mah?" Eva wiwit prembik-prembik arep nangis "sumpah demi Allah, Eva kuwi omong apa eneke. Om Tiok ora crita apa-apa menyang Eva, nek Mamah ora percaya ya wis, terserah Mamah!".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar