Total Tayangan Halaman

Kamis, 11 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 40

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih 


40.

Kandhane Eva sing rada dawa lan keprungu cetha kuwi genah nek nuduhne tembung-tembung sing diucapne mung awewaton nalar sing resik, wohing pikir ing alam sing wis mardika lan kritis. Karmini olehe nampa ya biasa wae, pancen nek dinalar benere pancen kaya sing dikandhakne Eva kuwi, nanging panemu sing ngono kuwi sok isih ana sing ora bisa nampa, jalaran isih dianggep panemu kang kemajon. Lan panemu sing beda ing babagan iki, ora kena dianggep luput salah siji.

 

"Ngene ya mBak Eva" kandhane Karmini ngati-ati "panemune mBak Eva ngono kuwi pancen ora luput, merga nek dipikir sing luwih jero maneh, kawulane Gusti Allah sing jeneng manungsa kuwi kabeh rak ya kulawarga kabeh, kabeh padha-padha turun saka Nabi Adam. Dadi embuh Landa, embuh Cina, embuh Arab utawa Jawa kuwi jane ya padha isih sedulur kabeh, wong padha-padha turune Nabi Adam. Nanging, ora bisa diselaki, sanajan mangkono iku akeh sing percaya, nanging ya akeh sing banjur nyelaki ing cak-cakane, banjur padha mbedak-mbedakne siji lan sijine, nut lan mekaring budayane dhewe-dhewe. Nanging Bulik duwe keyakinan, suwening suwe kabeh bakal nurut panemu kaya panemu sing didhawuhne mBak Eva ngono kuwi mau, nanging ya mbutuhne wektu sing rada suwe".

 

Eva ora enggal semaur, pikirane isih kanggo ngangen-angen apa sing dikandhakne Karmini kuwi. Menang-meneng Eva ngalembana cara mikire Karmini sing lagi wae dikandhakne kuwi mau. Ambak-ambak tata gelar Karmini kuwi mung wong ndesa sing prasaja, jebul wis duwe pikiran sing luwih wicaksana. Eva banjur eling, nek bener apa sing dikandhakne Karmini sing dhisik mau, yaiku anane kulawargane Om Bagus sing adoh karo Kulawarga putra-putrane Eyange sing liya, kuwi jarene Karmini mau merga kegawa saka bedaning trah. Nanging ya gene Eyange karo Om Tiok sajake ora masalahne perkara trah kuwi? ketitik Om Tiok karo Eyange wingi kuwi ketok cetha yen sikepe marang dheweke, uga marang Pantara ora beda sikepe marang Arka lan Indri. Dadi sing dikandhakne Karmini mau nek ora bener. Apa mung Mamahe karo Tante Evie sing duwe panemu nek drajate kulawargane Om Bagus luwih asor tinimbang drajate sedulur liyane? Iki genah nek sansaya luwih ora klebu nalar, mokal nek Mamahe lan Tante Evie isih ngingu panemu sing fedodalistik ngono kuwi, wong Mamahe lan Tante Evie kuwi ing tata panguripane ya lumrah-lumrah wae anggone srawung karo masyarakat. Apa bener yen olehe Mamahe ora cocog karo kulawargane Om Bagus kuwi merga saka kelakuwane kulawarga iki sing ora bener, banjur dening Karmini diplintir nek olehe didohi kulawarga liyane, merga gara-gara "trah" kanggo nutupi ala-alane?.

 

"Nuwun sewu Bulik" dumadakan Eva manek-manekne kandha marang Karmini, ketang anggone kepengin ngerti wewadi sing ngranuhi ing atine "wau Bulik rak dhawuh, menawi Mamah kagungan pamanggih menawi kelasipun kulawargane Bulik kaliyan kulawarganipun Mamah punika benten, nanging kok Om Tiok kaliyan Eyang boten ngoten? Kok pamanggihipun Mamah benten piyambak? punika kados pundi Bulik?".

 

Karmini mesem, batine wis ngira nek Eva kuwi kepengin ngerti sing dadi sebab sabenere perkara ora gathuke kulawargane Bagus karo kulawargane Sri Hartini.  Maune Karmini ora arep aweh wangsulan apa-apa ing babagan iki, Karmini kepengin Eva lan uga wong liyane ngerti jawabane ora saka dheweke. Nanging bareng diulur luwih dawa maneh, pikirane ngandhakne yen ora ana alane aweh wangsulan marang Eva, ben dienggo bahan pertimbangan karo kabar liyane, merga Karmini ya duwe pangira, kajaba golek kabar saka dheweke Eva uga golek kabar saka wong liyane, malah mbok menawa wae wis tau krungu crita ing babagan iki miturut versine wong tuwane.

 

"Kuwi critane rada dawa mBak Eva" kandhane Karmini marang Eva sabanjure "Apa mBak Eva kepareng mirengne critane sing rada suwe?".

 

"Mangga Bulik, saestu Eva kepengin ngertos saestu" wangsulane Eva.

 

"Ngene ya mBak Eva, sing arep diaturne Bulik iki mengko jumbuh karo sing dngerteni lan diweruhi Bulik, mbok menawa wae beda karo sing ngerteni utawa diweruhi dening liyane Bulik, merga diupamakne wong nyawang ngono, carane nyawang wong siji lan sijine bisa beda, lha endi sing bener? mBok menawa kabeh bener merga asile panyawang beda. Bisa ditampa bab iki mBak Eva?" Karmini miwiti aweh wangsulan marang Eva.

 

"Inggih Bulik, saged. Mangga dipun lajengaken Bulik" wangsulane Eva.

 

"Crita iki diwiwiti wiwit jaman biyen, jaman simbahe Indri ya wong tuwane Bulik isih nom. Wong tuwane Bulik kuwi gandheng kabeneran tinitahake dadi wong mlarat, mula kanggo nyambung urip apa-apa ya ditandangi. Wiwit golek godhong jati neng alas, gresek enthung, buruh ngasag, tandur kabeh ditandangi beteke kepengin bisa mangan. Kajaba gaweyan-gaweyan kuwi, simbahe Indri sing lanang, sing jenenge Karmin Bengkring kuwi duwe kabisan nabuh Siter karo nyebul Gong Bumbung lan mBahe Indri sing wedok, ya mbahe sing mau methuki mBak Eva dhisik dhewe, sing duwe jeneng Mak Jiyah, duwe kabisan njoged karo nembang . Mula ing sambi kalane nganggur, ngepasi gaweyan-gaweyan sepi, mBah Lanange Indri kuwi kerep wae nyambut gawe dadi panjak lan mBah wedok dadi Tandhak, sok ditanggap nek ana wong duwe gawe mantu utawa sunatan, sok ditanggap kanggo bersih desa lan uga kerep nek kabeh gaweyan sepi, mBah wedok kuwi amen turut dalan dadi Tledhek adol suwara, lha mBah lanang sing manjaki nganggo siter.  Jaman semana, jenenge gaweyan Tandhak utawa Tledhek kuwi, klebu gaweyan sing dianggep remeh, sing nadangi dianggep wong sing ora dwe wirang, lha wong gaweyane wae diarani mBarang, kerata basa saka ngumbar wirang. dadi wis lumrah nek meh saben uwong nyawang remeh marang Tandhak utawa Tledhek kuwi. Malah akeh sing ngarani nek Tandhak kuwi identik karo wong wadon palanyahan, wong wadon murahan".

 

Karmini leren sedhela olehe crita, nyandhak mangkoke sing mau digawa saka pawon, disendhok kanggo nelesi gorokane sing krasa garing.

 

"Karo mirengne Bulik crita, ya disambi ngunjuk barang mBak Eva, ben gak tegang" kandhane Karmini sawise nyendhok dhawete " karo kuwi jadahe diraksakne, jadah dilalapi tempe panganane wong ndesa".

 

"Inggih Bulik" wangsulane Eva karo nyandhak mangkoke "jadah dlawuhi tempe niku tibake eca lho".

"Saka kersane Gusti Allah, Bulik iki dilahirne dadi anake mBah Karmin Bengkring, ya anake Mak Jiyah. Dadi wiwit lahir Bulik iki wis duwe drajat sing asor miturut panyawange wong akeh, asor gawan lahir, merga dadi anake Panjak, anake Tandhak Tayub, Tledhek Amen lan sing luwih ora seneng malah ana sing ngarani...... nuwun sewu, Bulik iki anake Lonthe. Oleh julukan ngono kuwi, neng ati jane ya lara, lara banget, ora mung siji loro kanca-kancane Bulik sing seneng mbeda Bulik karo sebutan sing nglarani ati ngono kuwi, ora mung kancane Bulik sing sapantaran wae, nanging meh saben wong nyepelekne Bulik, kena diarani padha jijik lan gila nyawang wujude Bulik. Maune Bulik ya ora trima, neng batin ya protes, nganggep neng Jagad iki ora adil, merga lahir dadi anak tandhak kuwi dudu karepe Bulik, upama bisa milih kira-kira timbang dilahirne dadi anak Tledhek. Bulik luwih seneng milih dadi anake Priyayi Luhur sing uripe kajen keringan" Karmini meneng sedhela karo ngulu idu.

 

Indri sing uga krungu olehe crita Ibune, ora krasa yen luh-luh bening wiwit mili saka mripate, mudhun nelesi pipine.

 

 

ana candhake.  

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...