cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
39.
Eva banjur katrem jagongan karo Indri, dhasar umur-umurane pantaran, padha-padha kuliah neng Yogya. Dadi olehe jagongan bisa gayeng. Ora ngrembug perkara kuliah utawa ngomong kutha Yogya wae, nanging malah banjur ngrembug babagan kakulwargan, Ya gene antarane Arka lan Indri karo sedulur-sedulure padha - padha wayahe Eyange, lagi saiki olehe padha tepung ?. Kuwi wae isih winates mung Eva karo Pantara dhewe sing ngerti nek Arka karo Indri kuwi isih sedulure.
"Nek perkara kuwi aku ora ngerti mBak" kandhane Indri "wong olehku sowan Eyang kuwi ya lagi pisan dhek wingi kuwi. Lha maune dening Bapak aku ora dikeparengake sowan Eyang ngendikane durung wayahe ngono wae. Banjur Ibu ya ngendika nek aku apa Mas Arka kepengin sowan kuwi kudu ngenteni ana timbalan dhisik, nek wani sowan tanpa katimbalan bisa kuwalat. Ngono kuwi ngendikane Ibu menyang aku karo Mas Arka. Dadi aku karo Mas Arka ya ora wani padha sowan, bisane mung nek bar sembahyang ngana kae, ndongakne Eyang Kakung muga-muga neng kanane tansah diparingi berkah dening Gusti Allah, banjur ndongakne Eyang Putri supaya kaparingan sehat lan panjang yuswa. Merga Ibu ndhawuhake ngono kuwi, nek nganti aku kelalen karo Ibu ya banjur dikongkon mbaleni, wong saben-saben Ibuku kuwi mesthi ngecek, wis ndongakne Eyang-eyange apa durung".
"Ora mung kuwi Dhik" kandhane Eva nanggapi wangsulane Indri "Papah karo Mamah kuwi ya aneh, aku lan mas-masku ora ana sing tau ditepungne karo Om Bagus, Bapake sampean kuwi. Malah nganti saiki aku ki ya durung tau omong-omongan karo Om Bagus, luwih-luwih karo Bulik Bagus, Ibumu asmane sapa aku ya rung ngerti, wong kepethuk wae ya durung tau. Apa ora aneh?".
"Iya ya mBak? rasane kok ya lucu ngono ya?" wangsulane Indri karo ngguyu "aku karo Mas Arka ki ya padha karo sampean, malah kepara luwih nemen maneh, putrane Eyang sing tak tepungi ya mung Pak Puh Tiok karo Budhe Vero thok, nek Budhe Tien karo Budhe Evie kuwi, ngertiku ya mung winates neng asmane wae, priyayine sing endi aku ya durung tau weruh".
"Iya pancen aneh" Eva numpangi gunemane Indri "mau pas Dhik Indri kandha nek sowan menyang Eyang kudu ngenteni ditimbali dhisik kuwi wae aku wis gumun kok, mosok jenenge putu arep sowan eyange wae ngenteni ditimbali?".
"Nek kuwi aku ngerti sebabe mBak" kandhane Indri mangsuli pitakone Eva.
"Sebabe apa Dhik?"
"Ngendikane Ibuku, Kabeh kulawargane Eyang kuwi isih Trah Kraton, utawa Trahing Kusuma rembesing madu, kajaba kulawargane Bapakku. Amarga Bapakku kuwi duwe garwa wong lumrah, utawa kena diarani wong pidak pajarakan, gedibal sanga likur. Banjur aku karo Mas Arka kuwi dilebokne golongane Ibuku sing wong lumrah, ora kena sembarangan marang Trah Kraton. Nek nganti sembarangan bisa kuwalat".
"Walah, kuwi ya sansaya aneh" kandhane Eva karo gedheg-gedheg.
"Ayo mBak, dibaleni dhawete kuwi, nek entek mengko tak jupukne maneh, wong mau olehe nggawekne dhawet akeh kok" muni ngono kuwi Indri karo ngangkat mangko dhawete.
Dumadakan saka pawon keprungu suwarane wong omong-omongan rada banter. Indri ngerti kuwi suwarane Ibune sing lagi bali saka Pasar. Indri duwe niyat sedhela engkas arep mlebu nyang pawon, matur ibune nek sedulur nakdulure endhang mrene. Nanging ora sida, merga Karmini luwih dhisik metu menyang emper mburi, sawuse dikandhani Mak Jiyah yen Indri lagi njagongi dhayohe neng emper mburi. Karepe Karmini arep melu mbagekne, putrane Den Ayu Hartini kuwi.
"Bulik........." Eva sing luwih dhisik weruh nek Karmini metu saka pawon, ndhisiki aruh-aruh. Karo mudhun saka amben Eva nyedhaki Karmini ngethungne tangane ngajak salaman, kaya lumrahe wong nom marang wong tuwa, Eva ora rikuh-rikuh ya banjur ngambung tangane Karmini.
"Sami kasugengan sarawuhipun Den Rara" kandhane Karmini mbagekne Eva. Sing dibagekne kaget, banjur karo ngguyu, semaur aweh ngerti marang Karmini :
"Kula niki Eva, Bulik. Pulunane Bulik piyambak, dede tiyang sanes".
Karmini mesem krungu wangsule Eva sing keprungu grapyak semanak ngono kuwi, banjur wangsulane :
"Inggih, Inggih kula sampun dicriyosi simbahe Indri, menawi Den Rara Eva putranipun nDara Den Ayu Hartini rawuh mriki" .
"Inggih Bulik, kula Eva sanes Den Rara, mbok Bulik niku sampun damel kula rikuh lho" Eva semaur karo mesem manis "mosok kalih anake piyambak Bulik ki kok ndadak basa barang, sampun basa Bulik, boten sae niku".
"Ya wis" Karmini wangsulan uga karo mesem "Bulik kuwi wedi nek kwalat, nanging gandheng mBak Eva wis ndhawuhi supaya Bulik njangkar lan ora basa, Bulik ya manut, Bulik saiki wis ora basa karo mBak Eva".
"Lha, ngaten rak langkung sekeca" kandhane Eva karo mesem amba.
"Marahi mBak Eka olehe tindak mrene lagi iki mau, upama dhek wingi, Arka barang isih ana omah. Bocahe mau bengi bali menyang Yogya merga esuk iki duwe kuwajiban mulang, jarene" kandhane Karmini sabanjure.
"Kala wingi kula sampun panggih kalih Mas Arka kok Bulik" wangsulane Eva "teng daleme Eyang, sekenjing mbethet-thet kula jagongan kaliyan Mas Arka kalih Dhik Indri, nanging meksa rumaos kirang, milanipun enjing niki kula lajeng mriki".
"O, ngono critane?" Karmini nanggapi wangsulane Eva, banjur genti takon "nanging iki mau mBak Eva wis matur keng Ibu apa durung, nek arep dolan neng omahe Indri?".
"mBoten Bulik, Eva wau boten matur Mamah utawi Papah, namung matur nek badhe pepanggihan kaliyan kanca dhateng Kedunggalar ngaten kemawon. Wonten napa ta Bulik?" Eva wangsulan apa anane banjur dikantheni pitakonan ing mburu ukarane.
"Ya ora ana apa-apa" wangsulane Karmini "mbesuk maneh nek arep dolan mrene, utawa arep ketemu karo kulawargane Bulik, becike mBak Eva matur dhisik marang keng Ibu utawa Keng Rama, pareng apa ora. Bulik mung kuwatir nek mBak Eva didukani keng Ibu wae, ya muga-muga mengko ora nampa duka saka keng Ibu".
"Kok ngaten ta Bulik?" Eva takon suwarne ngemu rasa gumun "Mamah nika pancen sok radi aneh, asring duka, nanging mosok ta pulunan dolan neng nggone Bulik-e wae didukani?".
"Ya, muga-muga ora mBak Eva" wangsulane Karmini "mBak Eva durung pirsa wae, miturut panemune Den Ayu Hartini ya keng ibune mBak Eka, Bulik iki wong sing ora pantes cecedhakan karo kulawargane mBak Eva. Keng Ibu kagungan panemu ngono kuwi ya wis bener lan ora luput, merga anake wong sudra sempali, Bapake Bulik kuwi Panjak Siter sing ngiringi Tledhek Amen, lha Tledheke amen kuwi ya simbahe Indri mau".
"Nanging Bulik rak garwane Om Bagus? Om Bagus rak nggih putrane Eyang? Rayinipun Mamah? Kanthi makaten Bulik rak lajeng sampun mlebet kulawarganipun Eyang?. Kalih ngoten, napa ta Bulik bentenipun antawisipun trah ningrat kaliyan boten? rak nggih sami-sami manungsane ta niku? malah kula nate dicriyosi Dosen kula ingkang ndelalah taksih kalebet Sentana Dalem Kasultanan Yogya, bilih leluhuripun Para Ratu ing Sala lan Yogya, kalebet Mangkunegaran lan Pakualaman, punika tiyang tani ingkang babad wana Mentaok, lajeng ngagem asma Ki Ageng Mataram utawi Ki Ageng Pemanahan punika. Dados nggih boten wonten bentenipun antawisipun trah kraton napa boten. Rak nggih ngoten ta Bulik?" kandhane Eva nanggapi wangsulane Karmini sing dianggep ora tinemu ing nalar merga isih mbedak-bedakne asal-usul lan keturunane wong siji karo sijine.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar