Total Tayangan Halaman

Rabu, 10 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 38

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


38.

 

Esuk kuwi Eva sengaja ora matur bares marang Mamahe nek arep sanja menyang wetan kali, neng omahe Pakne cilik sing ragil. Nalika ditakoni Mamahe kok esuk-esuk wis manasi sepedha motor arep menyang ngendi, Eva mung wangsulan nek ana kencan karo kancane neng Kedunggalar, dijak ngrembug rencana Reuni karo kanca-kanca jaman sekolah neng SMP, sing kabeneran Eva didhapuk dadi panitiane.

 

"Eva budhal dhisik, mengko kira-kira baline rada awan Mah" kandhane Eva pamitan marang Mamahe nalika Hartini nguntabne budhale Eva saka garasi "wong sing dibahas ketoke ya rada akeh".

 

"Iya, sing ngati-ati" wangsulane  Hartini "mengko nek bar rapat terus dolan, ya Mamah di-WA, ben neng omah ora kepikiran".

 

"Inggih" saurane Eva karo nyetater sepedhane .

 

Pancen mau bengi Eva wis duwe karep kepengin weruh endi sing bener antarane kabar sing ditemu nalika nililiki Eyange, karo kabar sing digawa Papahe sawise mulih saka Geneng wingi. Lan kanggo ngerteni perkara kuwi, Eva arep mara menyang omahe Bagus dhewe kanthi pawadan dolan kepengin omong-omongan karo Indri, sedulur nak dulure kuwi. Kanthi mangkono Eva bakal luwih akeh bisa ngaweruhi kahanan sing sanyatane saka panguripan kulawargane Om Bagus. Eva dhewe ya krasa nek ing dhasaring atine wiwit kethukulan rasa seneng marang Arka, nanging pikirane Eva ya urip, nek jebul Arka kuwi kaya sing dikandhakne Mamah lan Papahe, Eva mesthi bakal munthes rasa tresna sing thukul neng dhasaring atine kuwi.

 

Ora nganti seprapat jam, sepedha sing digelak Eva wis menggok menyang platarane omah sing arep diparani. Kabeneran lawange bukakan, sepedha motor banjur diparkir neng latar cedhak emper, banjur mlaku nyedaki lawang, arep uluk salam.

 

"Muga-muga ora kleru omahe wong liya" Eva mbatin, mau pas takon marang sing duwe toko kulon kono kuwi, diwenehi ancer-ancer nek omahe Indri madhep ngalor, pagere pager urip saka tanduran wit bandhungan sing ditata rapi, banjur neng latar ana wite pelem jejer loro.

 

"Kula nuwuuuuun" Eva uluk salam karo ngadeg neng ngarep lawang, suwarane bablas mlebu menyang njero omah.

 

"Nggiiiiiih..........." ana suwara wangsulan rada adoh saka jero omah sisih mburi. Ora let suwe katon ana wong wadon sing rambute wis putih kabeh, metu saka omah.

 

"Nuwun sewu badhe kepanggih sinten nggih Nak?" wong wadon tuwa kuwi takon karo mripate nyawang Eva wiwit ngisor tekan dhuwur.

 

"Nyuwun pangapunten mBah" wangsulane Eva karo mesem "kula Eva, punapa Dhik Indri wonten dalem nggih ?".

 

"Wonten, wonten" Simbah tuwa kuwi semaur "O, Nak ayu punika kancanipun putu kula Indri? Mangga mlebet, pinarak rumiyin, Indri kula celuke, anu wau larene taksih mepe kumbahan dhateng wingking".

 

"Inggih mBah, maur nuwun" wangsulane Eva sing banjur mapan lungguh neng kursi ruang tamu.

 

Lungguh ijen neng kursi ruang tamu, mripate Eva kober namatne jeroane omah sing prasaja kuwi. Ora ana barang-barang mewah sing katon, najana ngono omah kuwi katon resik tumata ngresepake. Neng Lemari kaca sing dienggo wates antarane ruang jero karo ruang tamu, ana potone Arka dijejer -jejer karo potone Indri. Poto nalika Arka diwisuda ing UGM, karo poto nalika Arka kuliah neng Leiden, potone Indri uga pas wisuda. Eva namatne pasuryane Bapake Indri neng poto kuwi, mirip banget karo Om Tiok, mung bedane Bapake Arka ora duwe brengos. Nek Ibune Indri sanajan pacakane mung prasaja, nanging ketok nek wonge ayu.

 

"mBak....." merga lagi namatne poto-poto sing nemplek neng kaca lemari kuwi, Eva ora weruh nek Indri wis mara, sing banjur nyapa. Eva noleh, wong loro kuwi padha nyedhake, banjur rerangkulan kanthi akrap.

 

"mBak Eva ki kok ora WA dhisik nek arep tindak mrene lho?" kandhane Indri grapyak semanak.

 

"Marahi ya ora direncanakne Dhik" wangsulane Eva "wong iki mau spontanitas, ujug-ujug aku kok kepengin dolan nyang omahe Om Bagus, dadi ya banjur mrene ngono wae. Aku mau takon nyang sing duwe toko kulon kono kuwi, terus dituduhi omah iki".

 

"Mangga pinarak mBak" kandhane Indri ngacarani tamune "apa neng emper mburi wae? ben luwih santai? empane, kok neng ruang tamu, kaya karo wong liya wae, ayo memburi wae mBak".

 

Tangane Eva dicandhak banjur digandheng dijak mlaku memburi. Eva mung manut sing dadi karepe sing duwe omah.  Bener, kaya sing dikandhakne Indri, neng emper mburi kuwi luwih santai lan luwih bebas. Olehe jagongan neng dhuwur amben sing digawe saka bongkotan pring ori, gedhe tur amba, rupane gilap ketok nek kerep dilungguhi.

 

"Tak tinggal sedhela wae ya mBak?" sawise Eva mapan lungguh, Indri omong karo arep ngalih.

 

"Gak sah repot-repot kaya nampa tamu wae lho Dhik"  kandhane Eva .

 

"Ora kok" wangsulane Indri sing banjur mlebu nyang pawon. Ora let suwe bali mrono maneh karo nyangga baki cilik isi mangkok loro, ditutne Simbah tuwa sing mau nemoni Eva, nggawa piring loro, sing siji isi jadah sing siji isi tempe goreng.

"Mangga mBak diincipi" Indri ngacarani tamune "anu iki mau, sapine mBahe sing digadhuhne nggone wong etan kono sepasaran, pedhete lanang, mula banjur disukuri, nggawe dhawet karo jadah. Mangga diicipi mBak".

 

Pancen wong neng desa kono kuwi, nek sapine manak, isih padha ngenggoni adat, disepasari kaya wong babaran ngana kae. Kaceke, olehe nyepasari cukup karo gawe dhawet lan jadah banjur didumne tangga kanan kiringe ngono wae.

 

Kanggo nglegakne sing nyuguh, Eva banjur nyandhak mangkoke lan nyedhok dhawete, oleh telung sruputan mangkok diselehne maneh.

 

"Dhawete enak" kandhane Eva "wis rada suwe aku ora ngombe dhawet ngene iki".

 

Indri mung mesem.

 

"Nak ayu niki daleme pundi ta? gajege nembe sepisan niki nggih dolan teng griyane Indri?" Simbah tuwa sing isih ana kono kuwi, nakoni Eva.

 

"Niki mBak Eva mBah" sadurunge Eva semaur, luwih dhisik Indri sing mangsuli "putrane Budhe Tien ingkang wuragil, wayahipun Eyang".

 

"Oo, putrane Den Ayu Hartini?" Mak Jiyah kaget, ora nyangka lan ora ngira babar pisan nek bocah ayu sing teka kono kuwi mau jebul anake wong sing olehe gething marang dheweke sakulawargan kepati-pati. Ya gene kok ketok grapyak semanak, semrambah lan gelem mara menyang omah kene? kamangka durung suwe iki, nDara Den Ayu Hartini lagi wae nglabrak Karmini neng omah iki?. Nanging Mak Jiyah gage anggone nutupi rasa kagete, banjur nerusne gunemane marang Eva :

"Nyuwun pangapunten lho Den Rara, mBahe niki mpun sepuh, kula kinten Den Rara niki wau kancanipun sekolah Indri. Nyuwun pangapunten".

 

Eva rumangsa aneh krungu tembung-tembunge mBahe Indri ngono kuwi. Olehe ngarani Mamahe nganggo sebutan Den Ayu, banjur olehe ngundang dheweke nganggo sebutan Den Rara, neng kupinge Eva sebutan ngono kuwi keprungu lucu.

 

"Boten lepat mBah, tiyang inggih nembe punika kepanggih" Eva banjur wangsulan "menawi nimbali kula cekap Eva ngaten kemawon, kula niki rak nggih kapernah putunipun mBahe, dados inggih boten sah mawi basa krama ngoten niku".

 

Mak Jiyah ora enggal semaur, mung manthuk-manthuk kaya pitik nuthuli gabah neng lemah, karo mbatin, teka aneh temen, bocah ayu sing ngaku jeneng Eva iki duwe sikep sing beda adoh, kaya langit karo sumur paribasane, nek dibandhingne karo sikepe wong tuwane marang dheweke.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...