cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
42.
Mangkok dhawete Eva wis disalini nganggo mangkok anyar sing isih kebak isine, sauntara Eva uga banjur njupuk jadah karo tempe sing disuguhne neng ngarepe, dipangan sethithik, dinikmati tenan ngana kae. Indri karo Ibune ya melu-melu Eva, wong telu ketok gumyak olehe padha jagongan ing emper mburi omahe Mak Jiyah kuwi. Eva ora entek-entek olehe ngalembana enake jadah pulen sing dilawuhi tempe goreng gaweyane Mak Jiyah, neng omahe arang utawa malah keneng diarani ora tau ditemoni jinis panganan ngene iki.
"Crita sabanjure" Karmini bali guneman nutugne olehe crita, Eva karo Indri bali nyemak "nalika kanca-kancane Bulik padha ngerti nek antarane Om Bagus karo Bulik ana sambunging katresnan, akeh sing banjur padha ngandhani, supaya Bulik ora nglanggati katresnane Om Bagus, mumpung durung kebacut adoh manjing sajroning kedhunging katresnan lan yen wis jero Bulik ambles ing dhasaring samodra tresna, yen nganti Bulik dipeksa kudu mencelat kasempyok dening ombaking samodra temah pedhot talining tresna, mangka bakal angel tambanane".
"Lha kok ngaten Bulik?" Eva takon.
"Iya" wangsulane Karmini "jalaran sanadyan wis ora pati banter suwarane, nanging panggah wae nek Bulik iki mung anake Mak Jiyah Tandhak Tayub sing wis oleh cap dudu golongane wong becik-becik ora bisa diowahi. Kamangka Om Bagus kuwi saka kulawarga sing kinurmat, putrane nDara Asper sing isih priyagung trahing kusuma saka kraton Sala. Tanpa dingerteni dening Om Bagus, kanca-kancane Bulik padha nuturi, kabeh padha duwe pangira yen katresnane Bulik karo Om Bagus ora bakal bisa langgeng, awit anane asal-usul kulawarga sing ora padha. Saupama jinising gaman ngono, Bulik kuwi saka jinising lading sing wis teyengen sing wis dibuwang ora ana regane, lha nek Om Bagus kuwi wesi jinising keris sing digawe saka waja pinilih, sing katon mramong pamore. Upama keris sing murup pamore kuwi disandhingne karo lading teyengen, kajaba ora pantes, mesthi sing kagungan keris ora bakal lila".
Karmini meneng sedhela, pikirane Indri apa dene Eva padha mbenerake pituture wong-wong sing ngandhani Karmini kuwi. Ora biyen ora saiki, jenenge wong arep jejodhowan kuwi ora mung nyawijekne ati loro sing lagi padha kapanduk ing katresnan, nanging ora bisa dipisahake karo panemune kulawarga barang. Lan aran wis lumrah yen saben kulawarga kuwi yen arep njodhokne salah siji saka kulawargane milih besan sing kelase ora-orane satimbang karo kelase kulawargane. Jalaran petung Bibit, Bobot lan Bebet kuwi panggah dadi pagonan mungguhe wong jejodhowan.
"Lajeng Bulik kados pundi?" sawuse rada suwe anggone meneng, Eva takon ngiras njaluk supaya Karmini nutugne anggone crita.
"Bulik sarujuk karo isining pitutur-pitutur sing ditampa saka kanca-kancane mau, nanging Bulik rumangsa eman yen nganti medhot sambunging rasa tresna karo Om Bagus. Mula pitutur-pitutur mau banjur dikandhakne marang Om Bagus" wangsulane Karmini.
"Lha Om Bagus lajeng pripun Bulik?" Eva bali takon maneh.
"Om Bagus ora ngluputake panemune wong-wong sing padha nuturi Bulik mau, nanging Om Bagus kukuh ora arep medhot tali katresnan sing wis naleni atine Om Bagus karo atine Bulik temah nyawiji. Om Bagus ora nampik yen ora mokal ing mengkone Om Bagus bakal kepalangan dening kersane wong tuwane, nanging Om Bagus ngendika yen tresnane marang Bulik kuwi tresna sing suci sing lahir saka dhasaring ati, dudu katresnan semu pamembaning hawa nafsu, mula upama bakal ana sing malangi katresnane mesthi bakal ditabrak lan gandheng seneng kuwi larang regane, mula yen senenge Om Bagus kudu ditebus nganggo pangorbanan kudu dicuthat saka kulawargane, mangka Om Bagus uga wis siap" wangsulane Karmini .
"Waow.... Om Bagus pancen hebat!" ora krasa Eva nugel critane Karmini, ngalembana Pakne Cilik .
"Iya, pancen Om Bagus kuwi priya bagus sing setya netepi jiwa kastriyane, tumibaning katresnan marang Bulik tansah dijaga kasucene. Dhasare Bulik ya wis rumangsa ora bisa kapisahake karo Om Bagus, mula Bulik ya banjur manut apa sing dadi lekas lan keputusane Om Bagus" Karmini nanggapi pangalembanane Eva marang Bagus.
"Bulikku ya ora kalah hebat karo Omku" kandhane Eva karo mesem seneng.
"Bareng crita katresnane Bulik karo Om Bagus kuwi wis mlaku rada suwe, Bulik wis lulus saka SMA KP, sambung katresnane Om Bagus karo Bulik iki kapirsanan dening kulawarga Om Bagus" kandhane Karmini sabanjure "kabeh ora ana sing sarujuk yen Om Bagus duwe sesambungan tresna karo Bulik, pawadane ya padha karo sing dikandhakne kanca-kancane Bulik mau, ya iku karan ora ilok yen sutra kasandhingne karo suwekan mori, sanajan padha-padha wujud kain, lan mbuh sapa biyen sing marahi padha-padha wesine nanging tetep diarani adoh bedane antarane mas karo cuwilan wajan sing amoh, samono uga krikil kuwi ora patut disandhingne klawan mirah barleyan, sanajan ta padha watune. Keng Eyang Putri, Keng Ibu, Keng Bulik lan Pak Puh Tiok kabeh paring deduka marang Om Bagus lan ndhawuhake supaya Om bagus kersa medhot sesambunganing katresnan karo Bulik. Mung Keng Eyang kakung sing ora duka lan ora dhawuh mbacutake, merga Om Bagus nyambung tali katresnan karo Bulik".
"Waow.... ya Eyang Kakung iki sing diarani wong tuwa sing wicaksana!" Eva ketrucut rembug maneh, ngalembana Eyange kakung.
"Nanging Eyang Kakung ora bisa tumindak apa-apa, awit nalika samana kahanane wis gerah-gerahen. Lan pepunthoning rembug kulawarga, gelem ora gelem Om Bagus kudu pisah karo Bulik, yen nganti Om Bagus nekad mbacutake nggone sesambungan karo Bulik, mangka Om Bagus ora dikeparengake manggon ing Daleme Eyang. Om Bagus nuduhne bawa leksana, lire anetepi apa sing dadi pangandikane, banjur miyos saka Dalem kaya sing dikersakne Eyang Putri lan sedulur-sedulure. Om Bagus banjur mondhok neng omahe wong Batak neng Jalan Banda lor ban, sing jenenge Pak Paruntungan lan kanggo nyambung urip, Om Bagus melu nyambut gawe dadi kuline Pak Paruntungan nandangi gaweyan pasang instalasi listrik. Marang pak Paruntungan Om Bagus ora blaka yen olehe mondhok neng kono merga ditundhung dening Ibu lan sedulur-sedulure, nanging Om Bagus kandha nek kepengin sinau urip mandhiri. Lan sawuse rada suwe melu Pak Paruntungan, keng Ramane Om Bagus, ya eyang kakung seda. Kira-kira let sewulan saka sedane Eyang Kakung, mBahe lanang Indri, ya Bapakne Bulik sing jenenge Karmin Bengkring uga tinggal donya. Banjur simbah wedoke Arka, nemoni Om Bagus supaya olehe arep mundhut garwa Bulik tumuli ditindakne. Om Bagus nyetujoni, nganti saiki lan muga-muga nganti puputing umur Bulik dadi sisihane Om Bagus. Mbahe Indri ya nyuwun supaya Om Bagus kersa nggenteni kalungguhane mBah lanange Indri, minangka Kepala Keluarga ing omah iki, disaguhi nganti saiki iki" Karmini mungkasi critane.
"Mangke rumiyin Bulik" Eva takon "lha kok sak niki Eyang kaliyan Om Tiok nek kalih Om Bagus lan Bulik, sae lan ketingal tresna, asih dhateng Bulik lan Om Bagus sarta dhateng Mas Arka lan Dhik Indri?".
"Oh, kuwi ta?" Karmini wangsulan karo mesem "kuwi ana critane dhewe. Nanging gandheng masjid nggono mBah Kyai Anas wis adzan, saiki kana In mBak Eva diajak dhahar dhisik, ya saanane wae, gajege mau mbahe gawe brengkes gerih salem karo njangan asem, nek uwis gek ndang padha luhuran dhisik. Mengko nek wis bar sembahyang, critane Bulik bisa ditutugne maneh".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar