cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
43.
Nadyan mung mangan saanane, nanging kegawa atine seneng lan cocog karo kahanan sing ana, olehe mangan Eva krasa seger. Jangan asem kecipir karo godhong mlinjo di wor karo kacang panjang, sambele tomat ora patia pedhes, kuwi uga nambahi selera mangane dadi tambah. Leren sedhela, karo ngomong entheng-enthengan, banjur ditutugne karo sembahyang dzuhur. Sepisan maneh Eva digawe dadi sansaya eram, pancen sasuwene iki olehe sembahyang Eva ora pati ajeg lan sembahyange ya mung krasa lumrah, butuhe mung umak-umik karo awake obah, iki mau pas Eva bareng-bareng karo Indri dadi makmum neng mburine Karmini, krasa nek sembahyange beda karo adate. Krasa luwih khusuk lan luwih bisa mantheng marang Gusti Allah, sing banjur nuwuhake rasa tentrem sajroning atine. mBok menawa wae, merga saka papane kanggo sembahyang sing beda karo sing ana omahe. Nek neng omah, sing butuh sembahyang ya sembahyang neng kamare dhewe-dhewe, nanging nek neng omahe Om Bagus iki, ana kamar sing mligi kanggo sembahyang, diarani kamar pasalatan. Dadi hawane sembahyang neng kono rasane kaya pas sembahyang neng masjid utawa mushalla ngana kae.
Rampung sembahyang banjur padha bali lungguh neng emper mburi maneh. Karmini arep nutugne critane sing durung rampung.
"Pakpuh Tiok karo Budhe Vero kuwi olehe bali apik karo Om Bagus sarta gelem ndhaku nek Bulik iki isih adhine, sawise Arka kelas siji SMA lan Indri arep munggah kelas nem, mBak Eva" kandhane Karmini wiwit crita maneh "maune ya ora kersa omongan karo kulawarga kene kabeh. Nek Budhe Evie karo Pakpuh Bambang Sugeng, sak jane duwe panemu kaya panemune sawargi Eyang Kakung, nanging ya ora bisa apa-apa, kegawa daleme rak adoh?".
"Inggih Bulik" Eva numpangi kandhane Karmini "lha ingkang murugaken Om Tiok kaliyan Tante Vero ewah dados sae kalih kulawarga mriki niku napa Bulik?".
"Bulik ora ngerti sebabe" Karmini wangsulan banjur nutugne kandhane "mung nek ndelok saka ngendikane Pak Puh Tiok marang Om Bagus, sing Bulik melu ngrungokne, kira-kira merga Pakpuh Tiok bubar didukani keng Ibune mBak Eva".
"Om Tiok didukani Mamah, Bulik?" Eva rada gumun karo pangirane Karmini ngono kuwi "didukani Mamah kok lajeng nyaeni sesambetanipun kaliyan Om Bagus?".
"Iya mBak Eva" Karmini nggenahne wangsulane "critane kuwi rak ngene, sepuluh tahun sawise Eyang Kakang seda, bandhane Eyang sing wujud sawah lan tegalan dening putra-putrane Eyang, kajaba Om Bagus, sing uga disetujoni Eyang Putri, didum warata. Kabeh kebagehan padha, Om Bagus ya dibagehi, nanging lagi arep diwenehake yen Om Bagus wis gelem manut karo Eyang lan sedulur-sedulure kaya sing dikersakne jaman arep ngrabi Bulik biyen. Lha bagehane Om Bagus kanggo sauntara diasta dening keng Ibune mBak Eva. Lha, sadurunge Pakpuh Tiok kuwi bali rukun karo Om Bagus, Om Bagus jane wis bali apik sesambungane karo Eyang, merga nalika Eyang kerep rumaos kasepen, kanthi meneng-menengan lan ora dipirsani keng Mamahe mBak Eva lan Pakpuh Tiok, kerep sowan ngabekti marang Eyang. Suwe-suwe Pakpuh Tiok ya banjur pirsa lan ora masalahake, merga pancen sowane Om Bagus marang Eyang, nyata wis ndadekne Eyang karenan penggalihe. Bab iki dening Pakpuh Tiok ya banjur dikabarake marang Budhe Evie. lan Budhe Evie uga banjur melu rena penggalihe. Malah banjur ndhawuhi Pakpuh Tiok supaya matur marang keng Ibune mBak Eva, murih bagehane Om Bagus enggal diparingne. Nanging beda karo pas Pakpuh Tiok ngabari keng Ibune mBak Eva".
"Benten pripun Bulik?" Eva nigas rembug karo takon.
"Keng Ibune mBak Eva tetep ngukuhi kasepakatan sing diputusake nalika Eyang arep nundhung Om Bagus jaman semana, yaiku Om Bagus diwenangake bali menyang daleme Eyang yen wis medhot sesambungan karo Bulik lan kulawargane Bulik. Dadi nek Eyang wis ngapura Om Bagus, ora ateges Om Bagus wis kena bali menyang daleme Eyang, nek Om Bagus sok-sok sowan marang Eyang, dening keng Mamahe mbak Eva bisa dimaklumi. Nanging ora banjur ndadekne bagehane Om Bagus kudu dipasrahne, merga kang mangkono kuwi ora jumbuh karo unine kasepakatan jaman semana. Banjur kedadeyan Pakpuh Tiok karo keng Ibune mBak Eva tukaran rebut bener. Pakpuh Tiok didukani akeh-akeh, merga Pakpuh Tiok wani nakokne asil sawah bagehane Om Bagus sasuwene sawah kuwi diasta dening keng Ibune mBak Eva. Bubar didukani, Pakpuh Tiok ngabari Budhe Evie, banjur Budhe Evie, nitipne sebagean saka asil sawah tahun kuwi, bagehane Budhe Evie dhewe marang Pakpuh Tiok supaya diparingne marang Bulik lan mbah Jiyah pawadane Budhe Evie, merga mBah Jiyah lan Bulik dianggep wis ngopeni Om Bagus, adhine Budhe Evie. Mung wae, sing keri dhewe kuwi dening Budhe Evie, Pakpuh Tiok ora dikeparengake omong marang Om Bagus luwih-luwih marang Bulik lan mBah Jiyah".
"Oo, inggih Buk" Indri genti sing nrambul gunem "Indri kemutan niku, pas Indri taksih kelas gangsal riyin, Pakpuh kalih Budhe nate rawuh mriki maringi Sajadah Indri, ingkang dugi sapriki sajadahe taksih niku ta?".
"Iya bener" wangsulane Karmini marang Indri cekak.
"Lha nek ngoten Mamah nggih boten bener niku Bulik" Vera numpangi rembuge Karmini, karo ngandhakne panemune "dugi sapriki sampun pinten tahun mawon, asil sabine Om Bagus sing diagem Mamah?".
"Mengko dhisik" Karmini mangsuli panemune Eva "mBak Eva aja kesusu ngluputne keng Ibu, merga kuwi mau rak dudutane mBak Eka sawise Bulik nyritakne kabar sing diasta Pakpuh Tiok? Lan kabar saka Pakpuh Tiok kuwi ora kudu banjur dianggep bener ngono wae, jalaran isih ana kabar sing disimpen dening Budhe Evie lan keng Ibune mBak Eva, lha nek kabar sing disimpen kuwi padha karo sing dicritakne Om Tiok, lagi bisa dikandhakne nek critane Pakpuh Tiok bener. Lha nek beda, mesthi salah siji ana sing bener lan ana sing luput, nanging durung bisa didumuk endi sing bener lan endi kabar sing luput".
Eva ora enggal semaur, mung batine sansaya wuwuh rasa eram lan kagume marang Karmini sing miturut kaca-matane Eva , Karmini duwe cara mikir sing nengenake ing jiwa kawicaksanan lan kadiwasan. Arang wong sing bisa mikir kaya carane karmini mikir ngono kuwi, luwih-luwih yen wis magepokan karo bandha donya utawa dhuwit. Eva uga banjur duwe pangira yen olehe Karmini bisa duwe pikiran ngono kuwi, merga saka oleh piwulang saka Om Bagus.
"Lha Om Bagus sampun nate ngabaraken bab punika dhateng Tante Evie punapa dereng Bulik? menawi dhateng Mamah, mbok bilih Om Bagus dereng sarju ing panggalih kangge ngabaraken" Eva takon marang Karmini.
"Sak jane, karo Pakpuh Tiok, Om Bagus ya didhawuhi supaya ngaturake bab iki marang Budhe Evie. Pakpuh Tiok ya ngendika nek arep ngajak Eyang, Budhe Evie karo keng Ibune mBak Eka tetemon ngrembug bab bagehane Om Bagus sing diasta keng Ibune mBak Eva iki. Nanging Om Bagus ora sarujuk karo kersane Pakpuh Tiok sing ngono kuwi mau, Om Bagus ya ngendika nek ora kersa matur bab iki marang Budhe Evie" Karmini aweh wangsulan saka pitakonane Eva.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar