cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
44.
Diwangsuli dening Karmini sing kaya mangkono kuwi, Eva banjur mikir ya gene Om bagus ora gelem nakokne masalah kuwi menyang Tante Evie? . Kudune oraa ndadak dikongkon dening Om Tiok, Om Bagus mesthine malah sing kudu takon bab iki marang Tante Evie, yen pancen dheweke ora wani takon marang Mamhe. Sak jane ya ora perlu nganggo wedi marang sapa wae, kanggo nakokne bandha bagehan sing syah kanggo dheweke. Nek Om Bagus wong bener lan ora nyingidne cacade mesthine wani lan pancen kudu wani ngadhepi sapa wae, wong pancen merjuwangne hak-e. Malah Om Tiok arep ngenekne tetemon kanggo merjuwangne hak-e Om Bagus sing dikuwasani Mamahe, Om Bagus ora sarujuk. Ya gene Om Bagus wedi? apa sing diwedeni?.
"Kenging punapa Om Bagus boten kersa ngabaraken punika dhateng Tante Evie utawi Mamah Bulik? lan kenging punapa Om bagus boten sarujuk kaliyan lekasipun Om Tiok ingkang estnipun namung badhe ngrencangi Om Bagus supados bandha bagehanipun saged wangsul dhateng Om bagus malih?" Eva takon marang Karmini. Pikire Eva, Karmini mesthi banjur blangkemen, merga kangelan olehe arep nutupi cacad sing disingidake.
"Kuwi merga ngene mBak Eva" Karmini wangsulan karo mesem "pas Pakpuh Tiok ngandhani babagan kuwi marang Om Bagus, mbarengi lagi wae Eyang kundur saka Rumah Sakit. Kamangka welinge Pak Dokter, sing ngrawat Eyang, murih Eyang ora kumat gerahe, Eyang kudu bisa tentrem penggalihe. Om Bagus isih kelingan, pas Eyang kakung seda, sing dadi jalaran ya merga Eyang Kakung ora tentrem penggalihe, kamangka dening Dokter kabeh wis diweling supaya Eyang Kakung aja nganti menggalih sing abot. Lha kabeh putrane Eyang uga Eyang Putri, pas Eyang Kakung seda kuwi duwe panemu nek sing dadi jalaran Eyang kakung gerah lan dadi sedane kuwi merga menggalih Om Bagus sing lunga saka omah. Lan kabeh banjur ngluputake Om Bagus, kamangka olehe Om Bagus lunga ninggal omah kuwi merga ditundhung dening Ibu lan sedulur-sedulure. Mula Om Bagus banjur nggagas, nek nganti Om Bagus nakokne bandha sing jare bagehane kuwi, tan wurunga bakal dadi gendra lan gelem ora gelem Eyang mesthi banjur kejot penggalihe. Mula Om Bagus banjur ora nyarujuki kersane Pakpuh Tiok lan ora kersa ngaturake babagan bageha bandha kuwi menyang Budhe Evie, kuwatir yen nganti dadi jalaran Eyang gerah maneh. Bulik dhewe wektu kuwi uga matur marang Om Bagus yen wong tuwane Om Bagus iku kari siji, sing wajib dijaga kiasugengane, aja sansaya sepuh malah sansaya awrat sing ana penggalihe, sepira ta ajine bandha donya sing jare bagehane Om Bagus kuwi? sanajan Bulik durung weruh wujude lan sepira akehe, Bulik percaya yen isih aji kesehatane Eyang. Luwih-luwih, Bulik iki bisa ditampa lan diakoni minangka putra mantune Eyang kuwi ya durung suwe, ya iku pas Eyang gerah neng Rumah Sakit jaman semana".
Kaya didhodhog nganggo palu wesi dhadhane Eva bareng krungu wangsulane Karmini sing lancar nono kuwi. Samono rasa bektine Om Bagus lan Bulik Karmini marang Eyange, nganti ora gelem mikirne bandha sing kudune dadi hak-e, mung sabab luwih ngeman marang Eyange. Nanging lamat-lamat Eva isih kelingan, jaman Eva isih kelas siji SMP, Eva tau krungu Papahe ngendika karo Mamahe, ngrasani Om Bagus. Yaiku pas Eyange gerah neng Rumah Sakit, Om Bagus olehe niliki bareng karo tangga-tangganme sing bezuk. Ora nggawa apa-apa. Lan baline bareng karo tanggane sing bezuk kuwi. Nanging, iki mau Bulik Karmini crita yen olehe diakoni dadi putra mantune Eyange, mbarengi Eyange gerah neng Rumah Sakit, yen ngono ateges Bulik Karmini pas Eyange gerah jaman semana uga melu bezuk, sanajan isih dianggep klilip dening kulawargane Eyange. Kok wektu kuwi Bulik Karmini ora wedi?. Aneh.
"Nuwun sewu Bulik" Eva takon maneh, arep melehake Karmini nek nganti sing diomongne kuwi mau ora bener "pas Eyang Gerah nalika samanten, Bulik rak taksih dipun anggep tiyang sanes dening Eyang kaliyan kulawarganipun Eyang sedaya? Kok Bulik wantun bezuk Eyang dhateng Rumah Sakit lan malah ngantos saged wawan rembag kaliyan Eyang ingkang lajeng ngakeni bilih Bulik punika putra mantunipun Eyang ?".
"Pancen kudune wektu kuwi, Bulik ora wani nyedhak mBak Eva" Karmini aweh wangsulan marang Eva "sanajan Om Bagus wis apik karo Eyang lan Pakpuh Tiok. Nanging gandheng gerahe Eyang jaman semana kuwi merga tensi sing dhuwur banjur dhawah ing Kamar Mandhi lan kantaka, kamangka wektu kuwi Pakpuh Tiok lan Budhe Vero ora ana dalem merga nindakne tugas neng kantore, samono uga keng Ibu karo ke Rama, uga isih repot ngayahi kuwajiban saka negara, sauntara Budhe Evie daleme adoh. Dadi putrane Eyang ora ana sing pirsa yen Eyang Kantaka. Tujune rewange Eyang sing jenenge Pak Dasim banjur nyegat lan ngabari Om Bagus lan nyeluk Pak Dokter Heru sing saiki daleme pindhah neng Jalan Raden Saleh Ngawi kae. Sawise dipriksa Pak Dokter Heru, banjur dening Pak Dokter Om Bagus dikandhani supaya Eyang dirawat neng Rumah Sakit. Wasanane Eyang sida digawa nyang Rumah Sakit, lan Bulik kadhawuhan dening Pak Dokter Heru supaya ngancani Eyang, gentenan karo Om Bagus. Lha bareng Eyang pirsa nek Bulik ana sing ngancani kuwi Bulik, Eyang banjur ngendika akeh-akeh menyang Bulik. Dhisik dhewe, Eyang dhawuh Bulik ora dikeparengake ngaturi Eyang nganggo sebutan nDara Putri lan supaya diganti nganggo sebutan Ibu, merga ngendikane Eyang wektu iku, Bulik kuwi garwane Om Bagus, dadi Bulik kuwi putra mantune Eyang".
Eva rumangsa getun karo olehe duwe pangira ala marang Karmini. Nek ngono olehe ngendikan Mamah karo Papah jaman semana ora bener?.
"Kok Bulik gentosan kalih Om Bagus niku pripun genahe Bulik?" Eva takon maneh.
"Iya nek esuk tekan awan Om Bagus rak duwe gaweyan nggelak angkudes? dadi ora bisa ngancani Eyang neng Rumah Sakit, mula banjur ndhawuhi Bulik. Lha kersane Om Bagus nek bengi genti Om Bagus sing ngancani Eyang, supaya Bulik genti leren. Nanging sidane ya ora sida, wong Eyang ngersakne supaya dikancani Bulik wae" wangsulane Karmini sabanjure "lha pas Om Bagus wis teka, banjur ana wong-wong sing bezuk, Bulik pamit arep sembahyang neng Mushalla Rumah sakit. Pas Bulik rampung sembahyang lan arep mbalik menyang kamare Eyang, kepethuk keng Ibu neng ngarep kamar, dening Keng Ibu Bulik dielingne lan dikandhani yen drajate Bulik kuwi gedibal sangalikur paribasane, Bulik ora dikeparengake mlebu kamar, merga wektu kuwi Keng Ibu ngira menawa Bulik arep melu bezuk kaya tangga-tanggane Eyang sing wis ana jero kamar. Bulik ya ngrumangsani nek Bulik kuwi wong sing asor drajate, Bulik banjur ngalih, ben dikira mulih dening nDara Den Ayu Hartini. Nanging Bulik ora mulih, mung lungguh neng regol ngarep. Lagi bareng nDara Den Ayu Hartini karo Den Har kundur, Bulik mlebu maneh ngancani Eyang, nganti Eyang dikeparengake kundur".
Eva ora takon maneh, merga saiki wis percaya yen apa sing dikandhakne Karmini kuwi lelakon sing saknyatane. Menang-meneng Eva, nggetuni merga tumindak lan sikepe Mamahe marang Bulik Karmini lan Om Bagus.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar