Total Tayangan Halaman

Sabtu, 13 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 46

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih


46.

 

Ester mentheleng, tembung-tembunge Hartini sing  sareh lan alus kuwi, keprungu ing kupinge Ester kaya suwarane tukang glembuk sing nyebar wisa. Ester kebacut sengit, tembung alus lan sareh sing diucapne Budhene wis dianggep lamis, kanggo nutupi tumindake sing wis gawe kapitunan sing gedhe marang dheweke. Rasa panas sing kaya ngobong jantunge dadi sansaya panas, kaya-kaya getihe wis umob kobong dening panasing atine.  Kanthi sorot sing nuduhake rasa sengit, mripate Ester genti-genti nyawang Pakdhe lan Budhene. Sapandurat Ester meneng ora ngucap apa-apa, mung untune wae digegetne kenceng, kanggo ngempet nesune.

 

"Coba balenana kandhamu sing mau" Harmana guneman alus sawuse Ester mung meneng wae krungu kandhane Budhene "nek Pakdhe lan Budhemu mbok anggep luput, lupute manggon neng ngendi lan wujude kaluputan kuwi apa? Pakdhe duwe pangira, awakmu kuwi wis salah tampa karo Pakdhe lan Budhe".

 

"Pakdhe lan Budhe paring kabar napa dhateng Bapak gegayutan kalih Pak Arka Bismantaka, Dosen ingkang dipun tampik Bapak nalika badhe nglamar kula, kala wingi nika ?" Ester mangsuli pitakone Harmana, suwarane atos nanging tembunge wis digawe tumata.

 

"Sapa ? Arka Bismantaka ki Dosen? Dosene sapa?" Hartini gage nyaut wangsulane Ester karo rada ngguyu "awakmu kuwi wis arep kapusan ya nDhuk? tujune Bapakmu ngonangi, banjur takon menyang Pakdhe lan Budhe luwih dhisik sadurunge nampa lamaran kuwi, banjur dening Bapakmu Arka dikandhani supaya murungake anggone arep nglamar awakmu. Apa Pakdhe lan Budhe sing duwe niyat becik nulungi awakmu lan Bapakmu supaya ora sida kapusan kuwi mbok anggep kleru?".

 

"Napa Budhe? Pakdhe kalih Budhe nulungi kula kalih Bapak supados boten kapusan?" bali suwarane Ester nyengkrek munggah "ngangge dhasar napa Budhe kalih Pakdhe saged ngendika nek kula badhe kapusan? napa boten malah kuwalik, Budhe lan Pakdhe sing ngapusi Bapak supados anggen kula badhe jejodhowan kalih Pak Arka wurung?".

 

"Nek Pakdhe karo Budhe ngomongi Bapakmu supaya murungne olehe Arka arep nglamar kuwi pancen bener" kandhane Harmana uga wiwit nggunakne suwara sing tegas "nanging nek mbok arani Pakdhe karo Budhemu wis ngapusi Bapakmu, kuwi sing salah. Pakdhe karo Budhemu iki luwih ngerti sapa satemene Arka sing jaremu Dosen kuwi, ngertine Pakdhe karo Budhemu bab Arka ora mung waton ngira-ira ngono wae, nanging wis ngerti wiwit awakmu durung lahir utawa wiwit sing jenenge Arka kuwi isih Bayi".

 

"Ora mung Arka sing diweruhi Budhe karo Pakdhemu ndhuk, nganti sak wong tuwane malah nganti sak-embah-embahe pisan Budhe lan pakdhemu wis apal kabeh sak kelakowane pisan, dadi apa sing dikandhakne Budhe karo Pakdhemu marang Bapakmu kuwi dhasare kanyatan, ora kok gawe-gawe. Nek awakmu wis kepencut karo Arka sing ngaku dadi Dosen neng UGM kuwi Budhe lan Pakdhemu ya ora maido, merga Arka sakemboke malah sak-embahe pisan kuwi pancen wasis apus-apus, dadi wong sing durung ngerti gampang wae ngandel karo sing dikandhakne. Awakmu rak durung ngerti ta karo kulawargane Arka?" Hartini nambahi katrangane sisihane.

 

"Lha Budhe kalih Pakdhe napa sampun pirsa?" genti Ester sing malik pitakone Hartini.

 

"Genah wis apal ngono, Arka kuwi anake Karmini bakul janganan karo bakul tempe neng Pasar Kedunggalar, Lha simboke Karmini kuwi jenenge Mak Jiyah, biyen gaweyane dadi Tledhek tulang amen, mbarang dadi tledhek ider sing diiringi siter, sok-sok dadi Tandhak Tayub. Bapake Arka kuwi sopir Angkudes jenenge Bagus. Arka kuwi nek gak kleru sawise lulus MTs banjur lunga saka omah, golek gaweyan neng kutha mbuh dadi apa. Adhine Arka kuwi jenenge Indri, padha karo kakangane, sekolahe ya neng MTs, bareng wis lulus ya terus lunga nyang Kutha, mbuh mbabu mbuh dadi buruh pabrik, ora pati cetha. Omah sing dienggoni wong tuwane Arka kuwi tinggalane mBahe lanang sing jenenge Karmin Bengkring sing wis suwe mati".

 

"Budhe kok saged pirsa sedaya?" Ester takon maneh.

 

"Ya ngerti" wangsulane Hartini nggenahne kandhane "wong jane ngono Bapake Arka kuwi isih adhine Budhe dhewe, adhik sing ragil sing luput saka kudangan, mrucut saka embanan, keneng plengkete Mak Jiyah Tandhak Tayub, banjur kepencut karo anake sing jeneng Karmini, mBoke si Arka kuwi. Mula bareng Bapakmu takon menyang Budhe lan Pakdhemu sapa bakul janganan bojone sopir Angkudes, Budhe ya langsung nyandhak. Lha bareng Bapakmu takon nyambut gawene anake apa? Budhe ya banjur omong apa anane, nek anake kabeh loro lanang, wedok, bar saka MTs terus lunga nyang Kutha luru pangan. Bapak karo simboke Arka kuwi nek enek wong sing takon anake saiki neng ngendi ajeg wangsulane padha ya kuwi golek pangan neng kutha. Dadi nek Arka jarene dadi Dosen, malah Dosen UGM pisan, kuwi cetha nek ngapusi. mBok menawa nek wong kana-kana bisa diapusi, ning nek Budhe karo Pakdhemu genah ora bisa diapusi, merga wis genah njaba jerone Arka".

 

Ester suwe ora bisa kumecap kanggo mangsuli apa sing dikandhakne Budhene sing ngomongne kulawargane Arka sing jebul isih warise dhewe. Arep mbantah Ester rumangsa ora bisa, merga mokal nek Budhe lan pakdhene ngomong goroh marang Bapake, jalaran sing diomong kuwi isih pulunane Budhene dhewe. Nanging, Ester ya ngerti kanyatan saben dinane Pak Arka, nyambut gawene pancen dadi Dosen, kerep dadi nara sumber ing forum-forum ilmiah, jeneng lan foto-fotone kerep mlebu neng koran lan layang kabar, uga kerep kocap neng siaran berita Televisi. Mosok nek genah kaya ngono kok mung ngapusi? Mokal!. Apa...... atake mung sarwa ndelalah? ana wong liya sing jenenge padha karo jeneng ponakane Budhene, gek nyambut gawene wong tuwane ya padha pisan?  Uga manggone ya padha-padha neng Kedunggalare?.

 

Alon-alon Ester ngrogoh sak, ngetokne HP. Banjur mbukak aplikasi WhatsApp, ngiling-ilingi nomer kontake Pak Arka. Ester unjal mabegan landhung, nomer kuwi saiki wis ora bisa dihubungi maneh, wiwit wingi Ester wis diblokir dening Pak Arka. Banjur genti mbukak Galeri, neng kono akeh poto-poto lan Video kegiatan-kegiatan keilmuwane  Pak Arka, Intelektual muda sing gesit lan energik. Pak Arka sing neng galeri kuwi, cetha beda karo Arka ponakane Budhe Tien sing jarene lagi luru upa neng kutha gedhe kuwi mau.

 

"Piye nDhuk?" Harmana nakoni ponakane sawuse rada sauntara ora ana sing nyuwara apa-apa.

 

"Nuwun sewu Pakdhe" wangsulane Ester, suwarane wis beda karo dhek mau "napa teng Kedunggalar mriki wonten Arka sanes, liripun Arka ingkang dede pulunanipun Budhe? ingkang tiyang sepuhe ugi dados Sopir Angkudes lan Bakul janganan teng peken?".

 

Harmana njengkerutne bathuke, sajak ngeling-eling. Banjur genti noleh, nyawang Hartini, sisihane.

 

"Ora ana" Hartini guneman karo nggedhegne sirahe.

 

"Ketoke Pakdhe ya durung tau tumon ki nDhuk? Ana apa ta?" Harmana genti guneman karo nakoni ponakane.

 

Ester mbukak galeri neng HP ne, banjur dituduhne Harmana, karo kandha :

 

"Niki foto-foto lan Video kegiatanipun Pak Arka sing ditampik Bapak niku. Nek digandhengne kalih sing dingendikakne Budhe wau, niki cetha yen dede Arka pulunanipun Budhe,  nanging Pak Arka niki, daleme inggih Kedunggalar, tiyang sepuhe inggih  dados sopir Angkudes lan dodol janganan teng peken Kedunggalar. Nanging Pak Arka nipun, punika Dosen UGM Asli, Doktor lulusan saking Leiden, Walandi" Ester nggenahne poto-poto lan video sing disimpen ana jero HP ne.

 

Siji mbaka siji Foto lan video sing ana folder hp kuwi dibukaki lan diiling-ilingi dening Harmana karo bathuke njengkerut terus. Sawise rampung olehe ndeloki, HP genti disrogne neng ngarepe Hartini sing uga kepengin weruh gambare.

 

"Assalamu'alaikum" dumadakan keprungu suwarane wong uluk salam saka ngarep lawang. Ora ngenteni rampung dijawab salame, Eva mlebu omah, mlaku nyedhaki sing lagi padha jagongan.

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...