15.
Mung sedhela Lasma metu banjur bali mlebu maneh karo wong lanang sing nadyan sajake wis akeh umure nanging isih katon pengkuh lan keker. Rambute sing dawa putih diore nganti nutupi baune, jenggot lan brengose uga wis putih kabeh. Rangga lan Marga manthuk aweh kurmat marang wong sing lagi teka kuwi, karo mesem. Wong kuwi uga banjur rada mbungkuk mbales kurmate Nom-noman loro sing diparani kuwi. Kanthi sasmita tangan, Rangga ngacarani lungguh dhayohe neng amben sing dilungguhi karo Marga.
"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Ki" Rangga grapyak mbagekne, sawise wong tuwa rambut dawa kuwi mapan lungguh.
"Inggih matur nuwun Ngger" wangsulane wong tuwa kuwi sing banjur diterusne karo pitakonan sing sajak kurmat banget "menapa ingkang kula sowani menika leres Angger Raden Rangga lan Angger Marga?".
"Boten lepat Ki, Kula Rangga dede Raden Rangga lan menika adhi kula Marga" wangsulane Rangga karo mesem, sauntara Marga iya mesem karo manthuk kurmat "mbok bilih dipun keparengaken tepang, Kaki menika ngagem asma sinten lan pundi ingkang dipun lenggahi?".
"Inggih Ngger" wong tuwa kuwi wangsulan "lahir cenger tinengeran mawi jenang abrit, dening tiyang sepuh kula katengeran mawi nami Jungkung, sareng radi agal dening guru kula dipun juluki Simaloreng, lajeng sasampunipun sepuh tiyang-tiyang sami mastani kula Ki Gedhe Pelanggolan, dene ingkang kula panggeni samangke wonten ing Pelanggolan mriki".
"Oo, dados samangke kula kalih adhi kula menika nembe aben ajeng kaliyan Ki Gedhe Pelanggolan ingkang kasusra ing bawana titah setengah jawata punika? Bekti kula katur Ki Gedhe" Rangga nangkupake epek-epeke ditumpangne ngarep dhadhane, sing banjur diterokne Marga.
"Oh, Angger Rangga lan Angger Marga menika kok nggega pocapanipun tiyang-tiyang ingkang sami boten ngertos lho?" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo praupan sing owah dadi katon sedhih "kula menika titah asor ingkang kinemulan dosa Ngger, kula menika tiyang ingkang nembe nandhang bingung tan sumerep kiblat ingkang leres, temah kula kecalan margi kangge wangsul lan estunipun sowan kula ing ngarsa andika kekalih menika badhe ngalap sih kawlasan saking angger Rangga tuwin angger Marga, mugi angger kekalih kepareng anuntun lampah kula kangge wangsul dhateng sejatining Jungkung".
Krungu tembunge Ki Gedhe Pelanggolan sing keri dhewe kuwi Rangga lan Marga pandeng-pandengan dhewe-dhewe, nganggo obahing janggute Rangga nyoba takon marang Marga, nanging sing ditakoni mung bisa wangsulan karo ngangkat baune lan nggedhegne sirahe. Sauntara Ki Gedhe Pelanggolan katon isih ndhingkluk tumungkul mengisor ngenteni wangsulan saka Rangga utawa Marga, samono uga Lasma sing wiwit mau lungguh ora alihan ing sandhinge Ki Gedhe Pelanggolan, isih katon ngapurancang amarikelu kaya arep ngambung galaring amben sing linapisan klasa.
"Inggih nyuwun pangapunten saderengipun Ki Gedhe" sawise rada suwe meneng lan mikir nata ukara Rangga wiwit kandha marang Ki Gedhe Pelanggolan "estunipun kula kalih adhi kula menika ugi nembe nandhang bingung kalih wontenipun lelampahan ingkang dereng saged kula udhari kalih nalar kula, nedheng-nedhengipun kula mbudidaya murih enggal tumuli manggih pepajar, dumadakan Ki Gedhe rawuh mrepegi kula kekalih lajeng paring dhawuh ingkang kula lan adhi kula babar pisan boten ngertos mawi basa menapa murih kula saged caos wangsulan dhateng dhawuh pangandika saki andika Ki Gedhe. Samangke menapa ingkang kedah kula kalih adhi kula lampahi Ki Gedhe?".
"Kula sampun nginten bilih angger Rangga utawi angger Marga badhe paring wangsulan makaten menika ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem pait "awit kula sampun kaparingan dhawuh saking Gurunipun angger kekalih, nenggih Ki Tanparupa, bilih wangsulan kapisan ingkang badhe kula tampi saking angger Rangga utawi angger Marga inggih sami persis kaliyan ingkang nembe Angger Rangga dhawuhaken. Jalaran angger kekalih kraos namung kirang mangertos menawi angger kekalih dumugi mriki menika sampun mlipir ngliwati margi ingkang wonten ing alam ingkang mapan ing iringanipun alam ingkang kulina dipun agem ngumbara angger kekalih, inggih sasampunipun angger kekalih badhe mapaki aji Lahar Bening ingkang dipun wedalaken dening Puthut Jayantaka miwah Puthut Jayandaga ing gisiking Benawi".
Rangga lan Marga dadi sansaya pating plenggong krungu wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sing mangkono kuwi. Kekarone tumuli ngerti yen satemene wis dituntun dening Ki Tanparupa nyabrangi dalan ing alam sing ora kasatmata. Wingi nom-noman loro kuwi krungu ana jeneng Ki Pelanggolan diucapne dening Lurah Grumbulan, lan Lurah Grumbulan ngarani nek Ki Gedhe Pelanggolan kuwi manungsa setengah dewa, nanging babar pisan Lurah Grumbulan ora ngucapne yen Ki Gedhe Pelanggolan kuwi manggon ing alam sing beda. Dadi iki cetha dudu alam sing beda, mung wae tekane kene wis ngliwati dalan ing alam sing beda. Nanging iki mau, Ki Gedhe Pelanggolan ngarani nek saiki sing dipanggoni ing walike alam kang kasat mata. Apa Ki Gedhe Pelanggolan kuwi wis dadi bangsa Prayangan sing bisa mapan ing alam kasat mata lan ing alam kang tan kasat mata ?.
"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe" genti Marga sing alon-alon guneman marang Ki Gedhe Pelanggolan.
"Inggih kadospundi Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan semaur nganggo pitakonan.
"Kala wau Ki Gedhe ngendika bilih Bapa Tanparupa sampun paring dhawuh bilih Ki Gedhe badhe manggih wangsulan saking kula utawi Kakang Rangga, ingkang kados makaten kala wau. Nuwun sewu Ki Gedhe, kajawi dhawuh makaten kala wau Bapa Tanparupa boten paring dhawuh sanesipun ingkang magepokan kaliyan kula lan Kakang Rangga?" Rangga banjur nakoni Ki Gedhe Pelanggolan sing magepokan karo dhawuh-dhawuh saka Ki Tanparupa.
"Mila leres Ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo praupan wiwit ana tandha-tandha arep bingar "Gurun ndika Ki Tanparupa mila dhawuh dhateng kula, murih langkung gampil anggen ndika angger kekalih nuntun kula wangsul, kula kadhawuhan matur dhateng angger kekalih nyariyosaken sedaya lelampahan kula, wiwit kula taksih nami Jungkung ngantos sinebat Ki Gedhe Pelanggolan. Ugi kula boten kaparengaken nyingidaken sedaya wewadi miwah tumindak nistha lan dosa ingkang sampun kula lampahi sadanguning gesang kula. Dene menawi sampun kula cariyosaken lan Angger kekalih pirsa sedaya tumindak kula ingkang njejemberi jagad, lajeng ndadosaken dukanipun angger kekalih, tumunten kula kapatrapan pidana, mangka kula inggih kedah nampi kanthi rila legawaning manah, awit ambok bilih mriku marginipun kula saged wangsul dhateg jati kamulan kula".
"Mugi kaemutana inggih Ki Ageng" Rangga sing genti mangsuli wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan, karo mesem "kula punapa dene adhi kula punika namung titah lumrah, ingkang boten kasampiran wewenang amurba lan amisesa titah sanes, boten kaparingan panguwaos ndhawahaken pidana dhumateng sok sintena ingkang nandhang dosa. Dados menawi estu Bapa Ki Tanparupa sampun dhawuh dhateng Ki Ageng, kados ingkang sampun ndika dhawuhaken kala wau, mangka wajib kula lan adhi kula inggih kedah mirengaken kanthi sae murih mangertos kanthi saestu dhateng ingkang dipun cariyosaken Ki Gedhe, pitaken menawi wonten ingkang kula lan adhi kula dereng cetha nampi isining cariyos. Menawi sampun, nembe kanthi wewaton utawi lelandhesan cariyosipun Ki Ageng Pelanggolan menika, mbok bilih kula lan adhi kula saged minangkani pamundhut saking Ki Gedhe ing ngajeng kala wau".
Sansaya katon sumilak padhang pasuryane Ki Gedhe Pelanggolan krungu apa sing dikandhakne Rangga ngono kuwi, sesembahane Paguron Pelanggolan kuwi tumuli njejegne nggone lungguh, bathuke dijengkerutne lan wiwit ngeling-eling sarta mikir kanggo nata ukara sing arep dikandhakne ing ngarepe Rangga lan Marga.
"Cariyosipun radi panjang ngger" Ki Gedhe Pelanggolan arep miwiti crita "sanaosa makaten mugi-mugi cariyos mangke saged rampung saderengipun seraping surya. Jalaran kula mila taksih ajrih menawi angger kekalih gigu menawi sumerep weeujudan kula ing wanci dalu".
"Liripun kados pundi Ki Gedhe?" Marga sumela takon.
Ki Gedhe Pelanggolan ora enggal semaur, malah banjur njawil Lasma supaya gelem mangsuli pitakone Marga. Ki Lasma mesem banjur guneman :
"Nyuwun pangapunten Ngger, mugi kaparengna kula ingkang nyulihi Ki Gedhe njlentrehaken bab menika".
"Inggih Ki Lasma" wangsulane Marga "mangga!".
"Estunipun Ki Gedhe menika taksih nandhang sukerta awit kawarisan walat saking Gurunipun ingkang kesasar margi, nanging Gurunipun Ki Gedhe menika samangke sampun luwar, lajeng nglajengaken lampah kados ingkang kadhawuhaken Gurunipun nenggih Syekh Bantarjati. Saderingipun nglajengaken lampah Gurunipun Ki Gedhe Pelanggolan paring dhawuh, bilih Ki Gedhe Pelanggolan saged luwar saking walat menika menawi sampun saged nindakaken dhawuhipun Ki Tanparupa. Dene wujuding walat inggih menika, Ki Gedhe ical sipat kamanungsanipun lan dados wewujudan sima gembong, nanging wiwit pletheking surya ngantos seraping srengenge Ki Gedhe wewujudanipun inggih limrah kados wekdal samangke menika, menawi srengenge sampun serap ngantos srengenge mlethek, wujud saha sipatipun Ki Ageng inggih sima gembong ingkang ngajrih-ajrihi, malah sok boten saged wicanten kados dene limrahipun manungsa ugi sok asring supe dhateng titiyang ingkang sampun dipun tepangi, sedaya kaanggep memangsan ingkang saged dipun tedha".
"Oo makaten inggih Ki Gedhe?" Rangga ngulati Ki Gedhe Pelanggolan.
"Inggih Ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "samangke kaparengna kula miwiti cariyos menggah lelampahan kula ingkang kebak dosa lan tumindak nistha".
"Mangga Ki Gedhe".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar