14.
Bubar nindakne sembahyang subuh Rangga lan Marga ora enggal ngalih saka papan pasujudane. Nanging malah banjur padha lungguhan neng amben sing dicawisake ing gandhok kuwi. Nom-noman loro kuwi isih rada bingung klawan kedadeyan sing dialami lagi wae iki mau. Rangga lan Marga isih kelingan yen mau lagi ngadhepi Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing wis ngecakne aji Lahar Bening sing nduweni daya pangrusak kang nggegirisi, Rangga lan Marga uga wis siaga karo aji Tamengwaja, Rangga nyerepi nganggo aji Panglebur Satru sauntara Marga nganggo serepan aji Bledheg saleksa. Nanging dumadakan Nom-noman loro kuwi weruh Ki Tanparupa sing ngadeg ana cedhake karo tangan sing ngawe-awe. Ora sranta nom-noman loro kuwi banjur ninggal musuhe lan marani papane Gurune. Nom-noman loro kuwi weruh yen Ki Tanparupa wis aweh sasmita supaya Rangga lan Marga ngetutne sing mlaku klawan rikat ninggalne papan kono. Bareng ditutne jebul Ki Tanparupa mlaku tumuju sawijining sendhang sing ana kucure, lan ing kono Ki Tanparupa wis ora katon maneh wewujudane. Rangga lan Marga tolah-toleh, nggoleki ing ngendi dununge Gurune, nanging nganti sauntara ngulati kahanan ing kono meksa Ki Tanparupa ora ngatonake wujude.
"Nuwun sewu Ngger" Rangga lan Marga dikagetne karo suwarane wong sing dumadakan wis ana mburine,nom-noman loro kuwi tumuli noleh memburi ngulati sing lagi alok sapa aruh.
"Ki tanparupa sampun kesah, lan nilar weling kagem angger kekalih lumantar kula" kandhane wong sing lagi wae teka kuwi, wong lanang sing wis tuwa sing nyandhang nganggone sarwa prasaja.
"Inggih Ki?" Rangga aweh wangsulan "nuwun sewu kaki menika sinten? lan Ki Tanparupa meling menapa dhateng kula lan adhi kula menika?".
"Inggih dipun tepangaken kemawon Angger Rangga miwah Angger Marga, kula Lasma abdinipun Ki Tanparupa" wong tuwa sing jebul duwe jeneng Lasma kuwi wangsulan "welingipun Ki Tanparupa murih angger kekalih tumuli sesuci lan nindakaken sembahyang subuh lan menawi sampun nindakaken sembahyang, supados lerem ing gubug kula. Mangke badhe wonten paraga sanakanipun Ki Tanparupa ingkang badhe kepanggih kaliyan Angger kekalih".
Dadi wektu kuwi Rangga lan Marga isih lerem neng omahe Ki Lasma. Wiwit mlebu Gandhok lan nindakne sembahyang mau, Rangga lan Marga durung weruh wong siji-sijia. Malah Ki Lasma dhewe sawuse Rangga lan Marga mlebu Gandhok ya banjur ngalih embuh menyang ngendi parane. Marga mbukak cendhela, hawa adhem mlebu ing jero gandhok krasa seger, hawane mangsa mareng sing wis ngancik mangsa ketiga. Liwat jendhela sing wis menga, Marga nyawang sesawangan ing jaba, jebul omahe Ki Lasma iki ngongkang pategalan sing tandurane wujud ketela pohung sing wis nyedhaki dipanen, godhong-godhong pohung sing isih katon seger ledhung-ledhung ndadekne hawa sing ana dadi sansaya seger.
Dumadakan lawang Gandhok dithothok saka jero omah, ora let suwe Ki Lasma mlebu ngladekne wedang jahe sing isih panas diwadhahi teko sing rada gedhe. Cangkir bathok cacah telu lan gula klapa diwadhahi lepek wis cumawis neng sandhinge. Sawuse wedang saubarampene diselehne Ki Lasma mlebu omah maneh, njupuk uwi bang kulit sing sajake lagi mentas saka dandang, katon pegane isih kumebul mbabar ganda arum sing nggugah cacing neng jero weteng.
"Mangga ngger dipun unjuk lan dipun rahabi sawontenipun" kandhane Ki Lasma ngacarani tamune.
"Mantur nuwun Ki" wangsulane Rangga lan Marga meh bareng sing banjur gentenan ngiling wedang jahe neng cangkir bathok sing wis dicawisake
"Nuwun sewu inggih Ngger" kandhane Ki Lasma sabanjure "kula wau kesupen, bilih Ki Tanparupa ugi paring weling, Angger Rangga lan Marga, mila boten kaparengaken miyos saking papan punika ngantos sanakanipun Ki Tanparupa dumugi mriki, manggihi angger kekalih".
"Lha sanakanipun Ki Tanparupa menika sinten Ki? Dalemipun pundi?" Rangga takon karo ngangkat cangkire arep nyruput wedange.
"Nyuwun pangapunten Ngger" wangsulane Ki Lasma alon "kula boten kaparingan sumerep sinten ingkang dipun kersakaken Ki Tanparupa punika, malah kula ugi kadhawuhan ngrantos paraga ingkang badhe dugi mriki niku, ing regol ngajeng griya menika, dados inggih kula nyuwun pangapunten menawi kapeksa kula boten saged ngancani Angger Rangga lan Angger Marga jejagongan".
Rangga lan Marga manthuk-manthuk, pancen minangka siswa nom-noman loro kuwi wis apal karo pakulinane Ki Tanparupa sing katone nek paring piwulang sok angel dinalar nganggo pikiran wantah.
"Griya saisinipun menika sedaya inggih kagunganipun Ki Tanparupa" Ki Lasama nutugne olehe guneman "kula namung kaparingan dhawuh murih ngreksa lan anjagi griya menika. Lan dhawuhipun Ki Tanparupa malih, angger kekalih kadhawuhan lerem ing gandhok menika lan ing pethi ingkang mapan ing pojok gandhok niku, dipun simpen rontal-rontal kina ingkang mengku piwucal menapa, kula inggih boten mangertos, nanging Ki Tanparupa dhawuh menawi kersa angger kekalih dipun keparengaken mirsani, minangka kangge ngisi wekdal sadangunipun ngrantos paraga ingkang badhe dugi menika" .
"Inggih, inggih Ki" Rangga lan Marga bareng mangsuli "kula ngaturaken panuwun".
"Inggih, Ngger. Sampun kasekecakna leremipun, kula badhe dhateng regol ngajeng, nindakaken dhawuhipun Ki Tanparupa" Ki Lasma pamitan banjur metu ninggalne Rangga lan Marga.
Saungkure Ki Lasma, Rangga banjur nyedhaki pethi kayu sing ana ing pojok gandhok kuwi, dibukak banjur wiwit ndeloki isine pethi. Kaya sing dikandhakne Ki Lasma ing jero pethi kuwi ditata tumpukan Rontal sing ana tulisane . (Rontal= Godhong Tal = lontar) . mBaka salembar Rangga wiwit njingglengi tulisan ing godhong tal kuwi, saben oleh salembar banjur genti diwaca dening Marga. Rangga lan Marga sing dhasare duwe apalan sing kuwat, nadyan mung maca sepisan, nanging isine tulisan sing ana rontal kuwi wis kapatri ana sajroning ati lan pangeling-elinge. Ora krasa olehe maca Rangga lan Marga wis oleh rong atus lembar, kabeh rupa piwulang-piwulang jurus kanuragan sing rumit sing arang diwulangake dening Paguron-paguron kanuragan jaman kuwi. Nom-noman loro kuwi ora leren terus anggone njingglengi isine pethi simpenane Ki Tanparupa sing dititipne marang Ki Lasma kuwi. Sansaya suwe sansaya kasengsem amerga ing lembaran sing liyane uga ana piwulang kang ngamot tatacarane nenambani lelara, ya lelara lumrah apa dene lelara liyane. Sanajan Rangga ora pati nyinaoni ulah kasarasan, nanging panggah wae isine piwulang kuwi diwaca lan ditandur rapet ing sajroning atine. Beda karo Marga sing dhasare wiwit biyen seneng ngudi ing ngelmu kasarasan, maca lontar sing mulangake tata carane nenambani lelara ngono kuwi ndadekne Marga sansaya katrem anggone maca lan luwih nemen anggone njingglengi. Nalika olehe maca wis ngancik lembaran kang kaping limangatus siji, olehe maca Rangga dadi alon lan ngati-ati banget, tembung-tembung sing ana wiwit kudu nggunakne nalar sing luwih akeh, kanggo mangerteni mungguh sing dadi isine lontar mau. Jalaran lembaran-lembaran sing iki, kena diarani sari pathining ngelmu. Ya iku ngelmu sangkan paran sing nuduhake dalan anjog marang jatining kamulyan.
"Yen nitik isine layang iki jebul sasuwene iki awake dhewe ki wis keblithuk Dhi" kandhane Rangga nalika weruh Marga umak-umik mbolan-mbaleni olehe maca tulisan ing rontal sing lagi wae diulungne.
"Iya Kakang" wangsulane Marga "awake dhewe katut bantering suwara temah kayungyun mburu wewayangan semu, sing yen ta klakon singdiburu wis kecandhak jebul mung nguwohake rasa getun lan kedhuwung sing gawe sengsaraning pikir".
"Malah ing lembaran sing iki luwih nemen maneh Dhi" kandhane Rangga maneh karo ngulungne lembaran sing lagi wae rampung diwaca. Marga nampani lembaran kuwi banjur wiwit diiling-ilingi.
"Bener Kakang" wangsulane Marga sawuse rampung olehe maca "jebul wis adoh awake dhewe nggone kleru laku, mecaki dalan sing jebul dudu dalan kang bener".
"Ora kleru laku Dhi" wangsulane Rangga "nanging kleru sing dituju, dudu dalane sing luput nanging salah ing pangarah".
Marga meneng karo manthuk-manthuk, jroning atine mbenerne apa sing lagi wae dikandhakne dening sedulur angakate.
"Nyuwun pangapunten kula ingkang sowan Ngger" Rangga lan Marga gragapan kaget,ngerti-ngerti Ki Lasma wis mlebu karo guneman ing sandhinge.
"Inggih, mangga, mangga Ki Lasma" wangsulane Rangga, sauntara Marga banjur gage-gage nata lembaran-lembaran rontal sing mau diwaca banjur dilebokne maneh menyang jero pethi.
"Ingkang dipun rantos sampun dugi Ngger" kandhane Ki Lasma sabanjure "paraga ingkang nembe dugi niki samangke nengga palilah saking Angger kekalih, benjing menapa dipun keparengaken marak ing ngarsanipun Angger Rangga lan Angger Marga".
"Inggih Ki" wangsulane Rangga "kula kinten langkung prayogi samenika kemawon, kula kalih Marga ugi sampun kepengin sanget kepanggih kaliyan ingkang cariyosipun taksih sanakanipun Bapa Guru Ki Tanparupa menika".
Ki Lasma manthuk kurmat, banjur mundur lon-lonan arep ngandhani supaya tamune tumuli mlebu menyang Gandhok nemoni Rangga lan Marga.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar