13.
Puthut Jayandaga sing wis krungu sasmita saka kakange sapaguron, banjur mencolot memburi ngedohi munsuhe, banjur mapan sila ing lemah, matak aji Lahar Bening kaya sing wis dicakne dening Puthut Jayantaka . Sawuse kasil matak ajine, Puthut Jayandaga tumuli nyedhaki Puthut Jayantaka. Wong loro kuwi tumuli ngadeg ungkur-ungkuran kanggo nyawijekne kekuwatane kanggo nglebur mungsuhe. Marga sing uga kelingan marang weling sing tau ditampa saka Ki Juru Martani nalika samana, banjur mencolot nyedhaki sedulur angkate. Nom-noman loro kuwi wis padha ngertine nek wektu kuwi lagi ngadhepi mungsuh sing duwe kekuwatan linuwih sing dilandhesi karo aji Lahar Bening. Mula gage wae nom-noman loro kuwi tumuli bebarengan ngangkat aji Tameng Waja ing tataran dhuwur dhewe kanggo ngadhepi aji Lahar Bening sing miturut kabar sing tau ditampa duwe daya pangrusak sing arang tandhinge. Kajaba saka kuwi Rangga uga wis ngilekne kekuwatane aji Panglebur Satru menyang teken bongkotan Pring Kuninge sauntara Marga uga wis ngiling aji Bledheg Saleksa menyang pucuking upat-upat cemethine sing gagange wis digegem kenceng ing tangan tengene. Nom-noman loro kuwi wis ora metung maneh mbuh dadine yen nganti aji jaya kawijayane Puthut loro saka Paguron Tangen kuwi mengko klakon gempuran klawan aji sing lagi dicakne.
"Rangga lan Marga, wengi iki wis kinodrat dadi wengi pungkasan kowe padha weruh sunare rembulan" karo njangkahne sikile maju Puthut Jayantaka sesumbar marang Rangga lan Marga "sedhela maneh aja ndadak kowe takon dosamu apa yen kudu nyemplung ing telenging Yamani Loka dadi urup-urupe geni neraka merga tak untapne patimu klawan aji Lahar Bening".
"Aku ngerti yen ajimu pancen nggegirisi lan duwe daya pangrusak sing ngedab-edabi Ki Puthut" wangsulane Rangga karo ngalangne teken Bongkotan Pring Kuning ing ngarep dhadhane "nanging aku luwih percaya yen dudu ajimu sing bisa nguntapne nyawa gadhuhanku, jalaran selawase aku ora tau ndhaku yen urip lan patiku kuwi duwekku, kabeh kang bakal dumadi amung awit saka karsaNe sing kagungan".
Puthut Jayantaka wis ora semaur maneh, mung pucuk pedhange tumuli di athungne ngener marang dhadhane Rangga, sauntara Pedhange Puthut Jayandaga manther ngarah marang jantunge Marga. Dumadakan ing papan kono dadi krasa panas sing kagila-gila, kanthi anteng katon ana pega bening mili saka pucuk pedhange Puthut Paguron Tangen loro kuwi katon gulung-gulung ngarah marang Rangga lan Marga.
Rangga lan Marga praytitna, kekarone nunggu tekane pega bening kuwi luwih cedhak, karo kekarone wis tata-tata ngobahne gegamane sing wis kailen ajine dhewe-dhewe kanggo nempuh ajine mungsuh. Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing weruh sikepe Rangga lan Marga, gumuyu sajroning ati. Kekarone wis padha bisa mesthekne yen sedhela maneh bakal krungu pambengoke Rangga lan Marga sing sambat kelaran, tumuli kekarone bakal kobong dadi awu katrajang panase Aji Lahar Bening. Nanging dumadakan Puthut loro kuwi dadi kaget kepati, ora weruh mula bukane dumadakan saka langit katon ana cahya biru cacah loro sing memper slendhange Tandhak Tayub, nggulung Rangga lan Marga, lan mung sajroning wektu sagebyaran Rangga lan Marga wis ilang saka pandengan, bareng karo ilange cahya biru sing kaya slendhang mau. Tanpa ninggalake tilas babar pisan.
Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga babar pisan ora ngerti menyang ngendi parane nom-noman loro sing arep diobong nganggo aji piyandele kuwi.
"Apa sing wis kedadeyan kakang?" sawuse padha ngrucat ajine, Puthut Jayandaga takon marang sedulure sapaguron "lan menyang ngendi bocah loro, Rangga karo Marga iki mau?".
"Aku dhewe uga bingung Adhi" wangsulane Puthut Jayantaka "tanpa tandha apa-apa lan tanpa tilas Rangga lan Marga dumadakan ilang bareng karo ilange cahya biru kaya slendhang sing tumiba saka langit mau".
"Banjur cahya biru sing kaya slendhang kuwi apa Kakang? Apa gegamane wong sing nedya aweh pitulungan marang Rangga lan Marga? sapa wonge kuwi Kakang?" Puthut Jayandaga takon maneh.
"Dudu Dhi" Puthut Jayantaka aweh wangsulan "aji Lahar Bening kuwi nduweni sipat luwih dhisik bakal nglebur marang sapa wae sing nedya memalangi lakune sarta sing bakal ngrebut mangsane, ora mung kuwi nanging yen kongsi sing diarah bisa ngendhani utawa dielih dening kekuwatan liya, mangka bakal diburu menyang ngendi wae playune, nanging kanyatane Aji Lahar Bening ora aweh tengara apa-apa malah banjur bali njaluk karucat. Mula aku banjur duwe dudutan liya".
"Apa kuwi kakang?"
"Bocah loro kae mau dudu bangsane dhewe, nanging bangsa saka alam liya, mbuh kuwi jinising Dewa saka Kahyangan, mbuh bangsane lelembut saka Jagad Sonyaluri, sing lagi nuju ngenggar-enggar ati ing jagad kang kasat mata iki" wangsulane Puthut Jayantaka.
"yen dudutane si kakang kuwi mau bener" Puthut Jayandaga genti sing gawe dudutan "mula pantes Rangga karo Marga mau nampik nalika Kakang nawani kalungguhan dadi punggawane Rama Panembahan Dewa Karkatha".
"Mangkono iya kena Dhi" kandhane Puthut Jayantaka mbenerne dudutane Puthut Jayandaga "murih luwih cetha lan luwih becike, ayo awake dhewe enggal bali wae, kabeh kang wis kedadeyan iki kudu dadi atur ing ngarsane Rama Panembahan".
Sawuse padha rembugan ngono kuwi, Puthut loro saka Paguron Tangen kuwi tumuli kanthi kebat kaya kilat, ninggalne papan kono arep bali menyang Paguron Tangen.
Sauntara kuwi, ing papan ora pati adoh saka papan kanggo kerengan Rangga lan Marga mungsuh Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga mau, ing waliking grumbul sing rada rungkud, Lurah Grumbulan uga lagi padha omong-omongan karo Bebau Senggot lan Jagabaya Watutanggul. Sing dirembug ora ana liya kajaba kedadeyan aneh sing lagi wae padha disumurupi.
"Sak jane nalika Puthut loro padha ngetokne pangabaran hawa panas sing panase nganti tekan kene mau, aku weruh Angger Rangga lan Angger Marga katon yen ora gigrig babar pisan. Lan aku duwe pangira yen Puthut Jayantaka karo Puthut Jayandaga bakal digawe lumpuh dening Angger Rangga lan Marga sing wis tata-tata arep nggunakne pusakane" kandhane Lurah Grumbulan marang kancane loro kuwi.
"Kula nggih nginten ngoten niku Ki Lurah" Jagabaya Watutanggul semaur "nanging sareng Angger Rangga kalih Angger Marga, ical sareng kaliyan selendhang biru ingkang kumleyang saking langit wau, kula lajeng bingung dhateng pundi purugipun nem-neman kalih kala wau?".
"Aku ora ngerti Ki Jagabaya" wangsulane Lurah Grumbulan "nanging aku bisa mesthekne yen murcane Angger Rangga lan Angger Marga kae mau, ora jalaran kena daya pangaribawane hawa panas sing ditokne dening Puthut loro kae".
"Punapa kinten-kinten sing dikandhakne Puthut Jayantaka wau leres nggih Ki Lurah?" Bebau Senggot takon.
"Sing ngandhakne nek Angger Rangga lan Marga kuwi dudu bangsane manungsa mau?" Lurah Grumbulan nyethakne sing dadi pitakone Bebau Senggot.
"Inggih Ki Lurah"
"Aku ya ora bisa mbenerne utawa ngluputne pangirane Puthut Jayantaka mau" wangsulane Lurah Grumbulan "nanging isih ngugemi karo isining sasmita sing tak tampa saka pasupenan sawuse nindakne laku Mahas ingasepi kae, ya iku nom-noman loro siswane Ki Tanparupa sing ora suwe maneh bakal ngluwari Padhukuhan Grumbulan iki saka cengkeremane Paguron Tangen apa dene Paguron Ngampon".
"Lajeng sareng kaliyan wontenipun kedadosan ingkang makaten kala wau, punapa ingkang kedah awakipun piyambak lampahi Ki Lurah?" Jagabaya Watutanggul takon njaluk rerigen.
"Mengko ndika wong loro padha melua aku" wangsulane Lurah Grumbulan.
"Dhateng pundi Ki Lurah?" Bebau Senggot takon.
"Mengko aku arep menyang Pelanggolan, muga-muga sawise aku ngaturake lelakon iki mau kabeh, Ki Ageng Pelanggolan tumuli paring pituduh marang awake dhewe murih enggal kasembadaning sedya ngentas Padhukuhan saka juranging kasangsaran".
"Inggih Ki Lurah, kula sadermi ndherek" wangsulane bebau Senggot sawuse ngerti arep diajak menyang ngendi.
"Saiki ayo bali dhisik" kandhane Lurah Grumbulan sabanjure "isih ana wektu nadyan mung kari sethithik, kanggo leren. Mengko mbarengi pletheking srengenge awake dhewe wong telu budhal menyang Pelanggolan, lan murih cepete padha siagakna jaran ndika dhewe-dhewe, aku ya tak ngetokne jaranku".
Wong telu kuwi tumuli mlaku bali menyang omahe dhewe-dhewe. Kahanan isih sepi, angin saka kidul wetan ngidhit nyebarne adheme hawa bedhidhing, sing adhakane nambahi anglere wong sing lagi padha turu kemulan ing ambene. Rembulan wis gumlewang neng kulone gunung, mratandhani yen ora suwe maneh wengine bakal gumanti klawan rahina, bang-bang wetan wis katon sansaya cetha. Kang bareng karo wektu kuwi, Rangga lan Marga lagi wae rampung olehe sesuci lan siaga arep nindakne wajib manembah ing ngrasaNe Allah ing wanci subuh, ing sawijining gandhok omah sing mapane ora adoh karo Padhukuhan Grumbulan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar