12.
Rangga sing isih lungguh neng watu gedhe banjur mudhun saka palungguhane ngadeg, ngulatne Marga sing wis siaga ngadhepi Puthut Jayandaga sing wis nggegem garan pedhange kanthi kenceng. Nanging Marga sajak ora ngrewes marang mungsuhe sing wis wiwit mamerne jurus pedhange sing muter-muter katon endah kena soroting rembulan. Oleh telung jurus olehe muter pedhange, Puthut Jayandaga banjur mencolot nyedhaki wit Popohan sing thukul neng gampenging jurang, gedhene watara lagi sapupune wong . Kanthi sigap Puthut Jayandaga nyabetne pedhange marang wit Popohan kuwi, kaya debog gedhang dibabat, sakala wit popohan kuwi pedhot lan sadurunge rubuh kanthi cepet Puthut Jayandaga nyolahne pedhange temah wit Popohan kuwi mung sakedhepan wis dadi tengkelan sapirang-pirang. Puthut Jayantaka sing nonton paragan sing lagi wae dipamerne adhine sapaguron banjur keplok-keplok gembira.
"Piye Rangga?" Puthut Jayantaka guneman marang Rangga "apa ora luwih becik adhimu kae mbok kandhani supaya njaluk pangapura? Tak kira adhiku Puthut Jayandaga ora bakal mentala nengkel-nengkel ragane Marga, yen bocahe gelem asok kaluputan lan njaluk pangapura".
"Siswa Paguron Tangen pancen wasis nyolahne pedhange Ki Puthut" wangsulane Rangga ayem "wasis yen ngadhepi barang sing ora bisa obah lan ora bisa males. Padatan wong sing pinter ngadhepi barang sing ora bisa obah ngono kuwi, nek ngadhepi wong mung kanthi diendhani sethithik wae bakal luput olehe nibakne gamane lan banjur tiba golung koming yen wong sing diarah arep dibacok genti males kanthi disadhuk utawa dijotos. Sawangen wae mengko omonganku iki bakal kabukten klawan nonton olehe gegojegan Puthut Jayandaga kuwi karo adhiku si Marga".
Sauntara kuwi, Marga sing uga wis weruh yen Puthut Jayandaga arep wiwit aweh serangan nganggo jurus pedhange, uga banjur tata-tata klawan kuda-kuda sing bakoh. Merga Marga ngerti yen sing diadhepi duwe kaluwihan sing luwih dhuwur tinimbang wong-wong Paguron Tangen sing diadhepi dhek mau awan, Marga wis mapanake ngelmu kanuragane ing tataran tengah, aji Tameng Waja peparinge Ki tanparupa uga wis dicakne kanggo mageri ragane. Aji Tameng Waja sing temene wujud, nyawijekne kekuwataning hawa murni sing menep ing dhasaring jantung banjur diilekne ing sarandhuning awak sing bisa nuwuhake balung, daging lan kulite dadi atos sing bisa madal yen nganti ketiban gegaman utawa oleh gempuran saka njaba.
Puthut Jayandaga maju sajangkah banjur miwiti nggunakne jurus pedhang piyandele, Pedhange Jayandaga sing mung salembar kuwi katon malih dadi maewu-ewu pedhang sing ngupengi ragane Marga kairing suwara sing nggegirisi, kaya suwarane tawon gung sewu mbrengengeng bareng arep ngentupi Marga. Marga luwih prayitna, Marga dudu wit Popohan sing mung bisa manut nalika ditengkel-tengkel, kanthi ngecakne jurus Kleyangan Podhang peparinge Pangeran Benawa sing nyata nggegirisi, solahe pedhang sing prasasat arep nyacah ragane kuwi, babar pisan ora bisa nyenggol kulite Marga. Mangka ora suwe sabanjure, perang tandhing antarane Murid Paguron Tangen sing kasasra ing bawana kanthi jurus pedhange lumawan Nom-noman sing jenenge babar pisan ora tau kocap ing jagading kanuragan kuwi dadi sansaya rame.
Rangga sing isih ngadeg karo mbanda tangane ora adoh saka papan perang tandhing kuwi, rumangsa ayem jalaran Rangga weruh yen tenane Marga durung ngetog kekuwatane, kawruh kanuragan sing dicakne kanggo ngadhepi mungsuhe kuwi, Marga lagi ngancik ing tataran tengah, sauntara aji Tameng Waja mung dadi rangkepan wae, jalaran mung nganggo Jurus Podhang Kleyangan wae, kabeh serangane Puthut Jayandaga wis bisa diendhani. Beda karo Puthut Jayantaka sing uga nyawang lakuning perang tandhing kuwi, sajroning atine ana rasa mongkog ndulu kaprigelane adhine sapaguron nggone ngecakne Jurus Pedhang Ngrajang Kobis, piyandel Paguron Tangen. Nanging Puthut Jayandaga uga rumangsa eram weruh solahe Marga sing tanpa gegaman, tanpa nangkis serangan, nanging tansah bisa ngendhani kanthi becik lan nggemesake, kaya solahe manuk Podhang sing mencok ing pang, katone wae cumbu, nanging tansah luput nalika sabetan lan sudukan pedhange Puthut Jayandaga sing kaya sindhung riwut ngarah marang dheweke.
Bareng wis mlaku kira-kira luwih saka patang puluh jurus nggone ngecakne Jurus Podhang Kleyangan, Marga banjur nambahi kanthi ngecakne jurus Platuk Nucuk sing dilararasne karo Juru Podhang Kleyangan. Ing sawijining kalodhangan sing mung sagebyaring that-thit, drijine tangane Marga sing kiwa bisa nyodhog dhadhane mungsuhe. Puthut Jayandaga sing ora ngira bakal oleh serangan saka mungsuhe kuwi ora kober nangkis utawa endha, temah Puthut Jayandaga kontal memburi nganti limang jangkah banjur tiba nggulung neng lemah. Sauntara Marga ora nututi mburu maju, nanging mung banjur ngadeg karo kuda-kuda sing nuduhne kaprayitnane. Sawuse nggulung ngadoh, Puthut jayandaga nuli mencolot bali ngadeg karo tangane ngebat-ngebatne pasir malela sing nemplek ing sandhangane.
"Bener ta sing tak kandhakne mau Ki Puthut?" weruh kedadeyan ngono kuwi Rangga ngguyu karo nakoni Puthut Jayantaka sing ngadeg ora adoh saka papane "jumbuh karo sebutane Jurus Pedhang Ngrajang Kobis kuwi mung bisa digunakne kanggo ngadhepi barang sing ora bisa obah yen ora diobahne, nek dicakne marang wong ora suwe sing ngecakne bakal glempangan merga kena diwales sing mung sak titahe wae".
"Setan Kowe Rangga" Puthut Jayantaka misuh banter "aja girang gumuyu dhisik kowe. Sedhela maneh adhimu bakal modar kanthi tatu kaya dicacah dening pedhange adhiku".
"Nek adhimu kuwi bisa kaya sing mbok ucapne kuwi, wis mau-mau dileksanakne Ki Puthut" wangsulane Rangga karo ngguyu sansaya banter "ora ndadak ngenteni tiba golung koming ngambungi pasir gisik ngono kuwi, wong golung koming ngono kuwi cetha nek ora kepenake".
"Iblis, pancen cangkemu sing rusak kuwi njaluk tak kekrek nganggo pucuk pedhangku, Rangga" Puthut Jayantaka nggetak banter, lan kanthi cepet prasasat ora kena sinawang dening mripat tangane tengen wis nggegem garan pedhang sing banjur disabetne ngarah sirahe Rangga sing isih ngadeg mbanda tangan karo gumuyu ngece.
Yen sing disabet pedhang kuwi wong lumrah, kira-kira ya banjur rubuh adus getih koncatan nyawane. Nanging gandheng sing disabet kuwi Rangga, siswa Korine Pangeran Surawiyata sing ngelmu pedhange satanah jawa durung ana sing madhani. mBuh kepiye olehe obah, ora bisa dicritakne nganggo ukara, tangan sing maune mbanda memburi kuwi, ngerti-ngerti wis nggoceki pucuking bongkotan pring kuning sing gedhene sajempolan sikil lan dawane limang kilan. Pedhange Puthut Jayantaka sing teka kaya alun segara kuwi disabet saka arah ngisor disambet mendhuwur. Saking bantere olehe nyabet, kekuwatane Puthut Jayantaka katempuh karo kekuwatane Rangga, nuwuhake suwra gumleger kaya suwarane jurang sing jugrug. Epek-epeke Puthut Jayantaka sing nggegem garan pedhange, krasa kaya lagi nggegem mawa sambi ing padhiyangan, tanpa krasa pedhange Puthut Jayantaka ucul saka gegeman, tumiba ing lemah ora adoh saka papane ngadeg.
"Pancen sajake si Dewa Karkatha kuwi ora tau aweh wulang tata krama marang muride, apa malah Ki Gedhe Tangen kuwi ya ora weruh ing tata krama?" kaya omong marang awake dhewe Rangga grenengan, nanging suwarane keprungu cetha ing kupinge Puthut Jayantaka "lha wong ngajak perang tandhing kok ora omong luwih dhisik? Butuhe mung ngabruk kaya pitik tukung rayahan beras sing kocar-kacir neng lemah".
"Iblis tenan kowe Rangga, titenana klakon tak suwek lambemu mengko" karo ngempet rasa panas ing epek-epeke sing isih krasa, Puthut Jayantaka misuh-misuh ngincim Rangga.
"Ora sah ndadak kakehan gunem sing tanpa guna Ki Puthut" wangsulane Rangga karo mesem ngece "lha wong mbok ngge nggegem garan pedhang wae tanganmu nggregeli ngono kok? apa pancen pedhang sing abot dadi tenagamu ora kuwat ngangkat?. Wis ora sah nganggo rikuh pekewuh, sing mbok adhepi dudu Pendhekar sing ngugemi paugeraning jagad kanuragan, pedhang ucul saka tangan kuwi padha karo wis ilang, nek isih gelem njupuk padha karo wong sing mangan utah-utahane dhewe. Sing mbok adhepi kuwi aku, bocah ndesa sing ora duwe sipat mentalan kaya sipate murid paguron sing ora diwulang tata krama. Ayo enggal jupuken pedhangmu, lan ayo ditutugne olehe gegojegan".
Diuneni kaya mangkono kuwi, sakala Puthut Jayantaka sakala sansaya muntab kanepsone. Karo ngget untu, pedhange dijupuk. Banjur mapan lungguh sila neng lemah. Ora suwe saka ragane Puthut Jayantaka kumelun pega putih kaya geni bedhiyang sing kurugan gegodhongan teles. Praupane Puthut Jayantaka malih rupa dadi kaya tembaga, saka mripate kumelun kaya pega bening sing panase kagila-gila. Puthut Jayantaka banjur nyawang watu gedhe sing mau dilungguhi Rangga, kanthi panyawang sing dikantheni kiriman pega bening sing metu saka mripate, sakala watu sing meh sakebo gedhene kuwi banjur pecah-pecah ambyar dadi sasirah-sirah kaya ketiba palu godam sing abot. Banjur genti pedhange Puthut Jayantaka sing saka pucuke, uga ngetokne pega sing padha karo pega sing metu saka mripate, dithungne menyang kayu-kayu Popohan sing mau ditengkel-tengkel dening Puthut Jayandaga, padha sakala kayu-kayu kuwi banjur kobong dadi geni. Puthut Jayantaka banjur mbengok sora aweh sasmita marang Puthut Jayandaga supaya nindakne kaya sing wis ditindakne yaiku ngecakne aji Lahar Bening, kanggo nglebur mungsuhe.
Weruh owah-owahan sing dicakne Puthut Jayantaka Rangga dadi kaget. Banjur eling karo piwelinge Patih Mandaraka nalika samana, yen kongsi methuki wong sing ngecakne aji kaya sing diweruhi Rangga kudu luwih ngati-ati, merga aji kuwi temen-temen aji sing arang menungsa kuwat nadhahi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar