Total Tayangan Halaman

Jumat, 10 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (011)

 


11.

Rangga lan Marga dadi sansaya ngerti mungguh sapa sejatine wong-wong Paguron Tangen, ya iku kaya sing dicritakne Ki Lurah mau wis duwe ancas lan tujuwan arep mbalela lan kepengin ngrebut paprentahan negara Mataram. Sing kanggo pawadan supaya oleh panyengkuyung saka wong-wong liyane, wong-wong Paguron Tangen iki isih nggunakne cara-cara lawas, kanthi dodolan crita ngayawara kanthi wewaton sing jarene wahyu kraton lan sapiturute.  Nanging Rangga lan Marga isih kepengin ngerti luwih akeh maneh klawan Paguron Tangen iki, mula nom-noman loro kuwi banjur meneng kepengin ngrungokne luwih akeh apa sing arep dikojahne dening Puthut Jayantaka sing ngaku wis nggadhuh Aji Netra Bathara kuwi.

 

"Sawuse suwe nggone lelana mider ngideri jagad Tanah Jawa, wasana Wahyu Kraton kuwi sumurup sapa sejatine sing kuwat dipanggoni" kandhane Puthut Jayantaka sawuse ngerti nek Rangga lan Marga sajak kepencut karo sing dicritakne "lan Wahyu Kraton kuwi uga wis weruh sapa wae sing kuwawa dadi sapukawating Tanah Jawa minangka punggawane Ratu sing bakal diencoki kuwi".

 

"Dadi wektu iki bebakalane Ratu Adil sing sasuwene iki kena diarani Satriya Piningit sarta para punggawane kuwi wis ana? apa ngono Ki Puthut?" Rangga mancing pitakonan marang Puthut Jayantaka.

 

"Bener" wangsulane Jayantaka "dina iki Wahyu Kraton Tanah Jawa wis manunggal dadi sajiwa karo Satriya Piningit bebakalne Ratu Adil kuwi, uga soroting cahyane Wahyu Kraton wis anglimputi sapa-sapa sing wenang dadi punggawane Sang Ratu Adil. Salah siji saka kang antuk nugrahaning Bethara lan kapiji dadi punggawaning Ratu Adil kuwi, miturut panyawanging Netra Bathara-ku klebu ndika sakloron".

 

"Aku karo sedulurku Ki Puthut?" Rangga takon karo suwara sing digawe rada kaget.

 

"Pancen kepara nyata mangkono Kisanak" wangsulane Puthut Jayantaka karo mesem.

 

"Mengko dhisik, Ki Puthut" Marga genti sing sumela gunem "yen bener aku karo kakang Rangga klebu kang kapiji bakal dadi punggawane Ratu Adil kuwi, banjur sing dadi Ratu Adil kuwi sapa? Apa Ki Puthut Jayantaka dhewe?".

 

Puthut Jayantaka gumuyu rada banter krungu pitakone Marga ngono kuwi.

 

"Dudu aku Kisanak" kandhane Puthut Jayantaka sawuse meneng olehe ngguyu "kanugrahan sing bakal tak tampa ora pati adoh bedane karo kanugrahan sing bakal ndika tampa, dadi ya mung saderma dadi pandherek utawa punggawane Sang Ratu Adil, dene wujud pangkatku kuwi apa, durung bisa tak kandhakne neng kene. Malah sing luwih baku, wengi iki aku kepengin ngajak ndika sakloron sowan ngadhep ing ngarsane Bebakale Ratu Adil kuwi, dimen enggal kaparingan kanugrahan dadi punggawane negara, embuh mengko ndika bakal dipercaya dadi Penatus utawa Panewu, mung Sang Ratu Adil pribadi kang wenang mutusake".

 

"Sing wis kapencokan lan nunggal sajiwa karo Wahyu Kraton Tanah Jawa kuwi sapa Ki Puthut?" Marga mbaleni pitakone.

 

"O, kuwi ta Kisanak?" Puthut Jayantaka mesem "sing perlu ndika sumurupi sayegtine sing ndika takokne kuwi ora ana liya kajaba pepundhenku dhewe Panembahan Dewa Karkatha sing wektu iki lenggah ing Paguron Tangen. Dadi ndika sakloron bakal tak ajak sowan marak menyang Paguron Tangen, murih enggal nampa nugrahaning ratu".

 

"Ngene ya Ki Puthut" Rangga sing satemene wis gila krungu omongane Puthut Jayantaka kuwi guneman kanthi suwara sing disareh-sarehne "perkara aku karo sedulurku ya si Marga iki arep ndika sowanake ing ngarsane pepundhen ndika kuwi kena diarani gampang, lire kapan wae dudu perkara sing baku tumrap aku lan adhiku. Nanging, sadurunge aku ndika larapake ing ngarsane Panembahan Dewa Karkatha, luwih dhisik aku kepengin weruh apa sing bakal tak tampa mengko sawuse aku teka ing Paguron Tangen?".

 

"Mau wis tak kandhakne Kisanak Rangga" wangsulane Puthut Jayantaka sabar "ndika sakloron bakal nampa kanugrahan embuh dadi Penatus utawa dadi Panewu kuwi gumantung karo kersa dalem Rama Panembahan Dewa Karkatha, sing cetha ndika bakal nampa nugraha kuwi".

 

"Yen mangkono tak wangsuli saiki wae Ki Puthut" wangsulane Rangga "aku karo adhiku ora mbutuhake kanugrahan sing wujude kaya ndika kandhakne mau, aja maneh wujude pangkat Penatus utawa Panewu, munggahe didadekne Tumenggung malah kepara didadekne Pepatihe Ki Gedhe Tangen pisan, aku ora bakal gelem. Nanging, yen Panembahan Dewa Karkatha lan kabeh siswane gelem nungkul dadi reh-rehanku, kira-kira aku lagi arep mikir, gelem lan orane aku ndika ajak menyang Paguron Tangen kuwi".

 

"Rangga........." dumadakan Puthut Jayantaka mencolot saka watu sing dilungguhi, ngadeg kurang luwih telung jangkah ana ngarepe Rangga sing isih lungguh neng papane, diterokne Puthut Jayandaga sing uga banjur mapan ngadeg ing sandhinge kakange, karo takon kanthi suwara sereng "apa sing wis mbok kandhakne mau he?".

 

"Ora perlu tak baleni, apa sing tak ucapake wis cetha banget Ki Puthut" wangsulane Rangga karo mesam-mesem nuduhne yen atine ayem wae.

 

"Keparat, jebul bener apa sing dikandhakne Branjang lan Brunjung mau" Puthut Jayantaka nggeget untu nahan nesu "kowe pancen menungsa  murang tata, keladuk degsura, nganti wani ngina marang sesembahanku Rama Panembahan Dewa Karkatha lan kabeh pendhereke".

 

"Aja salah tampa Ki Puthut" Rangga wangsulan karo ngguyu "sing degsura lan murang tata kuwi dudu aku, aku mung saderma mangsuli pangajak ndika, ya iku ndika arep ngajak aku menyang Paguron Tangen, tak wangsuli mbok menawa wae aku bisa minangkani pangajak ndika kuwi mau, nanging yen Ki Gedhe Tangen lan kabeh muride gelem dadi reh-rehanku. Nek ora gelem ya ora apa-apa, aku ya ora arep meksa. Dadi aku babar pisan ora murang tata. Malah, tumrape sing gelem nggunakne nalare, ora aku sing degsura nanging malah ndika dhewe sing kudune kena diarani sing wis murang tata".

 

"He... munyuk elek" Puthut Jayandaga sing wiwit mau mung meneng, nggetak banter karo misuhi Rangga "aja mung dumeh bisa dlangap-dlangap waton ngucap kowe, wis cetha rembugmu wis ngremehne lan ngina Rama Panembahan Dewa Karkatha, malah saiki kowe ngarani nek Kakang Jayantaka sing murang tata, setan kowe Rangga".

 

"He Puthut Jayandaga?" Marga luwih dhisik sing mudhun saka palungguhane karo nyedhaki Puthut Jayandaga karo semaur "sadurunge kowe mangap ngunek-unekne Kakang Rangga, coba takonana sedulurmu kuwi. Tekane ana kene karo kowe iki mau karepe dhewe apa dikongkon Ki Gedhe Tangen? Nek karepe dhewe, genah nek Kowe karo sedulurmu kuwi andhahan sing lancang, ora diprentah karo bendarane wis wani clalakan nemoni aku karo kakangku. Nek weruh tata kramane kawula marang bendarane, ora bakal wani kawula ndhisiki obah tanpa nampa prentah ngono kuwi, ngerti?. Lha nek merga nindakne pakone Si Dewa Karkatha, oleh wangsulan saka sedulurku ngono kuwi mau, kudune kowe karo Puthut Jayantaka kuwi ya banjur bali, matur marang bendarane ngaturake kabeh wangsulane Kakangku kuwi mau. Ora banjur misuh-misuh kaya wong goblog ngono kuwi. Ngerti?"

 

"Iblis kowe Marga" Puthut Jayandaga nggetak "sansaya nrucak tembung sing metu saka cangkemmu, yen kowe isih ngeman cangkemu, gage kowe njaluk ngapura marang aku lan Kakang Jayantaka!".

 

"Yen aku ora gelem?" Marga wangsulan karo ngguyu ngece.

 

"Kowe nantang? Wani kowe karo Puthut Jayandaga He?"

 

"Kari sakarep olehmu arep ngarani Puthut gak duwe utek" Marga wangsulan karo ngguyu.

 

"Nyoh.....rasakna kepelanku!" karo mbengok Puthut Jayandaga ngirimne kepelan diarahne menyang lambene Marga.  

 

Pancen sadurunge budhal mau Puthut Jayandaga karo Puthut Jayantaka wis ngerti yen Rangga lan Marga sing arep diparani bengi kuwi, duwe ngelmu kanuragan sing wis rada dhuwur tatarane, malah Ki Branjang lan Ki Brunjung sing ing Paguron Tangen wis klebu murid sing mapan ing tataran dhuwur wae ora bisa ngatasi bocah nom-noman loro kuwi. Mula Puthut Jayandaga olehe ngirim kepelan marang Marga kuwi ya dudu kepelan wantah, nanging kepelan sing disurung dening kekuwatan hawa murni. Saupama sing ketiban kepelan kuwi wong lumrah, ws mesthi bakal remuk ak sirah-sirahe, lan Puthut Jayandaga uga wis duwe pangira, gendheng Marga kuwi nom-noman sing duwe kadigdayan, yen nganti lambene ditibani kepelane, mesthi bakal rontog kabeh untune. Nanging Puthut Jayandaga, babar pisan ora ngerti nek Marga kuwi siswane Ki Tanparupa, sing wis kuwarisan aji Sasra Panggraita, sing bisa maca samobah-mosiking mungsuh sing arep gawe cilakane.  Marga mundur sajangkah karo nisih mangiwa sethithik, kepelane Puthit Jayandaga mung ngenani angin. Ragane Puthut Jayandaga katut kesurung tenagane sing mlumpuk ana kepelan tangane. Temah ora ngerti nalika karo mundur Marga uga ngobahne sikile sing banju nyenggol lambunge Puthut Jayandaga. Sanajan sadhukane Marga kuwi ora banter, nanging pener. Puthut Jayandaga ora kuwawa endha, temah kebanting miring, krengkangan neng lemah. Pisuhane Puthut Jayandaga ora bisa diempet.

 

"Iblis keparat kowe Marga" kandhane Puthut Jayandaga karo tangi saka anggone krengkangan "ora kena digawe becik, klakon tak tugel gulumu neng gisik bengawan iki kowe mengko".

 

Muni ngono kuwi, Puthut Jayandaga karo ngunus Pedhang pusakane saka wrangka sing gumantung ana lempenge.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...