10.
Puthut Jayantaka nyawang Rangga lan Marga genti-genti, kanthi pitulungane sunar rembulan ing wayah purnama, Puthut Jayantaka bisa nyawang praupane nom-noman loro sing sajake ora pati nuduhne anane owah-owahan merga krungu karo sing ditawakne kuwi mau. Rangga lan Marga sing ditawani bab kasaguhane Puthut saka Paguron Tangen, kanggo nyepetne tumibaning nugraha saka Gusti Sing Maha Agung, ing bain padha mesem. Merga Rangga lan Marga wis wiwit ngerti kanggo nyebut apa sing diarani kanugrahan wae, antarane nom-noman loro karo Puthut Jayantaka kuwi beda. Nanging Rangga lan Marga ora kepengin merga bedaning panemu bab kanugrahan iki ndadekne pasulayan karo Puthut Jayantaka, kaya pasulayan sing kedadean mau awan.
"Matur nuwun banget Ki Puthut" bareng wis rada suwe meneng Rangga nuli aweh wangsulan "jenenge wong arep diwenehi pituduh, mesthi wae aku karo adhiku mesthi kanthi seneng bakal ngrungokne. Dene perkara bisa lan orane nindakne pituduh sing arep tak tampa kuwi mengko, gumantung marang kekuwataning raga, jiwa, nalar lan budi sing ana ing awakku lan adhiku, nek kuwat ya bisa wae pituduh kuwi dilakoni dene yen sajake ora kuwat ya olehe arep nglakoni wae kepiye? wong ora kuwat?. Kajaba saka iku, tenane mungguhku apa dene adhiku, sing arane kanugrahan kuwi muhung ana astaNe Gusti, kapan tumibane marang titah ya kari manut karo kersaNe, sing luwih ngudaneni pantes lan orane titah nampa nugraha".
Puthut Jayantaka ora pati nggagas karo tembunge Rangga sing dawa kuwi, bakune Puthut Jayantaka wis nganggep yen Rangga lan Marga gelem nampa apa sing arep dikandhakne marang nom-noman loro kuwi. Sanajan ta mangkono, Puthut Jayantaka ora kesusu ngandhakne sing dadi karepe, kanggo mantepake atine Rangga lan Marga, Puthut Paguron Tangen kuwi kanthi ngati-ati njlentrehne sing karepe marang nom-noman loro kuwi :
"Ngene ya Kisanakan Rangga lan Marga, satemene minangka siswa pinilih saka Paguron Tangen, dening Rama Panembahan Karkatha aku lan siswa-siswa sapantaranku wis kaparengake nggadhuh sing diarani netra bathara, tegese bisa ngerteni wewujudan sing kasat mata lan sing ora kasat mata, sing wujud barang lan sing wujud mung gegambaran, dadi satemene aku uga wis weruh sapa sejatine Kisanak Rangga lan Marga sanajan mau Kisanak wis ngandhakne nek ora ngerti sapa sing dadi leluhure".
"Ya sokur ta Ki Puthut" Marga sing mangsuli kandhane Puthut Jayantaka sing kaya ngerti-ngertia karo sing dikandhakne "aku ya sethithik-sethithik ya ngerti, sing sapa wonge wis kagadhuhan aji netra bathara mangka padatan bakal dhemen mbabar kabecikan marang sok sapa wae sing ditemoni. Harak ya ngono ta Ki Puthut?".
"Kuwi bener Kisanak" tumanggape Puthut Jayantaka klawan sing nuduhake mongkoging atine "mula saka kuwi, aku wis mangerteni yen satemene ndika kuwi dudu nom-noman sing sembarangan, nanging isih trahing kusuma rembesing madu sing nduwe wewenang kanggo melu ngecakne pranatan ing Tanah Jawa iki. Lan anggon ndika nindakne laku lelana brata kanthi nurut lakune Bengawan iki wis wancine nampa nugrahaning Jawata sing wujude ndika sakloron bakal oleh kalenggahan sing luhur sajroning paprentahan ing Tanah Jawa iki. Dene supaya kalenggahan luhur kuwi enggal bisa ndika wujudne, aku saguh nuntun laku ndika sakloron mung wae ndika sakloron kudu wani rekasa luwih dhisik".
"Bares wae Ki Puthut" Rangga nyauti kandhane Puthut Jayantaka, Rangga wiwit ora sabar krungu rembuge wong sing seneng adol umuk kaya Puthut saka Paguron Tangen kuwi "aku malah sansaya ora mudheng karo sing ndika kandhakne kuwi. mBok menawa wae, merga aku karo adhiku iki mung wong lumrah, dadi ya angel bisa nampa tembung sing kawetu saka tutuke priyagung sing wis kagadhuhan aji netra bathara kaya ndika kuwi. Dadi tak kira ora ana gunane maneh ndika bacutne ngrembug barang sing aku karo adhiku ora mudheng, merga rembugan karo wong mudheng kuwi mesthi tiwas omong akeh nanging sing dijak omong panggah ora ngerti karepe".
"Aja kesusu ngarani ora mudheng Kisanak" wangsulane Puthut Jayantaka karo ngguyu "coba ndika rungokne dhisik sing arep tak kandhakne, mengko suwe-suwe ndika bakal ngerti".
"Ya coba ndika tutugne oleh arep ndika crita Ki Puthut" Marga njawil Rangga aweh sasmita supaya bisa sabar sethithik , karo nyauri kandhane Puthut Jayantaka "nanging yen mengko aku karo Kakangku panggah ora mudheng, tak jaluk ndika aja banjur ngluputne wong sing pancen ora mudheng".
"Iya, Kisanak Marga" wangsulane Puthut Jayantaka karo mbacutne olehe guneman "satemene sasurute Kanjeng Sultan Adi Wijaya ing Pajang, Tanah Jawa iki oleh bebenduning Bathara. Jalaran saka kaluputane para Trah Pajang sing ora enggal tumandang nalikane padha weruh yen Tanah Jawa arep diratoni wong sing satemene ora wenang nyekel panguwasa. Ya iku kanthi madege bocah sing kudune mung pantes dadi Lurah Pasar, dadi Ratu kanthi sebutan Panembahan, ya kuwi si Sutawijaya alias Mas Ngabehi Loring Pasar, sing banjur jumeneng dadi Panembahan Senapati ing Ngalaga Ngabdul Rahman Sayidin Panatagama Kalipatullah Tanah Jawa ing Mataram".
"Lho gajege jumenenge Gusti Panembahan Senapati kuwi ra ya wis diwiwiti jaman Kanjeng Sultan Pajang isih sugeng ta Ki Puthut?" Marga nigas critane Puthut Jayantaka "ya iku nalika Kanjeng Sultan wis kepareng paring ganjaran asma Senapati ing Ngalaga marang Raden Sutawijaya sawuse kaleksanan mbabad Alas Mentaok dadi Kutha Gedhe Mataram kae. Kuwi miturut dedongengan sing tau tak rungu lho?".
"Bener Kisanak" Puthut Jayantaka gageyan aweh wangsulan karo mesem "keparenge Kanjeng Sultan paring nugraha asma marang Sutawijaya nalika samana, merga ketang tresnane Kanjeng Sultan marang putra angkate kuwi. Lan kanugrahan saka Kanjeng Sultan kuwi mung winates ing pangkat Senapati Ing Ngalaga, dudu Pangeran Prang Wadana, dudu Prabu Anom. Nanging bareng Kanjeng Sultan surud ing kasedan jati, malah Sutawijaya kanthi degsura kumawani madeg neng Mataram sarta nggawa isen-isening kraton Pajang sing wujud piranti lan ubarampening upacara kraton menyang Mataram. Iki sing cetha yen ora bener".
"Kuwi panemu ndika Ki Puthut?" Rangga genti sing nigas rembuge Puthut Jayantaka "yen ndika duwe panemu kaya mangkono kuwi, ya mangga. Nanging aku duwe panemu sing seje karo panemu ndika, lan aku karo adhiku ora arep ngukuhi endi panemu sing bener, panemu ndika apa panemuku. Merga kuwi ora dibutuhne dening kawula ing Mataram iki. Sing dibutuhne kawula Tanah Jawa kuwi dudu sapa sing kudu dadi Ratu, nanging kawula kaya aku iki mung butuh Ratu sing bisa anetepi kautamaning gesang, welas asih mring sesami, ambeg adil para marta, bisa aweh rasa tentrem ing atine kawula lan ngundhakne kamakmuraning uripe kawula".
"Panemu ndika sing keri dhewe kuwi pancen bener Kisanak" Puthut Jayantaka semaur aweh wangsulan "nanging bisane maujud Ratu sing kaya ndika kandhakne kuwi, lamun sing jumeneng Ratu katunggon dening Wahyu Kraton, lan Sutawijaya kuwi ora kanggonan wahyuning Kraton Tanah Jawa jalaran dudu trah lajer saka Ratu sadurunge, drajate mung putra angkat, asline mung anake Pemanahan Bocah saka Desa Sela, Tukang angon kebo lan nggarap sawah.........".
"Mengko dhisik Ki Puthut" Marga gageyan semaur, kuwatir Rangga nesu krungu omongane Puthut Jayantaka sing wiwit maido lan ngremehake leluhure Panembahan Senapati sing ateges uga leluhure Raden Rangga "kudune oleh ndika nyawang lakuning keprabon ing Tanah Jawa iki ora mung mandheg karo sing ana wektu iki wae, nanging murih adile kudu ditlusur wiwit mendhuwur. Sandhuwure Gusti Panembahan Senapati sing saiki iki, Kanjeng Sultan Adiwijaya sing olehe jumeneng dadi Sultan uga ora merga trah sing lajer, jeneh Sultan Adiwijaya kuwi putrane Ki Ageng ing Pengging, sadurunge Kanjeng Sultan Adiwijaya sing jumeneng Kanjeng Sultan Trenggana, pancen bener Sultan Trenggana kuwi putra lajer saka Kanjeng Sultan Demak kapisan, nanging Kanjeng Sultan Demak kapisan kuwi mung putra saka garwa selir saka Sinuwun Brawijaya. Malah nek ditlusur luwih dhuwur maneh, sawuse Kanjeng Sinuwun Brawijaya ya Prabu Hayam Wuruk seda sing jumeneng nata malh mung putra mantune sing wekasan banjur nuwuhake Perang Paregreg sing ora ana enteke nganti wekasan Majapahit sing Agung kuwi runtuh. Dadi nek ndika duwe panemu ratu sing bisa gawe raharjaning kawula kuwi kudu ratu sing kasinungan wahyu kraton lan wahyu kraton kuwi mung bisa cumondhok marang sing temen-temen trah lajer . Banjur sing diarani trah lajer kuwi sapa?".
"Ngene ya Kisanak Marga" Puthut Jayantaka ambegan landhung rumangsa kasoran rembug karo nom-noman sing jeneng Marga kuwi "pancen wis suwe banget Wahyu Kraton kuwi murca lan banjur mabur kekalangan ing jagad Tanah Jawa, jalaran pancen lagi ngulat-ulati sapa sejatine sing wenang dipanggoni sing ateges wenang jumeneng dadi Ratu Adil ing Tanah Jawa kanggo mbabar karaharjane sagung kawula dasih ing Tanah Jawa iki".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar