Total Tayangan Halaman

Kamis, 09 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (009)

 


9.

Kaya ora ana apa-apa Rangga lan Marga anggone mlaku menyang Pinggir Bengawan ya lumrah wae, lire ora kesusu ya ora kemrungsung. Sedhela-sedhela isih kober nyawang rembulan sing padhange kaya wayah rina. Nalika nom-noman loro kuwi teka papan sing dituju, neng kono ora ana sapa-sapa, sepi. Rangga mlaku nyedhaki watu gedhe sing ana ing pinggir gisik, banjur mapan lungguh neng dhuwure, Marga melu-melu mapan lungguh, kekarone padha olehe meneng ora nyuwara apa-apa, malah Marga banjur kasengsem karo suwara pating kriyet sing tuwuh saka pring-pring ori sing gesrekan ing barongane. Putra pambayune Panembahan Senapati kuwi mesem, merga kelingan biyen tau nalikane isih cilik saben arep mapan turu, kerep nyuwun dicritani dedongengane kancil sing ngapusi macan sing kepengin ngunekne sulinge Kanjeng Nabi Suleman.

 

"Wong kuna-kuna kuwi ya bener kok, suwarane pring-pring ing barongan kuwi nek dirungokne suwe-suwe pancen kaya suwara suling" kandhane Rangga alon karo mesam-mesem kasengsem.

 

"Iya Kakang" Marga mangsuli "nanging awake dhewe mlaku mrene mau rak ora kepengin ngrungokne suwara pring gesrekan katendhang angin sing nyuwara kaya sulinge Kanjeng Nabi Suleman kuwi ta?".

 

"Ya gene kaya ngono wae ndadak mbok gagas ta Dhi?" Rangga genti takon "pancen bener, awake dhewe teka kene iki mau mung nuruti wong sing jare kepengin ketemu karo awake dhewe neng kene, lha nek awake dhewe teka kene jebul sing enek mung suwarane angin sing lagi guyon karo barongan pring ori ya ora apa-apa neh? Wong sing butuh ngajak tetemon kuwi dudu awake dhewe? iya apa ora?".

 

"Iya Kakang, nanging nek ndeleng isine layang mau cetha nek surasane aweh panantang marang awake dhewe" Marga guneman maneh "lha ana wong wani nantang bareng dituruti kok ora ngatonke awake kuwi jenenge rak ya ora lucu ta Kang?".

 

"Lha saiki aku bisa males marang awakmu Dhi" Rangga semaur karo ngguyu.

 

"Males sing kepriye Kakang?"

 

"Padatan nek nemoni apa-apa ajeg sing aweh pitutur utawa ngandhani aku supaya sabar ki kowe, bengi iki genti tak wales aku sing genti ngandhani si adhi. Sumurupa ya Dhi, isine layang mau bener panantang supaya awake dhewe nuduhne kaprawiran lan aja kaya wong jirih, mbok menawa wae sing dikarepne sapa mau? Puthut Jayantaka? kuwi nyoba awake dhewe, wani apa ora wayah bengi ngene iki kluyuran neng gisik bengawan sing sepi, sing jarene wong-wong gisik bengawan kuwi nek wayah bengi dienggo saba bangsane memedi, bangsane wedhon, glundhung pringis, ilu-ilu, wewe gombel lan sapiturute kae. Lha kanggo mbuktekne awake dhewe kuwi klebu wong jirih utawa ora, sing nulis layang mau ya wis ana kene, nanging umpetan karo ngiceng awake dhewe, wedi apa ora. Ngono lho Dhi".

 

"Dadi ngono ya Kakang?" Marga wangsulan karo mesem "ya wis yen ngono, becik diumbar wae ora sah nggagas wong sing seneng manggon neng petengan, karo pringas-pringis merga ngempet gatel dikruyuk jingklong ya?".

 

Lagi wae Marga rampung aweh wangsulan marang Rangga dumadakan saka grumbul ora adoh saka papane wong loro kuwi lungguh, katon ana wewayangan loro sing mencolot banjur mlaku nyedhaki Rangga lan Marga.

 

"Sugeng Dalu Kisanak Rangga lan Ki Sanak Marga" salah siji saka wewayangan loro kuwi  alok sapa aruh marang Rangga lan Marga "sing gedhe pangapuran ndika wong sakloron, yen aku ora enggal nemoni ndika. Jalaran aku kuwatir nek sing teka ing kene kuwi mau dudu Kisanak Rangga lan Kisanak Marga".

 

"Apa sing neng ngarepku iki Puthut Jayantaka saka Paguron Tangen sing jenenge wis kondhang teka saindenging bawana kuwi?" Rangga wangsulan karo aweh pitakonan.

 

"Ora luput pangira ndika Kisanak, aku Puthut Jayantaka lan iki adhiku Puthut Jayandaga, siswa saka Rama Panembahan Dewa Karkatha, sing biyen luwih kondhang klawan sebutan Ki Ageng Tangen" Puthut Jayantaka mapan lungguh ora ing watu sing ora adoh karo papane Rangga lan Marga lungguh, banjur takon "Lha Ki sanak Rangga kuwi sing endi lan Ki Sanak Marga kuwi sing endi?".

 

"Ya ditepungake wae Ki Puthut" wangsulane Rangga "sing ditengeri nganggo jeneng Rangga dening wong tuwaku biyen, ya aku iki bocahe, dene adhiku sing dijenengne Marga ya sing saiki lungguh awor aku iki".

 

"Matur nuwun Kisanak Rangga" kandhane Puthut Jayantaka sabanjure "waleh-waleh apa anggonku wis aweh layang marang ndika sakloron supaya menyang gisik bengawan kene iki, satemene kajaba aku kepengin tepung karo ndika sakloron, aku karo adhiku Jayandaga ini, minangka sing kalebu dituwakake ing Paguron Tangen mung kepengin nyuwun pangapura saka ndika sakloron awit saka tumindake adhi-adhiku sapaguron, Puguh, Panggah apa dene Ki Branjang lan Ki Brunjung sing wis wani tumindak degsura marang ndika sakloron".

 

"Aku semono uga Ki Puthut" Rangga gage olehe mangsuli "aku karo adhiku ya nyuwun pangapura marang Paguron Tangen lumantar ndika sakloron, dene aku karo adhiku jalaran perkara sing ora cetha banjur kerengan karo siswa-siswane Panembahan Dewa Karkatha, sepisan maneh aku karo adhiku nyuwun pangapura".

 

"Sokur ta Kisanak yen mangkono, aku minangka salah siji saka tetuwaning Paguron Tangen, ngatuirake panuwun marang Kisanak sakarone, lan dianggep wae kedadeyan mau awan ora tau ana, yen ngono kepiye Kisanak?".

 

"Aku lan adhiku sarujuk karo panemu ndika Ki Puthut" wangsulane Rangga.

 

"Sabannjure Kisanak" Puthut Jayantaka guneman maneh "apa bener nek ndika sakloron kuwi wis nurut lakune bengawan iki saka sacakete Kadipaten Pajang kaya sing dikandhakne dening Panggah lan Puguh marang aku mau?".

 

"Yen diarani wis nurut lakuning banyu bengawan kuwi ora bener Ki Puthut" sing wangsulan genti Marga "nanging nek diarani olehku wiwit nggelak gethekku kuwi saka Desa Jurug salore Kutha Pajang pancen bener".

 

"Iya, iya Kisanak Marga" Puthut Jayantaka kandha maneh karo mesem "aku ora ngerti sapa sejatining ndika sakarone kuwi sapa, mung aku duwe pangira yen ndika kuwi isih ana sambung rapete karo Kasultanan Pajang utawa luwih pase maneh isih ana sambunging getih karo Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang".

 

"Aku babar pisan ora ngerti Ki Puthut" Marga wangsulan "apa aku ana sambunge getih karo Kanjeng Sultan utawa ora, sepisan maneh aku ora ngerti, merga ora ana sing tau ngandhani aku karo Kakangku iki, trah utawa turune sapa, malah sapa jenenge simbahku dhewe wae aku ora ngerti, merga sadurunge wong tuwaku crita sapa simbahku, wong tuwaku loro-lorone pisan wis luwih dhisik ngajal, dadi upama Ki Puthut duwe pangira kaya sing mau, luwih becik pangira kuwi mau diilangake wae, merga pangirane Ki Puthut kuwi mau cepak lupute lan benere ya durung karuwan".

 

"Iya, iya yen pancen mangkono sing ndika kersakne, tak suwake pangira-iraku mau saka nalarku" Puthut Jayantaka aweh wangsulan "sawuse pangira-iraku marang ndika sing magepokan karo asal-usul leluhur ndika tak suwak, saiki aku arep takon maneh".

 

"Takon perkara apa Ki Puthut?" Rangga mbalik takon "gandheng aku lan adhiku iki ora tau srawung karo sapa wae, ngertine ya mung luru pangan kanthi mancing iwak bengawan karo kala-kala munggah nyang dharatan luru pala kependhem, dadi saupama mengko aku lan adhiku ora bisa aweh wangsulan sing ana sambung rapete karo sing ndika takokne, aku ya nyuwun pangapura".

 

"nDika mesthi bisa wangsulan kanthi becik lan bener Kisanak Rangga" kandhane Puthut Jayantaka karo ngguyu renyah "merga sing tak takokne iki ora ana sambung rapete karo wong liya gandhenge pitakonku mung karo sing ndika sakloron tindakne lan ndika tuju".

 

"Apa kuwi Ki Puthut?".

 

"nDika wong loro sing nglakoni numpak gethek nurut lakune banyu bengawan iki, mesthi jalaran ndika sakloron duwe gegayuhan sing durung kasembadan lan ndika sakloron mesthi kepengin supaya sing ndika gayuh kuwi tumuli bisa kasembadan iya pa iya Kisanak?".

 

"Tak kira saben wong kuwi padha Ki Puthut" wangsulane Rangga karo ngguyu "jenenge manungsa mesthi tansah ora sepi karo sing diarani gegayuhan. Yen sing digayuh wis kecekel ing tangan, mesthi banjur kepengin nggayuh sing liyane, semono uga aku karo adhiku iki. Mung wae, apa sing dadi gegayuhanku kuwi apa, tak jaluk ndika ora nakokne, sabab aku karo adhiku iki lagi nggayuh apa uga ora pati cetha, sing genah mung kepengin oleh kanugrahan saka Sing Maha Agung kuwi thok, wujude apa aku karo adhiku durung ngerti".

 

"Matur nuwun Kisanak Rangga" Puthut Jayantaka guneman karo mesem lega "wangsulan sing ndika wenehne wis cukup. Pitakon saka aku sabanjure, upama aku nuduhake kanugrahaning Jawata sing ndika arep-arep kuwi supaya enggal bisa ndika tampani, apa ndika gelem ?".

 

Rangga ora enggal wangsulan, nalare lagi mikir apa sing dikarepake dening Puthut Jayantaka kuwi.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...