Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (008)

 


8.

Rangga karo Marga krungu tembunge Lurah Grumbulan sing keri dhewe kuwi ngrasa aneh, yen Ki Lurah Grumbulan duwe sanakan Paguron Pelanggolan sing cacahe siswane nganti rong atusan, ya gene ora biyen-biyen enggal njaluk tulung supaya enggal bisa ucul saka cengkeremane Paguron Tangen utawa Paguron Ngampon ? . Banjur Paguron sing jeneng Paguron Pelanggolan kuwi mapane ana ngendi? adoh apa ora karon Padhukuhan Grumbulan kene? sambung rapete karo Lurah Grumbulan apa?.

 

"Nuwun sewu Ki Lurah" kandhane Rangga sawuse Lurah Grumbulan ngandhakne sepira kekuwatan sing diduweni "kok kepireng aneh ing kuping kula kaliyan ingkang ndika dhawuhaken kala wau".

 

"Aneh kados pundi Ngger ?" Lurah Grumbulan takon semu gumun.

 

"Menawi ndika rumaos taksih gadhah simpenan kekiyatan ing Paguron Pelanggolan samanten agengipun, kenging punapa boten siyen-siyen simpenan kekiyatan menika ndika ginakaken? kok malah ngentosi kula kalih adhi kula ingkang dereng kantenan duginipun menika?"

 

"Makaten nggih Ngger" Lurah Grumbulan njlentrehne tembunge "Estunipun Ki Ageng Pelanggolan inggih tetungguling Paguron Pelanggolan punika, ingkang samangke yuswanipun sampun atusan tahun, punika ingkang gadhah Padhukuhan Grumbulan punika, awit panjenenganipun ingkang kapisan yasa lan babad wana Grumbulan mriki. Ki Ageng pelanggolan punika dede manungsa limrah, nanging panjenenganipun punika manungsa setengah Dewa ingkang kalis ing pejah. Rumiyin Ki Ageng Pelanggolan nate madeg lan nglurahi Padhukuhan Grumbulan mriki ngantos pinten-pinten dasa tahun, lajeng Ki Ageng Pelanggolan masrahaken kalenggahan Lurah punika dhateng siswanipun ingkang nami Ki Sandak, ingkang taksih kaprenah simbah buyut kula piyambak, lajeng Ki Ageng Pelanggolan nyepi ing satunggaling guwa ing wana radi watawis setunggal dinten lampahan saking mriki. Pranyata ing papanipun nyepi kala wau Ki Ageng Pelanggolan dipun suwitani tiyang ingkang lajeng dados siswanipun. Sansaya dinten sansaya tambah ingkang ndugeni lan ingkang sami nyuwita, ngantos dados Paguron kados samangke punika. Rikala Adhi Widarba mbalela temah dados pasulayan kalih kula, kula sowan dhateng Pelanggolan, ing mriku Ki Ageng Pelanggolan paring dhawuh ingkang kados kula aturaken ing ngajeng. Sareng antawis sewulan anggenipun Paguron Tangen lan Paguron Ngampon mendheti paos dhateng Grumbulan, kula sowan malih dhateng Pelanggolan, nanging Ki Ageng pelanggolan nembe nindakaken samadhi ing samun, lumantar siswanipun kula kaparingan dhawuh supados mahas ing sepi meminta nugrahaning Hyang Agung lan menawi sampun wonten tandha-tandha bilih panyuwun kula dhateng Hyang Agung dipun kabulaken kula nembe kaparengaken sowan malih ing Pelanggolan, lan ing mriku Ki Ageng badhe manggihi kula".

 

"Nuwun sewu Ki Lurah" Marga genti nyelani critane Lurah Grumbulan "sansaya aneh dhawuh pangandikanipun Ki Lurah punika. Punapa cariyos ndika menika wau boten ngayawara Ki Lurah? mosok kok wonten manungsa setengah Dewa ingkang kalis ing pejah lan yuswanipun sampun atusan tahun kados Ki Ageng ingkang ndika cariyosaken menika?".

 

"Menawi tumrap tiyang lumrah, mesthi badhe mastani bilih atur kula menika wau, namung dongeng kangge ngapusi lare alit murih enggal tilem Ngger" wangsulane Lurah Grumbulan "nanging, menawi atur kula dhateng Angger kekalih punika dora, mesthi titiyang ingkang wonten ing pendhapa mriki sampun wicanten menawi kula sampun apus-apus, wontenipun titiyang punika mendel kemawon, jalaran titiyang punika ugi sumerep piyambak bilih atur kula ingkang kepireng nglantur punika pancen saestunipun makaten. Inggih magepokan kaliyan panyuwunan dhumateng Angger Rangga lan Marga, mugi Angger kekalih wonten dhanganing penggalih lan kersa kula dherekaken manggihi Ki Ageng Pelanggolan, ing dinten benjing punika".

 

Rangga lan Marga satemene angel olehe arep percaya karo apa sing dicritakne Lurah Grumbulan kuwi. Kabeh-kabeh sarwa aneh lan ketara yen ngayawara. Nanging yen dinalar sing dawa, banjur apa tujuwane Lurah Grumbulan ngapusi Bocah loro kuwi ?. Mula murih ora ana pasulayan sing tanpa pawadan sing cetha, Rangga lan Marga banjur duwe gagasan arep ngetutne luwih dhisik karo apa sing dikandhakne Lurah Grumbulan, murih ngerteni apa satemene karepe Lurah lan Para Bebau sarta Sapukawate Grumbulan iki marang dheweke sakloron.

 

Sawise panjaluke Lurah Grumbulan disaguhi dening Rangga lan Marga,  tetemon wengi kuwi banjur dibubarake. Wong-wong padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Rangga lan Marga uga banjur diacarani supaya ngleremne raga, leren, ing gandhok gedhe sing mapan ing sisihe Pringgitan kanthi winatesan lawang sing bisa dibukak lan ditutup, kanggo mlebu lan metu ing pringgitan kuwi. Kajaba ana lawang sing tumuju marang Pringgitan, Gandhok gedhe papan kanggo palerenane Rangga lan Marga kuwi uga ana lawang liya maneh, sing bisa kanggo dalan mlebu lan metu menyang Gandhok kuwi saka njaba. Gandhok kuwi ana amben loro sing gedhene padha sing siji dipapanake ing sisih lor lan sing siji ing sisih kidul,  galare amben sing digawe saka pring pupuhan, digelari klasa sing putih resik ngganda aruming kembang pandhan. Rangga lan Marga wis padha munggah ing ambene dhewe-dhewe nanging durung padha mapan turu, kekarone isih padha rembugan karo suwara sing alon sing mung bisa dirungokne dhewe.

 

"Aku dadi sansaya ora mudheng karo lelakon sing kedadeyan dina iki Dhi" kandhane Rangga marang Marga "rumangsaku kok kabeh-kabeh sarwa aneh lan angel ditampa nganggo nalar, wiwit awake dhewe minggir saka Bengawan banjur munggah neng dharatan mau, banjur kerengan lan tukaran karo wong sing jarene siswa-siswa saka Paguron Tangen banjur kepethuk lan diajak mrene dening Ki Lurah, disuguhi crita-crita sing keprungu ngayawara, iki ngono jan-jane lelakon apa? aku durung ngerti Dhi".

 

"Satemene lelakon aneh iki rak wis wiwit telung dina kepungkur ta Kakang?" wangsulane Marga karo nocogne panemune "wiwit awake dhewe nyumurupi ana Macan Loreng sing gedhene sak sapi sing kuwat mencolot nglumpati ambane bengawan, saka gampeng lor menyang gampeng kidul, kae aku wis rumangsa gumun lan ngarani yen kae aneh, luwih-luwih bareng macan kae banjur njerum karo ngulati awake dhewe saka dharatan, kae rak ya luwih aneh ta kakang?".

 

"Bener Dhi" kandhane Rangga mbenerne panemune Marga "nanging wektu kuwi, si Adhi menging aku nalika aku arep mencolot menyang dharatan nyedhaki macan kae".

 

"Iya Kakang" wangsulane Marga "jalaran tak kira ora ana gunane nyedhaki macan sing ora ganggu gawe marang awake dhewe. Lelakon aneh liyane, pas sadurunge gethek tak inggirne kae, dumadakan ing tengah kedhung sing jero getheke dhewe mandheg tanpa sabab, ora gelem mlaku nuruti iline banyu bengawan, lagi bareng tak inggirne gethek gelem obah kaya padatane. Mandhege Gethek kuwi mau satemene ya klebu aneh Kakang".

 

"Iya, iya bener Dhi" Rangga manthuk-manthuk kaya-kaya lagi nggagas marang rembuge Marga sing lagi diucapake kuwi mau.

 

Nanging dumadakan nom-noman loro kuwi banjurleren olehe padha rembugan. Saka wuwungan gandhok papane leren, keprungu cetha ana suwara manuk Drekuku sing muni banter klawan suwara bening, gandem kaya suwarane bendhe, telung rambahan. Banjur payone gandhok sing digawe saka welitan alang-alang garing kuwi dipiyak saka ndhuwur.

 

"Klothak.....!".

 

Ana blabag tipis sing amba lan dawane sakilan, tumiba ing jogane gandhok. Disusul karo suwara Manuk Drekukuk sing manggung padha mau. Rangga mudhun saka ambene, banjur njupuk blabag tipis sing lagi diceblokne saka sela-selaning payon gandhok. Disusul suwarane manuk mabur ninggalne papan kono kuwi, banjur keprungu anggunge sing sansaya ngadoh.

 

"Barang apa kuwi Kakang?" Marga takon, nalika Rangga katon ngiling-ilingi blabag tipis sing diserut alus kuwi.

 

"Sajake layang Dhi" wangsulane Rangga sing banjur maca tulisan sing ana blabag tipis kuwi, sinawung ing tembang asmaradana :

 

"Heh Rangga Marga wong kalih

ingsun Puthut Jayantaka

saking paguron ing Tangen

ingsun tunggu praptanira

ing gisiking bengawan

sepira kaprawiranmu

diage mara tuduhna".

 

"Apa iki sing diarani layang panantang Kakang?" pitakone Marga sawuse Rangga rampung macakne tembang sing tinulis ing blabag tipis kuwi.

 

"Bener Dhi" wangsulane Rangga "sajake wong sing ngaku jeneng Puthut Jayantaka kuwi ora narimakake andhane dikalahne awake dhewe dhek awan mau".

 

"Iya Kakang" Marga takon "banjur prayogane diumbar wae? apa dituruti kanthi awake dhewe mara menyang pinggir bengawan mau?".

 

"Nek diumbar, aku kuwatir wong kuwi nesu banjur ngrusak omahe Ki Lurah sing dipanggoni awake dhewe iki Dhi" wangsulane Rangga "becike ya dituruti wae, apa karepe Si Puthut Jayantaka sing wis menehi layang panantang marang awake dhewe iki".

 

"Yen mangkono, ayo gek enggal budhal wae Kakang" Marga ngajak sedulur angkate kuwi supaya enggal budhal.

 

"Ayo" wangsulane Rangga "sesidheman wae, aja nganti Ki Lurah lan won-wong ing Grumbulan kene padha ngerti".

 

Kanthi alon-alonan, Rangga lan Marga banjur metu saka gandhok. Tekan njaba banjur mlaku golek dalan sing tumuju menyang gisiking bengawan panggonan nom-noman loro kuwi ninggal getheke. Ing langit rembulan sing lagi kalangan nyorotake sunare, kaya-kaya aweh pamrayoga marang nom-noman loro sing arep nemoni wong sing wis aweh panantang marang dheweke.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...