Rembuge Ki Lurah Grumbulan kuwi cetha tumrape para Sapukawat lan wakiling para warga desa sing mlumpuk ing pendhapa kuwi. Nanging Rangga lan Marga sing ora weruh bongkot pucuking perkara sing ana desa kono dadi bingung. Mung ana sethithik gambaran sing ana sajroning angen-angene Rangga lan Marga, ya iku wektu kuwi Desa Grumbulan lagi dikuwasani dening wong liya sing mung tansah gawe kapitunane warga Grumbulan. Yen nitik kedadean mau awan, Rangga lan Marga duwe panduga yen Desa Grumbulan kuwi dikuwasani dening Paguron Tangen, nanging dikuwasani sing kepriye Rangga lan Marga sing durung bisa ngira-ira. Mula nalika Lurah Grumbulan ngandhakne marang para Mancakaki lan Sapukawat sarta bebau ing Grumbulan yen tekane Rangga lan Marga iku dianggep arep aweh pitulungan marang Desa Grumbulan, Rangga lan Marga banjur kepengin ngerti pitulungan apa sing bisa diwenehne marang Warga Grumbulan kono.
"Estunipun rak makaten ta Ngger" Lurah Grumbulan tumuli arep aweh katrangan marang Rangga lan Marga sadurunge nom-noman loro kuwi takon "sampun radi dangu kula punika saben dalu mahas ing asepi, nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung murih Padhukuhan Grumbulan mriki punika enggal kapirangan pitulungan, saged ucul saking panyengkeremanipun titiyang sekti ingkang nindhes lan meres kawula ing Grumbulan mriki. Lha tigang dinten kapengker ing salebeting layap-liyep ing aluyut kula nyupena, mireng suwanten ingkang boten wujudipun ingkang paring warah bilih ingkang saged ngentas kawula Grumbulan mriki saking cengkeremaning mengsah, punika namung siswanipun Ki Tanpa Rupa, inggih punika nem-neman kalih ingkang nembe lelana mawi baita gethek ingkang prasaja. Pramila sareng Ki Senggot sumerep angger kekalih ingkang nginggiraken baita ing gisiking bengawan, Ki Senggot nunten ngabari kula. Lan nalika kula badhe manggihi angger kekalih kalihan para sapukawat Grumbulan, kula sampun sumerep bilih angger kekalih nembe tukarang perang tandhing kaliyan Ki Puguh tuwin Ki Panggah lan kalajengaken perang lumawan Ki Branjang lan Ki Brunjung. Inggih kanthi ningali anggenipun angger kekalih ngadhepi Ki Puguh lan Ki Panggah miwah Ki Branjang lan Ki Brunjung kala wau, kula saged damel dudutan bilih Angger Rangga lan Angger Marga punika siswanipun Ki Tanpa Rupa ingkang kautus dening Hyang Agung murih paring pitulungan dhateng kula miwah warga tuwin Padhukuhan Grumbulan punika".
"Nuwun sewu Ki Lurah" Rangga nyelani critane Lurah Grumbulan "mila kenging dipun wastani leres menawi kula lan adhi kula punika siswanipun Ki Tanpa Rupa. Saha menawi Ki Lurah miwah para warga ing Grumbulan mriki punika mbetahaken pitulungan, saetu kula kalih adhi kula punika boten badhe selak, lakar atur pitulungan dhateng ingkang mbetahaken punika sampun dados kuwajiban kula. Nanging, saderengipun kula tumindak, harak inggih kedah mangertosi langkung rumiyin punapa ingkang kedah kula tindakaken?. Kala wau Ki Lurah ndhawuhaken bilih wekdal punika Grumbulan nembe dipun kuwasani dening titiyang sekti ingkang tansah nindhes lan meres kawula ing grumbulan mriki. Sinten titiyang sekti punika? lan Kados pundi larah-larahipun titiyang sekti kasebat saged mangwasani Grumbulan punika?".
"Inggih, inggih Ngger" Ki Lurah Grumbulan mangsuli sing ditakokne Rangga "estunipun Padhukuhan Grumbulan mriki punika kacepit dening Paguron Ageng ingkang sami memengsahan. Paguron kalih punika sami-sami kandhanging tiyang sekti mandraguna sedaya. Inggih punika ing sisih wetan watawis lampahan setunggal dinten saking mriki nama Paguron Ngampon ingkang dipun esuhi dening Ki Ageng Julunggeni ingkang nggadhahi lekas badhe ngrebut Panguwaos ing Madiun. Lan ing sisih kilen ugi watawis lampahan setunggal dinten saking mriki, nami Paguron Tangen ingkang dipun esuhi dening Ki Ageng Tangen, ingkang nembe nusun kekiyatan kangge ngrebut panguwaos ing Mataram".
"Mangke rumiyin Ki Lurah" Marga genti sing nyelani rembug "Paguron kalih punika benten tujuwanipun kok sami memengsahan? lan sinten ingkang Ki Lurah dhawuhaken sampun mangwasani tumunten nindhes lan meres kawula Grumbulan punika? Paguron Tangen punapa Paguron Ngampon?".
"Inggih Ngger" wangsulane Ki Lurah Grumbulan marang Marga "Ki Ageng Julunggeni punapa dene Ki Ageng Tangen punika sami-sami anggenipun angimpun kekiyatan kangge lumawan mengsahipun, menawi Ki Ageng Julunggeni inggih kangge ngadhepi Madiun lan Ki Gedhe Tangen inggih kangge ngadhepi Mataram lan sinten kemawon ingkang boten purun diajak manunggal dhateng kekalihipun, deni kekalihipun dipun anggep mengsah. Lha kangge ngragadi mliginipun blanja lan tedhanipun para prajurit-prajuritipun, paguron kekalih punika sami rebatan anggenipun narik paos dhateng padhukuhan-padhukuhan sacaketipun kalebet padhukuhan Grumbulan mriki punika".
"Paguron Ngampon kalih Paguron Tangen sami-sami anggenipun narik Paos dhateng warga Grumbulan mriki Ki Lurah? Lan Ki Lurah miwah para Warga ugi boten wonten ingkang purun ndaga utawi nulak kekajenganipun Paguron kalih kala wau ?" Rangga takon semu ngluputake marang Lurah Grumbulan.
Lurah Grumbulan ulate dadi peteng dadakan krungu pitakon setengah paweleh saka Rangga sing mangkono kuwi. Nganti sauntara Lurah Grumbulan kuwi ora bisa kumecap apa-apa ngrumangsani nek dheweke melu luput merga anane Grumbulan didadekne siwakan dening Paguron Ngampon lan Paguron Tangen, sarta kawulane diperes lan ditindhes. Ki Lurah Grumbulan banjur kelingan marang sedulure tunggal embah karo dheweke, sing marahi ndadekne Ki Lurah mung bisa meneng nalika meruhi kawula ing Grumbulan diperes lan ditindhes dening Paguron loro kuwi.
"Nyuwun pangapunten Ngger" bareng wis rada suwe meneng Ki Lurah banjur guneman " mila leres ingkang dipun dhawuhaken Angger Rangga menawi kula lan meh sedaya kawula ing Grumbulan mriki namung saged mendel lan namung pasrah sarta nuruti pikajengipun Paguron kalih ingkang nindhes lan meres kawula ing Grumbulan mriki kala wau. Nanging, mugi kauningan , ingkang makaten punika jalaran estunipun Warga Grumbulan mriki kalebet kula nembe lan taksih repot padudon kaliyan sesamining sedherek".
"Padudon sesamining sedherek?" Marga nyela takon.
"Inggih Ngger, boten namung padudon limrah nanging saged winastan perang rebat panguwaos temah ndadosaken Padhukuhan Grumbulan punika pecah dados kalih, Grumbulan Kilen inggih papan ingkang kula panggeni punika, kaliyan Grumbulan Wetan ingkang mapan sawetanipun lepen Gebyog ingkang dipun lurahi dening yoganipun bibi kula piyambak nenggih Adhi Widarba. Suwaunipun kekiyatanipun Adhi Widarba meh saged kula tumpes, nanging lajeng Adhi Widarba minta sraya dhateng Ki Ageng Julunggeni ing Ngampon, lajeng gentos kula sakanca ingkang lajeng kethetheran lan meh mawon saged dipun tumpes. Lajeng kula kapeksa nyuwun bebantu dhateng Ki Gedhe Tangen, temah Adhi Widarba lan para pandherekipun saged dipun oyak lan mlajar dhateng wetan lepen Gebyog, dugi sapriki punika. Lan dumugi titi kalenggahan punika estunipun perang antawisipun Adhi Widarba kaliyan kula inggih dereng rampung".
"Dados paos ingkang dipun pendhet dening Paguron Tangen dhateng warga Grumbulan punika minangka opah anggenipun sampun suka pambiyantu dhateng Ki Lurah?" Rangga takon.
"Waunipun makaten Ngger, nanging lajeng wonten prajanjen antawisipun Paguron Ngampon kaliyan Paguron Tangen ingkang isinipun Paguron Ngampon namung badhe ngrencangi Adhi Widarba menawi kula sakanca badhe nglurug dhateng sawetanipun Lepen Gebyog, kosok wangsulipun Paguron Tangen namung badhe mbiyantu kula menawi Adhi Widarba sakancanipun nglurug dhateng sakilenipun Lepen Gebyog. Lajeng titiyang paguron kekalih punika sami-sami nggadhahi wewenang mendhet paos dhateng warga Grumbulan Kilen lan Grumbulan Kilen. Sanaosa makaten, estunipun Paguron Kalih punika inggih boten rukun, awit sami anggenipun kepengin saged nelukaken setunggal lan setunggalipun, pramila inggih sami anggenipun madosi lenanipun mengsah".
Rangga lan Marga manthuk-manthuk krungu critane Lurah Grumbulan sing mangkono iku. Dadi cethane Lurah Grumbulan lan para Bebau lan sapukawat Grumbulan kuwi, arep njaluk tulung marang Rangga lan Marga supaya ngendheg Paguron Tangen lan Paguron Ngampon anggone narik pajek marang warga Grumbulan. Iki genah nek panjaluk sing ora tinemu nalar, jalaran mokal menawa Paguron loro kuwi gelem nglereni olehe narik pajek marang warga Grumbulan lan saupama dipeksa bakal tuwuh pasulayan, antarane Rangga lan Marga mungsuh Paguron loro sing cacahe bisa atusan wong akehe.
"Mangke rumiyin Ki Lurah" sawuse mikir rada suwe Rangga banjur guneman "ing ngajeng Ki Lurah dhawuh bilih Ki Lurah nate perang kaliyan Ki Widarba, ingkang kula suwunaken pirsa kekiyatan ingkang setya lan purun ngrencangi Ki Lurah perang punika cacahipun samangke taksih pinten?. Jalaran menawi namung kula kaliyan adhi kula piyambak ingkang kedah ngadhepi tiyang-tiyang saking Paguron Tangen utawi Paguron Ngampon ingkang cacahipun wonten atusan tiyang, tartamtu kula kekalih boten badhe mimpang".
"Oo, menika ta Ngger?" Ki Lurah Grumbulan wangsulan karo mesem "estunipun, kajawi kanca-kanca kula ingkang sami boten rujuk menawi Adhi Widarba mbalela, punika kirang langkung wonten wolung dasa tiyang, kula ugi taksih gadhah simpenan kekiyatan inggih punika para siswa saking Paguron Pelanggolan watawis cacah kalih atus tiyang, dhawuh ingkang kula tampi saking Ki Gedhe Pelanggolan para siswanipun namung dipun keparengaken paring pambiyantu dhateng Padhukuhan Grumbulan kedugen mengsah saking sajawinipun Grumbulan, menawi kangge ngadhepi sami-sami tiyang Grumbulan Ki Ageng Pelanggolan boten ngeparengaken"
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar