6.
Rangga lan Marga ngulati wong sepuluh sing marani papane lungguh kanthi kebak kawaspadan. Nom-noman loro kuwi uga banjur nata ati, kekarone ora kepengin tukaran kaya sing lagi wae kedadean. Rangga lan Marga isih rada nggetuni olehe wis padha tukaran malah kena diarani nganti arep paten pinaten mung sabab sing sepele tur ya ora cetha sing dadi perkarane. Rangga karo Marga tumuli mapagne wong sepuluh sing nekani kuwi karo ulat sing padhang lan esem sing sumeh.
"Kula ingkang sowan Raden" sadurunge Rangga lan Marga kumecap mbegekne, salah siji saka wong sepuluh kuwi mbungkukne awak aweh kurmat sing banjur diterokne wong liyane, karo alok sapa aruh.
"Mangga-mangga Kisanak" wangsulane Rangga grapyak semanak, sing banjur ditutne Marga nyedhaki wong sing lagi teka kuwi karo ngajak sesalaman.
"Nyuwun pangapunten Raden menawi sowan kula lan kanca-kanca punika menawi sampun damel kejoting penggalihipun Raden kekalih" wong sing dadi tetuwaning wong sepuluh kuwi guneman klawan sikep sing banget ngajeni "inggih saderengipun mugi kaparengna kula anepangaken dhiri, kula pun Kuwera lan tiyang-tiyang mastani kula Ki Grumbulan, ingkang piniji anglurahi padhukuhan Grumbulan mriki dene rencang-rencang kula punika sapukawating Padhukuhan Grumbulan sedaya".
"Inggih Matur nuwun Ki Lurah" wangsulane Rangga karo manthuk kurmat "nami kula Rangga lan niki Adhi kula naminipun Marga. Kula kekalih lare kleyang kabur kanginan ingkang nembe remen dolan kluyuran nurut ilininipun toya bengawan punika".
"Nyuwun pangapunten Raden Rangga miwah Raden Marga" Ki Lurah Grumbulan guneman maneh "estunipun kula sakanca sampun sumerep ingkang andika kekalih tindakaken dhumateng Ki Puguh miwah Ki Panggah lajeng dhumateng Ki Branjang tuwin Ki Brunjung, ingkang nembe kemawon punika kala wau".
Rangga karo Marga rada kaget, semu pekewuh lan rumangsa ora kepenak rasane ditlemak dening Ki Lurah Grumbulan ngono kuwi. Mula daya-daya Marga kumecap wangsulan :
"Inggih Ki Lurah, saestu kula lan kadang kula sampun ngrumaosi ing kalepatan dene sampun tumindak ingkang boten sae ing dhusun punika, mugi Ki Lurah kersaa ngluberaken sih pangapunten dhumateng kula kekalih".
Lurah Grumbulan lan kanca-kancane padha inget-ingetan padha kancane dhewe-dhewe, krungu tembunge Marga sing njaluk pangapura kuwi. Sawuse padha gedheg lan padha manthuk padha kancane, Lurah Grumbulan banjur guneman nganggo basa sing alus :
"Raden kekalih babar pisan boten lepat Raden" karo muni ngono kuwi Lurah Grumbulan nangkepne epek-epek tangane ing dhadha aweh kurmat "malah kepara Raden Kekalih sampun paring pitulungan dhumateng kula miwah para warga ing Grumbulan mriki, inggih awit saking pitulung ingkang kaparingaken dhateng kula miwah warga Grumbulan, kaparenga kula sakanca ngaturaken agenging panuwun dhumateng Raden Marga miwah Raden Rangga".
Rangga lan Marga sing rumangsa ora mudheng karo sing dadi ucape Lurah Grumbulan kuwi inget-ingetan dhewe-dhewe. Awit kekarone ngrumangsani wiwit mau ora tumindak apa-apa kajaba malah wis tukaran karo wong-wong sing ngaku saka Paguron Tangen. Kok mara-mara Lurah Grumbulan omong ngaturake panuwun jare rumangsa wis ditulungi. Banjur ditulungi ing babagan apa?.
"Nyuwun pangapunten ki Lurah" Rangga banjur guneman "saderengipun nglajengaken rembag ingkang kathah-kathah, langkung rumiyin mugi Ki Lurah kepareng njabel timbalan Raden dhateng kula lan adhi kula niki, jalaran kula lan adhi kula niki namung lare dhusun ingkang boten cetha pagesanganipun, Ki Lurah lan sadaya kemawon cekap njangkar dhateng kula lan adhi kula, utawi saged ugi mawi sebatan Thole, napa Ngger, napa punapa kemawon ingkang limrah kangge nimbali tiyang dhusun kados kula lan adhi kula punika".
"Inggih Raden" Lurah Grumbulan mangsuli panjaluke Rangga "estu kula sakanca boten pitados menawi ndika kekalih punika namung lare dhusun, jalaran kula sumerep piyambak kadibyan saha kasekten andika kekalih, ingkang sakalangkung gampil ngasoraken tiyang-tiyang sekti saking Paguron Tangen. Nanging gandheng ndika kekalih boten marengaken ngaturi mawi sebatan Raden, inggih kula sakanca namung saged ngestoaken dhawuh mugi kula sakanca katebihna saking sesikuning Hyang Agung, menawi kula boten mawi sebatan raden nalika ngaturi Angger Rangga miwah Angger Marga".
"Matur nuwun Ki Lurah" Rangga mesem seneng "salajengipun, kula saestu boten ngertos kaliyan ingkang Ki Lurah dhawuhaken, jalaran kula boten rumaos sampun caos tetulung dhateng sinten-sinten, malah kepara kula kalihan adhi kula punika kala wau, jalaran namung perkawis sepele sampun wantun tukaran kaliyan titiyang saking Paguron Tangen ing bumi Grumbulan mriki".
Lurah Grumbulan ngguyu lirih, krungu pangucape Rangga sing sajak bingung karo sing dikadhakne mau.
"Radi panjang cariyosipun Ngger" kandhane Ki Lurah Grumbulan "gandheng wekdalipun sampun ndungkap serap, srengenge sampun andhap ing sisih kilen, kamangka taksih kathah ingkang kedah kula aturaken saha kula suwunaken tulung dhateng Angger kekalih, mbok inggiha Angger Rangga lan Angger Marga kepareng pinarak ing sudhung kula, ing saleripun gegrumbulan punika".
"Menawi punika ingkang dipun kersakaken dening Ki Lurah, inggih kula kalihan adhi kula ndherek" wangsulane Rangga sing wiwit ngrasakne yen tenaga lan pikirane sajak dibutuhne dening wong-wong sing perlu ditulung, kang mangkono kuwi uga diraksakne dening Marga sing tansah eling karo weling sing ditampa saka Ki Patih Mandaraka jaman semana, ya iku sajeroning lelana menyang brang wetan Rangga lan Marga kesampiran kuwajiban supaya ngakeh-akehne nggone asung tetulung marang sapa wae kang mbutuhake.
Jebul papan padhukuhan Grumbulan kuwi ora adoh saka pinggir bengawan kuwi, manggon ing lemah sing papane rada dhuwur, dadi bisa kalis saka bebaya banjir sing sok ngirimne banyu saka gunung sing digawa bengawan Uluayu kuwi. Ki Lurah Grumbulan banjur paring prentah marang para bebaune supaya nglumpukne para wakile warga desa ing pendhapa kalurahan kanggo nampa kabar anyar sing mbok menawa bisa nuwuhake kabecikan marang Padhukuhan Grumbulan lan wargane sing sasuwene iki lagi nandhang ing kapetengan. Ki Lurah uga kandha marang Rangga lan Marga supaya mengko bengi gelem ngrungokne tangise wong-wong Padhukuhan Grumbulan sing lagi kajajah dening wong-wong sing duwe kaluwihan ing kasekten lan kadigdayan nanging dhemen nindhes lan meres marang wong ringkih kaya warga desa Grumbulan. Nom-noman loro sing lagi nglakoni paukuman sing ditibakne dening Ratu Mataram kuwi mung ngiyani wae.
Wengine nalika Rangga lan Marga wis reresik awak, nindakne kuwajibane marang Gustine sarta wis rampung olehe ngrahabi suguhan sing dicawisake dening Nyi Lurah ing pringgitan, Lurah Grumbulan nyedhak karo kandha :
"Angger kekalih, keparenga angger pindhah lenggah ing pendhapa kula lan warga Grumbulan badhe matur kathah ing ngarsanipun Angger Rangga miwah Angger Marga, awit kula pitados bilih Angger kekalih punika utusaning Gusti kados ingkang sampun kula tampi wartosipun lantaran sasmitaning pasupenan sasmpunipun kula mahas ing sepi, awit mrihatosaken kawontenaning padhukuhan punika tigang dinten kapengker".
"Nuwun sewu Ki Lurah" Rangga wangsulan sadurunge ngadeg arep ngalih menyang pendhapa kumpul karo warga desa sing wis sauntara ngenteni neng kana "sampun sanget-sanget anggen ndika kagungan panganggep dhateng kula lan adhi kula punika. Jalaran bares kemawon kula kalihan adhi kula punika estu, namung lare ingkang kumleyang kabur kanginan, tanpa dhangka tanpa kayang ingkang remen kluyuran boten cetha ingkang dipun tuju. Dados kula kinten Ki Lurah sampun lepat menawi kagungan panganggep bilih kula kekalih punika utusaning Gusti kados ingkang Ki Lurah dhawuhaken punika".
"Sampun ngger, mangke kemawon murih cetha sadayanipun, kaprenga Angger Rangga lan Angger Marga pinarak lenggah ing pendhapa kempal kaliyan para bebau tuwin para wakiling warga Grumbulan, mangke Angger kekalih tartamtu badhe pirsa menggah leresing atur kula kala wau" wangsulane Ki Lurah sing banjur ngadeg ngajak Rangga lan Marga ngalih enggon menyang pendhapa.
"Para bebau lan para sedulurku kabeh ing Grumbulan" kandhane Ki Lurah marang wong sing mlumpuk ing pendhapa, sawuse Rangga lan Marga melu mapan lungguh ing sisihe Ki Lurah, madhep marang wong-wong sing lungguh kupeng ing jogane pendhapa "rong dina kepungkur aku nate ngabarake marang ndika kabeh yen aku wis nampa wisiking jagad yen ora suwe maneh Padhukuhan Grumbulan bakal bali tentrem kaya wingi-wingi sadurunge kebawah panguwasane Paguron Tangen. Wingenane aku kandha yen aku isih bingung lan durung bisa nemokne paraga sing dikabarake ing impenku kuwi, lagi awan mau, ing pinggiring bengawan awit saka kamurahane Gusti, Ki Bebau ing Senggot weruh paraga sing dikabarake ing impenku kuwi, bareng tak nyatakne karo kanca-kanca sapukawat Grumbulan, pranyata bener. Lan wektu iki paraga loro kuwi wis klakon rawuh lan tedhak ing pendhapa kene, dadi mengko padha semaken apa sing dadi dhawuhe Angger Rangga lan Marga sawuse aku matur marang panjenengane bab-bab kang magepokan karo kahanane Padhukuhan Grumbulan".
"Inggih" wong sapendhapa semaur bareng. Katon ing pruapane wong-wong mau nggambarake rasa seneng kebak pangarep-arep kanggo kabecikane padhukuhane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar