5.
Ki Brunjung kaget ngerti kekuwatane Marga sing kuwawa nangkis dugangane malah kepara bisa ngontalne awake nganti ambyar kuda-kudane. Atine Ki Brunjung dadi sansaya panas, pandakwane marang Marga, bocah nom kuwi wis ngetog kabeh kekuwatane kanggo nangkis serangan sing mung nggunakne separoning kekuwatan. Sanadyan ta mangkono Ki Brunjung uga ngakoni yen Marga pancen nduweni kekuwatan sing rada dhuwur katimbang sak lumrahe. Mula Ki Brunjung nuli nata kuda-kuda maneh lan ngundhakne kekuwatane rong lapis ing sadhuwure tenaga sing dicakne mau. Marga tanggap yen Ki Brunjung arep aweh serangan sing luwih mbebayani tinimbang sing lagi wae kena ditangkis, mula Marga uga ora tinggal ing kaprayitnane.
Sauntara kuwi ing papan sadhuwure gisik, beda banget karo Marga, Rangga wis ilang rasa sabare marang Ki Branjang sing keladuk nggone ngongasne kasudirane. Ora kanthi rikuh pekewuh maneh, kabeh pangabarane Ki Branjang tansah diorak-arik karo Rangga. Wis bola-bali Ki Branjang tiba glangsaran nalikane adu kekuwatan, wis bola-balo kepelane Rangga ngampiri awake Ki Branjang. Sauntara Ki Branjang babar pisan durung bisa males pisan-pisana. Rumangsa wis digawe wirang dening mungsuhe, Ki Branjang dadi sansaya ngigit-igit marang Rangga. Pedang pusaka sing mau gumantung ing lempenge tumuli didudut saka wrangkane, Ki Branjang wis niyat arep mateni Rangga nganggo pedhange.
"Rangga, tak akoni kowe nyata prigel ing ulah kanuragan" kandhane Ki Branjang karo nggereng, tangane tengen wis kenceng nggegem gagang pedhange "mula ora nggumunake yen kowe wis wani adol gendhung neng ngarepku. Saiki waspadakna apa sing ana tanganku iki?".
"Wis ora kurang cetha nggonku ngingeti Ki Branjang" wangsulane Rangga karo mesem ngece "ayo warahana aku carane nyolahne pedhang kaya sing ndika cekel kuwi, nanging sadurunge kena ndika pirsani kaya apa asil gladhenku njoged ing sela-selane samberan pedhang".
Rampung guneman ngono kuwi Rangga banjur ngobahne tangan lan sikile, ngemba solahe paraga sindhen sing lagi njoget ing adicara bersih desa ngana kae. Kaya geni murub disiram lenga, kanepsone Ki Branjang weruh solahe Rangga sing memanas atine ngono kuwi. Sakala banjur matak aji piyandele , sing sinebut Aji Candrasa Geni. Kekuwatan hawa murnine Ki Branjang mlumpuk dadi siji, dipunjerne menyang pedhang sing ana gegemane, sakala pedhang kuwi murup mengangah kaya pedhang sing lagi arep disepuhi sawise dibong geni pandhen. Sadhepa mubeng saka papane Ki Branjang krasa panas sing kagila-gila, saking panase hawa sing sumebar saka anggane Ki Branjang suket-suket sing ana kiwa tengene padha gosong lan wit-witan cilik-cilik padha alum.
Kang bareng karo Ki Branjang matak aji Candrasa Geni, Ki Brunjung sing tanpa gegaman ngadhepi Marga sansaya kethetheran ngendhani upat-upat pecute Marga sing kaya tawon gung ngiteri sarandhuning awake, pisan pindho pucuking upat-upat nyenggol kulite Ki Brunjung kaya tawon endhas sing ngeplak lan nancepake entupe, ndadekne Ki Brunjung ngrasakne lara sing angel diampet. Sawuse ana kalodhangan sethithik, kaya patrape Ki Branjang, Ki Brunjung banjur ndudut pedhang saka wrangkane, banjur matak aji padha karo sing diwatak Ki Branjang yaiku sari pathining jurus pedhang saka Paguron Tangen, Aji Candrasa Geni. Ki Brunjung sing wis bisa naker kasektene Marga, wis ora nganggep entheng maneh musuh sing lagi diadhepi kuwi. Ki Brunjung kepengin Aji Candrasa Geni sing lagi diwatak kuwi bisa nuwuhake kekuwatan sing ora bisa dibendung, lan kang mangkono kuwi mung bisa kelakon lamun antarane Candrasa Geni sing ana pangwasane bisa nyawiji karo Candrasa Geni sing ana pangwasane Ki Branjang, Sedulur tuwane. Mula karo mencolot munggah nyedhaki papane Ki Branjang kang uga wis matak ajine, Ki Brunjung nyumbari Marga supaya nututi munggah :
"Marga yen nyata kowe perwira ayo tututana munggah aku, jalaran eman yen Candrasa Geni mung ngobong awakmu dhewe, murih luwih cucuk, becike kowe karo Kakangmu bareng sekarat dipanggang Candrasa Geni sing lagi wae tak prentah iki" .
Ora semaur, Marga sing wis weruh pedhange Ki Brunjung sing murup lan tekane hawa panas sing kagila-gila kuwi, nyeblkane pecute banjur mlumpat mendhuwur nututi Ki Brunjung sing nyedhaki papan olehe kerengan Ki Branjang lan Rangga. Puguh karo Panggah sing wiwit mau mung meneng nyoba mulihne kekuwatane sing entek kekuras merga saka polahe dhewe, bareng weruh Ki Brunjung mencolot munggah ninggalne gisik bengawan, banjur padha nusul melu munggah.
Weruh nek Ki Brunjung wis nyedhak nggawa aji Candrasa Geni, Ki Branjang ngguyu bungah. Wong loro kuwi wis wani mesthekne nek sedhela maneh Rangga lan Marga sing wis wani ngremehne piyandel Paguron Tangen kuwi bakal kobong bebalunge lan mati kanthi rupa sing nggegirisi. Wong loro tunggal guru kuwi banjur miwiti olehe arep nyawijekne kekuwatan aji Candrasa Geni, pedhange Ki Branjang diuncalne marang Ki Brunjung lan pedhange Ki Brunjung diuncalne marang Ki Branjang, wong loro wis ijol-ijolan Pedhang, ya ing kono kuwi kawitan manunggale kekuwatan sing selawase durung tau ana tandhinge.
Rangga lan Marga sing weruh yen Ki Branjang lan Ki Brunjung wis nyawijekne kekuwatan ajine, prayitna. Nom-noman loro kuwi banjur padha munjerne hawa murni menyang gegamane dhewe-dhewe, kanthi linandhesan aji Tawakullah. Kekarone wiwit ngeningke cipta karo ngucapne mantram sakti piyandele :
"Klawan asmaNe Kang Maha Welas Asih, tuhu tan ana daya kajaba awit pitulunganNe".
Dumadakan wong papat sing lagi padha olehe arep ngadu kekuwatan aji piyandele kuwi ditambah Puguh lan Panggah sing ngadeg ora adoh saka papan kono, padha dikagetne anane suwara sing krasa gawe geter ing jantunge dhewe-dhewe. Suwarane manuk Drekuku sungsun telu sing bola-bali muni, sing saben oleh telung rambahan meneng sedhela, banjur muni maneh.
"Guru?" Ki Branjang nyuwara lirih ing cedhak kupinge Ki Brunjung.
"Iya Kakang" wangsulane Ki Brunjung karo manthuk "Guru nimbali awake dhewe saiki uga kudu ngadhep ing ngarsane".
"Apa Guru ora pirsa yen awake dhewe lagi nandangi gaweyan wigati iki?" Ki Branjang takon suwarane lirih banget.
"Mokal yen Guru ora uning Kakang" wangsulane Ki Brunjung "mbok menawa wae, kagungan kersa liya marang bocah loro kuwi, supaya ora modar kepanggang Candrasa Geni".
"He Rangga karo Marga" kandhane Ki Branjang marang Rangga lan Marga sing wis tata-tata ngadhepi gempuran aji Candrasageni sing wis nyawiji "jalaran aku lan adhiku isih duwe rasa pangeman marang kowe sing isih bocah, tak idini dina iki kowe urip, nanging yen nganti mengko sak surupe srengenge kowe isih durung minggat saka kene, aku wis ora pakewuh maneh ndadekne kowe bocah loro dadi awu sing bakal tak sebar neng Bengawan".
"Matur nuwun Paman" cepet Marga aweh wangsulan, ndhisiki Rangga sing wis meh mbukak lambene arep mangsuli kandhane Ki Branjang "jebul Guru nDika ora ngersakne aku lan ndika padha kerengan, ora usah ndadak nganggo rikah-rikuh, mangga diage ndika padha ngadhep marang Guru nDika sing wis wiwit mau celuk-celuk nimbali kae".
"Setan Kowe Marga" Ki Brunjung misuh. Nanging wong loro kuwi uga tumuli ngrucat ajine dhewe-dhewe, aweh sasmita marang Puguh lan Panggah, banjur gegancangan mlayu mengulon nasak petenging gegrumbulan.
"Eman........" kandhane Rangga lirih, sawuse rada sauntara wong-wong sing ngaku saka Paguron Tangen kuwi padha lunga.
"Eling kakang" Marga nyauti "Welinge Gusti Patih Mandaraka jaman semana isih durung owah, lan aku isih wedi karo sesikune".
"Ha...ha....ha......" Rangga ngguyu banter "bener kandhamu Adhiku, nanging pancen kudu diakoni Welinge mBah Juru kuwi biyen pancen angel dilakoni, mosok dadi wong kok mung diprentah Ngalah karo Ngalih, lagi kena ngamuk mung nek kapeksa lan ora kena ana pepati? Angel.....angel..... angel....".
Marga mesem krungu tembunge Rangga sing ngono kuwi, banjur guneman alon nanging ngemu teges :
"Aku satemene gumun Kakang, ya gene awake dhewe iki mau gampang temen tukaran karo wong-wong saka Paguron Tangen? kamangka nek digagas iki mau perkarane apa cetha nek ora cetha ta? mosok mung merga rembug sepele wae nganti dadi kerengan sing kaya ngono mau?".
"Lha iya? Apa iki tengaraning Jagad ya Dhi?" Rangga nanggapi tembunge Marga.
"Tengara kepriye Kakang?"
"Welinge mBah Juru biyen, yen wis nyedhaki Getheke dhewe ambyar, awake dhewe kadhawuhan nambahi rasa sabar, jalaran jumbuh karo lakuning pepesthen, sansaya cedhak karo dalan munggah menyang Gunung Lawu, getihe dhewe gampang umub mung sabab perkara sing sepele?"
Marga meneng ora wangsulan, merga nom-noman loro kuwi dumadakan weruh saka waliking grumbul sisih lor, katon ana wong sepuluh sing mara nyedhaki papane padha lelungguhan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar