4.
Weruh tekane wong loro sing ngguyu-ngguyu karo malangkerik neng ngarepe, Puguh karo Panggah sing dhasare wis kentekan tenaga kuwi banjur ndheprok neng lemah lungguh timpuh karo praupan nunjem neng lemah. Rangga karo Marga banjur ngundurne awake sajangkah karo waspada nguwasi sing lagi teka. Rangga lan Marga tetep prayitna, tangane padha kenceng nggone nggegem dangan gegamane dhewe-dhewe. Wong loro sing lagi teka, sing padha dene nganggo sandhangan sing padha, yaiku klambi lurik lan iket-iketan modang kabeh sarwa abang, sajake umur-umurane ya ora pati akeh kaceke, padha olehe wis setengah tuwa, rambute sing dawa nganti tekan bau, katon wis ana sing rupane putih. Wong loro kuwi ora kedhep nggone namatne Rangga lan Marga saka ngisor tekan dhuwur.
"Sapa jenengmu lan bocah ngendi kowe Gus?" salah siji saka wong loro kuwi takon "teka ora duwe rasa welas babar pisan, arep nguras tenaga lan napase Puguh karo Panggah ponakanku loro iki, He?".
"Nuwun sewu Paman" karo aweh kurmat Rangga alon-alon aweh wangsulan "jenengku Rangga lan iki adhiku Marga, aku bocah loro iki keneng diarani bocah sing kleyang kabur kanginan, dene biyen omahku ana ing desa Jurug kana".
"Jenengmu Rangga lan kuwi adhimu Marga? Omahmu Jurug? kowe bocah loro kuwi saka Paguron ngendi lan sapa sing dadi Gurumu Gus?" wong sing sijine genti sing takon.
"Mengko dhisik" Rangga aweh wangsulan "Paman mau wis takon sapa jenengku lan ngendi omahku, lan uga wis tak wangsuli, murih adile aku kudu genti sing takon Paman sakarone iki sapa? lan saka ngendi mungguh sing dadi asale?".
"Kelandhepen lambemu Gus" wangsulane wong sing luwih dhisik takon "wani-wanine kowe takon sapa aku lan ngendi asalku".
"Sakarep ndika olehe arep ngarani Paman" Genti Marga sing guneman "yen Paman wis rumangsa diremehne dening pitakone kakangku, aku sing njalukne pangapura. Aku lan kakangku uga ora arep mangsuli sing ndika takokne, merga wong luhur kaya ndika kuwi ora mbutuhne Paguron sarta Guruku, dadi tak wangsulana ya ora ana gunane".
"Keparat, luwih landhep maneh pangucapku he Marga" wong kuwi nggetak karo menthelengi Marga "sajake kowe api-api durung krungu ya? sapa wonge sing wani ora wangsulan kanthi blaka nalika ditakoni dening Ki Branjang apa dene Ki Brunjung saka paguron Tangen padha karo kepengin nglalu, mati ing tangane Ki Brinjung apa dene Ki Branjang He?".
"Ha... ha.... ha....." Rangga ora kuwat ngempet olehe ngguyu krungu salah siji saka wong loro kuwi wis nyebut jenenge kamangka mau ngarani dheweke wis kelandhepen merga wani nakoni sapa jenenge wong loro kuwi "matur nuwun Paman Branjang lan Paman Brunjung, aku ora arep wani takon maneh, sapa ndika lan ngendi asal-usul ndika. Lan merga aku wedi nek nganti ora blaka karo ndika wong loro, tak wangsuli pitakon ndika sing mau. Aku karo adhiku iki saka Paguron Jagad raya, dene guruku kabeh titahe Gusti sing wujud apa wae sing tak temoni, kalebu ndika wong loro iki lan ponakan-ponakan ndika loro kuwi".
Wong loro kuwi katon mbrabak praupane krungu wangsulane Rangga, merga wis cetha yen Rangga wis ngremehne wong loro kuwi, tata gelar muni yen wong loro kuwi didhaku dadi gurune, nanging Rangga uga ngarani nek Rangga karo Marga uga muride Puguh lan Panggah sing lagi wae diperes kekuwatane dening Rangga lan Marga, kanthi mangkono padha wae Rangga wis ngarani nek Rangga lan Marga uga kuwawa meres tenagane Branjang lan Brunjung.
Marga sing uga krungu wangsulane Rangga marang Branjang lan Brunjung rumangsa ora kepenak atine, merga kanthi wangsulan sing mangkono kuwi, miturut Marga, Rangga wis ora sabar maneh meruhi sikepe Branjang lan Brunjung sing kaduk adigang adigung lan adiguna. Lan yen Rangga wis ora sabar, ateges Rangga arep kumat maneh olehe seneng tukaran karo wong sing dianggep kumalungkung. Kamangka welinge Patih Mandaraka nalika samana, Marga didhawuhi ngancani Rangga lelana nggoleki Sendhang Mustikaning Warih kuwi, salah siji saka kuwajibane kudu bisa ngendhaleni Rangga murih ora seneng gampang tukaran maneh. Kena tukaran lamun kudu mbrastha angkara murka kang gawe kapitunane wong akeh. Weling liyane yen kapeksa kudu tukaran, ora kena gawe pepati kajaba yen kapeksa. Mula bareng Rangga aweh wangsulan sing tundhone bakal ndadekne pasulayan munggahe dadi kerengan, Marga dadi ora kepenak rasane.
"Nuwun sewu Paman" Marga banjur guneman marang Brujung lan Bronjong kanthi basa sing alus "pancen tenane ngono, aku karo sedulurku iki ora duwe Paguron sarta ora tau meguru ing reh ulah kanuragan, dadi dening Kakangku sapa wae sing tau ditemoni banjur dianggep gurune, klebu Paman Branjang lan Brunjung. Tak suwun Paman Sakloron ora dadi duka lan salah tampa karo sing dadi ature kakang Rangga mau".
"Hm......." Branjang sing mau takon dhisik dhewe nggereng, pambudidayane Marga murih wong loro kuwi ora salah tampa, malah sansaya nambahi nesune.
"Marga lan kowe Rangga" kandhane Branjang karo semu nggereng "aku ora nesu, nanging pancen kowe bocah loro perlu diwenehi wulangan sethithik ben ngerti ora kebacut seneng ngremehne wong tuwa. Yen nyata kowe wis nganggep aku iki klebu gurumu, tata-tataa arep tak jajal sepira kawruhmu ing babagan kanuragan".
"Matur nuwun Paman" Rangga sing wis ora sabar kuwi nyauri "mangga munggah neng dhuwur kana, golek papan sing rada jembar yen pancen nDika kepengin aweh gladhen karo aku lan adhiku".
Muni ngono kuwi Rangga banjur mlumpat mendhuwur, golek papan sing luwih lempar tinimbang ing gisiking Bengawan. Ora kesuwen, Branjang banjur nututi munggah. Marga sing wis ora bisa ngendheg karepe Rangga, ora ana pilihan liya kajaba kudu ngadhepi Brunjung sing wis pasang kuda-kuda arep aweh serangan marang Marga.
"Ayo Marga coba nyeranga luwih dhisik aku kepengin ngerti sepira kekuwatanmu, nganti kowe wani sesongaran ing ngarepku lan ngarepe Kakang Branjang" kandhane Brunjung aweh panantang marang Marga "apa kowe uga kepengin golek papan sing luwih lempar kaya Kakangmu kareben gampang olehmu arep mlayu? He?".
"Mengko dhisik Paman" wangsulane Marga "aku tak nyinggahne pusakaku luwih dhisik, sadurunge ngladeni Paman sing arep aweh wuwuhan wulangan marang aku".
"Ha ha ha ....." Brunjung gumuyu banter banjur wangsulan "ora perlu nganggo pekewuh Marga, ayo gunakna pecutmu ora-ora yen nganti aku kerepotan nek mung ngadhepi pecut sing mung pantes kanggo ngeden-edeni wedhus prucul sing ora duwe sungu kuwi".
"Yen pancen mangkono sing dikersakne Paman, ya wis coba ndika biji kepiye mungguh kabisanku nyolahne pecut" wangsulane Marga sing uga banjur siaga ngadhepi Brunjung.
Marga maju sajangkah banjur ngangkat pecute, diseblakne banter sengaja ora dikenekne marang Brunjung nanging mung diarahne ing awang-awang sadhuwure sirah. Brunjung kaget krungu suwarane pecut sing jumlegur banter, sajroning atine wiwit ngakoni yen Marga pancen duwe karosan sing gedhe temah bisa nyeblakne pecut sing nuwuhake suwara sing banter ngono kuwi. Nanging Brunjung ora ngrumangsani yen olehe Marga nyeblakne pecut mau pancen disengaja ora diarahne marang awake. Malah Brunjung ngira yen Marga ora duwe katitisan kanggo nyabetake pecute.
"Goblog kowe Marga" kandhane Brunjung karo tata-tata arep males nyerang "kedhuwuren olehmu ngarah sirahku, eman banget tenaga sing mbok tokne ilang muspra tanpa oleh gawe".
Marga mung mesem diunekne goblog dening mungsuhe, Marga ngerti yen satemene tembung goblog kuwi luwih pas yen kanggo ngarani Brunjung dhewe, sing ora weruh yen Marga sengaja ora ngarahne pecute marang sirahe. Nanging Marga ya ora bisa luwih suwe olehe nggagas sepira gobloge Brunjung, merga kanthi obah sing cepet Brunjung wis ngangkat sikile sing tengen kanggo nyadhuk Marga, dlamakane Brunjung kenceng ngener marang pernah dhadhane Marga. Marga tanggap, sikile Brunjung dipapagne nganggo tangan sing isih karo nyekeli gagang pecute, sauntara tangane kiwa aweh sanggan mbantu kekuwatane tangan tengen ing pener lengene. Ana kekuwatan loro sing tempuk, kekuwatane Brunjung sing aweh serangan nanggor kekuwatane Marga sing nadhahi. Kena gempuran sadhukane Brunjung Marga ketleyek memburi nganti mundur rong jangkah, sauntara Brunjung sing ora nggagas nek Marga bisa nangkis serangane, malah banjur kontal memburi nganti meh limang jangkah, sempoyongan kuda-kudane ambyar.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar