28.
Merga diterne Sima Loreng sing uga tetep ngajak Gana karo Sidi, bakul-bakul kuwi padha slamet saka gangguane para begal sing ngadhang laku. Kaya sing ditindakne Sima Abang, begal-begal sing padha ngadhang lakune para bakul kuwi luwih dhisik digawe miris dening Sima Loreng sarana nuduhne katiyasane ing reh kanuragan. Sima Loreng mlaku neng ngarep dhewe karo ngecakne aji pangrungune, yen sajake ing kono ana Begal sing lagi umpetan karo ndhendhepi, mangka luwih dhisik Sima Loreng nuduhne katiyasane, kaya upamane mbithi watu gedhe sing ana pinggir dalan sing banjur dadi sumyur. Mesthi wae kanthi weruh kang mangkono iku ndadekne para begal mengkeret luwih dhisik lan banjur padha giris, lumayu nginthar ora sida nindakne kadurjanan. Yen miturut panrawange dalan sing diliwati ora ana bebaya apa-apa, Sima Loreng nyedhaki Juragan-juragan sing lungguh ana cikare, genti - genti, aweh kabar yen dalane aman, sinambi ngajak omong golek sisik melik sing dibutuhne.
"Sajake brandhal-brandhal sing kulina ngadhang laku ing margi mriki niki niku klebet brandhal alit Ki Jalu" kandhane Sima Loreng nalika nyedhaki Ki Jalu Bakul sing cikare gedhe sing dhek mau ngajak Kliwon melu cikare "ketitik nembe digurak sakedhik kemawon sampun sami mlajeng".
"Nggih Ki Sima Loreng" wangsulane Ki Jalu "cara sing ndika cakne niku kados sing dicakne Ki Sima Abang, dados boten nganti mawi kerengan begal-begale mpun miris rumiyin".
"Nuwun sewu Ki Jalu" kandhane Sima Loreng sabanjure "Ki Sima Abang niku sinten? Lha sak niki wonten pundi kok boten kasuwun pambiyantu murih ngeterne para bakul-bakul niki?".
"Kula piyambak boten pati cetha Ki Sima Loreng" wangsulane Ki Jalu "Ki Sima Abang niku tiyang sekti mandraguna saking puncak Gunung Wilis, criyosipun kaprentah dening Jagad lumantar wangsit ingkang dipun tampi rikala maneges ing puncaking Redi Wilis, murih madosi Waliyullah ingkang asalipun saking nagari Ngerum ingkang nami Syekh Jumadil Kubra. Lha salebeting lelana madosi Waliyullah niku, Ki Sima Abang ngliwati margi mriki lan mangertosi bilih kathah begal ingkang remen ngganggu para bakul lan tiyang kekesahan. Mila Ki Sima Abang lajeng paring pambiyantu dhateng para bakul, para begal lan brandhal sami dipun gurak kados anggen ndika nggurak niki. Antawis tigang wulan Ki Sima Abang tansah ngayomi para bakul lan tiyang ingkang kekesahan saking pangganggunipun para brandhal, lan saestu margi mriki boten wonten malih ingkang naminipun Brandhal. Lajeng Ki Sima Abang nglajengaken lampah mangilen, awit margi-margi sampun aman. Nanging let sawulan saking kesahipun Ki Sima Abang, brandhal-brandhal ingkang suwaunipun sampun ngalih, lajeng dugi malih. Lajeng kula lan para kanca Bakul sami nedhi tulung dhateng Ki Pedhut kalih kancanipun kalih Gana kalih Sidi niku. Nanging inggih benten raosipun boten kados menawi ingkang ngayomi niku Ki Sima Abang".
"Lha ingkang maringi wangsit Ki Sima Abang niku sinten Ki? lan Ki Singa Abang kesah mengilen niku kinten-kinten dhateng pundi?" Sima Loreng takon.
"Niku kula boten ngertos Ki Sima Loreng menawi ingkang paring wangsit dhateng Ki Sima Abang menika mesthinipun nggih ingkang yasa Gunung Wilis niku" wangsulane Ki Jalu blaka "Lha sak niki kula ajeng matur pisan dhateng ndika Ki Sima Loreng".
"Badhe dhawuh napa Ki?" Sima Loreng rada anyel, durung wae oleh sisik melik sing digoleki malah arep dijak rembugan bab liya, nanging gandheng Sima Loreng isih mbutuhne katrangan liya saka bakul-bakul kuwi, Sima Loreng ya ora nuruti anyele.
"Kula wau mpun rembugan kalih kanca-kanca bakul sedanten" wangsulane Ki Jalu "kanca-kanca sami ajeng nedhi tulung ndika, puruna ndika nggentosi Ki Sima Abang dados pangayomane para bakul sedaya. Perkawis redananipun kula sakanca manut".
Sima Loreng mesem, dheweke bisa nampa nek bakul-bakul kuwi duwe panjaluk sing ngono kuwi, nanging Sima Loreng genah nek ora bisa nuruti, merga tekane kono kuwi Sima Loreng ora arep golek pengasilan nanging arep nggoleki lan nusul gurune sing jebul wis ora manggon neng puncake Gunung Wilis maneh, malah jarene wis lunga mangulon nggoleki Waliyullah.
"Nyuwun pangapunten nggih Ki Jalu" kandhane Sima Loreng aweh wangsulan karo panjaluke Ki Jalu "bares kemawon estunipun kula niki sampun gadhah padamelan piyambak. Dados menawi Para kadang Bakul sami ngersakne supados kula teng mriki terus, kula nggih boten sagah. Nanging kula gadhah cara sanes, murih sedanten saged sami mlampahe".
"Pripun Ki?" Ki Jalu takon.
"Ngeten" wangsulane Sima Loreng "salebeting tigang wulan kula badhe ngancani ndika sakanca, boten perlu kathah-kathah ndika sakanca anggenipun nyukani opah dhateng kula. Lha salebeting tigang wulan niku, Ki Pedhut, Ki Gana miwah Ki Sidi kersane ngrencangi kula sinambi sinau lan niru lekas kula ngadhepi begal-begal niku. Mengke sasampunipun tigang wulan, kapeksa kula tilar. Kula nggih ajeng kesah mangilen, sami kalih Ki Sima Abang kula nggih ajeng madosi Syekh Jumadil Kubra. Pripun?"
Sawuse nggagas rada suwe Ki Jalu banjur wangsulan makili kanca-kancane para bakul yen nyarujuki karo sing ditawakne Sima Loreng kuwi.
Telung sasi suwene Sima Loreng leren neng sukuning Gunung Wilis kono, kajaba aweh bebantu marang para bakul lan aweh tuntunan sathithik ing reh kanuragan marang Pedhut, Sidi lan Gana, Sima Loreng uga ora kendhat nggone takon-takon marang wong sing ditemoni sing sakira bisa aweh tambahing katrangan sing magepokan karo Ki Sima Abang, Gurune.
Anuju sawijining dina Pasar sing mapane ana sukune Gunung Wilis kuwi katekan sodagar sugih sing dodolan barang-barang saka kutha. Sodagar kuwi numpak kreta lan nggawa cikar lima kanggo nggawa dagangane. Tekane ora ijen, nanging uga nggawa rewang cacah sepuluh sing ngrangkep njaga keslametane sodagar mau lan barang dagangane. Ki Sodagar dhewe sajake uga wong sing nduweni ngelmu kanuragan sing cukup.
Para bakul akeh sing banjur padha nyedhak lan tepungan karo Sodagar sugih kuwi, saperlu kulak barang-barange Ki Sodagar kanggo didol menyang pasar-pasar liya panggonan. Ki Sodagar sing duwe jeneng Ki Widaru kuwi dadi seneng, dagangane cepet kalonge lan Ki Sodagar uga banjur genti nukoni barang-barang dagangane bakul-bakul sing ana pasar kono kanggo digawa lan didol menyang kutha.
"Dagangan olehku kulakan saka kene iki mengko tak ecer ing pasar-pasar sing tak liwati Ki" kandhane Ki Widaru nalika Sima Loreng takon, apa barang-barang sing dikulak dening Ki Widaru kuwi ora bosok yen digawa nganti tekan kutha sing wektune nganti sasen. Olehe takon ngono kuwi Sima Loreng mung arep dienggo wiwitan olehe arep takon perkara liya sing magepokan karo anggone nggolek kabar sing magepokan karo gurune "dadi sadurunge tekan Pajang, barang-barang sing ora kuwat suwe panyimpene kudu wis entek".
"Makaten nggih Ki Sodagar?" Sima Loreng wangsulan "dados Ki Sodagar menika dalemipun Kitha Kadipaten Pajang?"
"Bener Ki Sima Loreng" wangsulane Ki Widaru ramah "apa Ki Sima Loreng kepengin nonton rejane papan-papan liya ing kulon kana? Mengko bisa bareng karo lakuku, perkara mangan neng dalan aja kuwatir aku nggawa sangu sing cukup, ning ya kuwi minangka ijole Ki Sima Loreng kudu ngrewangi aku nek aku mampir neng pasar-pasar sing tak liwati kanggo adol barang-barang iki".
"Inggih Ki Sodagar, matur nuwun sanget dene kula dikeparengaken ndherek Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng seneng. Sima Loreng sida melu bareng Ki Widaru, gaweyan ngayomi para bakul dipasrahne bali marang Pedhut, Sidi karo Gana.
Jebul sanadyan katone nek guneman ketara yen wong angkuh, Ki Widaru duwe kabecikan sing ora sethithik. Kajaba wis gelem aweh laku sak mangane marang Sima Loreng, sasuwene ing dalan Sima Loreng uga dikongkon tunggal sakreta karo Ki Widaru. Karo mlaku Ki Widaru crita akeh-akeh perkara kutha-kutha gedhe sing ana tanah Jawa. Kajaba saka iku uga nyritakne pengalamane sasuwene nindakne laku dagang saka kutha siji lan sijine, saka padesan siji menyang padesan liyane. Ora arang Ki Widaru ing dalan kepethuk Begal neng paran ketemu brandhal sing kabeh bisa diatasi merga Ki Widaru sing duwe rewang sepuluh sing kabeh pinter lan prigel ing babagan ulah kanuragan, kabeh rewange Ki Widaru kuwi isih kaprenah sedulur nom tunggal sapaguron karo Ki Widaru, padha-padha siswane Ki Gedhe Cupuwatu. Ki Widaru duwe pangira yen Sima Loreng kuwi mung wong sing pagaweyane dodol tenaga marang para bakul sing mbutuhne tenagane. Mula yen crita bab kaluwihane para rewange nalika ngadhepi para brandhal utawa para begal sok diwuwuhi nganggo bumbu-bumbu sing terkadhang ora tinemu ing nalar. Sima Loreng ya mung manthuk-manthuk karo nelakake rasa erame, sanadyan kala-kala sajroning atine krasa kemudu-kudu ngguyu merga critane Ki Widaru sing kerep dianggep lucu.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar