29.
Wis telung dina bareng lan awor karo Ki Widaru nanging Sima Loreng mung dhapuk dadi tukang ngrungokne crita wae. Durung ana kalodhangan kanggo nakokne crita sing ana gegayutane karo Gurune, jalaran Ki Widaru olehe ndongeng babar pisan durung nyenggol-nyenggol jenenge gurune. Nanging Sima Loreng kemba nggone katon seneng ngrungokne kojahe Ki Widaru sing sajak seneng yen Sima Loreng kasengsem karo crita-critane. Sima Loreng percaya suwe-suwe mengko Widaru mesthi crita pengalamane olehe wis akeh srawung karo wong -wong digdaya kuwi bakal nyebut jenenge gurune. Nek wis ngono lagi Sima Loreng bakal takon ing ngendi dununge Gurune.
Kajaba sarana ngrungokne critane Widaru, saben-saben Widaru ngajak mandheg ing pasar sing diliwati Sia Loreng sing duwe jejibahan ngrewangi dodolan Widaru, ajeg disambi kulak prungu lan golek kabar ing ngendi Ki Sima Abang saiki manggon. Kaya esuk kuwi, sawise rampung ngrewangi ndhasarne dagangan, Sima Loreng nembung marang Widaru arep mlaku-mlaku ngubengi pasar sing ketoke jembar lan rame. Widaru uga wis ngidini, malah kepara mrayogakne banget yen Sima Loreng mlaku-mlaku, supaya Sima Loreng tambah kawruhe.
"Nanging sing ngati-ati Ki Sima Loreng aja seneng nyampuri urusan sing dudu urusane" welinge Widaru nalika Sima Loreng pamitan "nek ana apa-apa enggal bali mrene maneh".
"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng "kula namung badhe ningal-ningali kawontenan ingkang benten kaliyan sesawangan ingkang nate kula sumerepi kemawon kok".
Sima Loreng mlaku-mlaku neng jero pasar, sing dipilih nggon-nggon sing bakule padha nggelar dagangane neng papan sing jembar. Neng kono ora mung wong dodolan barang wae, nanging ana uga sing nawakne kapinteran nenambani sakehing lelara ora nganggo tamba sing rupa jamu utawa omben-omben lan bobokan, nanging cukup disuwuk karo diusapi, endi nggon sing lara tumuli waras. Sing antri njaluk ditambani sapirang-pirang, malah ana wong sing wuta barang melu antri, merga kondhange Bakul Jamu sing ora dodol jamu kuwi bisa marasake sakehing lelara, klebu wong sing nandhang wuta, lumpuh lan liya-liyane. Sing luwih mencutake maneh Bakul Jamu sing ngaku duwe jeneng Ki Dhadhap kuwi ora njaluk opah marang sing ditambani. Mung wae upama ana sing aweh kanthi sakalire, iya ora ditampik. Neng kono dicepaki tampah kanggo wadhah dhuwit saka wong-wong sing duwe karep aweh atur panuwun sakalire.
"Sedulur-sedulur kabeh" kandhane Ki Dhadhap kanthi suwara sing banter marang wong-wong sing padha ngrubung dheweke, ing sela-selane nambani wong-wong sing njaluk tamba "aku babar pisan ora ngarep-arep paweweh saka ndika kabeh lan iya saka sapa wae, olehku nindakne gaweyan iki mligi nggonku kepengin nyebar kabecikan marang sapepadhaning titah sing lagi nandhang lara. Dene dhuwit tembaga utawa perak sing padha ndika selehne neng tampah kuwi mengko uga ora arep tak nggo nutupi kabutuhanku dhewe, nanging bakal tak pasrahake marang Resi Wresaya sing lagi ngayahi kuwajibane ya iku numpes wong sing nyebar lelara ing Pulo Jawa iki".
"Ki Wresaya niku sinten Ki Dhadhap?" krungu omongane Bakul Jamu sing ora dodol jamu ngono kuwi Sima Loreng banjur nyedhak karo takon "lha sing nyebar sesakit teng Tanah Jawi niku sinten?"
"nDika sapa?" Ki Dhadhap mandheg olehe nambali wong sing lagi arep digarap banjur nyawang marang Sima Loreng.
"Kula Molor Ki" wangsulane Sima Loreng dora sembada "padamelan kula tukang usung-usung barang teng peken mriki".
"Ya pangapurane wae ya Kisanak Molor" Ki Dhadhap guneman karo ngguyu "aku mau rada kaget, tak kira ndika kuwi tunggalane Sima Abang, merga caramu omong rada memper karo Sima Abang. Resi Wresaya kuwi Guruku sing saiki mertapa neng Alas Jati sacedhake Bengawan Tempur kana, lha nek ndika kepengin ngerti sapa sing wis nyebar lelara neng Tanah Jawa iki, ndika kudu ninggalne pagaweyan ndika sing saiki iki. Banjur mengko bareng karo aku tak sowanke neng ngarsane Resi Wresaya saperlu suwita lan puruita marang Panjenengane, mengko ndika bakal dituduhi sapa wae sing ora mung sing nyebar lelara neng Tanah Jawa kene iki wae, nanging uga menungsa-menungsa sing kudu ditumpes merga arep gawe rusaking tatanan neng Tanah Jawa kene".
"Lha menawi kula kedah nilar padamelan kula, mengke pripun Ki carane kula saged nedha?" Sima Loreng nyoba takon maneh njajagi karepe wong kuwi.
"Aja samar Ki Molor" wangsulane Ki Dhadhap sabanjure "perkara manganmu saben dinane sajrone ndika necep ngelmune Resi Wresaya kuwi dadi tanggunganku".
Ketang kepengine ngerteni panggonane gurune, Sima Loreng banjur nyaguhi apa sing dikandhakne Ki Dhadhap, nanging Sima Loreng uga kandha nek arep taren lan pamitan marang juragane luwih dhisik. Nek dientuki dening Juragane, mangka mengko arep mbalik mrono maneh, nanging nenk ora dililani ya kapeksa ora sida melu Ki Dhadhap ngadhep Resi Wresaya, neng Alas Jati sacedhake Bengawan Tempur.
"Iya, Ki Molor aku nunggu kabar saka ndika, aku arep ninggalne papan kene iki telung dina maneh lan aku nginep neng daleme Ki Lurah dadi ndika bisa nemoni aku neng Kalurahan yen aku nuju ora ana Pasar kene" Ki Dhadhap mangsuli pamitane Sima Loreng.
Sima Loreng banjur bali arep nemoni Ki Widaru sing lagi nunggoni rewang-rewange nyambut gawe dodolan dagangane. Ki Widaru rada gumun dene Sima Loreng kok mung sedhela olehe mlaku-mlaku.
"Jarene ndika mau kepengin ndelok-ndelok kahanan sakiwa tengene Pasar iki Kisanak Sima Loreng?" pitakone Widaru durung nganti Sima Loreng mapan lungguh neng sandhinge.
"Empun cekap kok Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo mapan lungguh "niki malah ajeng matur ndika".
"Arep omong bab apa?" Widaru takon semu gumun, merga praupane Sima Loreng ketok nek tenanan.
"Anu kula ajeng dijak Tiyang sing damelane nambani tiyang sakit teng tengah peken nika" wangsulane Sima Loreng blaka.
"Diajak menyang ngendi? diajak mider apus-apus turut pasar ngana kae?" kandhane Widaru semu nuturi Sima Loreng "wong sing ngaku jeneng Dhadhap kae gaweyane apus-apus, Ki Sima. Wong sing ketoke waras sawise ditambani kae, paling suwe sajroning wektu sepasar larane bali maneh malah kepara luwih nemen tinimbang karo sadurunge ditambani Dhadhap. Wong kae ya seneng ndongeng crita sing ngayawara, dheweke lan gurune sing jarene jenenge Resi Wresaya kuwi malah wani ngaku-aku nek isih trahe Patih Maudara sing madeg wiku neng Paluamba jaman Majapahit biyen. nDika ngerti sapa Patih Maudara utawa Wiku Paluamba kuwi?".
"Dereng Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo nggagas kandhane Widaru sing uga baud ndongeng kuwi.
"Patih Maudara kuwi bapake Raden Damarwulan ya Sri Brawijaya Wikramawardana garwane Ratu Ayu Kencana Wungu. Lha wong sing ngaku jenenge Dhadhap karo Resi Wresaya kuwi ora mudheng karo lelakone Resi Paluamba, nanging malah wani ngaku jare isih trah utawa turune. Wong kuwi gaweyane ngajak wong-wong supaya ora ngakoni yen Kanjeng Sultan Trenggana kuwi Raja sing sah ing Tanah Jawa kene. Kamangka genah nek wis cetha Sultan saiki iki, iya Kanjeng Sultan Trenggana kuwi nerusne paprentahan saka Majapahit biyen, jalaran Sultan Trenggana kuwi putrane Adipati Patah, Adipati Patah putra Prabu Brawijaya kalima, sing sumare neng Gunung Lawu. Dadi nek nggugu aku, luwih becik nek ndika ora sah gampang percaya karo Dhadhap kae, tan wurunga ndika bakal diajak ngambah dalan sing sasar lan bakal didadekne kurban" Widaru akeh-akeh anggone nuturi Sima Loreng murih ora nggugu critane Ki Dhadhap sing arep ngajak dheweke puruita menyang Resi Wresaya neng cedhake Bengawan Tempur.
Sanajan Sima Loreng uga bisa percaya karo sing dikandhakne Widaru, nanging Sima Loreng olehe arep melu Ki Dhadhap kuwi ora kok jalaran kepengin nyecep ngelmune Resi Wresaya, nanging mung kepengin ngerti ing ngendi dununge Ki Sima Abang.
"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng sawisae meneng karo mikir "murih langkung cethanipun kalih ingkang ndika dhawuhne niku wau, kula kok kepengin saged mbuktekaken piyambak kanthi tetapangan kaliyan Resi Wresaya punika. Mangke menawi sampun cetha bilih ingkang dipun dhawuhaken Ki Sodagar menika saestu, kula inggih badhe kesah nilaraken Resi Wresaya lan Ki Dhadhap sarta kanca rowangipun sedaya".
Krungu wangsulane Sima Loreng sing ngono kuwi Widaru ngguyu lakak-lakak, kaya ngguyu dhagelan sing lucu.
"Aku mung elik-elik thok Ki Sima" kandhane Widaru sawuse guyune meneng "aku ya ora bisa menging sedya lan karep ndika, nanging nek ndika gelem ngrungokne kandhaku, ndika arep tak kandhani, aku ngerti karep ndika kuwi mung arep nyoba ngerteni Resi Wresaya nek apik ya diterusne puruita nek nyatane kaya sing tak critakne banjur mundur rak ngono ta? Ya nuwunm sewu lho Ki Sima Loreng, nadyan asmane ndika kuwi Sima Loreng, nanging biyen tau ana wong sing nganggo asma Sima sing kaektene kena diarani punjul ing apapak, ewa dene kena karti sampekane Resi Wresaya, temah dadi lan apese, ya iku Ki Sima Abang".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar