Total Tayangan Halaman

Senin, 27 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (030)

 


30.

Krungu jenenge Gurune disebut lan dikandhakne yen kena paekane Resi Wresaya, Sima Loreng kaget. Widaru wis ngarani lan ngakoni yen Sima Abang nyata yen wong sekti mandraguna nanging merga kajulikane Resi Wresaya ndadekne Sima Abang dadi lan apese. Sima Loreng ngerti yen Gurune kuwi duwe kaprayitnan sing luwih tinimbang wong lumrah, nanging bisa kena pambujuke wong sing licik, pambujuk apa sing ditibakne marang Sima Abang dening Resi Wresaya gurune Ki Dhadhap sing lagi wae ditepungi iki mau.

 

"Watara setahun kepungkur" Widaru guneman maneh "ana wong sing sekti mandraguna, mudhun saka puncak gunung wilis, jenenge Ki Sima Abang sing arep nggoleki Muride Syekh Jumadil Kubra, nanging diapusi dening Resi Wresaya".

 

"Dipun apusi pripun Ki Sodagar?" pitakone Sima Loreng "kok kepireng aneh, ingatase Resi kok purun ngapusi, menika rak inggih kepireng aneh?".

 

Widaru ngguyu krungu pitakone Sima Loreng sing mangkono kuwi. Banjur wangsulan karo mesem :

"Keneng diarani aneh lan lucu, kuwi nek Wresaya kuwi Resi sing temenan, lire Resi sing nggilut agama kanthi bener. Nek aku ngarani, Resi Wresaya kuwi dudu Resi, nanging wong sing macak cara Resi lan arep gawe kuceme agamane Para Resi sing tenanan".

 

"Cethanipun kados pundi Ki?" Sima Loreng sansaya gumun karo wangsulane Widaru.

 

"Cethane ngene" Widaru banjur guneman maneh alon-alon sing mung bisa dirungokne dening Sima Loreng "wiwit biyen sing ora seneng karo Para Resi kuwi wis ana, ya iku bangsane para Denawa, tegese denawa kuwi titah sing seneng ngeden hawa utawa buta, tegese titah sing duwe watak buteng mung nuruti pangajake hawa nepsu, lha wong-wong sing ngono kuwi sing dhemen ngganggu gawe marang para Brahmana sing mulang muruk murih wong-wong padha gelem memayu hayuning bawana. Kanthi sumebare agama sing digawa dening para Wali, para bangsa buta lan denawa kuwi rumangsa oleh tambahan mungsuh, amerga agama sing diwulangake par Wali iku diarani agama Islam, sing duwe teges slamet lan nylametake lire kabeh sing ngrasuk agama Islam wajib nyebarake sipat Maha Welas lan Maha Asihe Gusti Allah, ora kena gawe kisruh, nyenyahak darbeking liyan lan sapiturute. Mula para denawa kuwi gethinge kepati-pati marang para Wali, kaya gethinge marang para Brahmana. Para Buta lan Para Denawa nuli golek cara kepriye antarane Brahmana lan Wali sarta para Ngulama padha memungsuhan. Nek ndika rungokne japa mantra sing diucapne dening wong sing jeneng Dhadhap kae mau saben-saben arep nambani wong, mesthi diwiwiti klawan nyebut Asmane Allah, Allah kuwi sesembahane wong Islam, dadi Dhadhap kae dudu wong Islam nanging macak dadi wong Islam kanggo gawe kuceme para Wali lan para Ngulama, sranane aweh tamba nanging mung apus-apus. Lha Gurune Dhadhap sing ngaku jeneng Wresaya kuwi, dudu Resi nanging macak Resi kanggo gawe kucem asmane para Resi".

 

"Lha sambung rapetipun kaliyan Ki Sima Abang kados pundi Ki ?" Sima Loreng nutugne pitakone.

"Kuwi critane rada dawa Ki Sima Loreng" wangsulane Widaru.

 

"Nanging Ki Sodagar rak inggih pirsa ta lelampahanipun Ki Sima Abang ingkang kapaeka kala wau?".

"Ngerti, nanging aku ora bisa nyritakne saiki. Aku ya ora wani crita bab kuwi neng papan kene iki. Dadi nek ndika arep melu Dhadhap nemoni Resi Wresaya, aku ya ora bisa nyritakne lelakone Ki Sima Abang marang ndika maneh. Aku ora menging ndika ngetutne Dhadhap, nanging aku mung meling sing ngati-ati, jalaran Ki Sima Abang wae sing kapinterane luwih akeh bisa kena kapaeka".

 

Sima Loreng ora wangsulan maneh, merga bakune dheweke kepengin ngerti ing ngendi papan sing dipanggoni gurune wektu iki. Nalika jagongan karo Dhadhap mau Sima Loreng duwe panemu nek Resi Wresaya bakal bisa ditakoni ing ngendi Gurune saiki manggon. Nanging bareng oleh critane Widaru sing mangkono kuwi mau, Sima Loreng uga banjur duwe gagasan nek Widaru uga ngerti ing ngendi Gurune mapan wektu iki. Bareng wis rada suwe anggone nggagas, wasanane Sima Loreng banjur kandha marang Widaru yen kepengin ngerti dedongenane Ki Siam Abang kena paeka. Sima Loreng uga kandha nek arep nemoni Dhadhap ing dhasarane luwih dhisik, kanggo ngandhakne nek niyate olehe arep puruita marang Resi Wresaya diwurungake.

 

"Nanging aku ora menging ndika lho Ki Sima?!?" wangsulane Widaru "aku mung aweh weling supaya ndika ngati-ati wae".

 

"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo mesem "waleh-waleh menapa, estunipun anggen kula gadhah niyat manggihi Resi Wresaya menika namung badhe taken prekawis Ki Sima Abang, lan ketingalipun boten sah mawi sowan Resi Wresaya badhenipun kula badhe angsal wangsulan saking pitaken ingkang badhe kula tangkletaken dhateng Resi Wresaya kala wau".

Krungu wangsulane Sima Loreng ngono kuwi, Widaru ketok kaget. Bathuke ketok njengkerut sajak lagi mikir banter.

 

"Mengko dhisik Ki Sima Loreng" kandhane Widaru ngati-ati banget "ana sambung rapete apa ndika karo Ki Sima Abang?".

 

Sima Loreng gumuyu lirih, banjur aweh wangsulan cekak :

"Nyuwun pangapunten Ki Sodagar, kula boten saged ngaturaken bab menika ing papan mriki".

 

"Oh, ya wis yen mangkono" Widaru wangsulan karo mesem, sajake dheweke wis tanggap karo wangsulane Sima Loreng sing mangkono kuwi mau. Sima Loreng ya banjur ngadeg ninggalne dhasarane Widaru arep bali nemoni Dhadhap.

 

Nanging Sima Loreng dadi rada gumun, nalika dheweke tekan panggonan dhasarane Ki Dhadhap, wong kuwi sajak ora pati nggatekne maneh marang Sima Loreng. Bola-bali Sima Loreng aweh sasmita njaluk wektu sedhela kanggo ngandhakne sedyane, nanging Ki Dhadhap lan andhahane babar pisan ora ngrewes, api-api ora ngerti. Malah tekane Sima Loreng neng kono dianggep kaya wong sing lagi padha antri arep njaluk tamba. Kanggo njaga pangrasane Ki Dhadhap kapeksa Sima Loreng ngenteni longgare Ki Dhadhap, sauntara wong sing antri kari wong telu. Pangirane Sima Loreng, nek wong telu kuwi wis digarap kabeh, Ki Dhadhap mesthi gelem nemoni dheweke. Nanging pangirane Sima Loreng jebul luput, sawise wong telu kuwi rampung digarap, Ki Dhadhap malah banjur nandangi gaweyan liyane, yaiku nata barang-barange lan bareng ana wong sing teka maneh, Ki Dhadhap ya banjur genti nggarap wong sing lagi teka kuwi mau.

 

"Nuwun sewu Ki Dhadhap" saking ora kuwat ngempet sabare, Sima Loreng banjur nyedhaki Ki Dhadhap karo omong "kaparenga kula badhe matur sakedhik".

 

"He Molor......." Ki Dhadhap wangsulan karo suwara sing nuduhne nek ora seneng atine "mripatmu kuwi bisa nyawang apa ora ta jane? aku iki lagi repot!. Aja nyela-nyela kaya wong ora duwe suba sita ngono kuwi!".

 

Diwangsuli karo suwara sing ora kepenak dirungokne nganggo kupinge, Sima Loreng dadi gela. Nanging pikirane isih menging supaya ora kesusu nesu marang Ki Dhadhap, dheweke banjur mundur alon-alon bali mapan lungguh awor wong-wong sing lagi padha teka arep mertamba. Sansaya suwe wong sing teka sansaya akeh. Kang mangkono kuwi ndadekne Sima Loreng mikir yen ngenteni longgare Ki Dhadhap, mangka bisa-bisa nganti surup durung longgar.

 

"Ngeten mawon Ki Dhadhap" wasana Sima Loreng bali nyedhaki Ki Dhadhap karo guneman rada seru "kapeksa kula nyela wekdal, sakedhap namung ajeng criyos nek mangke kula boten sida tumut ndika".

 

"Piye ?" dumadakan Ki Dhadhap wangsulan karo nggetak.

 

"Kula boten sida tumut ndika, damelan kula ingkang dereng rampung taksih kathah, nyuwun pangapunten" wangsulane Sima Loreng .

 

"Dadi kowe arep ngajak guyon aku ya Molor?" Ki Dhadhap mencereng, wong sing lagi ditambani diculne, ditinggal ngadeg karo nyedhaki Sima Loreng "aku wis ngerti kowe wis keneng bujuke wong sing ora seneng karo aku. Ya, titenana wae, arep nemoni apa kowe mengko!".

 

"Sakersa anggen ndika mastani, Ki Dhadhap" Sima Loreng sing wis ora bisa sabar maneh wangsulan sakepenake, banjur ngalih ninggalne dhasarane Ki Dhadhap arep bali menyang dhasarane Widaru. Wektune wis sansaya awan, pasare sansaya sepi. Wong-wong sing menyang pasar wis akeh sing bali. Bakul-bakul akeh sing wis padha ngukudi dagangane dhewe-dhewe, tata-tata arep bali, klebu Widaru sing uga wis aba marang rewang-rewange supaya ngringkesi barang-barang dagagangane.

 

Widaru kandha marang Sima Loreng yen sadurunge surup dheweke arep nerusne laku. Sima Loreng uga banjur melu ngrewangi para rewange Ki Widaru.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...