31.
Kretane Widaru mlaku neng mburi dhewe, ngetutne lakune cikar lima sing nggawa dagangane. Wiwit ngambah dalan sing adoh karo padesan, malah miturut petunge Widaru bisa uga wengi mengko padha nginep neng dalan. Lakune cikar sing ditutne kreta kuwi sajak ayem, awit wis kulina ngambah dalan kuwi sing sasuwene iki tansah aman ora ana aral sing ngadhang laku. Para begal wis padha ngerti yen rombongane Widaru kuwi kabeh wong sing padha duwe ngelmu kanuragan, sanajan para begal ya ngerti nek ana wong sing liwat karo nggawa barang sapirang-pirang, nanging bareng weruh kumlebete gendera Gula Klapa sing dipanjer ing saben cikar kuwi, para begal ora sida wani ngendheg, kabeh padha miris marang murid-murid Paguron Cupuwatu sing saiki lagi padha laku dagang kuwi. Kaya padatan, Sima Loreng manggon awor dadi siji karo Widaru neng pagedhongane kreta. Nanging dina kuwi beda, wiwit budhal mau Widaru sing padatan ajeg crita lan ndongeng neka-neka, dina kuwi mung meneng wae. Malah nalika Sima Loreng kandha arep nyulihi dadi kusir supaya kusire bisa leren, Widaru banjur mapan ngglethak turon neng palungguhane. Sima Loreng sing satemene ngenteni Widaru nyritakne olehe Ki Sima Abang sing wis dipaeka dening Resi Wresaya, durung wani miwiti takon. Sima Loreng ngerti nek ing papan kono kuwi Widaru durung wani nyritakne bab kuwi.
Nalika lakune rembulan ing wanci purnama kuwi oleh seprapat ing langit sisih wetan, mbarengi karo lakune Widaru nemu papan sing rada lempar ing sapinggire kali, sauntara alase ora pati ketel sing ana mung gegrumbulan sing ora pati rungkud, Widaru aba marang rewang-rewange supaya ngendhegne laku. Leren, sapi-sapi sing nggeret cikar sarta jaran sing narik kreta banjur padha dipakani, diklumpukne dadi siji murih gampang nggone ngulati yen ana bebaya sing teka. Won-wong kuwi banjur padha yasa bedhiyang kanggo madhangi papane leren. Nggelar klasa lan banjur padha jagongan karo ngawat-awati barang-barange sarta kewan-kewane.
"nDika lagi sepisan iki ya Ki Sima, leren neng papan sing kaya ngene iki?" pitakone Widaru marang Sima Loreng sing uga lungguh neng klasa kono karo nyangga cangkir bathok isi wedang jahe.
"Inggih Ki Sodagar, lakar kula inggih nembe niki mlampah tebih" wangsulane Sima Loreng "nek tilem ing ara-ara ngoten inggih sampun kulina, menawi ngepasi disambat nengga pategilan sing asring dijarah celeng".
"Nek ngoten ndika nggih kerep angsal celeng no Dhi?" salah siji saka rewange Widaru sing lungguh cedhake Sima Loreng nyelani takon.
"Nggih namung nek dhong enten sing kecepeng mawon Kang" wangsulane Sima Loreng "celeng-celeng niku dereng nganti mlebet tegil nggih mpun digusah riyin kersane lunga".
"Biyen aku ki seneng banget mangan dhedheng celeng, nanging sawise ngrasuk agama Rasul kasenengan kuwi banjur tak tinggal, wong jarene iwak celeng kuwi ora becik nek dipangan" Widaru numpangi rembug.
"Oo, ngaten nggih Ki Sodagar? Ki Sodagar lan sedherek-sedherek niki sampun ngrasuk agami enggal niku nggih?" Sima Loreng banjur genti takon.
"Lagi aku dhewe kok Ki Sima sing wis ngrasuk agama Rasul iki" wangsulane Widaru "adhi-adhiku iki kabeh durung ana sing ndherek agamane Kanjeng Sultan, lha nek Ki Sima dhewe, ngrasuk Agama Budha apa Agama Syiwa?".
"Kula taksih ngugemi Kapitayan Jawi Ki Sodagar" Sima Loreng wangsulan alon.
"Nek ngono ya padha karo sedulur-sedulurku iki kabeh, aku biyen ya ngono, mung ngestokne dhawuh wewarahe Sang Hyang Pitaya, Dzat kang tan kena kinaya apa, sing adoh tanpa wangenan lan sing cedhak tanpa senggolan. Lha jejere Sang Hyang Pitaya kuwi meh padha karo jejere Allah ing agama Rasul sing saiki tak rasuk, malah miturut wejangane Kyai Purwaanta, Sang Hyang Pitaya kuwi ya Allah mung beda panyebute, nek wong Islam ngarani Allah. Merga Allah kuwi ya sing yasa lan rumeksa jagad saisine iki, Sing Maha Murah lan Maha Asih, kang akeh ganjaraNe lan kang gedhe pangapuraNe".
Lagi padha enak-enak jejagongan sinambi ngombe wedang jahe, dumadakan jaran loro sing kanggo nggeret kretane Widaru, ngetokne suwara beker. Pancen jaran sing kulina diajak ngumbara laku dagang kuwi luwih landhep pancandriyane. Kanthi beker-beker mangkono kuwi ateges aweh sasmita marang bendarane yen ing kono ana bebaya sing lagi nekani. Para rewange Widaru banjur padha ngadeg karo nggrayahi garan gamane dhewe-dhewe, mripate jelalatan ngubengi papan kono. Merga nek nitik suwara bekering jaran mau, sing teka iki dudu bangsane kewan galak. Widaru lan rewang-rewange uga dadi luwih waspada maneh, jalaran upama sing teka iki bangsane begal mesthine banjur padha pating bedhigas ngatonake wujude sarta nggetak-getak njaluk barang sing ana cikar kuwi. Nanging iki beda, nganti rada suwe olehe ngulati papan kiwa tengene, Widaru lan rewang-rewange durung ana sing weruh kumlebate manungsa sing teka. Kahanan dadi tintrim semu angker.
"Heeeee" Widaru ngadeg banjur guneman seru "sing neng kene Widaru saka Cupuwatu, sing saiki manggon ing Kutha Kadipaten Pajang, aku ora ngerti sapa sing ana kana, yen becik bakal ketitik yen ala bakal ketara, aku ora luru satru mung bakal tak adhepi yen kapeksa ketemu, tinggal glanggang colong playu dudu wateke bocah Cupuwatu".
Suwarane Widaru banter, nrabas gegrumbulan lan wit-witan sing ana kiwa tengene. Dudu suwara lumrah, nanging suwara sing disurung dening kekuwataning hawa murni sing isa ndadekne sing krungu rumangsa kedher ing jejantunge. Sawuse kumandhanging suwarane Widaru sing dibendalne dening kiblat papat kuwi ilang, dumadakan saka waliking gegrumbulan ana wewayangane wong pirang-pirang sing banjur nyedhaki papan palerenane Widaru sakancane.
"Assalamu'alaikum Ki Sodagar Widaru" salah siji saka wong sing lagi teka sing sajake minangka pangarepe ngucapne salam marang Widaru.
"Alaikumussalam" wangsulane Widaru karo aweh sasmita marang rewang-rewange supaya tetep njaga kaprayitnan. Widaru lan rewang-rewange uga banjur nyedhaki wong sing lagi padha teka kuwi.Widaru lan rewang-rewange uga weruh yen sing teka kabeh ana wong sepuluh lan kabeh padha sikep gegaman jangkep. Sima Loreng sing wiwit mau mung lungguh, bareng ngerti yen Widaru lan rewang-rewange mudhun saka klasa lan mlaku nyedhaki wong sing lagi teka, banjur melu ngadeg mlaku njejeri Widaru.
"Aja melu-melu Ki Sima" Widaru guneman lirih sing mung bisa dirungokne dening Sima Loreng dhewe "ketoke wong sing lagi teka iki nggawa sedya sing kurang prayoga".
"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng sing uga nganggpo suwara lirih.
"Aku njaluk pangapura Ki Widaru" kandhane wong sing uluk salam mau karo semu ngguyu "nek tekaku sakanca wis gawe kaget ndika".
Widaru nyawang sing guneman kuwi, samono uga Sima Loreng. Nek Widaru ora ana rasa apa-apa sawuse weruh praupane wong sing ana ngarepe kuwi, jalaran Widaru rumangsa lagi sepisan iki ketemu. Beda karo Sima Loreng, bareng ditamatne kanthi tenanan sarta digandhengne karo suwara pangucape, Sima Loreng dadi kaget, merga sing lagi teka kuwi jebul Ki Dhadhap sing dhek awan bakul jamu neng tengah pasar. Nanging Sima Loreng sing wis kulina ngadhepi maneka warna lelakon, tumuli bisa nata atine sing kaget, saiki malah banjur api-api durung tepung karo Ki Dhadhap sing dhek mau dipamiti yen dheweke ora sida melu.
"Nuwun sewu sadurunge" kandhane Widaru sawise sauntara meneng, aweh wangsulan marang kandhane sing lagi teka "aja dianggep nek aku iki tambuh jalaran saka rasa pangling, ning sanyatane pancen lagi iki aku kepethuk karo ndika sakanca. nDika iku sapa lan ana kersa apa dene nyedhaki aku sing lagi leren iki?".
"Ha ha ha ha ......." Ki Dhadhap ngguyu banjur semaur "nek manungsane aku percaya nDika pancen lagi iki kepethuk karo aku Ki Widaru, nanging mbok menawa nek jenenge, nDika mesthi wis tau krungu, jenengku Dhadhapsuwaru siswane Rama Resi Wresaya saka Pratapan Punthuk Pundhen".
"Ooo, dadi ndika sing kondhang asmane kuwi Ki Dhadhapsuwaru?"
"Bener Ki Sodagar Widaru" wangsulane Ki Dhadhap karo gumuyu "aku karo ndika iki meh padha, ya iku padha-padha wis ngrasuk agama Rasul, nanging panggah tetep bekti lan setya marang Gurune. Nek nDika isih bekti karo Ki Gedhe Cupuwatu sing isih ngrasuk Kapitayan Jawa, nek aku isih bekti lan panggah ora bisa ninggalake Rama Resi Wresaya sing puguh ngukuhi agama Syiwabudha. Mula aja ndika gumun yen aku mau uluk salam marang ndika Ki Sodagar".
Krungu kandhane Ki Dhadhap sing mangkono kuwi, Widaru ing batin gumuyu. Awit Widaru wis ngerti nek satemene Dhahapsuwaru kuwi klebu golonganing buta sing seneng buteng nguja hawa, olehe ngrasuk agama rasul mung lelamisan, malah mengku karep culika, ya iku arep gawe kuceme agama Islam lan para Ngulama. Mula Widaru saya tambah pangati-atine.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar