32.
Sima Loreng sing uga krungu olehe rembugan antarane Widaru karo Dhadhapsuwaru, mung meneng durung niyat arep melu nrambul gunem. Sima Loreng uga rada gumun, ya gene Dhadhapsuwaru sing wis tepung karo dheweke teka babar pisan ora gelem aruh-aruh, malah ethok-ethok ora tepung. Apa merga drajate sing dianggep mung lamake buruh usung-usung barang kuwi sing ora pantes yen diaruh-aruhi?. Apa merga sabab liyane?. Sima Loreng ora ngerti, mula ya banjur milih meneng ora melu guneman apa-apa, kaya dene sing ditindakne dening rewang-rewange Widaru.
"Lha saiki Ki Dhadhap mrepegi aku ana kene iki kagungan sedya apa?" Ora nganggo tedheng aling-aling, Widaru banjur nakoni sedyane Dhadhapsuwaru.
"Bares wae Ki Sodagar, satemene iki mau aku lagi mburu buronanku sing keplayu, lan bareng tak goleki jenbulane beburonku kuwi mau saiki umpetan kanthi momor karo Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsuwaru.
Sima Loreng wis ngerti karo karep sing ana waliking tembunge Dhadhapsuwaru kuwi, sing dikarepake buron kuwi cetha yen dheweke. Sima Loreng isih kelingan, mau awan nalika dheweke pamit ora sida nggone arep melu suwita marang Resi Wresaya, Dhadhapsuwaru ketara yen ora seneng, malah guneman sing semune ngincim marang dheweke. Nanging Sima Loreng panggah olehe meneng wae, ngenteni apa sing arep dikandhakne Widaru kanggo mangsuli tembunge Dhadhapsuwaru.
"Ing kene ora ana Kidang utawa Menjangan sing ndhelik Ki Dhadhap" temenan Widaru wangsulan karo suwara sing sajak ayem wae, mung mripate kober nglirik Sima Loreng sedhela.
"Dudu Kidang utawa Menjangan sing ucul saka tanganku Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsuwaru karo semu ngguyu "nanging wong sing mau awan wis ngajak guyon karo aku, merga dhek awan aku isih repot nandangi gaweyanku, aku ora kober ngendheg wong sing ngajak guyon karo aku kuwi. Dadi buronanku kuwi wujude menungsa Ki Sodagar".
"Menungsa?" Widaru takon mbodhoni "sing bareng karo aku ing rombongan iki ora ana wong liya Ki Dhadhap. Kabeh iki sedulurku saka Cupuwatu lan sing ana sisihku iki kancaku sing kulina ngrewangi aku bebakulan. Dadi tak kira ndika kleru yen ngarani buronan ndika kuwi umpetan awor karo aku".
"Ha ha ha ha ......" dumadakan Dhadhapsuwaru ngguyu banter, ketara yen dudu guyu sing lumrah nanging guyu sing linapisan ngelmu sing bisa gawe getering jantunge sing padha krungu, saking bantere guyune nganti godhong-godhong garing sing ana wit-witan sacedhake padha rontog tumiba ing lemah.
"Nuwun sewu ya Ki Sodagar" kandhane Dhadhapsuwaru sawise guyune meneng "sadurunge aku njaluk pangapura ndika, buronku iki temen dudu sedulure awake dhewe tunggal agama, dadi ndika tak jaluk aja aweh pangayoman marang dheweke. Dene sing ngajak guyon karo aku kuwi mau, tenane ya rewang ndika sing saiki ngadeg ing sisih ndika kuwi. Mula tak tembung kanthi apik-apikan, ndika lilani wae Molor sing ngadeg ing sisih ndika kuwi arep tak ajak lunga saka kene kanggo nerusne nggone geguyonan karo aku. Aku mung butuh ngajak lunga Molor kuwi wae, lan yen wis klakon Molor tak jak lunga, aku sakancaku ora arep ngganggu gawe Ki Sodagar maneh".
"Ing kene ora ana sing jenenge Molor Ki Dhadhapsuwaru" wangsulane Widaru "sing ngadeg ing sisihku iki dudu Molor sing ndika goleki. Dadi kapeksa aku ora bisa nuruti panjaluk ndika".
"Aku ora idhep Ki Sodagar" Dhadhapsuwaru suwarane keprungu wiwit kaku "mbuh Molor mbuh dudu, wong sing ana sisih ndika kuwi bengi iki arep tak ajak lunga saka kene, ndika kudu nglilani".
"Ora bisa Ki Dhadhap" wangsulane Widaru panggah ayem "wong sing dadi rewangku, kuwi kaslametane dadi tanggung jawabku, ora bakal aku nglilani sapa wae sing arep ganggu gawe marang dheweke".
"Ki Sodagar" Dhadhapsuwaru suwarane wiwit sereng "nDika kudu eling, Molor kuwi wong Kapir sing ora ana gunane tumrap agama ndika,lan aku iki sedulur ndika tunggal agama, apa Ki Sodagar wis arep kelangan iman, ngeboti wong kapir tinimbang sedulure dhewe? He?".
"nDika aja ngawur Ki Dhadhap" Widaru semaur kanthi suwara sing wiwit dhuwur "iki dudu perkara agama, aku jane ya wis ngerti, ndika kuwi rumangsa diremehne dening Ki Sima Loreng sing ndika arani Molor iki, mung sabab Ki Sima Loreng ora sida olehe arep puruita marang guru ndika Resi Wresaya. Nek mung sebab kuwi ndika arep munasika Ki Sima Loreng sing uga kulawargaku dhewe, cetha nek aku ora bakal lila. Malah yen ndika temen-temen pandhereke kanjeng Nabi sing jumeneng Rasul, saiki aku ngelingake : Kanjeng Nabi Rasul gething lan sengit marang menungsa sing ngaku Islam nanging dhemen nguja hawa seneng memungsuhi wong liyane mung sabab bedane agama. Pancen bener wektu iki Ki Sima Loreng pancen isih kapir, nanging ora merga dheweke Kapir banjur dadi mungsuhe wong Islam, malah kosok baline awake dhewe, mligine aku, aku kudu bisa aweh sesurupan marang dheweke supaya gelem ngrasuk agama Rasul klawan becik, ora merga dipeksa".
"nDika kleru Ki Sodagar" Dhadhapsuwaru wangsulan suwarane wiwit mendhek maneh "ndika durung ngerti bebayane cedhak karo wong kapir, ndika kudu ngerti nek si Kapir kuwi satrune Allah, wajibe disrnakne ora diasihi kaya sing ndika cakne kuwi".
"Nuwun sewu Ki Sodagar" gandheng wis ora kuwat ngempet rasa panas sing ngumubne getihe, Sima Loreng maju sajangkah banjur guneman marang Widaru "keparengna kula nyuwun wekdal kangge mangsuli ucape Ki Dhadhap ingkang magepokan kalih kula niku".
Lan sadurunge Widaru aweh wangsulan, Sima Loreng wis genti nginger adhepe marang pernahe Dhadhapsuwaru karo guneman :
"Kisanak Dhadhapsuwaru, kapeksa tak jabel unggah-ungguhku marang ndika, merga jebul ndika kuwi menungsa sing cetha nek ora duwe tata".
"Setan kowe Molor" Dhadhapsuwaru misuh banter " apa karepmu he?".
"Karepku arep mangsuli omonganmu" wangsulane Sima Loreng karo malangkerik "jebul mung sabab aku murungne sedya olehku arep meguru marang gurumu mau, kowe wis nesu karo aku. Tak kandhani ya? Tak tampani nesumu neng papan kene, ora sah ndadak njaluk palilahe Ki Sodagar nek kowe arep nggawa aku, sarate gampang wae. Aku gelem manut mbok gawa lunga, nek aku wis dadi bathang, ngerti?".
"Iblis kowe Molor" Dhadhapsuwaru misuh maneh sansaya nesu "kowe nantang aku he? kowe arep wani karo aku he?".
"Iya Ki Dhadhap" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu ngece "aku kepengin njajal sepira jerone ngelmumu, malah ora mung kuwi wae, nek kowe sajake wedi samar nek kalah mungsuh aku, kowe kena ngajak kabeh kancamu sing ana kene maju bareng ngrubut aku!. Nek kanthi cara iki kowe isih wedi, kowe kena lunga saka kene saiki uga, aku ora arep ngganggu nggonmu arep mlayu"
"Keparat, dakjal laknat, iblis, setan dudu uwong kowe Molor!" Dhadhapsuwaru sansaya nesu, pisuhane kabeh disuntak neng ngarepe Sima Loreng "satemene aku isih duwe rasa isin yen kudu ngadhepi kowe, merga tak ukur kekuwatanmu kuwi ora ana separone kekuwatane muridku sing nom dhewe kae. Nanging gandheng saka pangucapmu sing wis kliwat nrgemehne aku, aku dhewe sing arep nyuwek-nyuwek lambemu, nugel-nugel balungmu neng papan kene. Tak wenehi wektu sepuluh jurus, nek kowe durung ngglethak neng lemah, aku trima ngaku kalah lan arep lunga saka kene!".
"Bagus!" wangsulane Sima Loreng karo maju nyedhaki Dhadhapsuwaru "ayo dibuktekne wae, sapa sing luwih dhisik ngathang-athang ora bisa tangi neng papan kene, aku apa kowe?!?".
Dhadhapsuwaru aweh sasmita marang kanca-kancane supaya ngupengi papan kuwi, banjur mlumpat mengarep nata jarite lan wiwit tata-tata masang kuda-kuda, siaga ngadhepi mungsuhe. Widaru sinvg wis ora bisa menging marang Sima Loreng, uga banjur aweh sasmita prentah marang rewang-rewange supaya siaga mbok menawa ana obahe wong-wonge Dhadhapsuwaru.
Sima Loreng uga banjur nata adege, mripate awas ngulati Dhadhapsuwaru sing wis kobong dening kanepsone, mripate katon murup nyawang Sima Loreng, sing kaya arep diuntal-untala.
"Gunakna gegamanmu pisan Ki Dhadhap" kandhane Sima Loreng sajak ngece "nek aku pancen durung tau yasa gegaman dadi ya cukup lawaran wae".
"Setan" wangsulane Dhadhapsuwaru sugal "ngremuk bealunge wong sing kaya dhapurmu kuwi eman nek nggunakne gegaman Molor, ayo saiki tata-tataa tak untapne nyawamu menyang Yamani loka".
Sima Loreng gumuyu lirih banjur wangsulan :
"Tak wenenehi kalodhangan nyerang luwih dhisik kowe Dhadhap, gunakna sing sabecik-becike!".
Krungu gunemane Sima Loreng, Dhadhapsuwaru wis ora wangsulan maneh, sikile tengen diangkat ditekuk banjur klawan cepet prasasat kaya that-thit, diobahne ngarah pulung atine Sima Loreng. Sima Loreng prayitna, murid saka paguron Parangabang kuwi tumuli obah arep mapagne serangane mungsuhe.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar