Total Tayangan Halaman

Rabu, 29 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (033)

 


33.

Sima Loreng sengaja ora ngendhani sadhukane Dhadhapsuwaru sing ngarah dhadhane, milih nadhahi nganggo tangkisan tangan. Ora nggunakne tenaga wutuh mung waton nangkis nganggo lengen supaya pulung atine ora kesenggol tungkake mungsuh, sanadyan Sima Loreng weruh yen Dhadhapsuwaru wis nggunakne hawa murnine kanggo nglapisi sadhukan sikile. Pancen Sima Loreng sengaja kepengin njajagi sepira kekuwatan sing kulina digunakne Dhadhapsuwaru yen lagi ngadhepi wong sing lagi ditepungi. Mau awan, Sima Loreng sing ngaku jeneng Molor, babar pisan ora nuduhne yen dheweke uga wong sing ngerti babagan ngelmu kanuragan, nanging mung nuduhne yen dheweke kuwi buruh angkat-angkat barang ing pasar, lan iku wis  nuduhne nek dheweke duwe tenaga sing luwih rosa tinimbang wong lumrah sing ora tau angkat-angkat barang. Lan kanggo ngadhepi panyadhuke Dhadhapsuwaru iki, sing dituduhne Sima Loreng ya mung tenagane minangka buruh angkat-angkat, dudu wong sing nggilut ngelmu kanuragan.

 

Tumapake sikil sing dilandhesi kekuwatan hawa murni katadhahan tangane kuli, nuwuhake suwara gumebrug banter. Sima Loreng kontal memburi watara limang jangkah, nggeblag, klumah neng lemah. Dhadhapsuwaru ngguyu lakak-lakak, rumangsa lega sanadyan panyadhuke ora ngenani panggonan sing dituju, yaiku pulung atine Sima Loreng, nanging wis bisa ndadekne mungsuhe tiba klumah.

 

"Ayo tangia Molor" kandhane Dhadhapsuwaru sawuse meneng nggone ngguyu "kuwi mau aku mung nggunakne saprasepuluhe tenagaku, merga aku ora kepengin kowe mati kanthi gampang. Ayo ngomonga kaya mau!".

 

Widaru sing uga weruh Sima Loreng klumah merga kena gempurane Dhadhapsuwaru, mencolot nyedhak, arep aweh pitulungan marang wong sing ngakune mung kulina buruh ngangkati barange bakul-bakul neng pasar kuwi. Nanging Widaru kaget, Sima Loreng sing dikira kangelan olehe arep tangi saka olehe klumah kuwi jebul kanthi cepet mletik mengarep lan wis ngadeg kanthi jejeg, eseme ngrenggani lambene. Ora ana tandha-tandha yen Sima Loreng lagoi ngrasakne lara.

 

"Matur nuwun Ki Sodagar" kandhane Sima Loreng alon karo mesem "sampun kuwatos, kula boten napa-napa kok".

 

"Nanging, Ki Dhadhapsuwaru kuwi wong digdaya, Ki Sima becik ndika leren wae, ben diadhepi sedulur-sedulurku" wangsulane Widaru uga lirih.

 

"Sampun, Ki Sodagar" Sima Loreng wangsulan karo mesem "kula adhepane rumiyin, mengke mawon menawi kula sampun boten saged tangi, mangga menawi ndika ngersakaken dhawuh dhateng sedherek-sedherek ndika. Sak niki kula riyin mawon".

 

Rampung muni ngono kuwi, Sima Loreng banjur njangkah maju nyedhaki Dhadhapsuwaru karo lambe sing mesam-mesem ora nuduhne rasa giris babar pisan.

 

"Ampuh tenan sadhukanmu Dhadhapsuwaru" kandhane Sima Loreng sawise cedhak karo mungsuhe "sajake kowe kulina dolanan benten ya? slamet wae, aku kerep ngladeni wong sing bentene banter kaya pambentemu ngono kuwi. Ayo ditutugne olehe benten!".

 

"Setan tenan kowe Molor!" Dhadhapsuwaru nesu maneh banjur misuh banter karo mangsuli gunemane Sima Loreng "isih bisa tangi kowe? Kepengin ngrasakne tungkaku maneh?".

 

"Bener  Dhadhapsuwaru" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu "bentemu sing banter mau jebul ora mbok kantheni tenaga luwih bisa gawe tatu, dadi nadyan banter ya mung kaya kapuk sing tumiba ing wesi. Ayo, tambahana tenagamu ben aku bisa ngrasakne lara sethithik ketiban bentemu kuwi".

 

"Keparat!" Dhadhapsuwaru misuh karo mencolot maju, tangane tengen sing dikepelne kuwi ngarah mbithi lambene Sima Loreng, kaya solahe kodhok sing mencolot saka lemah arep nyamber kaper sing mabur ing dhuwure.

 

Sima Loreng ora kepengin tiba klumah maneh, sirahe diiringne manengen. Kepelan tangane Dhadhapsuwaru ora ngenani lambene, Dhadhapsuwaru sing wis ngundhakne olehe ngirimne hawa murnine kuwi, awake katut kegeret kekuwatan tangane sing mung mbithi angin. Sima Loreng tanggap, sikile diobahne kanggo nyegati obahe Dhadhapsuwaru. Kaya kena jegal sikile, Dhadhapsuwaru sing ora ngira tekane bebaya, tiba krungkeb mengarep. Nanging gandheng Dhadhapsuwaru wong sing kulina ulah kanuragan, nadyan kober nosor lemah nanging banjur bisa mletik mengaering rada adoh, banjur ngadeg rada glayaran.

 

"Licik tandangmu, Molor" Dhadhapsuwaru nggetak banter karo nata kuda-kuda arep ngrangsang mungsuhe.

 

"Njaluk pangapuramu Ki Dhadhap" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu "aku mau lali, ora ngandhani nek benten wengi iki ora winates benten adu karosan, nanging uga adu kaprigelan. Dhasare kowe ya rada kurang premana, olehmu mbithi raiku ora mbok pasne, malah angin sing ora melu benten mbok bithi, mula kowe kuwalat tiba krungkeb, suk maneh sing ngati-ati ya?".

 

Dhadhapsuwaru sing sansaya nesu wis ora aweh wangsulan maneh, ngenepne pikire nata ambegane, wiwit ngecakne ajine sing ngedab-edabi. Aji Uler Kilan, ngelmu sing bisa nyepetake anggone obah. Bisa mletik mendhuwur karo muter-muter, tangan lan sikile aweh serangan sing ora ana lerene marang mungsuhe. Aji iki kulina dicakne dening Dhadhapsuwaru kanggo ngadhepi mungsuh sing kliwat saka wong telu sing ngrubut dheweke. Lan saben-saben aji Uler Kilan iki dicakne, ajeg ora nganti sapanginang mungsuh-mungsuhe mesthi wis padha pating glethak, remuk rempu kentekan daya kekuwatane. Nanging wengi kuwi, sing diadhepi Dhadhapsuwaru mung wong siji, isih nom lan ngakune mung buruh tukang ngangkati barang, ewa samono nganti selawe jurus lumaku, Sima Loreng sing dening Ki Dhadhapsuwaru diarani Molor, panggah isih bisa ngladeni solahe Dhadhapsuwaru. Tangan karo sikile ya obah, nangkis lan ngendhani kabeh serangan sing metu saka dayane aji Uler Kilan sing nggegirisi kuwi. Ora mung bisa ngladeni solahe mungsuh, Sima Loreng uga nuduhne kekuwatan sing sumimpen ing ragane. Wis kliwat ping lima kedadeyan serangane Dhadhapsuwaru kena ditangkis dening Sima Loreng sing nuwuhake tempuking kekuwatan nggegirisi, dudu Sima Loreng sing kedheseg, nanging malah Dhadhapsuwaru sing kontal memburi kanthi kuda-kuda sing ambyar. Malah sok-sok Dhadhapsuwaru sing banjur tiba krengkangan neng lemah, ewa samono uga ora nuwuhake tatu sing mbebayani tumrap jiwane, temah bisa enggal tangi lan bali aweh pangrangsang marang mungsuhe.

 

Sauntara kuwi, andhahane Dhadhapsuwaru sing wiwit mau ngepung papan kono karo gegaman sing siaga digunakne, ketok nek wis padha ora sabar kepengin melu ngebyuk ngrubut Sima Loreng sing pranyata ora gampang dilumpuhne dening pangarepe. Wong-wong kuwi ngenteni aba saka Lelurahe, nanging Dhadhapsuwaru sing rumangsa isih nduweni ngelmu simpenan sing durung dicakne, isih durung aweh palilah marang andhahane melu ngebyuk ngrubut Sima Loreng. Dhadhapsuwaru kepengin nuduhne marang andhahane yen dheweke mesthi bisa nundhukne mungsuh sing lagi diadhepi kuwi.

 

Beda maneh karo sing ana sisih liyane, Widaru karo para rewange sing mau kober ngira yen Sima Loreng kuwi wong sing ora nduweni ngelmu kanuragan, dadi padha rumangsa kecelik. Rasa samar sing mau kober mampiur ing atine, kuwatir yen Sima Loreng cilaka ing tangane Dhadhapsuwaru, malih dadi rasa gumun kaworan eram. Pranyata Sima Loreng nduweni ngelmu sing nggegirisi, ora mung bisa ngladeni solah lan kaprigelane Dhadhapsuwaru wae, nanging miturut petungane Widaru lan rewang-rewange, upama gelem Sima Loreng mesthi wis bisa gawe cilakane mungsuhe. Wis ping pirang-pirang Widaru lan rewang-rewange weruh, Sima Loreng ora migunakne kalodhangan kanggo gawe cilakane mungsuhe. Ketitik saka kedadeyan, nalika Dhadhapsuwaru tiba krengkangan, mesthine kanthi gampang Sima Loreng nututi karo aweh serangan sing bisa gawe cilaka mungsuhe, nanging kanyatane Sima Loreng malah aweh kalodhangan marang Dhadhapsuwaru kanggo ndandani kuda-kudane. Sanadyan mangkonowa, Widaru uga aweh prentah marang rewang-rewange supaya siaga ing dhiri, sawayah-wayah andhahane Dhadhapsuwaru obah, rewang-rewange wis diprentah supaya tumandang ngadhepi.

 

Kahanan dadi sansaya serem, perang tandhing antarane Sima Loreng mungsuh Dhadhapsuwaru dadi sansaya rame. Wis kliwat seket jurus dicakne, nanging babar pisan durung ana tandha-tandha Dhadhapsuwaru bisa ngalahne mungsuhe, sing mau wis dijampangi yen olehe arep nglumpuhne Sima Abang ora bakal kliwat saka sepuluh jurus. Aja maneh kok nganti bisa ngalahne Sima Loreng, malah sansaya kerep Dhadhapsuwaru kontal lan tiba golung koming neng lemah, nadyan sabanjure ya bisa bali tangi, nanging adeg-adege wis ora jejeg sakala, kuda-kudane kerep ambyare.

 

"Ya gene ndika cidra ing janji Ki Dhadhapsuwaru?" dumadakan salah siji saka rewange Widaru mbengok banter mbarengi Dhadhapsuwaru tangi saka anggone tiba sawuse tatapan karo Sima Loreng merga serangane kena ditangkis.

 

"Aku ora ana urusan karo ndika Kisanak!" wangsulane Dhadhapsuwaru karo ngingeti wong sing lagi wae mbengok kuwi.

 

"Panggah ana Ki Dhadhap" sing wangsulan malah Widaru "aku karo kabeh sedulurku lan sedulur-sedulur sing teka bareng ndika padha olehe melu dadi seksi, ndika wis ngendika nek jroning sepuluh jurus ora bisa ngasorake Ki Sima Loreng, ndika bakal ngaku kalah, kamangka iki wis mlaku seket jurus luwih lan kanyatane, ndika durung bisa ngalahne Ki Sima Loreng malah bola-bali ndika dhewe sing tiba golung koming neng lemah. Satemene, aku weruh yen Ki Sima isih duwe pangeman marang ndika, upama mung mburu menang wis mau-mau ndika bisa digawe cilaka dening Ki Sima, nanging merga Ki Sima isih ngeman marang ndika, ndika ora digawe cilaka nalikane ndika tiba merga kalah daya nalikane kedaden tatapan antarane ndika karo Ki Sima. Iki nuduhne yen ndika pranyata wong sing lamis Ki Dhadhapsuwaru".

 

Sakala praupane Dhadhapsuwaru dadi abang semu ireng, merga saking nesune. Untune nggeget kenceng, awake kedher merga saking nesune.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...