34.
Rada sauntara Dhadhapsuwaru ora mangsuli apa sing dikandhakne Widaru ngono kuwi mau. Dhadhap Suwaru pancen rada wirang merga ing ngarep dheweke wis kadhung ngremehne marang Sima Loreng sing dianggep ora duwe ngelmu kanuragan, temah wani jampangi yen sajroning sepuluh jurus Sima Loreng mesthi wis ngathang-athang neng lemah ora bisa tangi. Nanging, Dhadhapsuwaru isih duwe pangira nek dheweke mesthi bisa ngalahne Sima Loreng sing dianggep wis nyepelekne marang dheweke jalaran murungake anggone arep suwita marang gurune kuwi. Mula kanggo nutupi rasa wirange kuwi mau, Dhadhapsuwaru banjur mutusake kudu nggunakne ngelmune sing dhuwur dhewe kanggo nglumpuhne Sima Loreng sing sansaya nggleleng sirahe kuwi. Kajaba saka kuwi kanthi ngecakne ngelmu puncak piyandele, Dhadhapsuwaru uga bisa nuduhne marang Widaru sakancane kabeh yen dheweke duwe piyandel sing adoh sadhuwure wong-wong kuwi, dadi bisa dipesthekne yen Sima Loreng bisa dirubuhne karo ngelmune, mbuh mati mbuh urip, bakal nuwuhake rasa giris ing atine Widaru lan rewang-rewange, temah gampang ditelukne sarana alus.
Kanthi pawadan kuwi Dhadhapsuwaru nuli matak ajine sing jeneng Saridahana, sakehing kekuwataning hawa murni ing awake diketog, disawijekne klawan kekuwataning geni ing ragane, sakala awake Dhadhapsuwaru marih mengangah abang kaya waja diobong ing patunoning pandhe. Telung ndhepa mubeng saka awake Dhadhapsuwaru dadi panas kaya panase mawa sambi sing diububi ing pandheyan. Godhong lan suket garing sing ana sacedhake Dhadhapsuwaru padha kobong merga dayane Aji Saridahana, sauntara suket-suket lan wit cilik-cilik uga padha alum dadakan.
"Matur nuwun Ki Widaru" kandhane Dhadhapsuwaru sawuse kasil ngecakne ajine "dene ndika wis ngelingne aku, aku sakancaku ora suwe maneh mesthi lunga saka papan kene, nanging sadurunge aku lunga luwih dhisik aku arep aweh pakurmatan marang Ki Molor utawa Ki Sima Loreng sing nyata sekti mandraguna kuwi, kanthi nuduhne dolananku sing arep tak cakne iki".
Widaru sing uga weruh yen Dhadhapsuwaru wis ngecakne aji Saridahana dhadhane krasa nratab. Widaru tau dikandhani gurune yen aji Saridahana sing asale saka Tanah Jawa sisih wetan sing wis arang diduweni wong kuwi, duwe kekuwatan sing banget nggegirisi. Aja maneh jamake janma manungsa, sanadyan watu item wae bisa kobong lan lebur dadi awu yen nganti kesenggol peranganing ragane wong sing ngecakne aji iki. Sakala Widaru ora bisa guneman aweh wangsulan marang Dhadhapsuwaru, saking gedhene rasa giris sing nggremeti jejantunge.
Beda maneh karo Sima Loreng sing uga wis ngerteni katiyasane aji sing dicakne mungsuhe, tumuli nata napase, munjerake kekuwataning hawa murnine menyang epek-epeke sing banjur diilekne marang sarandhuning awake kanggo ngayomi saka dayaning aji Saridahananing mungsuhe. Ya iki sing diarani Sungu Sakecu sing bisa nulak apa wae sing arep nyenggol peranganing awake. Sawise ngecakne aji Sungu Sakecu kanggo ngayomi ragane, Sima Loreng tumuli matak aji Panudinggunting, ya iku aji sing rupa jurus sekti sing dipunjerake marang kekuwataning driji panuding. Aji Panudinggunting iki minangka aji kanggo aweh serangan marang mungsuhe dene aji Sungu Sakecu kanggo namengi ragane saka serangane mungsuhe.
Sawuse yakin marang aji loro sing bareng dicakne kuwi, Sima Loreng tumuli guneman, aweh wangsulan marang Dhadhapsuwaru sing durung kober diwangsuli dening Widaru mau :
"Aja kesusu lunga Dhadhapsuwaru, aku kasengsem karo dolananmu sing nyata bisa aweh rasa anget ing tengahing hawa adhem ing wengi iki!".
"Iblis laknat kowe Molor" wangsulane Dhadhapsuwaru nggetak "ora ujar ora kaul, yen kowe kuwat nampani aji Saridahanaku, aku meguru marang bathangmu, keparat!".
Rampung wangsulan mangkono kuwi Dhadhapsuwaru tumuli mletik kaya Uler Kilan aweh serangan marang Sima Loreng klawan aji Saridahanane. Kaya manuk srikatan sing nyamber-nyamber walang sangit ing ara-ara, Sima Loreng mapagne serangane Dhadhapsuwaru kanthi raga sing wis ditamengi nganggo aji Sungu Sakecu. Sauntara mripate Sima Loreng awas nggone ngulat-ulati sawayah-wayah ana kalodhangan bakal ngecakne ajine Panudinggunting kanggo ngendhegne lakuning aji Saridahanane mungsuh.
Mangka ora suwe sabanjure papan kono kuwi dadi rame maneh, rame amarga perang tandhing antarane Sima Loreng lan Dhadhapsuwaru sing wis padha olehe ngecakne aji jaya kawijayane. Wong-wong sing mau padha ngupengi kalangan perang tandhing kuwi wis rada adoh olehe padha mundur jalaran ora kuwat nampani hawa panas saka dayane aji Saridahana. Sanajanta mangkono wong-wong mau, iya Widaru lan kabeh rewange sarta kanca-kancane Dhadhapsuwaru isih bisa kanthi cetha anggone nonton wong loro sing padha adu kadigdayan kuwi.
Dhadhapsuwaru sing wis kobong dening rasa kepengine engal-enggal bisa nglebur mungsuhe, sansaya suwe dadi sansaya nesu, jalaran kabeh serangane ora ana sing bisa nembus tameng Sungu Sakecune Sima Loreng. Sauntara nalika Dhadhapsuwaru ngajab bisa tatapan adu karosan, kanthi gampang Sima Loreng nggunakne surungan tenagane kanggo mapagne, temah dudu ragane Sima Loreng sing natap ragane Dhadhapsuwaru, nanging cukup angin banter sing ana ngarepe wae wis bisa nadhahi tatapane Dhadhapsuwaru.
Sauntara rembulan ing langit wis ngglewang mangulon, mratandhani yen wektu lingsir wengi wis tumeka, lan kuwi nuduhne yen wis rada suwe olehe wong loro ngunggar kasudiran kuwi anggone ngetog kekuwatane. Mula wis lumrah merga menang umur sing luwih enom, Sima Loreng isih durung susut tenagane, beda karo Dhadhapsuwaru sing sansaya suwe sansaya kendho tandange. Lan ing sawijining kalodhangan, Sima Loreng weruh yen dhadhane mungsuhe nadyan mung sakeplasan ora kaling-kalingan pager sing nutupi. Ora sranta driji panudinge Sima Loreng kanthi cepet kaya lepasing jemparing saka gendewa, lurus ngarah marang pernah jantunge mungsuhe. Dhadhapsuwaru kaget, ora ana kalodhangan kanggo nangkis maneh, klawan cepet Dhadhapsuwaru ngendhani, luput sudukan drijine Sima Loreng marang jantung, mleset sethithik ing antarane sambungan balung pundhak lan tangan tengene Dhadhapsuwaru kena sudukan drijine Sima Loreng. Dhadhapsuwaru kontal memburi watara limang jangkah, tiba golung koming ing lemah karo mbengok banter, balung salange wis pedhot kena sudukane Sima Loreng. Kang bareng karo kuwi, sakala dayaning aji Saridahana banjur ilang. Sauntara Dhadhapsuwaru isih kejet-kejet ana lemah.
Ora kaya mau, weruh Dhadhapsuwaru wis golung koming, Sima Loreng ora ngumbar, nanging malah nyedhaki karo sepisan maneh nyudukne drijine sing isih linapisan aji Panudinggunting menyang salange Dhadhapsuwaru sing sesisih liyane. Sepisan maneh Dhadhapsuwaru mbengok, banjur meneng semaput.
Weruh lelurahe wis bisa dikalahne dening mungsuhe, andhahane Dhadhapsuwaru kaget, ora sranta banjur arep padha mlayu. Nanging Sima Loreng luwih cepet obahe, tangane kumlawe ngirimne pupuhan angin menyang pang ing wit gedhe sing manggon ora adoh karo papane andhahane Dhadhapsuwaru, temah wong-wong sing arep mlayu kuwi banjur padha mandheg merga ana pang gedhe sing tumiba nyegati dalane.
"Kowe kabeh aja padha mlayu Kisanak" kandhane Sima Loreng banter marang wong-wong kuwi "kowe kabeh ora bakal tak katutne dosane Dhadhapsuwaru, wektu iki Lelurahmu iki isih urip, mung balung salang- loro-lorone wis pedhot kabeh, saiki gawanen bali menyang panggonanmu ben ditambani karo gurumu".
Andhahane Dhadhapsuwaru kuwi padha pating domblong, ora ngalih saka panggonane ngadeg. Banjur Sima Loreng bali guneman maneh karo suwara sing cetha :
"Nek kowe kabeh kepengin slamet, diage Lurahmu sing isih semaput iki gotongen, gawanen ngalih saka kene, sadurunge aku ngowahi gagasan banjur mateni Lurahmu lan kowe kabeh ana kene!".
Krungu omongane Sima Loreng sing gumleger banter kuwi, andhahane Dhadhapsuwaru lagi banjur padha obah nyedhaki Lurahe sing isih ngglethak semaput, banjur digotong setengah karo mlayu digawa lunga saka papan kono , kanthi ora guneman apa-apa.
Widaru lan rewang-rewange banjur alon-alonan nyedhaki Sima Loreng sing isih ngadeg karo nyawang tilase kanca-kancane Dhadhapsuwaru sing wis ora katon maneh kuwi.
"Sampun aman Ki Sodagar" kandhane Sima Loreng sawise ngerti nek dicedhaki Widaru karo rewang-rewange.
"Kula ngaturaken pakurmatan Ki Sima Loreng" wangsulane Widaru karo aweh kurmat "nyuwun pangapunten awit wutaning mripat kula ingkang boten ngertos menawi Ki Sima Loreng pranyata satriya linangkung".
"Boten napa-napa Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo mesem "mangga sami wangsul jagongan dhateng klasa mrika malih, kula kepengin mangsuli wedang jahe kula sing dhek wau dereng telas".
Karo muni ngono kuwi, Sima Loreng ndhisiki mlaku marani klasa sing dhek mau padha dilungguhi kanggo jagongan. Sima Loreng mapan lungguh banjur nyandhak cangkir bathok sing dhek mau ditinggal merga tekane Dhadhapsuwaru sakancane. Widaru lan para rewange uga banjur padha nusul, mapan lungguh neg klasa.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar