40.
Kahanan dadi sansaya sepi, saka kadohan keprungu suwarane manuk-manuk wengi sing tetembangan, ngajak geguyonan karo rembulan. Kala-kala diselani suwarane Asu ajak sing ngalup-alup sajak lagi sedhih atine jalaran pisah karo kanca-kancane. Sima Loreng banjur nggagas kepriye mungguh crita sing dialami gurune sawuse ditundhukne dening Kyai Bantarjati ? Gelem manut miturut karo pitututre apa isih luwih percaya karo Wong culika sing jejubah Resi sing jeneng Wresaya kuwi?. Kanthi tlaten lan sabar Sima Loreng ngenteni Widaru gelem nutugne critane. Sauntara kuwi Dhadhapsulasma wis bisa oleh dudutan yen sing digoleki lan arep dikancani ngupadi gurune sing lagi murca kuwi ora liya ya mung Sima Loreng kuwi.
"Salajengipun" Widaru banjur nutugne critane maneh "Ki Sima Abang nunten nembung badhe puruita miwah suwita dhateng Kyai Bantarangin, badhe ndherek satindakipun Kyai siswanipun Waliyullah Syekh Jumadil Kubra menika. Jalaran Ki Sima Abang nggadhahi panginten bilih ingkang saged mangsulaken piyambakipun dados manungsa malih menika inggih namung Kyai Bantarangin piyambak".
"Ki Sima Abang" makaten wangsulanipun Kyai Bantarangin nalika Ki Sima Abang ngaturaken anggenipun gadhah niyat badhe suwita dhateng panjenenganipun "temene aku iki manungsa lumrah sing ora duwe daya kekuwatan apa-apa, bisaku ya mung nenuwun marang Allah, merga mung Allah sing bisa mulihake ndika bali dadi manungsa maneh. Nanging aku oercaya yen panuwunku lan panyuwun ndika marang Allah iki, mesthi bakal dikabulake mbuh kapan wektune. Dadi nek ndika ngersakne arep melu aku, aku ya ora kabotan watone ndika bisa sabar lan tawakal marang Allah".
"Inggih Kyai" makaten anggenipun wangsulan Ki Sima Abang "saestu kula sampun pitados dhateng sedaya pangandika ndika lan kula badhe mbudidaya supados dados abdi ingkang setya dhateng ndika Sang Waliyullah".
"Dumugi mriki, cariyos lelampahanipun Ki Sima Abang ingkang kula tampi sampun telas" Widaru mungkasi critane "namung wonten dhawuh ingkang kula tampi saking Guru Kula, nenggih Kyai Bantarangin arupi kabar bilih estunipun ingkang nami Raden Sengkan menika taksih kapernah putranipun Pangeran Baribin".
"Raden Baribin menika sinten Ki Sodagar?" Dhadhapsulasma takon, merga Dhadhapsulasma sing wis tepung karo Raden Sengkan sing pranyata isih putrane Pangeran Baribin.
"Pangeran Baribin utawi Raden Baribin menika putra dalem Kangjeng Sinuhun Sri Brawijaya, dados Pangeran Baribin menika maksih kapernah ingkang uwa saking Sinuhun Kanjeng Sultan Trenggana ing Demak" wangsulane Widaru nggenahne sapa satemene Raden Baribin "lan ugi dhawuhipun Ki Gedhe Cupuwatu malih, sasampunipun Raden Sengkan kadhawuhan lelana ing Tanah Jawi dening Syekh Jumadil Kubra, Raden Sengkan lajeng salin asma sebutan Raden ingkang nedahaken bilih panjenenganipun menika taksih wonten sambetipun kalih Raja utawi Panguwaos dipun tilar lan dipun gantos mawi sebatan Kiyai ingkang lugunipun nggadhahi makna sebatan kangge tiyang jaler ingkang sampun diwasa. nami Sengkan kagantos mawi nami Bantarangin utawi Ki Bantarjati, menika minangka wujud asma kinarya japa, ingkang tegesipun Kyai Bantarjati sageda tansah lumampah ing salebeting gesangipun kangge nyebaraken agaminipun Kanjeng Nabi. Dados sepisan malih, estunipun ingkang dipun padosi Ki Sima Abang miwah Ki Gedhe Cupuwatu menika tiyang setunggal, inggih menika Raden Sengkan utawi Kyai Bantarjati".
Krungu katrangane Widaru sing keri dhewe ngono kuwi, Sima Loreng lan Dhadhapsulasma padha manthuk-manthuk. Ngrasa gawok sajroning atine.
"Inggih Ki Sodagar" Dhadhapsulasma banjur guneman sawuse Widaru meneng rada sauntara "kula kinten, leres kados ingkang ndika dhawuhaken ing ngajeng, sanaosa crita ingkang ndika dhawuhaken kala wau estunipun sambetipun cariyos kagem Ki Sima Loreng, nanging sampun nyakup kaliyan cariyos ingkang kula betahaken lan kula ugi sampun angsal dudutan bilih ingkang kula padosi menika boten sanes inggih namung Ki Sima Loreng ingkang nembe madosi murcanipun Ki Sima Abang inggih gurunipun".
Dhadhapsulasma meneng sedhela banjur genti kandha marang Sima Loreng :
"Sakniki kula matur saha nyuwun dhateng ndika Ki Sima Loreng, mugi wonten rilaning manah kula badhe ndherek ngancani ndika salebeting madosi Guru nDika inggih Ki Sima Abang menika. Kados pundi?".
"Manawi niku ingkang dados kersa ndika, Ki Dhadhapsulasma" wangsulane Sima Loreng "kula estu matur nuwun. Namung kula taksih badhe matur lan pitaken malih dhateng Ki Sodagar".
"Badhe mundhut menapa bab menapa malih Ki Sima Loreng ?" Widaru genti sing takon marang Sima Loreng.
"Sampun cetha bilih Guru kula inggih Ki Sima Abang menika samangke sampun kenging dipun wastani dados siswanipun utawi abdinipun Kyai Bantarjati utawi Raden Sengkan, lajeng samangke Kyai Bantarjati menika ndhedhepok wonten pundi? utawi ambok bilih menawi Ki Sodagar dereng pana ing pundi dununging Padhepokanipun Kyai Bantarjati, tartamtu Ki Gedhe Cupuwatu ingkang pirsa?" Sima Loreng ngandhakne pitakone.
"Ingkang dipun tangkletaken Ki Sima Loreng menika sampun trep Ki Sodagar" Dhadhapsulasma ngimbuhi pitakone Sima Loreng "jalaran, papan ingkang kula ngertosi minangka panggenanipun Kyai Bantarjati utawi Raden Sengkan menika sampun dangu suwung".
"Bares kemawon Ki Sima Loreng saha ndika Ki Dhadhapsulasma" wangsulane Widaru ngati-ati "kula mila dereng nate kepanggih kalih Raden Sengkan utawi Kyai Bantarjati menika, sedaya ingkang kula aturaken ing cariyos kula kala wau namung saking dhawuh ingkang kula tampi saking Guru Ki Gedhe Cupuwatu".
"Manawi makaten, kula kedah sowan dhateng Ki Gedhe Cupuwatu Ki Sodagar" kandhane Sima Loreng sabanjure "jalaran namung Ki Gedhe Cupuwatu ingkang saged nuntun lampah kula murih kula saged kepanggih kalih Guru kula nenggih Ki Sima Abang".
"Leres menika Ki Sima Loreng" Dhadhapsulasma mbumboni kandhane Sima Loreng "menika langkung prayogi, awakipun piyambak kedah enggal daya-daya lumawat dhateng paguron Cupuwatu ingkang mapanipun wonten saler wetanipun wana Mentaok menika".
"Menika boten perlu Kisanak Sima Loreng lan ndika Ki Dhadhapsulasma" wangsulane Widaru karo mesem "jalaran kajawi ndika mangke menawi sampun dumugi Paguron ing ler wetanipun Wana Mentaok menika boten badhe kepanggih kalih Guru kula, jalaran Ki Gedhe Cupuwatu wekdal menika ugi nembe ngumbara dakwah nyebaraken piwucaling agami suci ingkang dereng kantenan pundi papanipun, ugi kula taksih nyimpen weling saking Guru ingkang dereng kula aturaken dhateng Ki Sima Loreng".
"Weling menapa menika Ki Sodagar?" Sima Loreng takon.
"Sambetipun cariyois miwah kabar ingkang kula tampi saking Guru menika kala wau, kula ugi dipun weling bilih sawanci-wanci kula kepanggih kalih siswanipun Ki Sima Abang ingkang madosi gurunipun, supados kula tedahi marginipun kangge saged kepanggih kalih Ki Sima Abang, namung kemawon marginipun ingkang kedah dipun liwati menika rumpil gawat lan wingit.......".
"Margi ingkang pundi menika Ki Sodagar?" durung nganti Widaru rampung guneman kesusu ditigas nganggo pitakonan dening Sima Loreng.
"Margi ingkang kedah dipun langkungi inggih menika kedah nurut minggah lepen ageng utawi benawi Uluayu ingkang samangke wujud alas bebondhotan kathah kewan galak lan mawa wisa ingkang manggen ing mriku, sasampunipun ngliwati margi ingkang kebak bebaya menika mangke badhe kepanggih papan ingkang namung wujud gegrumbulan, inggih ing sakiwa tengenipun gegrumbulan kasebat Ki Sima Abang ingkang wujud Sima ageng utawi Macan gembong, mapan. Pramila siswanipun Ki Sima Abang ingkang nglari gurunipun menika kapurih kendel lan mbabad wana, yasa padhukuhan ing ngriku" wangsulane Widaru .
"Kula boten badhe wawang nempuh margi menika Ki Sodagar, sanadyan kedah pejah pisan kula boten badhe getun inggih awit saking kepengining manah kula saged kepanggih kalih Guru kula ingkang murca" wangsulane Sima Loreng manteb.
"Salajengipun Ki Sima Loreng" Widaru nutugne kandhane "ngendikanipun Ki Gedhe Cupuwatu, siswanipun Ki Sima Abang menika badhe manggih kalih prakawis ingkang sami-sami anggenipun boten ngremenaken, ingkang badhe kalampahan salah satunggal".
"Kalih perkawis menika wujudipun menapa Ki Sodagar?" Sima Loreng takon, sajroning atine ora wedi karo perkara sing jare padha olehe ora nyenengake kuwi mau.
"Macan Gembong ingkang estunipun kedadosan saking Ki Sima Abang menika, sanadyan sampun kathah sudanipun nanging kala-kala taksih thukul sipating macan ingkang dhemen mangsa daginging tiang. Perkawis kapisan, menawi siswanipun ki Sima Abang menika kepanggih gurunipun ingkang nedheng nggadhuh sipating macan, tartamtu badhe dipun tubruk lan katadhah minangka mangsa, dados menawi boten saged ngasoraken Macan Gembong menika mangke, tartamtu inggih badhe pejah tanpa gina. Dene perkawis ingkang angka kalih, menawi siswanipun Ki Sima Abang kepanggih kalih gurunipun menika nedhengipun Ki Sima Abang boten nembe nggadhuh sipating macan, siswa kala wau badhe kasawaban walating tigan gunung, duka rupining walat".
"Terang dhawuh pangandikaning Guru ndika menika Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng manteb "badhea kados menapa awratipun kula panggah badhe bidhal madosi Guru kula menika".
Wengine wis meh ganti rahina, hawane dadi sansaya adhem. Wong telu sing lagi jejagongan kuwi banjur padha meneng bareng. Pikirane padha ngumbara dhewe-dhewe, embuh parane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar