Total Tayangan Halaman

Selasa, 04 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (039)

 


39.

Sidane anggone leren Widaru lan para rewange diterusne nginep neng papan kono. Para rewange Widaru nuli padha nyepak-nyepakne kanggo mangan bengi kuwi, nata papan kanggo leren lan andum gawe kanggo njaga barang-barang dagangane sarta Sapi lan jaran saka gangguwane kewan galak sing sok saba tekan kono.  Bedhiyange wiwit sore wis dicawisne, ora mung kayu cilik-cilik sing padha diobong, nanging uga kayu sing gedhe-gedhe sing padha garing, diangkah olehe yasa bedhiyang kuwi kuwat nganti tekan sesuk-esuk, ora kentekan urup-urup.

 

Sawuse nindakne kuwajiban sembahyang magrib, lan wis padha rampung anggone padha ngisi weteng. Widaru lungguh neng klasa sing digelar ora adoh saka bedhiyang diadhep Sima Loreng karo Dhadhapsulasma, menungsa sing wis ora duwe wewayangan, nanging sing mangkono kuwi mau ora ana sing migatekake kajaba Widaru karo Sima Loreng. Wong loro kuwi dadi luwih percaya yen Dgadhapsulasma bener-bener kaya sing dicritakne yen dheweke kuwi menungsa sing wis salah kedaden dadi setengah menungsa setengah prayangan.

 

"Estunipun" Widaru miwiti crita marang Sima Loreng lan Dhadhapsulasma sing lungguh ana ngarepe, sauntara ora adoh saka kono rewang-rewange uga padha jagongan dhewe-dhewe "kula niki taksih badhe nglajengaken cariyos kula dhateng Kisanak Sima Loreng, ingkang kapunggel jalaran kala wau siang kepanggih kalih Ki Dhadhapsulasma".

 

"Inggih dipun lajengaken rumiyin kemawon cariyos dhateng Ki Sima Loreng Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsulasma, mangke menawi sampun rampung gentos cariyos dhateng kula".

 

"Inggih Ki Dhadhapsulasma" wangsulane Widaru karo mesem "nanging, mbok menawi cariyos kula dhateng ndika lan cariyos kula dhateng Kisanak Sima Loreng menika mangke saged dipun rangkep".

 

"Liripun kados pundi Ki Sodagar?" Sima Loreng genti sing takon.

 

"Inggih jalaran criyos kula mangke wonten gandheng rapete kalih criyos ingkang mbok menawi dipun betahaken dening Ki Dhadhapsulasma" wangsulane Widaru.

 

"Inggih mangga dipun lajengaken anggenipun crita Ki Sodagar"

 

"Sasampunipun Ki Gedhe Cupuwatu pepisahan kalih Ki Sima Abang" Widaru nutugne olehe crita "Ki Sima Abang nglajengaken anggenipun tapa ngrame kanthi paring pitulungan dhateng para bakul ingkang dipun ganggu dening para Begal, ugi asung pitulungan dhateng sok sintena ingkang nembe nandhang kesrakat utawi kaaniaya dening tiyang ingkang nggadhahi panguwasa utawi nggadhahi kanuragan ingkang kangge nindhes sesamining tiyang".

 

"Nuwun sewu Ki Sodagar" Dhadhapsulasma nyelani takon "Ki Gedhe Cupuwatu kalih Ki Sima Abang menika sinten?".

 

"Ki Gedhe Cupuwatu menika guru kula, Ki Dhadhapsulasma" wangsulane Widaru "menawi Ki Sima Abang menika gurunipun Ki Sima Loreng"

 

"Inggih, inggih Ki, mangga dipun lajengaken cariyosipun" wangsulane Dhadhapsulasma.

 

"Lha, nalika Ki Sima Abang nindakaken tapa ngrame menika kepanggih kalih Resi Wresaya, ingkang api-api nembe nandhang kaluwen lan kasatan ing margi catur" Widaru nutugne olehe crita "Ki Sima Abang ingkang satuhu tiyang jujur ingkang sakalangkung ajrih lan kurmat dhateng para Wiku, Brahmana miwah Ngulama, dupi sumerep wonten Resi ingkang mbetahaken pitulungan nunten dipun tulungi. Resi Wresaya ingkang ketingalipun sampun sekarat jalaran kaliren lan kasatan menika dipun dulang lan dipun ombeni dening Ki Sima Abang, sasampunipun lajeng dipun gendhong dipun teraken wangsul ing padhepokanipun".

 

"Padhepokanipun Resi Wresaya ingkang samangke menika Ki Sodagar?" Dhadhapsulasma nyela takon.

 

"Inggih Ki" wangsulane Widaru "inggih ing padhepokan ingkang mapanipun boten rebih kalih bengawan tempur menika".

 

"Inggih Ki Sodagar" Sima Loreng genti sing semaur "salajengipun kados pundi?".

 

"Sareng sampun dumugi ing padhepokanipun" Widaru nutugne critane "Resi Wresaya ingkang memengsahan kaliyan Ki Bantarangin nanging tansah kasoran lajeng maeka Ki Sima Abang, Ki Sima Abang badhe kadadosaken alat kinarya mejahi Ki Bantarangin ingkang nalika samanten nembe nindakaken dakwah nyebaraken agami Rasul ing laladan radi tebih sakilenipun Lepen Sawur".

 

"Lha Ki Sima Abang menapa kersa Ki dipun sraya dening Resi Wresaya makaten menika? criyosipun Ki Sima Abang menika sakalangkung ngaosi dhateng Ngulama?" Sima Loreng nyela wuwus.

 

"Sampun kula aturaken ing ngajeng, bilih Resi gadhungan ingkang nami Wresaya menika sakalangkung julik. KI Sima Abang dipun sukani tigan gunung minangka gantosing raos panuwun awit sampun nulungi piyambakipun, Tigan Gunung menika nggadhahi kasiyat sok sintena ingkang nedha mangka badhe nggadhahi kekiyatan lan kaseksten ingkang sakalangkung ageng, menika mila kepara nyata tiyang tigan gunung menika tigan yasanipun dhedhemit saking wana Lodhaya. Nanging Resi gadhungan pun Wresaya menika boten bares menawi sok sintena nedha Tigan gunung menika badhe salin wujud lan ical sipat kamanungsanipun, dados inggih meh sami kalih lelampahanipun Ki Dhadhapsulasma sasampunipun necep ngelmi panglimunan saking Resi Wresaya nika".

 

"Lan Guru lajeng purun nedha Tigan Gunung menika Ki Sodagar?" Sima Loreng takon maneh.

 

"Inggih kersa Ki Sima Loreng, lha tiyang ingkang maringi menika satunggaling Resi, Ki Sima Abang inggih lajeng pitados ngaten kemawon" wangsulane Widaru "lha sareng sampun nedha Tigan Gunung menika, Ki Sima Abang sakala nampi walat saking Gusti, jalaran Tigan Gunung menika dede tedhanipun tiyang, nanging tetedhanipun para dhedhemit. Ki Sima Abang ical sipat kamunungsanipun nunten wujud Sima brekasakan ingkang agengipun salembu benthung".

 

"Dados Sima ageng ingkang setengah siluman ngaten Ki Sodagar?" Dhadhapsulasma genti sing takon.

 

"Inggih Ki" wangsulane Widaru "lan sipat-sipatipun inggih dados sipating sima, ingkang dhemen mangsa kewan utawi manungsa. Pramila ing sisa-sisaning sipat kamanungsanipun ingkang taksih wonten, Ki Sima Abang sakalangkung getun lan keduwung, nunten nyuwun tulung dhateng Resi Wresaya murih dipun ruwat sageda wangsul kados wingi uni. Lha ing mriki Resi Wresaya nglampahaken Kartisampeka kangge mejahi Kyai Bantarangin mawi gaman Ki Sima Abang ingkang sampun wujud Sima siluman".

 

"Caranipun kados pundi Ki Sodagar?" Sima Loreng  takon.

 

"Kados ingkang katindakaken Resi Wresaya ingkang ngapusi Ki Dhadhapsulasma" wangsulane Widaru "Ki Sima Abang dipun criyosi bilih piyambakipun saged wangsul pulih dados manungsa limrah menawi sampun nedha jantung miwah jerohanipun Kyai Bantarangin. Ki Sima Abang lajeng bidhal mangilen madosi Kyai Bantarangin saperlu badhe dipun pejahi lan dipun tedha jantung miwah jerohanipun".

 

"Iblis laknat tenan si Wresaya" ora krasa Sima Loreng nggereng karo misuh atine panas merga krungu kabar sing ngandhakne nek Gurune wis dipaeka kanthi licik dening Resi Wresaya.

 

"Sabar ki Sima Loreng......" Widaru guneman aweh tutur marang Sima Loreng "criyos kula dereng rampung".

 

"Inggih Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo nggeget untune "ngemuti menawi Kyai Bantarangin menika Waliyullah muridipun Syekh Jumadil Kubra, rak saged dipun bedhek bilih Guru lajeng nampi walat malih saking Allah jalaran nedya tumindak nistha dhateng Kyai Bantarangin menika, Ki Sodagar?".

 

"Dereng kantenan Ki Sima Loreng" Dhadhapsulasma melu udhu rembug "saged ugi awit Kyai Bantarangin menika ngendikanipun ndika taksih siswanipun Waliyullah Syekh Jumadil Kubra, malah Ki Sima Abang lajeng dipun tambani kados anggenipun Raden Sengkan paring jampi dhateng kula nika?".

 

"Mangke rumiyin Kisanak Sima Loreng lan Kisanak Dhadhapsulasma, criyos kula niki taksih wonten sambetipun, dados dereng rampung" Widaru nyelani olehe padha rembugan antarane Sima Loreng karo Dhadhapsulasma .

 

"Inggih Ki Sodagar" Sima Loreng semaur "nyuwun pangapunten, mangga dipun lajengaken cariyosipun, badhea kados menapa kula estu badhe males lara wirangipun Guru kula Ki Sima Abang dhateng Resi Gadhungan Wresaya menika".

 

"Inggih, inggih Ki Sima Loreng" Widaru ngenaki rembug "samangke badhe kula lajengaken criyos kula".

 

"Inggih, mangga Ki Sodagar".

 

"Kados ingkang sampun ndika badhe kala wau, sasampunipun Ki Sima Abang ingkang awujud sima menika kepanggih kalih Kyai Bantarangin inggih lajeng dados pancakara. Nanging Ki Sima Abang ingkang nggadhahi kasekten bebasan sampun nyundhul langit menika pranyata boten saged ngasoraken kadibyanipun Kyai Bantarangin. Sami kalih lelampahanipun Ki Dhadhapsulasma ingkang badhe mendhet lan nedha limpanipun Raden Sengkan, Ki Sima Abang sasampunipun dipun lumpuhaken dening Kyai Bantarangin nunten dipun jarwani bab culikanipun Resi Gadhungan Wresaya. Ugi dipun wejang menawi Ki Sima Abang ngersakaken pulih wangsul dados manungsa malih, srananipun namung mertobat lan nyuwun pangapunten dhateng Allah sarta ngathah-ngathaken tumindak sae sarta ngagengaken raos sabar".

 

"Dados Guru kula wekdal menika taksih sugeng Ki Sodagar? Lajeng samangke manggenipun dhateng pundi?" Sima Loreng takon maneh, jroning atine ana rasa seneng dene gurune durung tekan pati.

 

"Kula kinten taksih sugeng Ki Sima Loreng" wangsulane Widaru alon "criyos kula menika dereng rampung lho".

 

Muni ngono kuwi Widaru karo nyandhak teko isi wedang jahe, banjur diiling neng cangkir bathok ing ngarepe sing wis kothong. Sauntara angin saka kidul wetan sumribit nggawa rasa adhem sing nembus tekan balung. Rembulan neng langit katon nyunarake cahyane sing lembut, kaya-kaya melu kasengsem ngrungokne olehe jejagongan wong telu kuwi.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...