38.
Dhadhapsulasma leren sedhela anggone crita, praupane katon suntrut, embuh apa sing dirasakne. Sima Loreng apa dene Widaru ngira menawa wae Dhadhapsulasma bali ngrasakne laraning awake jaman tangan lan sikile kebanda kenceng merga dheweke wis nyelaki karo janjine lan olehe tobat jebul ethok-ethok sarta isih duwe rasa kepengin mateni Raden Sengkan lan njupuk limpane arep dienggo jamu. Bareng wis bola-bali unjal ambegan landhung, Dhadhapsulasma banjur nutugne anggone crita :
"Sasampunipun radi dangu kula bengok-bengok sambat awit ngraosaken perih lan sakit, Raden Sengkan miyos saking sanggaripun, sarwi ngendika alon :
"Kowe kuwi pancen ora pantes dadi menungsa, ing ngarep kowe wis kandha nek wis tobat marang Allah awit saka bodhomu, lan wis luwar saka bandan, nanging jebul kowe malah duwe niyat arep ngapusi aku lan ngapusi Allah, ya mangkono kuwi lekase wong bodho, awit satemene ora kowe ngapusi Allah utawa ngapusi aku, nanging kowe wis ngapusi atimu dhewe. Saiki kowe sambat-sambat kapok, sepisan maneh aku kandha mbok gugu sokur ora mbok gugu ya sakarepmu, yen sambatmu kapok-kapok kuwi tumus tekan ing ati suci mangka Allah mesthi paling pangapura marang kowe, kosok baline yen kowe isih dhemen ngapusi atimu dhewe mangka siksa sing bakal mbok rasakne tuhu luwih lara maneh".
"Estu Raden, kula tobat saestu, menawi tobat kula menika namung lelamisan mugi kula lumpuh salaminipun ing papan mriki" kula lajeng matur nyuwun pangapunten dhateng Raden Sengkan.
"Yen ndika pancen tobat tenanan, aja ndika kandhakne marang aku, nanging munjuka marang Allah sing Maha Asih" Raden Sengkan paring wangsulan. Kula inggih lajeng nyuwun pangapunten dhateng Gusti lan boten badhe angambali malih lekas kula ingkang boten leres menika kala wau. Kados kala wau, sasampunipun kula mertobat dhateng Allah, tangsul ingkang njiret lan ngiket tangan saha suku kula lajeng udhar, ical saking pandulu. Kula wangsul luwar saking panandhang malih. Kula sakalangkung ngaturaken panuwun dhumateng Raden Sengkan ing salebeting manah sampun boten wonten kepenginan badhe anyidrani dhateng panjenenganipun malih".
Dhadhapsulasma banjur leren maneh olehe crita.
"Lha sasampunipun ndika luwar saking bandan, lajeng menapa ingkang ndika tindakne?" Widaru takon.
"Kula lajeng matur dhateng Raden Sengkan bilih kula badhe suwita dadosa siswan dhateng panjenenganipun, jalaran kula pitados bilih kanthi suwita dhateng Raden Sengkan, kula badhe kaparingan tamba murih saged wangsul dados manungsa limrah malih" wangsulane Dhadhapsulasma "nanging Raden Sengkan paring dhawuh bilih panjenenganipun menika namung saged mucal muruk ing babagan agami ingkang dipun rasuk, kula lajeng nyuwun supados katuntun murih saged ngrasuk agami ingkang dipun agem dening Raden Sengkan, nenggih agami Rasul. Sasampunipun kula kaislamaken dening Raden Sengkan, nunten kadhawuhan mapan ing pondhokipun sarta kadhawuhan bilih anggen kula saged wangsul dados manungsa limrah menika mbetahaken wekdal ingkang radi dangu, nanging saderengipun kula badhe kausadanan murih kula saged dados setengah menungsa limrah setengah dados prayangan rumiyin, ingkang saged sesambetan kaliyan para dhemit ugi saged sesambetan kalih para manungsa. Benjing menawi sampun wonten lelampahan putreng nata minggat ngumbara Gusti Allah badhe paring nugraha waras dhateng kula".
"Lha sambetipun kaliyan anggen ndika manggihi Ki Sodagar lan kula wonten mriki niku menapa?" Sima Loreng genti sing takon.
"Oo, menika makaten Ki Sima Loreng" wangsulane Dhadhapsulasama "sasampunipun kula dados pandherekipun Raden Sengkan, kula kadhawuhan malih supados nenggani pondhokipun ingkang namung wujud kajeng ageng ingkang growong, awit Raden Sengkan badhe nindakaken dakwah nyebaraken agami lan wiwit menika sesambetan kula kalih Raden Sengkan namung liwat sasmitaning batin, liripun Raden Sengkan badhe paring dhawuh menapa kemawon inggih cekap mawi lelantaran sasmitaning batin, boten kanthi aben ajeng kados kula kaliyan ndika kekalih menika".
"Ingkang dipun kajengaken Ki Sima Loreng menika sambetipun anggen ndika manggihi kula menika lho Ki Dhadhapsulasma!" Widaru ngelingne kancane omong kuwi .
"Sekedhap Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsulasma "sambeting crita kula makaten, antawis tigang wulan kapengker kula nampi sasmita batin saking Raden Sengkan murih ngancani lampahipun pawongan ingkang ngumbara saking wetan, pawongan menika ngumbara awit madosi Gurunipun ingkang wekdal menika nembe kenging walating Gusti jalaran kapaeka dening Resi Wresaya inggih tilas guru kula duk ing uni, dene marginipun kula kadhawuhan leledhang ing laladan sauruting Bengawan saking papan tempuring bengawan kalih minggah mangilen inggih ing sakiwa tengening papan menika. Kangge manggihaken pawongan ingkang dipun kersakaken dening Raden Sengkan menika, kula kadhawuhan murih suka pambiyantu menawi dipun betahaken dening tiyang ingkang badhe kapaeka dening Resi Wresaya lan siswa-siswanipun. Kala wingi siang, nalika kula mlampah ing satunggaling peken kanthi lampah prayangan kula sumerep Ki Sima Loreng nembe dipun incim dening adhi kula inggih Dhadhapsuwaru jalaran Ki Sima Loreng murungaken anggenipun badhe suwita lan puruita dhateng Resi Wresaya. Kula lajeng memanuki lampahipun Ki Sima Loreng mawi lampah prayangan temah Ki Sima Loreng boten pirsa menawi kula tutaken. Ngantos wontening kedadosan kala dalu Ki Sima Loreng ingkang badhe kapaeka dening adhi kula nanging saged unggul ing yuda. Awit saking menika kula nyuwun tulung dhumateng Ki Sima Loreng kersaa sajarwa dhateng kula, menapa ndika paraga ingkang kula padosi lan badhe kula kancani menika menapa dede?"
Dhadhapsulasma banjur leren olehe guneman, ngenteni wangsulane Sima Loreng. Nanging Sima Loreng ora enggal wangsulan jalaran uga lagi nggagas bener utawa goroh kabeh sing dicritakne dening Dhadhapsulasma ngono kuwi. Sima Loreng duwe rasa tidha-tidha, kuwatir yen nganti dheweke kapusan dening apus kramane mungsuh.
"Waleh-waleh menapa Ki Sodagar lan Ki Sima Loreng" sawuse rada sauntara Sima Loreng ora wangsulan Dhadhapsulasma banjur kandha maneh "badhea kados menapa Dhadhapsuwaru menika inggih taksih sedherek kula, kenging dipun paribasakaken kula saged tega larane nanging boten badhe tega kalih patine, pramila nalika kula sumerep kadang kula menika rubuh, kula kuwatos menawi piyambakipun ngantos pejah, kamangka kula kepengin saderngipun pejah sageda mertobat dhateng Allah langkung rumiyin, pramila sareng adhi kula dipun gotong wangsul dening andhahanipun, kula inggih lajeng ngetutaken kanthi sesidheman, pranyata adhi kula boten pejah lan miturut tata gelar taksih saged dipun tambani dening gurunipun, pramila kula lajeng nusul tindak ndika kekalih inggih sarana sesidheman ngmbah marginipun para prayangan".
Krungu kandhane Dhadhapsulasma sing mangkono iku sarta sawuse nggagas sing rada dawa, Sima Loreng banjur duwe dudutan yen luwih becik prasaja wae marang Dhadhapsulama, sapa ngerti dheweke enggal bisa kapethuk Ki Sima Abang. Dene saupama Dhadhapsulama iki jebul mungsuh sing lagi mbidhung api rowang, mangka Sima Abang ora wedi ngadhepi sranane mung nganggo laku nggedhekne ing reh pangati-ati. Nanging, wis ping pindho iki Sima Loreng krungu kabar yen Gurune, ya Ki Sima Abang wis dipaeka dening Resi Wresaya, sing sepisan kabar kuwi saka Widaru sing dienteni tutuging critane, sing kaping pindho saka Dhadhapsulasma sing lagi wae olehe ngandhakne, yen nggoleki paraga sing lagi nggoleki gurune, kamangka guru sing digoleki kuwi lagi kena walat merga kapaeka dening Resi Wresaya. Banjur apa wujuding paeka sing ditampa dening Sima Abang?".
"Mangke rumiyin Ki Dhadhapsulasma" Sima Loreng banjur takon "gurunipun paraga ingkang ndika padosi lan badhe ndika kancani niku sinten? lan samangke wujud walating Gusti menika kados pundi? sarta mapanipun dhateng pundi?".
"Blaka suta kemawon Ki Sima Loreng" wangsulane Dhadhapsulasma alon "asmanipun pawongan ingkang kula padosi menika sinten kula dereng ngertos, asmaning gurune ingkang dipun padosi menika sinten, kula inggih dereng sumerep, wujuding walat babar pisan kula ugi boten ngertos, mapanipun? tartamtu kula inggih dereng ngertos. Awit saking menika sedaya, kula nunten nyuwun pirsa dhateng ndika menapa ndika menika nembe madosi Guru ndika? menawi leres, kaparenga kula ngancani lampah ndika anggen ndika ngupadi murcanipun Guru ndika kala wau, nanging menawi ndika boten marengaken kula panggah badhe nekad ngancani salampah ndika namung kemawon inggih mawi lampahing para prayangan".
Sima Loreng ora enggal wangsulan malah banjur njawil lan nyawang praupane Widaru, njaluk tetimbangan. Widaru sing satemene wis percaya karo sing dikandhakne Dhadhapsulasma, merga Widaru nate nampa dedongengan saka gurune yaiku Kyai Purwahana, banjur ngedhepi Sima Loreng, aweh sasmita yen dheweke arep aweh wangsulan marang Dhadhapsulasma. Sima Loreng uga banjur manthuk ngiyani.
"Nuwun sewu Ki Dhadhapsulasma" Widaru banjur guneman karo nyawang Dhadhapsulasma "kula ingkang gentos badhe crita, liding crita mangke mbok menawi saged ndika pendhet minangka dudutan, menapa Kisanak Sima Loreng menika paraga ingkang nembe ndika padosi menapa sanes, saged kasumerepan sasampunipun ndika mendhet dudutan saking crita kula mangke".
Dhadhapsulasma katon padhang praupane, sajake mathuk karo sing lagi wae dikandhakne dening Widaru. Sauntara iku, jebul lakune srengenge wis adoh oleh ngudhuni cakrawala sisih kulon, sedhela maneh arep ambles umpetan kaya-kaya wedi merga dioyak klawan tenane wengi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar