37.
Sima Loreng tansah ngulati kabeh sing ditindakne Widaru, wiwit olehe sesuci nganti rampung olehe nindakne sembahyang, samono uga Dhadhapsulasma sing lungguh neng ngisor wit waringin sacedhake Widaru nggelar serban kanggo lemek nggone sujud. Sawise rampung nindakne sembahyang jamak kosor luhur lan ngasar dadi sawektu, Widaru nyedhaki Dhadhapsulasma lan mapan lungguh ing sandhinge.
"Kok radi benten kalih ingkang kula ngertosi Ki Sodagar anggen ndika nindakne sembahyang?" lagi wae Widaru mapan lungguh wis dipapag nganggo pitakonan dening Dhadhapsulasma. Sima Loreng sing durung ngerti sing dikarepne Dhadhapsulasma mung meneng, batine nggagas lan ngira yen sedulure Dhadhapsuwaru iki wis ngrasuk agama sing padha karo sing dirasuk dening Sodagar Widaru.
"Bentene mapan wonten pundi Ki Dhadhapsulasma?" Widaru sing mangsuli nganggo pitakonan.
"Miturut piwucal ingkang kula tampi, sembahyang luhur menika jumenengipun kaping sekawan, salamipun kaping kalih, niku wau kula tingali Ki Sodagar jumeneng kaping sekawan, salamipun ugi kaping sekawan, menika cethanipun kados pundi Ki Sodagar?" Dhadhapsulasma nggenahne pitakone.
"Ooo, menika ta Ki?" Sodagar Widaru wangsulan karo mesem amba "mila leres, sembahyang luhur menika ingkang leres mila inggih kados ingkang ndika ngendikakne niku. Nanging ing salebeting kekesahan, dipun wenangaken ngringkes lan ngempalaken sembahyang luhur kaliyan ngasar. Dipun ringkes kalih-kalihipun ingkang suwaunipun sekawan rekangat dados kalih rekangat, dipun kempalaken ing wanci ingkang satunggal, saged ing wanci luhur ugi saged ing wanci ngasar. Menika piwucal ingkang kula tampi saking guru kula nenggih Kyai Purwahana".
"Inggih, inggih Ki Sodagar kula nate mireng ugi bab menika" wangsulane Dhadhapsulasma karo manthuk-manthuk sajak lega.
"Nuwun sewu Ki Sodagar" dumadakan Sima Loreng melu nrambul gunem .
"Inggih Kisanak Sima Loreng, wonten dhawuh ?" pitakone Widaru karo nyawang Sima Loreng.
"Menapa menawi benjing menawi sampun rampung anggen kula ngayahi kuwajiban menika, Ki Sodagar kersa ngeteraken kula sowan dhateng Kyai Purwahana, guru ndika menika? Estu kula kepengin sanget ngrasuk agami ingkang sami kalih agami ndika kekalih menika" wangsulane Sima Loreng .
"O inggih, inggih Kisanak Sima Loreng, sampun kuwatos kula badhe kanthi remening manah badhe ndherekne Ki Sima Loreng, malah menawi Ki Sima Loreng ngersakaken dinten menika ugi ngrasuk agami Islam, kula miwah Ki Dhadhapsulasma mesthinipun ugi saged nuntuni, dene sampurnanipun mangke menawi sampun kepanggih kalih Ngulama ingkang langkung pana ing babagan menika".
Cekake wong ndongeng, dina iku uga Sima Loreng wis mlebu agama Islam, kanthi maca kalimah sahadat, dituntuni dening Widaru lan disekseni dening Dhadhapsulasma. Bareng Sima Loreng wis rampung ngucapne Sahadat, Dhadhapsulasma kandha nek arep nggenahne sedyane olehe nemoni Sodagar Widaru karo Sima Loreng ing papan kono kuwi.
"Inggih kados pundi cethanipun Ki Dhadhapsulasma?" Widaru nanggapi kandhane Dhadhapsulasma.
"Inggih Ki" wangsulane Dhadhapsulasma "estunipun kula menika kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng yen kula menika sedherekipun sepuh adhi kula Dhadhapsuwaru. Kula anak mbarep lan Dhadhapsuwaru menika anak nomer kalih welas, dados umur kula kalih Dhadhapsuwaru menika radi tebih kaotipun".
"Ooo, makaten ?".
"Inggih Ki, salajengipun" Dhadhapsulasma nutugne critane "suwaunipun kula menika inggih siswanipun Resi Wresaya, jalaran rikala samanten kula kepengin dados tiyang ingkang boten saged dipun kawonaken dening sinten kemawon mila dening Resi Wresaya kula dipun paringi aji panglemunan, pranyata aji kala wau dede aji ingkang leres, sinten ingkang nglampahi lakoning aji menika estu saged ngilang, nanging kangge selawase jalaran lajeng manjing dhateng alaming para lelembat lan boten saged wangsul dhateng alam ingkang kasat mripat malih. Kasaranipun sasampunipun kaparingan aji menika kala wau, kula lajeng dados prayangan kangge salami-laminipun".
"Nanging nyatanipun ndika sak niki boten kados prayangan malih ngaten lho Ki?" Widaru takon semu gumun karo sing dikandhakne Dhadhapsulasma ngono kuwi mau.
"Mangke rumiyin, kula tutugne riyin anggen kula criyos Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsulama karo mesem amba.
"Inggih, mangga" Widaru aweh wangsulan.
"Sareng kula boten saged wangsul dhateng alam ingkang kasat mripat, inggih alamipun para manungsa limrah menika lan sagedipun sesambetan kalih menungsa inggih namung kalih Resi Wresaya piyambak, kula lajeng nyuwun tulung murih kula kawangsulna dados manungsa limrah malih. Nanging Resi Wresaya criyos, menawi sampun boten saged mangsulaken kula dhateng alam limrah, kajawi menawi kula saged manggihaken jampinipun, menawi saged manggihaken jampinipun kula badhe gesang langgeng sami kaliyan bumi langit saisinipun, kula saged dados menungsa limrah ingkang manggen ing jagad ingkang kasat mripat lan saged gesang ing alaming lelembat".
"Lajeng jampinipun menika wujud menapa Ki Dhadhapsulasma? Mesthinipun ndika sampun manggihaken ketitik dinten menika saged manggihi kula kalih Ki Sodagar ing mriki menika?" Sima Loreng genti sing nyela rembug.
"Criyosipun Resi Wresaya dhateng kula" Dhadhapsulasma aweh wangsulan ngiras nerusne nggone crita "jampinipun wujud limpanipun tiyang ingkang nami Raden Sengkan, dados murih kula saged wangsul dados manungsa limrah, kula kedah mejahi tiyang ingkang nami Raden Sengkan kala wau, mendhet limpanipun lajeng kula tedha ing sangajengipun Resi Wresaya".
"Lajeng ndika ugi sampun kepanggih lan mejahi sarta nedha limpanipun Raden Sengkan menika Ki?" Widaru sumela takon.
"Boten Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsulasma alon.
"Kok boten?" Sima Loreng genti takon "kok ndika saged wangsul malih dados tiyang limrah?".
"Niku criyose ngaten Ki" wangsulane Dhadhapsulama "kula mila lajeng madosi Raden Sengkan, lan boten angel madosi tiyang menika, jalaran piyambakipun menika nembe nglampahi andon lampah saking Demak Bintara tumuju Tanah Jawi iring wetan sinambi nyebaraken Agami Rasul. Nanging sareng kula panggihi lan lajeng badhe kula pejahi, Raden Sengkan pranyata nggadhahi kasekten ingkang boten kenging dipun jajagi. Kula tamani dedamel babar pisan boten tumama, kamangka wekdal semanten kula mapan ing alaming lelembat, parandene Raden Sengkan saged sumerep sedaya polah kula. Sareng kula suduk mawi dhuwung boten tedhas lan boten dipun raos, kula sabet pedhang inggih boten tumama kula dados sansaya liwung, mripatipun Raden Sengkan badhe kula culek ngangge pucuking dhuwung ingkang sampun kula celup ing warangan. Nanging Raden Sengkan langkung prayitna, tangan kula dipun candhak lan dipun untir, dhuwung ingkang kula cepeng dhawah. Kula lajeng dipun ajar ngantios thele-thele, boten kiyat ngglawat, lajeng tangan miwah sikil kula dipun banda lan kula sampun boten saged bangga malih, sagedipun kantun pasrah".
"Lajeng dening Raden Sengkan ndika dipun menapakaken Ki ?" Widaru nyela takon.
"Sasampunipun kula boten saged obah awit tangan lan suku kula dipun banda, Raden Sengkan lajeng wicanten :
"saiki kowe arep tak umbar sajroning kahanan kaya mangkono iku nganti sak matimu, ya iku bareng karo lebure bumi lan langit".
"Adhuh Raden kapejahana kemawon tinimbang kula kedah nglampahi ingkang kados makaten menika" wangsulan kula kalih nangis ngaruara.
"Ora bisa, jalaran kowe kuwi dudu bangsane manungsa maneh, nanging kowe wis milih dadi bangsane prayangan, gandheng kowe wis arep mateni aku, saiki ya rasakna iku piwales sing jumbuh karo kaluputan" makaten wangsulanipun Raden Sengkan dhateng kula. Kula inggih lajeng nangis ngglolo kados lare alit nika, sarwi sambat nyuwun pangapura.
"Yen kowe bener-bener njaluk pangapura, bakal tak apura lan tak luwari saka bandan" makaten Raden Sengkan paring dhawuh dhateng kula "nanging kowe kudu gelem mertobat marang Gusti sing Maha Nasa. Nek olehmu mertobat mung lelamisan mangka tali tampar sing saiki mbanda tangan lan sikilmu kuwi, saka pangwasane Allah bakal obah dhewe lan ora bisa mbok endhani bakal mbanda tangan lan sikilmu maneh lan ora ana sing bisa nguculi bandanmu kuwi".
Gandheng kawontenan ingkang makaten menika, kula lajeng nyagahi dhawuhipun Raden Sengkan menika kala wau, tali tampar ingkang mbanda tangan lan suku kula sakala ical saking pandulu lan kula saged luwar kados waunipun. Kula lajeng pamitan badhe kesah nilar Raden Sengkan, nanging dening Raden Sengkan boten kaparengaken. Kula kadhawuhan kendel sawatawis ing papanipun, kamangka salebeting manah kula boten badhe nglampahi dhawuhipun Raden Sengkan kala wau, jalaran kula langkung pitados dhateng Guru Kula nenggih Resi Wresaya. Anggen kula pamitan kala wau inggih namung ethok-ethok kemawon, angkah kula, Raden Sengkan badhe kula cidra nalika piyambakipun nembe tilem. Pramila sareng kula kapenggak, kula inggih lajeng manut, nanging inggih niku wau, kula niyat ndingkik klenanipun Raden Sengkan. Dumadakan, boten sumerep asalipun tangan lan suku kula sampun kajiret malih dening tali tampar ingkang saged obah piyambak, malah samangke langkung kenceng lan langkung sakit raosipun, kula inggih lajeng bengok-bengok, jalaran Raden Sengkan nembe kemawon mlebet dhateng sanggaripun, kula namung piyambakan ing ngajeng griyanipun kanthi kawontenan tangan lan sikil kabanda keket.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar