49.
Kajaba saka iku arepa kaya apa aku kudu bisa mateni Kyai iki, jalaran ya mung kuwi saranane aku bisa pulih bali wujud dadi manungsa maneh. Nanging kepriye carane? sakehing tenagaku wis tak ketog nanging Kyai iki babar pisan ora bisa tak senggol kulite. Aku banjur kelingan yen Resi Wresaya tau kandha, yen bisa carane ngarah patine Kyai iki aja nganggo cara adu arep adu tosing balung uleting kulit, nanging nganggo srana paeka lan apus krama. Mau tak pancing nganggo cara nek dheweke arep tak unggahne menyang suwarga jebul dheweke ora kegiwang mulyaning suwarga. Aku banjur mikir maneh supaya dheweke bisa lila banjur gelem ngulungne pati uripe marang aku.
"Bener Kyai" kandhaku sawuse mikir sauntara nganggo tembung sing tak gawe alus lan sareh "pancen ing antarane awake dhewe ora kedadean perang tandhing. Aku ngerti saupama klakon perang tandhing aku mesthi wis ngglethak koncatan nyawa, merga nyata yen kasekten ndika adoh manggon ing sadhuwurku, nanging...............".
"Nanging apa Ki Sima Abang? nDika butuh mateni aku?" Kyai Bantarjati medhot omonganku nganggo pitakon sing nlemak apa sing dadi karepku.
"Bener Kyai" wangsulanku "merga mung srana kuwi aku bisa luwar saka bebendu sing ndadekne aku duwe wewujudan sing kaya ngene iki. Mula Kyai tulungana aku, rilakna pati ndika kanggo nulungi wong sing nandhang sukerta kaya aku iki".
"Sepisan maneh ndika kleru Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarangin karo ngguyu "pati uripku kuwi ora manggon ing pangwasaku dhewe, nanging pati uripku iki kagungaNe, dadi aku ya mesthi wae ora bisa menehne utawa menging marang ndika sing ana gandheng rapete karo patiku".
"Nanging nyatane Kyai ora gelem lan ora manut nalika aku nubruk arep mateni nDika?" aku semaur rada sengol, merga tak anggep Kyai Bantarangin mung wasis ngubetne tembung wae.
"Kleru maneh ndika kuwi" wangsulane Kyai Bantarjati "aku mau ora endha, mung merga isih kinayoman dening Allah temah aku ora bisa ndika tubruk, kamanga aku ora endha, coba ndika pikir, apa aku endha nalika aku nindakne sembahyang mau?. Karo maneh ya gene ndika percaya karo omongane wong sing ora ana buktine sing ngandhakne yen ndia bisa luwar saka sesiku bisa mbalik dadi manungsa maneh yen wis mateni aku? apa kuwi bisa tinemu ing nalar sing waras Ki? Ana sambung rapete apa aku karo sesiku sing nibani ndika ? Tak kandhani ya Ki Sima Abang, saupama ndika klakon mateni aku, ora bakal ndika bisa pulih dadi manungsa maneh malah sansaya tambah sesiku sing bakal ndika tampa merga ndika wis tumindak sing ora bener, mateni manungsa sing ora duwe dosa karo ndika".
"Kandhaa wae yen ndika wegah aweh pitulungan marang aku Kyai" wangsulanku atos "merga ndika sing jarene tutah sing wis pasrah marang Pangwasane Allah jebul isih eman kelangan urip sing jare ndika dudu duwek ndika dhewe kuwi".
"Dadi ndika panggah isih kepengin ngarah patiku? lan ora gelem nggugu pituturku sing luwih tinemu ing nalar tinimbang pituture wong sing ngongkon ndika supaya mateni aku kuwi?" Kyai Bantarjati takon karo mripate mencereng. Ana rasa miris sajroning atiku weruh sunar mripate Kyai Bantarjati sing mangkono kuwi, nanging aku isih eling marang pituture Resi Wresaya yen aku ora kena wedi, ora kena kablithuk slaga lan sikepe Kyai Bantarjati temah thukul welasku marang dheweke, ora ana dalan liya murih aku pulih, kajaba kudu mangan limpane Kyai sing nyebar agama saka tanah manca iki.
"Iya Kyai, merga aku percaya yen mung kuwi sranane aku bisa luwar saka panandhang iki" wasana aku bisa aweh wangsulan "nanging, yen ndika ora ngrilakne pati ndika, aku ya ora bisa meksa nyatane kasekten ndika adoh manggon ing sadhuwurku. Mula tinimbang ndedawa wirang, luwih becik aku mati wae".
"Aja dadi bodho Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati mencereng "padha karo aku, pati urip ndika kuwi kagungaNe, nek ndika duwe karep arep ngrebut saka astaNe mangka luwih gedhe dosa sing bakal ndika sandhang lan bebenduNe kuwi luwih banget ing larane".
"Aku ora idhep Kyai" wangsulanku "gandheng ndika nyatane ora gelem ngulungake pati ndika lan uga ora gelem gawe patiku, mangka aku arep golek dalan liya wae".
Muni ngono kuwi aku karo mlaku mundur arep ninggalne Kyai Bantarangin.
"Apa sing arep ndika tindakne Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati katon kaget banjur nakoni aku "aja kedlarung nggon ndika tumindak kaya wong sing ora duwe nalar".
"Aku arep menyang padesan sing wong-wonge wis padha katut manut ndika ngrasuk agama saka tlatah manca kuwi Kyai" wangsulanku sakpenakku dhewe "murid-murid ndika arep tak badhog nek ana nesune wong-wong kuwi aku ora arep nglungani arep tak adhepi nganti aku tumeka ing pati".
"Aja mbok tutugne sedyamu sing nasar kuwi Ki Sima Abang!" Kyai Bantarjati guneman karo mencolot ngadhang lakuku.
"Yen ngono ayo adhepana aku klawan carane wong lanang Kyai, ayo adu atosing balung uleting kulit, aja mung pijer ngendhani pangrangsangku kaya carane wong sing jirih getih wedi weruh pepati" wangsulanku karo tata-tata arep nyerang.
"Mengko dhisik Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarangin karo babar pisan ora ana tandha-tandha siaga ngadhepi aku "tinimbang akeh sing dadi kurban, yen ndika pancen kepengin mateni aku, mangka aku arep pasrah ora arep bangga lan ora arep endha. Nanging aku meling, sing sepisan ndika aja nganti ngganggu katentremane wong-wong ing padesan, ya sing wis ngrasuk agama Islam ya sing isih durung ngrasuk agama Islam. Kaping pindho, gandheng aku wis kandha nanging ora ndika gugu, yen ana walate aku mung meling ndika aja nyalahne sapa-sapa, klebu marang wong sing ngongkon ndika supaya mateni aku".
"Iya Kyai" wangsulanku karo nggereng "kabeh welingmu bakal tak eling-eling lan bakal tak leksanakne jumbuh karo sing ndika karepne. Saiki ndika enggala tata-tata arep tak untapne marang alaming pati".
Kyai Bantarangin banjur mapan lungguh sila neng lemah, tangane disedhakepne, mripate diremne kaya wong sing lagi mangsah semedi. Sawise tenagaku tak klumpukne, aku banjur mencolot Kyai Bantarjati tak tubruk kena, sirahe tak bekuk memburi, ora sambat. Gulune banjur tak tamani siungtak kethut nganti tugel, sirah lan gembunge pisah. Getihe mblambang neng lemah, nanging aneh getihe Kyai Bantarjati ora kaya getih-getih liyane sing rupane abang lan gandane arus. Getihe Kyai Bantarangin iki rupane kuning lan gandane arum memper gandane kembang kenthos sing mambune mung ing wayah bengi.
"nDika gumun Ki Sima Abang?" dumadakan sirahe Ki Bantarjati sing wis pisah karo gembung kuwi guneman, nakoni aku "rupane getihe manungsa kuwi pancen sok ana sing ora abang, nanging jenar kaya getih sing mili saka ragaku kuwi, samono uga bab gandane. Kuwi kabeh dudu karepku Ki Sima Abang, merga getih lan gandane kuwi ya dudu duwekku nanging kagungaNe. Gandheng getih sing mili kuwi rupane jenar, ya ndika sekseni wae mbok menawa mbesuk ana rejaning jaman, papan kene iki duwea aran Jenar".
"Iya Kyai aku nekseni" wangsulanku tak sambung karo pitakonan "nanging ya gene sirah lan gembung ndika wis pisah, parandene ndika isih durung tumeka ing pati?".
"Mesthi wae aku ora bisa aweh wangsulan Ki Sima Abang" wangsulane sirah sing wis pisah karo gembung kuwi karo mesem "jalaran kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep, sing kagungan Pati lan Urip kuwi muhung Allah".
Aku ora wangsulan maneh, merga aku kelingan yen sing tak butuhne satemene mung limpane Kyai Bantarjati kaya sing dikandhakne Resi Wresaya marang aku. Banjur nganggo kuku-kukuku sing dawa lan landhep, wetenge Kyai Bantarjati banjur tak suwek, tak jupuk limpane. Limpa banjur tak pangan warasan nganti entek. Tak sawang sirahe Kyai bantarjati wis merem lan ora obah maneh, semono uga karo lambunge uga wis meneng ora ana tandha-tandha yen isih urip.
Sawise rada sauntara rampung olehku mangan limpane Kyai Bantarjati, atiku krasa lega. Nanging durung ana tandha-tandha yen aku arep bali pulih dadi manungsa maneh. Aku banjur nggagas arep nggoleki Resi Wresaya nagih janjine, ya gene aku panggah durung bisa pulih?. Bareng karo aku nggagas ngono kuwi mau, dumadakan ana angin gedhe, bathange Kyai Bantarjati kuwi kabeh katut kegawa dening angin banter mau, mangidul embuh menyang ngendi parane, aku ora ngerti. Sasirepe angin aku banjur mlaku mangetan arep nggoleki Resi Wresaya supaya aku enggal bisa bali pulih dadi manungsa.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar