50.
Gandheng aku selak kepengin enggal kepethuk karo Resi Wresaya sing manggon neng sacedhake Bengawan tempur, lakuku tak gelak nganggo aji Sepi Angin bebasan ora nganti sapanginang aku wis tekan ngenggon. Wektu iku ambarengi Resi Wresaya lagi ngrembug sing sajake perkara kang wigati, ketitik kabeh murid sing baku-baku padha mlumpuk, ngadhep lan ngrungokne apa sing dikandhalne Resi Gadhungan kuwi. Nanging aku ora idhep, aku miyak sing lagi padha lungguh ngadhep, bablas mlaku nyedhaki papane Resi Wresaya. Murid-murid sing durung ngerti aku padha kaget, banjur padha ngadeg karo ngliga gegamane dhewe-dhewe arep dienggo mrawasa aku. Nanging aku babar pisan ora nggagas, merga butuhku mung arep kandha yen kuwajibanku mangan limpane Kyai Bantarjati wis tak tindakne kanthi becik lan aku arep nagih janjine Resi Wresaya sing ngandhakne yen aku bakal pulih dadi menungsa maneh yen kuwajiban kuwi wis tak tindakne. Mula aku ya banjur mapan lungguh neng ngarepe wong-wong sing lagi padha ngadhep Resi Wresaya kuwi, madhep mengarep.
"Kula ingkang sowan Sang Resi" aturku marang Resi Wresaya kanthi sikep kang kurmat banget. Wong-wong sing mau padha ngliga gegaman, ketoke padha gumun kabeh, merga ana macan sing bisa guneman kaya dene manungsa.
"Iya Ki Sima Abang, aku wis weruh" wangsulane Resi Wresaya tanpa nakokne keslametanku "banjur tekamu neng kene duwe karep apa?".
"Inggih Sang Resi" wangsulanku tak gawe sareh senajan pitakone Resi kuwi keprungu ora pati kepenak dirungokne nganggo kuping "badhe atur uninga bilih kula sampun nglampahi dhawuh ndika, nedha limpanipun Kyai Bantarjati"
"Dadi Kyai Bantarjati wis klakon mbok pateni? lan mbok pangan limpane?" Resi Wresaya takon .
"Kasinggihan, Sang Resi" wangsulanku "Kyai Bantarjati sampun pejah sirah lan gembungipun pisah amargi kula gigit, padharanipun kula bedhah lan limpanipun kula pendhet sarta kula tedha".
"Bagus, nyata Ki Sima Abang wong sing sekti mahambara, ketitik bisa ngalahne Kyai Bantarjati sing kondhang duwe kasekten sing sundhul langit kuwi" kandhane Resi Wresaya aweh pangalembana marang aku.
"Nyuwun pangapunten Sang Resi" aku aweh katrangan kanthi jujur "anggen kula saged mejahi Kyai Bantarjati boten mawi perang tandhing adu atosing balung wuleting kulit, nanging kula ngginakaken apus krama kados ingkang ndika wucalaken".
Aku banjur nyritakne kabeh lelakonku wiwit ketemu Kyai Bantarangin nganti anane lelakon tumekane angin gedhe sing ngendhangake kunarpane Kyai Bantarjati mangidul parane, embuh ing ngendi tumibane.
"Gandheng sedaya dhawuh ndika Sang Resi sampun kula lampahi, samangke kula nyuwun dhateng Sang Resi supados kula saged pulih dados manungsa malih kados ingkang sampun dipun dhawuhaken Sang Resi rikala samanten" kandhaku mungkasi crita lan nagih janjine Resi Wresaya.
Rada sauntara Resi Wresaya meneng ora enggal aweh wangsulan, nganti aku ngambali maneh nggonku guneman supaya aku enggal tumuli diluwari saka sesiku wujud macan ngono kuwi.
"Ngene ya Ki Sima Abang" wusanane Resi Wresaya wangsulan alon-alon "biyen pancen aku tau kandha yen ndika kepengin bali dadi wujud manungsa maneh, pitukone ndika kudu bisa mangan limpane Kyai Bantarjati".
"Inggih, lan menika sampun kula lampahi" aku nyelani kandha.
"Nanging bareng tak nalar-nalar, rasa kepenginmu bali pulih dadi manungsa lumrah kuwi luput" wangsulane Resi Wresaya karo nyawang praupanku.
"Lepat kados pundi Sang Resi?" aku takon.
"Lupute, yen ndika pulih dadi manungsa lumrah, ndika bakal bali Sima Abang sing biyen, kekuwatan ndika adoh sangisore kekuwatane Macan Gembong, cukat trengginas ndika, ya ora kaya cukat lan trengginase Macan, kosok baline nek ndika panggah wujud macan ngene iki, ndika dadi macan sing pinter jalaran pikiran lan akal ndika, panggah wujud akal lan pikirane manungsa, dene kekuwatan lan kadigdayan ndika wujud kadigdayan lan kekuwatane macan, dadi sawuse ndika nyampurnakne ngelmu kang wekasane ndika salin wujud dadi macan kuwi wis pas. Luwih-luwih ndika nadyan wujude macan nanging bisa tata jalma, kuwi uga sawijining kanugrahan sing gedhe, ing tembe ndika bakal dipuja-puja dening manungsa kadi dene dewa, ndika bakal kajen kineringan selawas-lawase. Dadi sepisan maneh tuturmu marang ndika, luwih becik ndika wurungne olehe ndika kepengin pulih wujud dadi manungsa maneh" wangsulane Resi Wresaya marang aku.
Aku dadi gumun karo wangsulane Resi Wresaya sing mangkono iku, tekaku mrene mau ora kepengin dadi kaua sing dikandhakne Resi Wresaya, nanging tekaku mrene mau kepengin wujudku pulih dadi manungsa maneh. Lan wiwit sepisanan biyen, Resi Wresaya ngandhakne nek olehku salin wujud dadi macan iki merga kena sikune Dewa lan kanggo nebus sesikune Dewa kuwi aku kudu nindakne lelabuhan marang Dewa yaiku sarana mateni menungsa sing kumawani nyebarake agama sing ngiwakne anane para Dewa. Sanajan nalika samana aku ora ngerti sing diarani Dewa kuwi apa, jalaran aku durung tau sinau lan durung tau ngrasuk agama sing manembah marang Dewa, nanging aku percaya karo sing dikandhakne Resi Wresaya lan kandhane kuwi wis tak tindakne. Malah aku wis kumawani nerak pepacuhe kapitayan sing tak rasuk mung jalaran percaya marang Resi Wresaya sing bisa mulihne wujudku dadi manungsa maneh. Jalaran kapitayanku wektu kuwi, mung manut piwulange Sang Hyang Taya supaya manembah lan mituhu dhawuhe Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa sarta ngedohi kabeh pepacuhe, sing salah siji saka pepacuh mau ora kena mangan saka peranganing manungsa liyane.
Nanging bareng saiki, prentah lan pituduhe Resi Wresaya nalika samana wis tak tindakne, jebul saiki oleh wangsulan sing adoh bedane karo pitutur jaman semana. Sesiku iki malah diarani kanugrahan, lan aku kleru yen kepengin bali wujud dadi manungsa. Jroning atiku banjur tuwuh rasa cuwa lan gela marang Resi sing banget tak ajeni lan tak pundhi-pundhi kuwi.
"Saiki ndika tak keparengake leren neng pepungkuran kana dhisik Ki Sima Abang" kandhane Resi Wresaya maneh bareng weruh aku suwe ora nyauri marang apa sing dikandhkane mau "aku arep rembugan bab sing wigati karo para muridku dhisik. Mengko wae yen ana kuwajiban sing kudu ndika tandangi aku bakal aweh weruh marang ndika".
"Mangke rumiyin Sanng Resi" aku wangsulan karo suwara sing wiwit nuduhne rasa gela "kula purun ndika dhawuhi mbadhog limpanipun Kyai Bantarjati rumiyin, jalaran kula kepengin luwar saking sesikuning Dewa temah dados macan kados ingkang ndika dhawuhaken, samangke sasampunipun kula tindakaken dhawuh ndika kala wau, teka pangandikan ndika benten malih, kula niki saestunipun kenging sikuning Dewa menapa nami kanugrahan? Gek Dewa napa ingkang ndika ngendikaken menika? Dewa kok mencla-mencle. Sampun, bakenipun dugi kula niki wau kepengin saged pulih malih dados manungsa".
"Sabar ki Sima Abang" wangsulane Resi Wresaya "tenane nggonku aweh pituduh marang ndika supaya mangan limpane Kyai Bantarangin ya Kyai Bantarjati kae, mung minangka srana ndika oleh kanugrahaning Dewa. Lan pranyata ndika sing saiki isih wujud Macan gembong saiki wis beda karo jaman sepisanan ndika ngalih rupa, biyen pancen ndika kena walat utawa sesiku, nanging sesiku kuwi saiki wis salin dadi kanugrahan kaya sing tak kandhakne mau. Dadi ndika ora perlu susah merga wewujudan kuwi, merga kuwi nyata kanugrahan sing gedhe. Mengko wae nek ana wektu kang mirunggan, ndika tak wulang bab jlentrehe kanugrahan sing ndika tampa kuwi. Saiki aku lagi arep ngrembug babagan seje karo murid-murid sing piniji, ndika durung wenang melu ngrungokne".
"Resi Wresaya" aku wiwit kentekan kasabaran "bakune ndika bisa mulihake aku dadi manungsa maneh apa ora?".
"Ndika kuwi murid sing keneng ditata apa ora Heh Ki Sima Abang?" Resi Wresaya nggetak aku, mripate mencereng ketara yen lagi nesu "apa niyat ndika wis arep wani karo aku, he ?".
Digetak lan ditakoni karo tembung sing mangkono iku, sakala aku dadi nesu.
"Resi Wresaya" kandhaku karo nggereng nesu "rembugmu sansaya suwe sansaya ora cetha, mencla-mencle kaya omongane wong ora duwe agama, aku ora arep wani marang Resi sing suci, nanging nek ndika ora bisa mulihne aku bali dadi manungsa maneh, kamangka aku wis kebacut wani mateni Kyai wicaksana merga nuruti pituduhmu, mangka aja takon dosa, ndika mesthi tak klethak lan tak kemah-kemah balung ndika".
"Setan kowe Sima Abang" dumadakan Resi Wresaya ngadeg karo tangane ndudut keris saka wrangkane, banjur guneman karo suwara sing sereng "ora kena dieman lan ora kena digawe becik kowe, macan ora duwe utek wani-wanine kowe muni kaya ngono neng ngarepku, diage sira minggata sadurunge dadi bathang ketiban pusakaku iki".
Sauntara kuwi wong-wong sing mau padha ngliga pusakane lan wis bali mapan lungguh kaya maune, bareng ngerti nek gurune wis ngliga keris lan arep nggusah aku, bali padha ngadeg maneh klawan sikep sing padha kaya mau.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar