51.
Sanajan aku ngerti mesthi bakal karoban mungsuh, nanging kegawa saka nesu sing wis ngobong atiku, aku babar pisan ora wedi. Aku ya ngerti yen Resi Wresaya kuwi wong sing sekti mandraguna, luwih-luwih neng tangane uga wis ana keris pusaka sing katon mramong pamore lan wong-wong sing wis siaga nempuh aku kuwi mesthine ya padha duwe kasekten sing onjo kabeh, nanging aku wis ora bisa mikir dawa. Sing ana sajroning atiku mung wani lan arep nyuntak kabeh kanepsonku marang Resi sin wis cidra ing janji kuwi. Wis tak tekadi nadyan aku kudu tekan ing pati, nanging aku kudu bisa gawe tatu sing marakne cacad selawase uripe Resi Wresaya, sokur bage yen nganti bisa mateni.
Aku njupuk ancang-ancang, banjur mlumpat Resi Wresaya tak tubruk kena, baune tak cengkerem sirahe arep tak klethak. Resi Wresaya bangga, aku disuduk nganggo kerise, kena pernah guluku, rasane panas banget kaya disonyok mawane kayu sambi rasane. Ora sranta sirahe Resi Wresaya banjur tak candhak lan tak klethak, nanging Resi Wresaya isih bisa nyudukne kerise sepisan maneh menyang guluku disartani kekuwatan kang pungkasan, keris mancep neng guluku, lan aku mencelat memburi kira-kira telung dhepa adohe. Aku tiba neng lemah, keris isih tumancep neng guluku. Lamat-lamat aku isih weruh Resi Wresaya kejet-kejet neng lemah. Wong-wong liyane padha kaget, banjur ngebyuk menyang aku bebarengan karo nibakne gegamane dhewe-dhewe. Wegah dadi rampogane wong-wong kuwi, aku banjur mbrosot mlayu nganggo kekuwataning macan, ninggalne papan kono.
Wong-wong ora bisa nututi playuku, aku ya banjur ora leren nggonku mlayu, jalaran rasa panas ing guluku sansaya panas wae, sauntara keris sing tumancep durung bisa tak jabut . Kanggo nylimur rasa panas sing ora bisa tak ampet kuwi aku mlayu lan terus mlayu. Mlayu tanpa tujuwan lan ora nyawang kiwa lan tengene dalan sing tak liwati. Aku wis ora bisa mikir apa-apa maneh, rasa lara lan panas merga kena keris pusakane Resi Wresaya sing isih mancep neng guluku, ndadekne aku ora bisa mikir apa-apa.
Aku ora bisa ngira-ngira sepira adohe nggonku mlayu, lan ora bisa ngetung kali pira sing wis tak sabrangi, nganti wekasane aku kentekan tenaga dhewe. Aku rubuh ing pinggir kali lan banjur ora eling apa-apa maneh. Aku pora ngerti sepira suwene nggonku semaput ora eling, nalika aku eling rasa panas ing guluku wis ora pati sepiroa. Tak lirik keris sing mau tumancep ing gulu wis ora ana, malah tatuku kaya wis ana sing mboboki nganggo tamba. Aku nglirik ngiwa nengen, aku bingung, aku iki ana ngendi, merga aku ngglethak neng papan sing resik lan ing sandhing sirahku ana maron sing isi banyu bening sajak kanggo nyepaki ngombe aku. Aku nyoba ngeling-eling apa sing wis kedadean mau, sing kelingan mung aku mau weruh Resi Wresaya kejet-kejet klawan sirah sing tatu merga tak klethak lan aku di krubut dening wong pirang-pirang sing nibakne gegamane marang aku.
"Wis tangi ta Ki Sima Abang?" dumadakan aku krungu wong nakoni aku, ora pangling suwara kuwi cetha nek suwarane Kyai Bantarjati sing wingi apa mau wis mati merga tak pateni. Aku banjur nggagas yen aku wis tumeka ing pati merga kena dayaning pusakane Resi Wresaya lan saiki kumaraku manggon neng alam antara awor karo kumarane wong-wong sing wis mati nanging durung dikeparengake marak ing ngarsane Dzat kang Tan kena Kinaya Apa, klebu kumarane Kyai Bantarjati sing mati merga tak pateni. Mung gumunku, ing atase aku wis dadi kumara ya gene wujudku isih rupa macan, kamangka sejatine aku iki manungsa, kumarane manungsa mesthine ya wujud manungsa.
"Ya gene meneng wae lan ora semaur, apa ndika pangling karo suwaraku Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati takon maneh, sansaya cetha yen kuwi Kyai Bantarjati merga aku wis bisa nyawang wujude, Kyai Bantarjati mapan lungguh neng sandhing sirahku.
"Apa kene iki sing diarani alam antara kuwi Kyai?" aku genti takon karo ngingeti Kyai Bantarjati, sauntara aku isih durung karep tangi saka anggonku ngglethak.
"Dudu Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarjati karo ngguyu "ndika iki isih durung mati, dadi ndika isih manggon neng alam donya utawa alam padhang. Mau aku weruh ndika ngglethal neng dalan kanthi tatu ing gulu sarta keris sing isih tumancep ana gulu. Banjur ndika tak gawa neng papanku kene, tatu ndika tak boboki nganggo pipisan godhong meniran campur godhong gendhayakan murih cepet marine. Lan nyata sawuse telung dina telung bengi ndika turu , saiki tatu-tatu ndika wis padha mari, kari ngenteni garinge".
"Mengko dhisik ta Kyai" wangsulanku karo isih durung ilang rasa gumunku "gajege ndika kuwi rak wis mati merga tak gigit gulu ndika lan tak suwek weteng ndika banjur tak pangan limpa ndika ta? Nanging ndika kandha nek iki isih ana ngalam donya? Apa ndika ora krasa yen satemene ndika wis prapteng alam pati?".
Kyai Bantarjati gumuyu sansaya banter. Banjur wangsulan nganggo pitakon :
"Kapan ndika bisa pinter Ki Sima Abang?"
Aku ora semaur, merga aku ora ngerti karo sing ditakokne Kyai Bantarjati kuwi.
"nDika rak wis bola-bali tak jarwani? yen aku kuwi ora duwe urip lan ora duwe pati, klebu ndika lan titah sing ana, kabeh kuwi pati lan uripe satemene kagungaNe, nek Allah durung ngersakne mundhut uripe titah ya ora bakal mati" kandhane Kyai Bantarjati sabanjure "Nanging ndika sajake ora pati nggatekne lan luwih seneng ora percaya karo apa sing tak kandhakne. Nanging mesthine saiki ndika bisa percaya karo apa sing wis tak kandhakne kuwi mau, jalaran wis ana bukti kang nyata sing bisa ndika sawang yen nyatane aku isih urip, kamangka wingenane wis ndika pisahne gulu lan gembungku, ndika suwek wetengku ndika jupuk limpaku anjur ndika pangan. Nanging nyatane saiki aku isih durung mati jalaran Allah isih ngersakne aku urip".
"Bares wae Kyai" aku semaur "aku sansaya bingung krungu tembung-tembung sing ndika ucapne kuwi mau".
"Saiki ndika rungokne Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati banjur guneman sareh lan sabar "Sawise sirahku pisah lan gembung, banjur limpa sing ana jero wetengku ndika jupuk lan ndika pangan, ndika rak ya weruh ta yen ana angin sing teka banjur nggawa awak lan sirahku lunga mangidul?".
"Iya aku ngerti lan weruh kuwi Kyai" aku wangsulan.
"Sumurupa Ki Sima Abang, angin kae satemene sesinglone titahing Allah sing kautus supaya nyambung sirah karo ragaku maneh. Lan gandheng pedhote guluku merga digigit macan, titahe Allah sing maune sesinglon angin kuwi banjur dening Allah didhawuhi supaya anggone sesinglon kanthi maujud dadi macan. Lan dening macan sesinglone tutahing Allah kuwi mau, sirah lan gembungku nuli disambung temah bali pulih kaya saiki iki" kandhane Kyai Bantarjati aweh katrangan.
"Disambung Kyai?" aku takon semu gumun, ora krasa aku wis bisa tangi lan banjur lungguh ngadhep Kyai Bantarjati.
"Bener Ki" wangsulane Kyai Bantarjati "sirah karo gembungku disambung dening macan. Mula kanggo pangeling-eling anak putu mbesuk, ya ing papan disambunge sirah karo gembungku kuwi mbesuk karana Sambung Macan".
"Iya Kyai aku melu nekseni lan melu ngeling-eling, muga-muga apa sing ndika kandhakne kuwi dadi kanyatan" wangsulanku alon.
"Nah, saiki aku genti sing arep takon marang ndika Ki Sima Abang" kandhane Kyai Bantarjati ngalihne rembug.
"Kyai aep takon perkara apa?" aku mangsuli karo pitakonan.
"Wingenane ndika nekad kepengin njupuk lan mangan limpaku, ndika kandha yen kuwi sranane ndika bisa karuwat bali dadi manungsa maneh, nanging kanyatane nganti saiki ndika isih panggah wujud macan malah kahanan ndika nandhang tatu, gulu ndika ketancepan pusaka, kuwi genahe piye Ki Sima Abang? apa ndika durung kober nemoni wong sing ngandhani nek sranane ndika bisa luwar saka sesiku kuwi kudu mangan limpaku kuwi?".
Krungu pitakone Kyai Bantarjati sing mangkono kuwi, aku rumangsa nek lagi diwelehne. Nanging aku ora gela luwih - luwih nesu, malah sajroning atiku wiwit thukul rasa eram lan percaya marang Kyai sing wis aweh pitulungan marang aku iki.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar