Total Tayangan Halaman

Selasa, 18 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (052)

 


52.

Suwe aku ora semaur, lagi nata ati lan nata ukara kanggo mangsuli sing dadi pitakone Kyai Bantarjati, sing babar pisan ora ana tandha-tandha duwe rasa serik marang aku sing wis wani njaluk pati uripe lan wis klakon tak tugel gulune sarta tak suwek wetenge lan tak pangan limpane kuwi. Bares wae, aku ya wis rasa percayaku marang Resi Wresaya sing saka panemuku sing keri dhewe iki dheweke dudu Resi nanging wong sing memba-memba Resi kanggo ngucemne asmane para Resi. Lan aku wiwit duwe rasa kepencut marang Kyai Bantarjati sing sabar lan kabeh tembunge ora ana sing keprungu gawe serike sing dijak rembugan.

 

"Yen ndika kabotan aweh wangsulan, ya ora dadi apa Ki Sima Abang" kandhane Kyai Bantarjati maneh sawuse aku ora enggal-enggal aweh wangsulan "sing baku saiki tatu ndika wis pulih, raga ndia wis resik saka wisa waranganing keris sing tumancep ing gulu ndika, dadi ndika wis bisa nindakne apa sing arep ndika lakoni kaya padatan. Lan ye ndika ngersakne keris sing tumancep ing gulu ndika, sedhela maneh tak jupuke merga kanggo nyedhot lan ngresiki wisa apa dene warangan sing mili ing getih ndika, aku ya ngginakne keris kae, saiki isih tak simpen sawuse tak kumbah murih resike".

 

"Nyuwun pangapunten Kyai" rumangsa kasoran perbawa karo Kyai Bantarjati wasana aku malih basa marang panjenengane, aku uga wis manteb yen Kyai Bantarjati iki nyata-nyata unusaning janma sing nduweni budi sing suci, ora kaya sing dicritakne Resi Wresaya jaman semana, ya iku nalika aku dikandhani yen murih bisa luwar saka sesiku sranane kudu mangan limpane Kyai iki.

 

"nDika ora luput marang aku, ya gene ndika njaluk pangapura Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati semaur "bener ndika wingenane wis tumindak arep gawe patiku, nanging kuwi ora tak anggep luput marang aku jalaran anggon ndika arep gawe patiku wis nembung lan oleh palilah saka aku. Benere ndika kuwi luput karo Allah jalaran ndika wis kumawani nyenyahak sing temene amung wewenange Allah, dadi luwih prayoga yen ndika enggal-enggal nyuwun pangapura marang Allah mumpung isih ana wektu kanggo nyuwun pangapura marang Panjenengane".

 

Aku sansaya rumangsa cilik lan rumangsa luwih asor adoh yen ditandhingne karo Kyai sing temen-temen nggadhuh bebuden sing luhure kaya ngono kuwi. Sanadyan aku wis tumindak sing kaya ngana, nanging Kyai iki ora ngarani aku luput marang panjenengane malah ngandhani yen aku luput marang Allah lan mrayogakne supaya aku nyuwun pangapura marang Allah.

 

"Nuwun sewu, Allah menika sinten lan ing pundi mapanipun Kyai?" gandheng aku durung ngerti sapa sing dikarepake nganggo sebutan Allah kuwi, aku banjur nyuwun pirsa marang Kyai Bantarjati.

 

"Allah kuwi Dzat sing nitahake Jagad saisine iki, gandheng Allah kuwi Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa, mapane uga tan kena kinaya apa, mung kanggo nggampangake pangucap Panjenengane Jumeneng Langgeng ing Arasy kang tan bisa ginambarake. Panjenengane Maha Wikan lan Maha sakabehane, dadi yen ndika kepengin nyuwun pangapura marang Panjenengane, Allah tansah nguningani apa sing ndika ucapake lan apa sing ana batoin ndika" wangsulane Kyai Bantarjati.

 

"Punapa Allah menika sami kalih Dzat Ingkang Tan Kena Kinaya Apa ingkang kados wewarah saking Sang Hyang Taya Kyai?" aku takon maneh.

 

"Sang Hyang Taya kuwi sapa Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati genti takon.

 

"Bares kemawon Kyai, kula dereng nate ngertos sinten Sang Hyang Taya menika" aku wangsulan aweh katrangan jumbuh karo sing tak ngerteni "kathah ingkang nggadhahi pamanggih saha kapitayan dhateng Sang Hyang Taya menika, namung kemawon sok-sok antawisipun satunggal lan satunggale radi benten. Dene kapitayan kula menggah Sang Hyang Taya menika inggih namung ndherek pitedahipun Guru kula, inggih menika Panjenenganipun Sang Hyang Taya menika Utusaning Dzat Tan Kena Kinaya Apa, murih paring tuntunan dhumateng  tiyang ing Tanah Jawi menika murih namung manembah dhumateng Dzat Ingkang Tan Kena Kinaya apa asarana nindakaken lampah ingkang mijil saking budi ingkang utami".

 

"Kuwi weawrah sing ndika tampa saka Guru ndika?"

 

"Inggih Kyai" wangsulanku "nadyan wonten pamanggih ingkang benten kalih ingkang kula aturaken menika kala wau, nanging Guru kula babar pisan boten nglepataken pamanggih ingkang benten menika".

 

"Ya, ya Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarjati ya Kyai Bantarangin "padha karo lekase Guru ndika kuwi, wangsulanku marang pitakon ndika mbok menawa Sing Ngutus Sang Hyang Pitaya kuwi ya sing sinebut Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa kuwi ya Allah sing tak kandhakne mau, nanging aku uga ora ngluputake yen ana sing duwe panemu liya sing beda karo panemuku iki".

 

"Inggih Kyai" aturku marang Kyai Bantarjati sabanjure "dhawuhipun Kyai murih kula enggal nyuwun pangapunten dhateng Allah badhe kula estokaken".

 

"Ya sokur ta yen mangkono Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati wangsulan karo mesem "Gusti Allah mesthi paring pangapura marang ndika waton ndika temen-temen anggone nyuwun pangapura".

 

"Inggih Kyai, samangke kula badhe atur wangsulan dhateng ndika Kyai, prakawis ingkang Kyai dangoaken dhateng kula kala wau".

 

"Iya, kepriye Ki Sima Abang?".

 

"Kairing atur panyuwunan pangaksami dhateng Kyai, kula badhe matur bilih pranyata sadangunipun menika kula sampun kablithuk dening tiyang ingkang nggem sebatan Resi nanging pranyata dede Resi, utawi kenging kawastanan Resi Gadhungan" aku wiwit nyritakne yen aku wis diapusi dening Resi Wresaya.

 

"Kablithuk sing kepiye Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati ndangu aku.

 

"Kawiwitan nalika kula nglampahi lampah tirakat ing puncaking Redi Wilis murih saged nggayuh sampurnaning ngelmi kula, kula nampi pitedah murih kula manggihi Raden Sengkan ingkang salaminipun dereng nate kula tepangi, dene srananipun kula saged kepanggih Raden Sengkan inggih menika kula kedah ngathah-ngathaken asung pitulung dhumateng tiyang ingkang nembe kaaniaya saha tiyang ingkang nembe nandhang ing kasisahan. Inggih salebetipun kula nglampahi ujaring wangsit kala wau, kula kepanggih satunggaling tiyang ingkang nembe nandhang ing kasisahan lan kula tulungi. Pranyata piyambakipun menika satunggaling Resi ingkang nggilut agami saking tanah Indu (India), agami menapa naminipun kula boten mangertos.  Kamangka rumiyin kula nate nampi pitutur saking guru kula, bilih Resi menika tiyang ingkang nyebaraken kautamening budi lan kedah dipun bekteni. Pramila kula inggih sakalangkung bekti dhateng tiyang ingkang nembe kemawon kula tulungi menika kala wau, jalaran piyambakipun satunggaling Resi ingkang nami Resi Wresaya.

 

Salajengipun, nalika kula kadangu dening Resi Wresaya badhe kesah dhateng pundi? kula inggih blaka bilih kula badhe nggayuh kasampurnaning ngelmi kula lan kula criyosaken bab wisik ingkang kula tampi nalika kula tirakat ing puncaking Redi Wilis. Resi Wresaya nunten paring dhawuh bilih minangka panuwun dhateng kula, panjenenganipun badhe paring pambiyantu murih enggala kasembadan menapa ingkang kula sedya. Kula inggih lajeng ngaturaken genging panuwun. Resi Wresaya nunten dhawuh murih kula nindakaken lampah tapa ing wana satepining Bengawan Tempur boten tebih saking Padhepokanipun Resi Wresaya. Sasampunipun dhawuh menika kula lampahi sekawan dasa dinten laminipun, kula dipun prepegi dening tiyang ingkang ageng inggil lan apaes raseksa, ngisis siyung ageng-ageng cacah kalih. Boten ngucap menapa-menapa tiyang apaes raseksa kala wau ngulungaken wungkusan kados daging dhateng kula, nunten pyambakipun ical musna tanpa tilas.

 

Wungkusan daging wau lajeng kula beta lan kula tedahaken dhateng Resi Wresaya sinartan panyuwunan pitedah. Resi Wresaya dhawuh bilih tiyang ageng inggikl ingkang apaes raseksa menika estunipun salah satunggaling Dewa ingkang paring nugraha dhateng kula minangka wohipun anggen kula lampah tapa ing wana sacaketing Bengawan Tempur menika. Nanging kanugrahan menika ngemu sesiku, ewa samanten sesiku menika gampil anggenipun nebus, ngemuti agenging kanugrahan kula kaprayogekaken nampi kanugrahan menika kemawon, perkawis sesikunipun mangke gampil anggenipun nebusi. Jalaran namung sarana nampi kanugrahan menika kula saged nggayuh kasampurnaning ngelmi kula. Dene caranipun nampi kanugrahan menika inggih menika daging inkang wungkusan kala wau supados kula tedha.

 

Nanging sepinten kageting manah kula Kyai? nalika daging sampun telas kula tedha, dumadakan badan kula kraos benter lajeng kula boten emut purwa duksina. Sareng kula eling saking semaput, jebul wujud kula sampun ewah dados Sima ageng, kados wewujudan kula samenika. Tartamtu kemawon kula lajeng bingung semu keduwung, nanging dening Resi Wresaya lajeng dipun jarwani menggah tebusaning sesiku, murih kula saged wangsul pulih dados manungsa, srananipun namung satunggal lan boten awrat. Inggih menika kula kedah nedha limpanipun Kyai Bantarjati, inggih ndika Kyai.  Pramila lajeng wonten kedadosan kala wingenane menika, kula sampun kumawantun nyuwun pejah gesang ndika Kyai lan damel Kyai pedhot jangganipun sarta suwek padharanipun nika".

 

Aku banjur nglereni nggonku crita, ngiras pantes kepengin weruh sikepe Kyai bantarjati sawuse krungu critaku kuwi mau.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...