53.
Nanging Kyai Bantarjati panggah ayem wae, sanajan mau katon tansah migatekne karo apa sing tak critakne, nanging panjenengane babar pisan ora aweh tanggapan marang critaku. Sajake Kyai Bantarjati ngersakne supaya aku ngrampungake crita luwih dhisik, lagi panajenengane paring tanggapan. wusana aku banjur nutugne critaku maneh.
"Sareng kala wingenane sampun kaleksanan kula nedha limpa ndika Kyai, kula lajeng wangsul manggihi Resi Wresaya. Nanging sepinten gelaning manah kula, jebul nalika kula nyuwun pirsa kenging menapa kula dereng pulih wangsul dados manungsa malih, kamangka kula sampun saged nedha limpa ndika Kyai Bantarjati".
"Lha wangsulane Resi Wresaya kepriye?" Kyai Bantarjati lagi nyelani critaku nganggo pitakonan.
"Piyambakipun wicanten bilih anggen kula dados Sima ngaten menika dede wujuding walat kados ingkang dipun ucapaken kala rumiyin, nanging malah mastani menika nugrahaning Dewa, dados boten kenging kula wangsul dados manungsa malih".
"Banjur ndika nesu?" KYai Bantarangin takon maneh.
"Mesthi kemawon inggih" wangsulanku "wasana lajeng dados kerengan antawisipun kula kalih Resi Wresaya ingkang kula anggep sampun mencla-mencle rembagipun. Resi Wresaya kula klethak sirahipun, ketingalipun dumugi ing pejah. Nanging kula inggih nandhang tatu kenging wangkinganipun Resi Wresaya, malah wangkingan menika taksih nunjem mancep ing gulu kula. Gandheng kula badhe dipun rampog kaliyan para siswa-siswanipun Resi Wresaya, kula lajeng mlajar sapurug-purug, ngiras pantes kangge nylimur raos sakit saha benter ingkang kula sandhang labet kenging wangkinganipun Resi Wresaya kala wau. Sareng sampun tebih anggen kula mlajar, kula katelasan tenaga wasana kula rebah tan emut purwa duksina, ngertos-ngertos sampun wonten papan menika, awit katulung dening nDika Kyai Bantarjati".
"Dadi wiwitane ndika kuwi mudhun saka Gunung Wilis biyen jalaran nampa wisik supaya nemoni Raden Sengkan, nanging banjur kepethuk karo Resi Wresaya ?" sawuse rampung olehku crita Kyai Bantarjati, ya Kyai Bantarangin mundhut pirsa marang aku.
"Leres Kyai, nanging kula sampun kesasar ing margi awit kepanggih Resi gadhungan ingkang nami Wresaya menika" wangsulanku "gandheng samangke kula sampun ngertos menawi kula sampun kesasar, angkah kula, nadyan sampun wujud kados makaten kula tetep badhe madosi Raden Sengkan, murih kula saged nyampurnakaken ngelmi ingkang sampun kula gadhuh".
"Menyang ngendi anggon ndika arep ngupadi Raden Sengkan Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati ndangu karo semu mesem, wangune wis pirsa yen aku durung tau wanuh karo sing asmane Raden Sengkan kuwi.
"Miturut wangsit ingkang kula tampi nalika samanten, kula kadhawuhan nyabrangi Lepen Sawur, awit ing brang kilenipun Lepen Sawur menika kula saged kepanggih kaliyan Raden Sengkan" wangsulanku nyritakne unine wangsit sing tak tampa nalika aku maneges ing Gunung Wilis biyen.
"Papan kene iki wis jeneng Brang Kulone Kali Sawur Ki Sima Abang" ngendikane Kyai Bantarjati sabanjure "dadi mesthine ora suwe maneh ndika bakal kepethuk karo sing ndika goleki".
"Nuwun sewu Kyai" aku banjur matur "gandheng bares kemawon,kula menika dereng nate sumerep Raden Sengkan, menapa Kyai Bantarjati kersa paring kali damar dhateng kula, ing pundi kula saged sowan Raden Sengkan menika Kyai?".
"Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati wangsulan karo mesem "ya gene ndika nyelaki unine wangsit sing wis ndika tampa biyen?"
"Menapa ingkang sampun kula selaki Kyai?" aku matur merga aku rumangsa ora selak karo unine wangsit.
"Apa dhawuhe wangsit sawuse ndika klakon nyabrangi Kali Sawur? yen ndika lali ateges ndika wis nindakne dosa sing kalebu dosa sing sing gedhe temah wohe dosa kuwi nuwuhake lali ing pangeling-eling ndika. Aku saguh ngelingne sing ndika lalekne kuwi, watone ndika janji bakal nindakne laku tobat merga dosa-dosa sing ndika lakoni" Kyai Bantarjati paring dhawuh.
"Nyuwun pangapunten Kyai" aku dadi bingung krungu dhawuhe Kyai Bantarjati sing mangkono kuwi mau, jalaran aku babar pisan ora rumangsa wis nindakne laku dosa sing klebu dosa gedhe, upama sing diarani dosa kuwi merga olehku wis wani tumindak gawe patine Kyai Bantarjati wingenane kae, gajege kuwi aku wis ngrumangsani lan aku wis saguh arep mertobat marang Allah utawa marang Dzat Kang tan Kena Kinaya Apa kaya sing wis tak aturne marang Kyai Bantarjati mau. Banjur sing dikersakne Kyai Bantarjati iki apa maneh?. nanging aku wis ora wani mbantah apa sing didhawuhne Kyai Bantarjati, murih panjenengane kersa mitulungi aku nuduhne ing ngendi dununge Raden Sengkan, mula aku ya banjur nutugne aturku maneh "estu awit saking cubluk, bodho balilune nalar kula, mugi Kyai kersa paring pitedah dosa ageng menapa ingkang kula lampahi? awit kula babar pisan boten ngrumaosi tumindak dosa kala wau".
"Ngene ya Ki Sima Abang" Kyai Bantarangin mesem karo nutugne olehe ngendika "pancen wong kuwi nek sansaya akeh dosane sansaya adoh karo sesembahane, temah kerep nalika nindakne laku dosa dianggep laku sing bener utawa laku sing lumrah, kamangka sayegtine kuwi laku dosa malah kepara sok-sok dosane dosa sing keliwat gedhene. Mula bakune aku mung kepengin ngerti, sadurunge aku aweh ngerti utawa ngelingake sing wis ndika lalekne mau, ndika mengko gelem nindakne laku tobat marang Allah utawa marang Dzat Tan Kena Kinaya Apa apa ora? yen ndika gelem mangka mengko sawuse tak elingake, aku bakal aweh weruh dosa apa sing wis ndika tindakne".
"Inggih Kyai, kula janji kula badhe nglampahi tobat awit sedaya dosa kula" wangsulanku manteb.
"Yen ngono, ndika semak apa sing bakal tak ucapne iki" wangsulane Kyai Bantarjati sing banjur nembang pupuh Kinanthi :
Yen wis nyabrang kali sawur
diage sira tumuli
meminta marang hyang suksma
pituduh ingkang sayegti
mangka bakal katingalan
prabane sing kok upadi.
Krungu tembang kinanthi sing mung sapada kuwi, dumadakan aku eling marang bacute wangsit sing tak tampa nalika samana. Mula aku banjur nyuwun palilah marang Kyai Bantarjati arep nindakne laku samadhi, nyenyuwun marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa, supaya diparingi pituduh ing ngendi dununge Raden Sengkan.
Sawuse oleh palilah saka Kyai Bantarjati, aku tumuli ngeremne mripat, nata laku mlebu metune napas, ngleremake pancadriya, mung siji sing tak esthi ya iku marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa. Embuh sepira suwene nggonku semedi, wasana klakon kasembadan sedyaku, lamat-lamat jroning layap-liyep-ing aluyut, aku nampa sasmita. Ana cahya padhang sing dudu padhanging srengenge, rembulan utawa lintang. Lan ing tengah-tengahing cahya padhang kuwi aku weruh wewayangan sing sansaya suwe sansaya cetha lan maujud dadi manungsa sing lagi lenggah ing sadhuwure papah gedhang, manungsa kuwi ora liya ya.... Kyai Bantarjati.
Byar, aku mungkasi nggonku semedi, tak sawang Kyai Bantarjati isih lenggah sila klawan astane sedhakep, socane merep jroning patrap laku semedi. Ora sranta, aku banjur ndheprok nglesot ing ngrasane karo matur :
"Kyai kula Sima Abang, titah ingkang bodho balilu, nyuwun sih kawlasan mugi Kyai kepareng paring kali damar lan nuntun ing lampah kula Kyai".
"Kepriye Ki Sima Abang? Apa sing ndika temu sawuse nindakne wangsit sing mau ndika lali?" Kyai Bantarjati ndangu aku.
"Ngaturaken genging panuwun Kyai, saha mugi diagungna ing pangaksamanipun dhateng kula, kula nembe mangertos bilih paduka menika estunipun Raden Sengkan ingkang kula padosi" wangsulanku karo mbrebes mili.
"Iya, iya Ki Sima Abang" wangsulane Raden Sengkan ya Kyai Bantarjati sabanjure "ora tak selaki, pancen aku iki sing diarani Raden Sengkan admajane Rama Raden Baribin wayahe Kanjeng Eyang Prabu Brawijaya Kang Kaping Lima ing Majapahit kang saiki wis madeg jumeneng ing Gunung Lawu klawan sebutan asma Kanjeng Sunan Lawu. Sabanjure prayoga ndika ngunjukne rasa syukur marang Dzat Tan Kena Kinaya Apa, dene ndika wis dikeparengake kepethuk karo aku ing papan kene kanthi kahanan rahayu slamet. Dadi ndika kudu luwih pinter, jebul pepenginan utawa karep sing ora kinabulake dening Allah kuwi awit saka rasa Maha Welas lan Maha Asihe Allah marang titahE, coba ndika gagas sing dawa, upama wingenane kekarepan ndika sing kepengin njaluk patiku iku dikabulne dening Allah temah aku tekan pati tenan, mokal yen dina iki ndika bisa kepethuk aku ana kene".
Kaya didhodhog rasane dhadhaku krungu wangsulane Raden Sengkan mangkono kuwi mau, kaya banjir sakala luhku mili dleweran. Aku ora bisa kumecap mung tangis sing tanpa suwara sing bisa tak tindakne karo ngambus-ambus sukune Raden Sengkan sinartan rasa panalangsa, getun lan sokur sing wor suh dadi siji.
"Uwis Ki Sima Abang" ngendikane Raden Sengkan karo ngelus-elus sirahku "cukup samono wae nggon ndika nangis, saiki aku arep njarwani marang ndika mungguh dosa-dosa gedhe sing wis ndika tindakne sing enggal-eggal ndika lakoni tobate".
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar