56.
Midhanget aturku sing mangkono iku Kyai Bantarjati, rada suwe ora enggal paring wangsulan. Malah socane mirsani awakku sakujur ora kedhep-kedhep. Aku banjur dheg-dhegan dhewe, kuwatir yen nganti anggonku matir mau kleru sing nuwuhake Kyai sing miturut wangsit bakal bisa nuntun aku nggayuh kasampurnaning ngelmuku kuwi banjur ora kersa nampa pasuwitanku. Aku mung bisa meneng ngenteni apa sing arep didhawuhake Kyai Bantarjati, saupama ditampa pasuwitanku ya sokur, mapan kuwi sing tak karepake. Dene yen nganti pasuwitanku ditampik, aku arep nyuwun pirsa ya gene aku ora ditampa lan nganggo srana apa supaya aku bisa ditampa.
"Ki Sima Abang, aku percaya karo sing ndika kandhakne mau" sawuse rada suwe anggone kendel lan mirsani awakku, Kyai Bantarangin banjur ngendika "nanging aku kepengin mbuktekne sepira kasetyan ndika marang aku luwih dhisik. Apa ndika saguh minangkani?".
"Sedaya dhawuh ndika Guru badhe kula estokaken tanpa mawi ngraos ngresula Guru" wangsulanku seneng, jalaran kanthi wangsulan sing kaya ngono kuwi cetha nek Kyai Bantarjati bakal kersa nampa pasuwitanku.
"Yen pancen mangkono, ndika taki kongkon ngreksa lan njaga paleremanku iki, kanggo sawatara dina. Jalaran aku arep nindakne kuwajiban dakwah menyang padesan sing ora adoh saka papan kene" Kyai Bantarjati ngendikakne dhawuhe marang aku.
"Piye ndika kabotan?" Kyai Bantarjati medhot aturku.
"Boten Guru, boten makaten" aku gageyan matur karo suwara groyok "anu, kula badhe nyuwun pirsa".
"nDika arep takon bab apa?" Kyai Bantarjati mesem.
"Guru ngendika badhe dakwah, dakwah menika menapa Guru?"
"Dakwah kuwi tegese ajak-ajak" Kyai Bantarjati paring wangsulan "aku arep ajak-ajak marang wong-wong sing gelem lan mbutuhake pepadhang sing diasta dening Kanjeng Nabi kang jumeneng Rasulullah, supaya padha ngrasuk agama sing diasta Kanjeng Nabi yaiku agama Islam. Wis cetha?".
"Guru badhe ngajak titiyang supados ngrasuk agami Islam, kenging menapa Guru boten dhawuh dhateng kula supados ngrasuk agami Islam?" aturku ngati-ati.
"Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati banjur paring dhawuh maneh "pancen kudune aku ngajak ndika ngrasuk agama kaya sing tak rasuk, nanging aku rada tidha-tidha jalaran ndika wis ngrasuk agama sing manembah marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa. Kamangka yen wis ngrasuk agama Islam, kuwi ora mung mandheg ing kapitayan wae, nanging kudu nindakne lakune agama Islam kang sinebut sarengat lan laku sarengat iki abot lakone kajaba dening wong sing wis padha iklas, lan temen utawa orane nggone nindakne laku sarengat kuwi ana titikane wujud lakuning uripe saben dinane, yen panguripan saben dinane bisa nuwuhake rasa tentrem ing dhiri pribadi lan wong sakiwa tengene, mangka nyata yen anggone nindakne laku sarengat kuwi tenanan. Kosok baline yen urip saben dinane mung tansah kisruh lan gawe kisruh marang tangga teparone, mangka olehe nindakne laku sarengat kuwi cetha nek mung lelamisan. Jalaran sing diarani agama Islam kuwi slamet, tegese bisa nylametake dhirine lan wong liyane. Mula aku ora enggal nawani ndika murih melu ngrasuk agama sing tak rasuk iki, jalaran aku durung aweh panari marang ndika ing bab iki".
"Inggih Guru" aturku sabanjure "kula sampun saged nampi ingkang Guru dhawuhaken, samangke mugi Guru kersa nuntun kula murih kula saged ngrasuk agami ingkang guru rasuk menika".
Merga aku gereng genteng nyuwun supaya dituntun mlebu agama Islam wasana dening Guru ya Kyai Bantarjati aku dituntuni maca kilimah sadat, ya iku prasetya lan ngawuningani yen ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba amung Allah lan prasetya sarta anguningani yen Kanjeng Nabi Muhammad kang jumeneng Rasulullah iku utusane Allah kanggo mbabarake rahmating Allah marang sanggyaning manungsa ing bumi ngendi wae. Wiwitane nganggo cara Ngarab banjur dimaknani nganggo cara sing tak enggo guneman saben dinane iki.
Wiwit dina kuwi aku wis ngrasuk agama Islam, mung wae aku durung kadhawuhan nindakne laku sarengat jalaran wewujudanku dudu wewujudan manungsa. Dhawuhe Guru Kyai Bantarjati, wajibku nindakne laku sarengat mbesuk yen aku wis bali wujud kaya sakawit, yaiku manungsa lumrah.
Nutugne crita jejibahanku sasuwene ditinggal Guru nindakne dakwah, aku kadhawuhan ngreksa papan paleremane guru sing wujud pondhok cilik sing digedhegi epring lan kapayonan welitan alang-alang garing. Kanggo panganku, dening guru aku kawenangake mbebedhag buron alas kang lumrah dadi pangane macan, kanthi paweling ora kena ngliwati wates, kanthi lelandhesan yen kabutuhan mangan kuwi mung kinarya ngreksa raga murih ora enggal rusak wae.
Dina kapitu saka olehe tindak Guru ninggalne paleremane, ing kono katekan wong loro sing isih nom-noman kabeh. Sandhang panganggone nuduhne nek dudu wong padesan, wong loro padha numpak jaran sing bregas-bregas. Sawuse nyancang jarane neng plataran, wong loro kuwi banjur nyedhaki lawang pondhok sing tak bukak amba, sauntara aku lungguh neng jogane pondhok, dadi bisa nguwasi sesawangan ing plataran.
"Sepi Kakang" salah siji saka wong loro kuwi kandha marang kancane "nanging lawange bukakan, dadi menungsane genah nek ora lagi lunga".
"Awake dhewe perlu mlebu omah luwih dhisik, utawa cukup disumbari saka kene wae Dhi ?" sing diajak omong wangsulan karo takon.
"Coba tak celuke saka kene luwih dhisik" wong sing sepisanan omong wangsulan.
"He Kyai Bantarjati..... Kyai Bantarjati, gage metua aku sing teka arep nagih utang!" wong mau banjur bengok-bengok ngundang asmane Guru karo suwara kasar banget. Sajake wong loro kuwi ora weruh yen aku ana jogan lagi lungguhan. Nanging aku ora enggal semaur, merga aku duwe pangira yen tekane wong loro kuwi ora nggawa sedya becik marang Guru.
"Heee..... Bantarjati.........." sing sijine genti sing nguwuh-uwuh njangkar asmane Guru "kowe neng omah apa ora? Nek kowe neng omah, metua iki aku Raden Angling karo kadangku Raden Kemuda sing teka, pethukna nganggo carane satriya".
Krungu asmane Guru dijangkar kanthi kasar ngono kuwi, atiku sakala panas, nanging aku ora gelem semaur aweh weruh marang wong sing tak anggep murang tata kuwi, nek guru lagi ora ana papan kono. Mung wae aku wis tata-tata, samngsa-mangsa wong loro kuwi wani mlebu omah, mesthi tak tubruk lan tak cakar-cakar awake. Nanging tak enteni nganti sauntara, ora ana tandha-tandha yen wong loro sing ngaku jeneng Raden Angling karo Raden Kemuda kuwi arep mlebu omah, dadi aku ya isih meneng wae.
"Ora ana metu Kakang?" dumadakan Raden kemuda kandha marang Raden Angling "apa omah iki suwung? Nek ana sing ngenggoni mesthine wis metu nemoni awake dhewe, embuh kuwi Bantarjati dhewe utawa liyane, nanging nyatane ora ana sing ngaton metu. Banjur kepriye becike Kakang?".
"Dienteni sedhela maneh Adhi" wangsulane Raden Angling "coba tak bengokane sepisan maneh".
Bubar muni ngono kuwi, Raden Angling banjur nyedhakne tangane neng ngarep lambe karo mbengok banter :
"Bantarjati, aku wis teka kanthi cara sing becik, nanging kowe ora wani nuduhne irungmu. Tak enteni sapanginang yen kowe ora gelem metu masrahne pati uripmu menyang aku lan kadangku, aja ngluputne aku yen kapeksa omahmu tak obong, nek kowe umpetan ana jero dimen mati dadi areng!".
Krungu kandhane Raden Angling sing mangkono kuwi, sakala aku wis ora bisa ngempet kanepsonku. Ora sranta aku nggero karo mlumpat metu. Raden Angling karo Raden Kemuda kaget, banjur mencolot memburi watara limang jangkah karo praupan pucet merga kaget.
"Keparat, iki macan tenan apa macan daden-daden ?" Raden Kemuda nglolos tumbake karo takon embuh ditujokne marang sapa ora cetha. Aku ora semaur, mung mripatku murup nyawang wong loro kuwi karo nggereng. Arepa kaya apa aku isih eling karo welinge Guru, yen aku ora kena gawe pepati kajaba ana sabab sing adil.
"Sajake iki dudu macan sabaene Dhi" Raden Angling genti sing guneman, tangane tengen uga wis nggegem garan pedhange sing wis ligan "yen macan lumrah mesthine wis nubruk awake dhewe ora ndadak nganggo gereng-gereng memedeni ngtono kuwi. Coba tak takonane!".
Raden Angling maju sak jangkah karo sikep sing katon waspada, banjur takon marang aku :
"He, Macan sapa jenengmu lan duwe sambung apa karo Bantarjati sing duwe omah iki?" pitakone Raden Angling cetha yen nggunakne suwara sing disurung dening kekuwatan hawa murni sing bisa gawe getering jantung.
"Menungsa ora tata" wangsulanku karo nggereng ngempet nesu "jenengku Sima Abang, aku karo Kyai Bantarjati pancen dudu sanak dudu kadang, ning yen mati melu kelangan. Kowe wong loro teka kanthi ora nggawa deduga, malah arep wani gawe rusak omah palereman sing dadi reksanku, diage padha minggata sadurunge mati tak klethak ndhasmu lan kemah-kemah bebalungmu".
Raden Angling lan Raden Kemuda katon yen kaget krungu wangsulanku sing mangkono kuwi mau, nanging sajake wong loro kuwi ora wedi ndulu wujudku. Ketitik kekarone banjur padha siaga klawan gegamane dhewe-dhewe arep nyerang aku.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar