55.
Nalika aku arep nyandhang panganan sing wis cumawis, dumadakan dhadhaku krasa ana rasa geter. Neng ngarepku cetha ana ayam sing wis dipanggang binorehan bumbu sing pepak, gandane arum nggugah rasa kepengin enggal ngincipi. Nanging aku banjur kelingan, yen Kyai Bantarjati nate dhawuh lamun dosa sing paling gedhe tumrape titah ya iku gawe patine titah liya sing tanpa jalaran sing bener, banjur saiki neng ngarepku dicawisake ayam sing wis dipanggang, cetha yen ayam iki maune urip banjur disembeleh lan diolah dadi panggang. Apa kersane Kyai Bantarjati paring panngan marang aku sing kaya mangkene iki? Apa iki mung kanggo nodhi antebing atiku sing wis mertobat iki?.
Mikir mangkono kuwi, aku banjur tidha-tidha panganan sing cemawis ing ngarepku ora enggal tak senggol. Sedhela-sedhela tak sawang, sedhela-sedhela aku genti nyawang pasuryane Kyai Bantarjati sing wis tak anggep guruku dhewe kuwi. Karp jroning ati tansah tidha-tidha jalaran durung bisa mbadhe apa sing dadi kersane.
"Ya gene ora enggal dirahabi Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati ndangu marang aku.
"Nyuwun pangapunten Kyai" aku wangsulan waleh marang panjenengane "saestu awit saking baliluning manah kula, kula boten mangertos ingkang dados karsanipun Kyai ingkang paring pasegahan panggang ayam menika, jalaran miturut nalar kula suwaunipun panggang menika ugi saking ayam ingkang gesang".
"Oo kuwi ta Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati mesem karo wangsulan "sumurupa Ki Sima Abang, wis dadi kodrating jagad yen uripe titah kuwi sok ana sing kudu mangan titah liyane, kaya dene kebo, sapi lan raja kaya liyane pangane saka titah sing wujud tetuwuhan, suket godhong lan sapiturute. Banjur kewan galak sing mawa siyung, pangane wujud kewan liyane, manungsa kawenangake mangan apa wae sing becik sing ora cengkah karo dhawuhing Gusti. Gandheng kabeh mau wis dadi kodrating urip, mangka ngilangne nyawane liyan sing klebu pangane kuwi ora kena diarani dosa. Nanging ya kudu nganggo tata cara sing bener nggone ngilangne nyawane sing dadi pangane mau. Lire, ora kena nyiksa luwih dhisik sadurunge sing arep dipangan kuwi dipateni lan ora kena ngliwati wates lan ora gawe kapitunane liyan".
"Makaten inggih Kyai?" aku lagi mudheng.
"Iya Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarangin "kaya dene ndika sing saiki wujud macan, mesthine sing dadi pangane macan kuwi ya bangsane buron liyane kaya upamane, kidang, menjangan, truwelu lan sapiturute. nDika diwenangake mangsa buron-buron kuwi kabeh, nanging ndika kudu milih sing dudu duweke liyan kapindho ndika ora kena nyiksa luwih dhisik marang kewan sing dadi mangsan ndika sadurunge dika pateni. Iki mau tak gawakne jenang katul, kuwi mung aweh pasemon yenh ndika bisa mangsa bangsane woh-wohan kuwi uga ora dipenging, sanadyan kodrating macan kuwi pangane buron liya".
Bareng wis oleh katrangan mangkono kuwi mau aku lagi wani mangan apa sing disuguhake dening Kyai Bantarangin nganti entek. Kyai Bantarangin tansah ngulati nggonku ngrahabi panganan sing disuguhne kuwi. Bareng wis rampung anggonku mangan, Kyai Bantarjati banjur paring pangandika maneh :
"Ki Sima Abang, aku ngerti yen ndika durung ngrasakne tuwuk sawuse mangan apa sing tak gawakne iki mau. Apa ndika wis ngerti apa sing dadi karepku ya gene sing tak suguhne mung sathithik, temah ndika rumangsa kurang kuwi?".
"Blaka suta kula dereng mangertos ingkang dados kersa ndika Kyai" aku wangsulan bares, sing dingendikakne Kyai Bantarjati pancen bener, sanadyan sing disuguhne wis entekl nggusis tanpa nisa, ewa samono wetengku isih durung krasa wareg, malah saupama disuguhi telung mono maneh kira-kira wetengku mbuh wis wareg embuh durung.
"Sumurupa Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati wangsulan alus "ing jaman kamulane biyen, sing dieling-eling dening titah duk nalikane tinitahake ing bumi kuwi mung siji, ya iku mung manembah marang Allah. Yen miturut kapitayan ndika, muhung ngabekti marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa. Mula titah banjur ora mikirne apa-apa kajaba mung manembah utawa ngibadah marang Allah. Kamangka Allah nitahake jiwa lan raga manunggal dadi siji kuwi sinartan kodrat, murih jiwa lestari awet manggon ing sajroning raga, raga ora kena gampang amoh lan murih ora gampang amoh raga kudu rinagadan klawan sing dibutuhne murih aweting raga sing salah sijine wujude pangan".
"Estu kula saged nampi dhawuh piwucaling Kyai bilih raga lakar mbetahaken tedha menika Kyai" aku nyelani rembug. Jalaran oraa dikandhakne mangkono aku ya wis ngerti nek urip-uripan apa wae murih ora enggal mati kudu oleh pangan sing cukup.
"Mengko dhisik tak tutugne kandhaku" Kyai Bantarjati ngendika maneh "Wiwitane titah gemang diparingi kuwajiban mangan murih aweting raga iki. Jalaran mangan kuwi kudu ana sing dipangan lan supaya ana sing dipangan sranane kudu digoleki utawa dijupuk luwih dhisik, sing mangkono mau maune titah nganggep yen iku mung ngreregoni nggone arep ngibadah. Titah lali yen nindakne kabeh dhawuhe Allah iku klebu ngibadah, kalebu dhawuh murih ngreksa lan nglestarekne raga. Mula Allah nuli mapanake sing diarani napsu lauwamah marang jiwaning titah. Ya napsu lauwamah iki sing nenuntun manungsa seneng marang pangan lan tansah mburu murih ngakeh-akehne mangan. Napsu Lauwamah kuwawa ndadekne manungsa lali yen kuwajiban mangan kuwi mung sarana supaya raga ora gampang rusak, nanging malah banjur diwalik yen manungsa tinitahne urip kuwi kanggo golek pangan. Sanadyan ngakeh-akehne mangan kuwi ora luput, nanging yen kongsi ngliwati takerane bisa nuwuhake ora aweting raga dhewe sartane bisa nglalekake marang tujuwan sakawit yen manungsa tinitah ing donya iki mung kanggo manembah marang Allah utawa marang Dzat Tan Kena Kinaya Apa kuwi mau".
Kyai Bantarjati kendel olehe ngendika, aku ya ora enggal nimbangi rembug. Jalaran aku banjur kelingan wewarahing guruku duk rikala samana sing dhemen laku tirakat, ngurang-ngurangi dhahar lan ngurang-ngurangi turu. Guruku biyen nate paring dhawuh yen akeh wong sing dhemen nuruti panjaluke tutuk tanpa metung sambate wadhuk. Lan kang mangkono iku sing ndadekne wong dadi kerep lali, temah ilang rasa prayitnaning batin. Guruku uga nate paring dhawuh pancen nyata sing diarani wadhuk kuwi yegti wadhahing urip. Yen kongsi wadhuk kothong tanpa isi mangka urip bisa lunga, nanging yen kongsi wadhah kuwi kekebaken, kamangka angel diwutahake mangka ing kono dalan rusaking wadhah, yen wadhah rusak mangka urip uga bakal ucul ninggalne wadhahe. Saiki pituture guru sing maune ora tau tak gagas kuwi, dingendikakne maneh dening Kyai Bantarjati klawan luwih gamblang lan luwih cetha. nDadekne aku mung bisa meneng karo ing batin mbenerake kabeh sing dingendikakne Kyai Bantarangin kuwi.
"Ya aku nyuwun pangapuramu wae sing gedhe Ki Sima Abang" dumadakan Kyai Bantarjati ngendika maneh, nanging malah mundhut pangapura. Mesthi wae aku dadi rada kaget, ya gene Kyai sing wicaksana kuwi mundhut pangapura marang aku?.
"Jalaran aku wis lancang, kumawani ngandhakne kabeh mau marang ndika" ngendikane Kyai Bantarangin sabanjure "kamangka ndika kuwi dudu sanak dudu kadang, dudu murid lan dudu anakku. Nanging mung sabab ndika nate kandha yen ndika nggoleki aku merga kepengin nyampurnakne ngelmu sing wis ndika gadhuh, temah aku kumawani ngandhakake kabeh mau. Dadi saupama wis ndadekne ndika ora kepranan ing ati, sepisan maneh aku nyuwun pangapura".
Krungu pangandikane Kyai Bantarjati sing keri dhewe kuwi mau, sakala aku kaget banjur nggloso ing ngarsane karo luh sing banjir saka mripat.
"Dhuh Raden Sengkan" aku matur ngrerepa "saglugut pinara sasra ing manah kula babar pisan boten wonten raos boten remen kalih dhawuh paduka Raden Sengkan. Samangke murih gampil anggten kula saged nampi sedaya pitedah lan sabda paduka Raden, mugi wontena sih wilasaning panggalih, kaparenga nampi pasuwitan kula, kadadosna kula menika cantrik utawi siswa dhe paduka, lan mugi kersa Raden dados guru ingkang badhe kula lampahi sedaya dhawuh paduka".
"Mengko dhisik Ki Sima Abang" Kyai Bantarangin paring wangsulan "sadurunge aku aweh wangsulan, aku arep takon luwih dhisik marang ndika".
"Mangga Kyai, kula aturi paring dhawuh menapa ingkang Kyai pundhutaken pirsa?" aku takon.
"Wong suwita kuwi cepak rekasane adoh kepenake" Kyai Bantarjati paring dhawuh "cepak lupute lan arang benere, kerep nampa srengen lan arang oleh pangalem lan isih akeh maneh tunggale. Apa ndika wis manteb arep maguru marang aku? He ?".
"Dhuh Bapa Guru, sanadyan lebur kinarya sesawur, putung kinarya bebalang kula badhe rila legawa lahir trusing batos, waton kula saged katampi dados siswa paduka Bapa Guru Kyai Bantarjati" aku wangsulan kanthi manteb. Lan wangsulanku iki bener-bener wangsulan sing tulus mletik saka telenging ati sing suci.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar